Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Taman Èden vèrsi Jéndral Gordon sing ditemokké ing Praslin, Seychelles taun 1881

Firdaus ing Bumi—Apa Kuwi Mung Dongèng?

Firdaus ing Bumi—Apa Kuwi Mung Dongèng?

Nèk krungu tembung firdaus, apa bayangan panjenengan? Apa panjenengan mbayangké panggonan sing éndah kaya taman? Mbokmenawa ana iklan sing nawakké liburan menyang panggonan sing isa diarani kaya ”firdaus”, sing isa nggawé kita dadi lali karo rasa kuwatir lan masalah sing lagi diadhepi. Ning, nyatané, nèk wis bali menyang omah, urip kita ya isih padha waé kaya sakdurungé.

Pancèn, kita mesthi bungah banget nèk mbayangké bumi iki isa dadi taman sing éndah kaya firdaus. Ning, apa bumi iki pancèn isa dadi ”firdaus”? Utawa, apa iki mung dongèng?

CRITA BAB FIRDAUS

Wiwit mbiyèn, wong-wong padha kesengsem karo crita bab firdaus. Akèh-akèhé merga maca kandhané Alkitab bab ’patamanan ing Èden ing sisih wétan’. Apa sebabé taman kuwi kétok nyenengké? Alkitab kandha, ”Yéhuwah Allah banjur nukulaké wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan.” Taman kuwi pancèn apik lan nyenengké. Sing luwih nyenengké manèh, ing tengah-tengah taman kuwi ana ”wit panguripan”.​—Purwaning Dumadi 2:8, 9.

Sakliyané kuwi, buku Purwaning Dumadi nyebutké ana kali sing cacahé papat sing mili metu saka taman kuwi. Ana rong kali sing isih ana nganti saiki, yaiku kali Tigris (utawa, Hidekel) lan Éfrat. (Purwaning Dumadi 2:10-14) Rong kali kuwi mili menyang Teluk Pèrsia, ngliwati dhaérah Pèrsia kuna, sing saiki disebut Irak.

Wiwit mbiyèn, gagasan bab bumi firdaus kuwi wis dadi bagéan saka budayané wong Pèrsia. Ing Museum Seni Filadelfia, ing Pennsylvania, AS, ana karpèt Persia sing asalé saka abad ke-16. Corak tenunané nggambarké taman sing diklilingi témbok, sing kebak wit-witan lan kembang. Kuwi cocog karo gambarané Alkitab bab taman Èden sing kétok subur lan nyenengké. Tembung ”firdaus” kuwi asalé saka basa Pèrsia kuna sing tegesé ”taman sing diklilingi témbok”.

Malah, crita bab firdaus iki uga ana ing akèh basa lan budaya. Wektu wong-wong mbiyèn padha nyebar menyang saklumahing bumi, wong-wong kuwi nggawa riwayat bab firdaus sing asli. Nganti pirang-pirang abad sakbanjuré, crita kuwi padha dicampur karo kapracayan lan crita rakyat sing ana ing dhaérahé dhéwé-dhéwé. Nganti saiki, nèk ana panggonan sing alami lan kétok éndah, kuwi biyasané diarani kaya firdaus.

PADHA NGGOLÈKI FIRDAUS

Akèh penjelajah sing kandha nèk wis padha nemokké lokasiné firdaus sing ilang. Contoné, ing taun 1881, ana jéndral saka Inggris, sing jenengé Charles Gordon, sing mara menyang Seychelles. Dhèwèké nggumun karo panggonan sing kétok éndah lan subur, sing jenengé Vallée de Mai. Panggonan kuwi saiki dadi salah siji situs Warisan Donya. Saking nggumuné, dhèwèké kandha nèk kuwi mesthi taman Èden. Kira-kira ing taun 1492, Christopher Columbus, penjelajah saka Italia, numpak kapal tekan pulau Hispaniola, sing saiki dadi Republik Dominika lan Haiti. Dhèwèké ngira nèk pulau kuwi taman Èden sing wis ilang.

