Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | MALAÉKAT—ANA TENAN APA ORA?

Kandhané Alkitab bab Malaékat

Kandhané Alkitab bab Malaékat

Apa panjenengan péngin ngerti bab para malaékat? Malaékat kuwi sapa, asalé saka ngendi, lan nduwé tugas apa? Kita isa nemokké jawabané ing Alkitab. (2 Timotéus 3:16) Apa kandhané Alkitab?

  • Para malaékat kuwi wujudé roh sing ora kétok, ”ora ana dagingé lan balungé”, kayadéné Gusti Allah. Para malaékat sing setya manggon ing swarga lan isa langsung ngadhep marang Gusti Allah.​—Lukas 24:39; Matéus 18:10; Yokanan 4:24.

  • Kadhang kala, para malaékat isa nggunakké wujud manungsa kanggo nindakké tugas saka Gusti Allah menyang bumi, banjur wujudé malih manèh sakwisé ngrampungké tugasé.​—Para Hakim 6:11-23; 13:15-20.

  • Alkitab nggambarké nèk para malaékat kuwi lanang lan biasané malih wujudé dadi wong lanang. Ning, sakjané ing antarané para malaékat kuwi ora ana lanang utawa wédok. Para malaékat ora kawin lan ngasilké keturunan. Sakliyané kuwi, asal-usulé para malaékat dudu saka bayi, bocah cilik, utawa wong diwasa sing wis mati banjur munggah swarga. Malaékat kuwi digawé karo Yéhuwah, mula disebut ”putraning Allah”.​—Ayub 1:6; Jabur 148:2, 5.

  • Alkitab nyritakké bab ”basané manungsa lan malaékat”. Dadi, makhluk roh kuwi nduwé basa lan isa omong-omongan. Gusti Allah nggunakké malaékat kanggo omong-omongan karo manungsa, ning manungsa ora éntuk nyembah lan ndonga marang para malaékat.​—1 Korinta 13:1; Wahyu 22:8, 9.

  • Malaékat kuwi cacahé ana ”maleksa-leksa lan maéwu-éwu leksa”, mbokmenawa nganti milyaran. *Dhanièl 7:10; Wahyu 5:11.

  • Para malaékat kuwi ”prakosa”, nduwé kuwasa lan kapinteran sing ngungkuli manungsa. Para malaékat isa cepet banget lunga menyang ngendi-endi ngungkuli apa sing isa kita bayangké.​—Jabur 103:20; Dhanièl 9:20-23.

  • Para malaékat kuwi pinter banget lan nduwé kuwasa sing gedhé, ning tetep ana perkara-perkara sing ora dingertèni karo para malaékat.​—Matéus 24:36; 1 Pétrus 1:12.

  • Para malaékat nduwé sipat-sipat kaya Gusti Allah lan kebébasan kanggo milih. Mula, malaékat isa nggawé pilihan kaya manungsa kanggo nindakké sing bener utawa sing salah. Sayangé, ana malaékat sing pilih mbrontak nglawan Gusti Allah.​—Yudas 6.

^ par. 8 Sak leksa kuwi padha karo 10.000. Dadi, sak leksa ping sak leksa kuwi padha karo 100 yuta. Buku Wahyu kandha bab para malaékat sing cacahé ”maleksa-leksa”. Kuwi tegesé ana atusan yuta makhluk roh, mbokmenawa malah nganti milyaran.