Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Lembah Élah

Dawud Nglawan Goliat​—Apa Bener-Bener Nyata Nyata?

Dawud Nglawan Goliat​—Apa Bener-Bener Nyata Nyata?

Ana wong sing bingung apa kedadéan bab Dawud lan Goliat kuwi nyata apa mung dongèng. Apa panjenengan tau mikir kaya ngono? Nèk iya, ayo digatèkké telung pitakonan iki.

1 | Apa ana wong sing dhuwuré kira-kira 2,9 mèter?

Alkitab kandha nèk Goliat kuwi ”dedegé nem asta sakilan”. (1 Samuèl 17:4) Asta sing disebutké ing ayat kuwi dawané 44,5 sèntimèter, lan sakilan kuwi dawané 22,2 sèntimèter. Nèk diitung-itung kuwi kira-kira dhuwuré 2,9 mèter. Ana sing ngomong nèk ora mungkin dhuwuré Goliat nganti semono, ning coba dipikirké tenanan, saiki wong sing paling dhuwur sing tau dicathet kuwi dhuwuré luwih saka 2,7 mèter. Mula, apa ora wajar nèk Goliat luwih dhuwur 15 sèntimèter utawa luwih? Goliat kuwi keturunané suku Réfaim, sing dikenal merga awaké dhuwur banget. Ana dokumén ing Mesir saka abad 13 SM uga nerangké nèk ana prajurit sing gagah prakosa ing Kanaan dhuwuré luwih saka 2,4 mèter. Dadi isa waé Goliat dhuwuré semono, senajan kétoké ora wajar.

2 | Apa Dawud kuwi ana tenan?

Ana para ahli sejarah sing kandha nèk Raja Dawud kuwi mung dongèng. Ning, bukti-bukti arkéologi sing ditemokké jaman mbiyèn tau nyebutké bab ”omahé Dawud”. Apa manèh Yésus Kristus tau kandha nèk Dawud kuwi wong sing ana tenan. (Matéus 12:3; 22:43-45) Bukti-bukti sing nduduhké nèk Yésus kuwi Sang Mèsih, didhukung karo rong silsilah sing nyebutké nèk Yésus kuwi keturunané Raja Dawud. (Matéus 1:6-16; Lukas 3:23-31) Mula, Dawud kuwi pancèn ana tenan.

3 | Apa panggonané ana tenan?

Alkitab kandha nèk kedadéan perang kuwi ana ing Lembah Élah. Uga, dijelaské nèk wong Filisti manggon ing pinggiran bukit sing diapit kutha Sokho lan Azéka. Wong Israèl manggon ing lembah sing ana ing sebrang panggonané wong Filisti mau. Apa panggon-panggon iki ana tenan?

Ana turis sing marani panggonan kuwi kandha, ”Wong sing mandhu nuntun aku menyang Lembah Élah. Wektu aku ndelok saka lembah, sing mandhu mau macakké 1 Samuèl 17:1-3, banjur dhèwèké nduding sebrang lembah, lan kandha, ’Ing sisih kiwamu, kuwi kutha Sokho, lan ing sisih tengenmu, kuwi kutha Azéka. Wong Filisti manggon nèng tengah-tengahé rong kutha kuwi lagi ngadhep nèng awaké dhéwé. Dadi, mungkin awaké dhéwé saiki ngadeg ana ing panggoné wong Israèl’. Aku mbayangké Saul karo Dawud lagi ngadeg nèng panggonanku iki. Terus, aku mudhun ngliwati lembah lan kali sing banyuné kari sithik lan akèh watu-watuné. Aku mbayangké Dawud mbungkuk njupuk watu cacahé lima, sing salah sijiné dinggo matèni Goliat.” Padha kaya turis mau, akèh wong saiki nggumun banget karo katrangan sing ditulis ing Alkitab.

Merga wong lan panggonané bener-bener nyata, awaké dhéwé ora perlu ragu-ragu karo cathetan sejarah iki. Sing luwih penting, kuwi disebutké ing Alkitab, sing asalé saka Gusti Allah sing ora isa ngapusi.​—Titus 1:2; 2 Timotéus 3:16.