Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Ana Harapan kanggo Wong Mati?

Apa Ana Harapan kanggo Wong Mati?

Kabèh wong mesthi wis tau ngrasa sedhih merga ditinggal mati karo wong sing ditresnani. Apa ana harapan kanggo wong sing wis mati?

APA KANDHANÉ ALKITAB?

WONG-WONG SING WIS MATI ORA DILALÈKKÉ

”Kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal . . . metu.”​—Yohanes 5:28, 29.

Gusti Allah ora nglalèkké wong-wong sing wis mati lan bakal nguripké manèh wong-wong kuwi.

WONG-WONG MATI BAKAL DIURIPKÉ MANÈH ING BUMI

”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.”​—Kisah 24:15.

Milyaran wong sing wis mati bakal diuripké manèh lan nduwé harapan kanggo urip bahagia saklawasé.

HARAPAN IKI ISA DIPERCAYA

”[Gusti Allah] nemtokaké cacahé lintang-lintang, padha kasebut jenengé dhéwé-dhéwé.”​—Jabur 147:4.

Gusti Allah isa nyebutké jenengé kabèh bintang; Gusti Allah mesthi ya isa ngéling-éling wong-wong sing bakal diuripké manèh.