Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | CARANÉ ÉNTUK PANGLIPUR

Panglipur Wektu Ngadhepi Masalah

Panglipur Wektu Ngadhepi Masalah

Masalah sing diadhepi kuwi isa werna-werna bentuké. Pancèn, awaké dhéwé ora isa ngrampungi saben masalah sing diadhepi, ning, coba gatèkna patang conto sing disebutké ing kaca 3 mau. Gatèkna piyé wong-wong kuwi senajan ngadhepi masalah sing béda-béda ning isa éntuk panglipur sing sejati saka Gusti Allah.

WEKTU KÉLANGAN GAWÉAN

”Aku ora milih-milih gawéan, lan ora tuku barang sing ora dibutuhké.”​—Jonathan

Seth * kandha, ”Aku lan bojoku bareng-bareng kélangan gawéan. Saksuwéné rong taun aku lan bojoku kerja srabudan kanggo nyukupi kebutuhan keluargaku. Akibaté, bojoku sing jenengé Priscilla, dadi stress, lan aku rumangsa ora guna.

”Piyé aku lan bojoku isa ngadhepi masalah kuwi? Priscilla terus ngéling-éling wejangané Yésus ing Matéus 6:34, sing isiné aja kuwatir bab dina sésuk, merga saben dina nduwé kasusahané dhéwé. Donga sing tenanan uga nggawé dhèwèké tetep kuwat. Kaya wejangan sing dicathet ing Jabur 55:23, aku masrahké masalahku marang Yéhuwah, lan aku ngrasakké Yéhuwah ngopèni aku. Senajan saiki aku wis nduwé gawéan, aku lan bojoku tetep urip sedherhana kaya wejangané Yésus ing Matéus 6:20-22. Aku lan bojoku dadi luwih cedhak karo Yéhuwah lan sedulur liyané.”

Jonathan kandha, ”Aku dadi kewedhèn merga bisnis keluargaku bangkrut. Merga krisis Ékonomi, hasil kerjaku saksuwéné 20 taun entèk ludes. Aku lan bojoku ribut bab dhuwit. Aku lan bojoku kuwatir nèk ora isa blanja nggunakké kertu krédit manèh.

”Alkitab lan roh suciné Gusti Allah mbantu aku nggawé keputusan sing bener. Aku ora milih-milih gawéan, lan ora tuku barang sing ora dibutuhké. Aku lan bojoku uga éntuk dhukungan lan bantuan saka para sedulur Kristen wektu ngadhepi kasusahan.”

WEKTU PEGATAN

Raquel kandha, ”Wektu ditinggal bojoku, aku lara ati, nesu, lan sedhih banget. Ning, merga aku nyedhak marang Gusti Allah liwat donga saben dina, aku éntuk panglipur lan krasa ayem tentrem, kuwi uga isa nambani lara atiku.

”Aku seneng merga Alkitab wis mbantu aku ngadhepi rasa nesu lan sedhih. Aku ngéling-éling wejangané Rasul Paulus ing Rum 12:21, ’Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.’

”Ana wektu kanggo ngéklaské sing wis ilang. . . . Saiki uripku nduwé tujuan.”​—Raquel

”Ana sing mènèhi wejangan bèn aku ora terus nglokro. Dhèwèké nduduhké Kohèlèt 3:6 lan ngandhani aku nèk ana wektu kanggo ngéklaské sing wis ilang. Senajan kuwi wejangan sing angèl ditindakké, ning kuwi sing tak butuhké. Saiki uripku nduwé tujuan.”

Elizabeth kandha, ”Wektu pegatan, panjenengan mesthi butuh dhukungan. Aku nduwé kanca cedhak sing ndhukung aku saben dina. Dhèwèké nangis bareng aku, nglipur, lan nggawé aku krasa ditresnani. Aku percaya nèk Yéhuwah nggunakké dhèwèké kanggo nambani lara atiku.”

WEKTU LARA UTAWA WIS SEPUH

”Sakwisé ndonga, aku krasa nèk roh suciné Yéhuwah nguwatké aku.”​—Luis

Luis, sing disebutké ing kaca 3, ngadhepi lara jantung sing parah, nganti ping pindho mèh mati. Dhèwèké butuh oksigén 16 jam saben dina. Luis kandha, ”Aku terus ndonga marang Yéhuwah. Sakwisé ndonga, aku krasa nèk roh suciné Yéhuwah nguwatké aku. Donga mbantu aku terus semangat merga nduwé iman marang Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah ngopèni aku.”

