Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONANÉ SING MACA . . .

Apa Wong Kristen Kudu Ngrayakké Natal?

Apa Wong Kristen Kudu Ngrayakké Natal?

Jutaan wong percaya nèk Natal kuwi perayaan ulang tauné Yésus. Ning, apa para rasul lan pengikuté Yésus ngrayakké Natal? Apa kandhané Alkitab bab ulang taun? Nèk ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi, kita bakal ngerti apa wong Kristen kudu ngrayakké Natal.

Kapisan, ing Alkitab ora ana katrangan bab perayaan ulang tauné Yésus utawa para abdiné Gusti Allah sing setya liyané. Alkitab nyritakké nèk mung ana wong loro sing ngrayakké ulang tauné. Loro-loroné dudu abdiné Yéhuwah, Gusti Allah sing disebutké ing Alkitab, lan pas perayaané kuwi ana kedadéan sing ora apik. (Purwaning Dumadi 40:20; Markus 6:21) Nurut Encyclopædia Britannica, wong-wong Kristen abad kapisan lan kapindho nentang kebiyasaan ngrayakké ulang taun.

Kapan Yésus lair?

Alkitab ora kandha kapan persisé Yésus lair. Cyclopedia saka McClintock lan Strong’s kandha, ”Dina lairé Yésus ora dicritakké kanthi gamblang ing P[rajanjian] A[nyar] utawa ing sumber-sumber liyané.” Nèk pancèn Yésus péngin para pengikuté ngrayakké ulang tauné Yésus, Yésus mesthi bakal ngandhani kapan tanggal lairé.

Kapindho, Alkitab ora nyritakké nèk Yésus utawa para muridé ngrayakké Natal. Nurut New Catholic Encyclopedia, perayaan Natal sepisanan disebutké ”ing Chronograph sing ditulis karo Philocalus, yaiku buku penanggalan Romawi sing sumberé dhokumèn saka taun 336 [M]”. Kuwi nduduhké nèk perayaan Natal ana sakwisé Alkitab rampung ditulis lan pirang-pirang abad sakwisé Yésus urip ing bumi. Mula, McClintock lan Strong kandha nèk ”perayaan Natal asalé dudu saka Gusti Allah lan P[rajanjian] A[nyar]”. *

Acara apa sing dipréntahké Yésus kanggo ditindakké?

Yésus, sing dadi Guru Agung, mènèhi préntah sing cetha bab apa sing kudu ditindakké para pengikuté lan kuwi ditulis ing Alkitab. Ning, Yésus ora nyebutké bab perayaan Natal. Kaya guru sekolah sing péngin para muridé mung nindakké apa sing dipréntahké, Yésus uga péngin para pengikuté ora ”ngungkuli apa kang tinulis” ing Alkitab.​—1 Korinta 4:6.

Sakliyané kuwi, ana acara penting sing wis biyasa ditindakké karo wong Kristen ing abad kapisan, yaiku Pèngetan sédané Yésus. Yésus ngandhani para muridé bab kapan lan kepriyé acara kuwi kudu ditindakké. Kuwi kabèh, klebu tanggal sédané Yésus, dicathet ing Alkitab.​—Lukas 22:7, 19; 1 Korinta 11:25.

Dadi, kita ngerti nèk Natal kuwi perayaan ulang taun lan wong-wong Kristen ing abad kapisan ora ngrayakké kuwi. Alkitab uga ora nyebutké nèk Yésus utawa liyané ngrayakké Natal. Saka katrangan kuwi kabèh, jutaan wong Kristen sak ndonya nyimpulké nèk ora perlu ngrayakké Natal.

^ par. 6 Kanggo katrangan luwih akèh bab asal-usulé Natal, deloken artikel ”Pembaca Bertanya . . . Apa Saja Fakta Tentang Natal?” ing Menara Pengawal 1 Desember 2014, uga ana ing www.pr418.com/id.