Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Awaké Dhéwé Isa Bahagia

Awaké Dhéwé Isa Bahagia

SUKMBÈN ora bakal ana wong sing lara, tuwa, lan mati. Njenengan ya isa ngrasakké urip sing nyenengké kaya ngono. Ning, saiki awaké dhéwé isih kudu ngadhepi akèh masalah lan kesusahan. Apa saiki awaké dhéwé isa ngrasakké urip sing nyenengké? Alkitab ngandhani carané bèn awaké dhéwé isa urip bahagia. Gatèkna naséhaté Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi keadaan-keadaan iki.

NDUWÉ RASA PUAS

Naséhaté Alkitab: ”Aja nresnani dhuwit, lan kowé kudu ngrasa puas karo apa sing ana.”​Ibrani 13:5.

Saiki ana akèh barang sing ditawakké, sing jaréné kudu awaké dhéwé duwèni. Ning, Alkitab ngandhani nèk awaké dhéwé isa ”ngrasa puas karo apa sing ana”. Piyé carané?

Aja ’nresnani dhuwit’. Merga ”tresna marang dhuwit”, wong-wong gelem nindakké apa waé, senajan nganti kudu nindakké kejahatan utawa ngorbanké keséhatané, keluargané, kanca-kancané, lan harga diriné. (1 Timotius 6:10) Kuwi bener-bener nggawé cilaka. Akhiré, wong-wong sing nresnani dhuwit ya ora bakal ngrasa puas.​—Kohèlèt 5:10.

Aja ngutamakké barang. Ana barang-barang sing pancèn ana manfaaté. Ning, sing isa nggawé awaké dhéwé puas yaiku nèk nduwé kanca sejati, yaiku wong-wong sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa ditresnani lan diajèni.​—Wulang Bebasan 17:17.

AWAKÉ DHÉWÉ ISA BAHAGIA NÈK MANUT KARO TUNTUNANÉ ALKITAB

NÈK ANA MASALAH KESÉHATAN

Naséhaté Alkitab: ”Ati sing seneng kuwi obat sing mujarab.”​Wulang Bebasan 17:22, Basa Jawi Padintenan (BJP).

Ati sing seneng isa dadi ”obat sing mujarab” wektu awaké dhéwé lara. Piyé carané bèn isa tetep ngrasa seneng senajan lagi lara?

Bersyukur. Nèk mung mikirké masalah sing lagi diadhepi, awaké dhéwé mesthi dadi ngrasa susah terus. (Wulang Bebasan 15:15) Alkitab kandha nèk awaké dhéwé perlu ’terus ngucap sokur’. (Kolose 3:15) Mesthi ana sing isa disyukuri, senajan kétoké kuwi mung perkara sing sepélé. Misalé, awaké dhéwé isa bersyukur merga isa ndelok pemandangan sing éndah pas matahari terbenam, ngrasakké semiliré angin, utawa ndeloki senyumé wong-wong sing awaké dhéwé tresnani.

Apikan karo wong liya. Awaké dhéwé isa ngrasakké ”luwih bungah mènèhi ketimbang nampani”, senajan awaké dhéwé lagi ngalami masalah keséhatan. (Kisah 20:35) Wektu awaké dhéwé ngrasakké nèk wong liya ngajèni upayané awaké dhéwé, masalahé awaké dhéwé dadi ora krasa abot manèh. Urip isa dadi luwih nyenengké nèk awaké dhéwé seneng mbantu wong liya.

BÈN PERKAWINANÉ BAHAGIA

Naséhaté Alkitab: ”Mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting.”​Filipi 1:10.

Perkawinan isa bahagia nèk suami lan istri padha-padha kerep nyedhiakké wektu kanggo bojoné. Suami lan istri kuduné nganggep nèk hubungané karo bojoné kuwi salah siji perkara sing paling penting ing uripé.

Kerep nindakké kegiatan bareng karo bojoné. Suami lan istri aja mung ngutamakké urusané dhéwé-dhéwé. Nggawéa rencana bèn ana kegiatan sing isa ditindakké wong loro. Alkitab kandha, ”Becik wong loro bebarengan ketimbang ijèn.” (Kohèlèt 4:9, BJP) Njenengan isa nyedhiakké wektu kanggo masak bareng, lunga bareng, olahraga bareng, utawa nindakké kegiatan liyané bareng karo bojoné njenengan.

Nduduhké rasa sayang. Alkitab ngandhani nèk suami lan istri kudu padha-padha nresnani lan ngajèni. (Éfésus 5:28, 33) Suami lan istri perlu padha-padha nduduhké rasa sayangé liwat senyuman, pelukan, utawa ngekèki hadiah. Sing kudu diéling-éling, wong sing wis nikah mung éntuk mesra-mesraan karo bojoné dhéwé.​—Ibrani 13:4.