Petra, sing umuré 80 taun kandha, ”Akèh sing péngin tak tindakké, ning ora isa. Aku ora percaya nèk saiki wis ora kuwat manèh, lan krasa nèk tenagaku wis entèk. Saiki, aku kudu terus nganggo obat. Aku kerep mikirké wektu Yéhuwah mènèhi Yésus kekuwatan sakwisé Yésus njaluk tulung marang Yéhuwah. Semono uga Yéhuwah mesthi mènèhi aku kekuwatan. Donga kuwi dadi obatku saben dina. Aku krasa luwih pénak sakwisé ndonga.”​—Matéus 26:39.

Julian, sing mèh 30 taun ngadhepi penyakit sklerosis multipel, kandha, ”Senajan aku nganggo kursi rodha kusus, ning, uripku ana gunané merga tak gunakké kanggo wong liya. Mènèhi marang wong liya kuwi isa ngurangi kasusahanku, lan Yéhuwah terus netepi janjiné kanggo nguwatké aku wektu susah. Aku isa kandha kaya rasul Paulus, ’Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.’”​—Filipi 4:13.

WEKTU SING DITRESNANI MATI

Antonio kandha, ”Aku ora percaya wektu bapakku mati merga ditabrak mobil. Kuwi kayané ora adil, merga bapakku mung mlaku nèng pinggir dalan. Ning, ora ana sing isa tak tindakké. Bapakku koma limang dina sakdurungé mati. Aku ngupaya ora kétok sedhih nèng ngarepé ibukku, ning wektu dhèwèkan aku krasa sedhih banget. Aku terus mikir, ’Kok isa? Kok isa?’

”Saksuwéné kuwi, aku terus njaluk tulung marang Yéhuwah bèn isa tetep tenang lan ayem tentrem. Saya suwé aku krasa tenang. Aku éling Alkitab nerangké nèk kahanan sing ora dinyana-nyana kuwi isa dialami sapa waé. Merga Gusti Allah ora isa ngapusi, aku percaya nèk bakal isa ketemu manèh karo bapakku wektu wong-wong mati diuripké manèh.”​—Kohèlèt 9:11; Yokanan 11:25; Titus 1:2.

”Senajan anakku lanang mati merga kecelakaan pesawat, ning aku lan bojoku isih nduwé akèh kenangan sing nyenengké wektu bebarengan karo anakku.”​—Robert

Robert, sing disebutké ing kaca 3, kandha, ”Merga ndonga marang Yéhuwah, aku lan bojoku krasa ayem tentrem kaya sing disebutké ing Filipi 4:6, 7. Rasa ayem tentrem kuwi nggawé aku isa nerangké marang reporter TV, bab pengarep-arep nèk wong mati isa diuripké manèh. Senajan anakku lanang mati merga kecelakaan pesawat, ning aku lan bojoku isih nduwé akèh kenangan sing nyenengké wektu bebarengan karo anakku, lan kuwi terus tak pikirké.

”Wektu aku diwawancara ing TV, ana sedulur Kristen kandha nèk aku lan bojoku isa tenang wektu nerangké imanku. Aku lan bojoku ngucap sokur marang para sedulur kuwi merga wis ndongakké aku lan bojoku. Aku percaya tenan nèk Yéhuwah ndhukung aku lan bojoku liwat bantuan sing akèh banget saka para sedulur mau.”

Kaya conto-conto mau, Gusti Allah isa nglipur wong-wong wektu ngadhepi masalah lan tantangan werna-werna. Nèk panjenengan piyé? Masalah apa waé sing diadhepi, panjenengan isa éntuk panglipur. * Mula, ayo terus ngendelké Yéhuwah kanggo njaluk bantuané, merga Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur”.​—2 Korinta 1:3.

^ par. 5 Dudu jenengé asli.

^ par. 23 Nèk panjenengan péngin saya cedhak marang Gusti Allah lan éntuk panglipuré, panjenengan isa ngubungi Seksi-Seksi Yéhuwah sing ana ing dhaérahé panjenengan utawa nyurati kantor cabang sing paling cedhak.