Ana buku sejarah modhèren, sing judhulé Mapping Paradise, sing isiné rincian saka 190 péta kuna punjul, sing akèh-akèhé nyritakké bab Adam lan Kawa ing Èden. Salah siji saka péta-péta kuwi ana sing umuré kira-kira wis 800 taun, salinan saka naskah sing ditulis Beatus saka Liébana. Ing bagéan ndhuwuré, ana gambar firdaus ing tengah-tengahé kothak cilik. Banjur, ana patang kali sing jenengé ”Tigris”, ”Éfrat”, ”Pison”, lan ”Gihon”, sing mili saka taman kuwi menyang pojok-pojokané. Isa waé kuwi nggambarké penyebaran agama Kristen menyang saklumahing bumi. Gambaran kuwi nduduhké nèk manungsa isih terus ngéling-éling lan nyritakké bab Firdaus nganti turun-temurun, senajan wis ora ana sing ngerti panggonan asliné ana ing ngendi.

Ana penyair saka Inggris sing jenengé John Milton, sing lair luwih saka 400 taun kepungkur. Dhèwèké dikenal merga puisiné sing judhulé Paradise Lost. Puisi kuwi dhasaré saka buku Purwaning Dumadi sing nyritakké bab Adam sing nindakké dosa lan diusir saka Èden. Ing puisi kuwi, John Milton nandheské janji bab urip langgeng ing bumi. Dhèwèké nulis, ”Sukmbèn, saklumahing bumi bakal dadi firdaus.” Sakwisé kuwi, Milton nulis puisi manèh sing judhulé Paradise Regained.

FIRDAUS SING DILALÈKKÉ

Dadi, gagasan bab bumi firdaus sing wis ilang kuwi terus ana ing pikirané manungsa nganti turun-temurun. Lha terus, kenapa kok saiki wis dilalèkké? Mapping Paradise njelaské alesané yaiku merga ’para téolog pancèn sengaja nglalèkké bab panggonan asliné firdaus’.

Akèh-akèhé wong sing teka ing gréja diwulang nèk sukmbèn manungsa bakal urip ing swarga, dudu ing bumi firdaus. Ning, Alkitab kandha ing Jabur 37:29, ”Para wong mursid padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.” Merga firdaus saiki wis ora ana, apa janji kuwi sukmbèn bakal kelakon tenan?

FIRDAUS SAKDONYA BAKAL KELAKON TENAN

Mbiyèn, Yéhuwah sing nggawé Firdaus, lan Yéhuwah wis janji bakal mulihké bumi dadi firdaus manèh. Piyé carané? Gatèkna donga sing diwulangké Yésus, ”Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Matéus 6:10) Kraton kuwi maksudé pamréntahan sakdonya sing dipimpin karo Yésus sing bakal nggentèni kabèh pamréntahané manungsa. (Dhanièl 2:44) Wektu Kratoné Allah mréntah, kersané Gusti Allah bab bumi firdaus bakal ”kalampahan”.

Nabi Yésaya éntuk wahyu banjur isa nggambarké kahanané Firdaus sing dijanjèkké. Ora kaya saiki, kabèh masalah lan perang sukmbèn bakal ora ana manèh. (Yésaya 11:6-9; 35:5-7; 65:21-23) Coba wacanen ayat-ayat kuwi ing Alkitab. Panjenengan isa yakin nèk wong-wong sing manut bakal diberkahi lan isa urip bungah ing Firdaus, kaya sing wis diilangké Adam mbiyèn.​—Wahyu 21:3.

Apa sebabé kita isa yakin nèk pangarep-arep bab Firdaus ing bumi kuwi ora mung dongèng? Merga Alkitab kandha, ”Langit iku langit kagunganing Sang Yéhuwah, déné bumi wus diparingaké marang para anaking manungsa.” Pangarep-arep kuwi dadi salah siji janji sing wiwit mbiyèn ”wus kaprasetyakaké déning Gusti Allah kang ora dora [ngapusi]”. (Jabur 115:16; Titus 1:2) Pangarep-arep bab bumi Firdaus saklawasé kuwi bener-bener janji sing nyenengké tenan.