Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Diatur lan Ditata Manut Alkitab

Diatur lan Ditata Manut Alkitab

”Klawan kawicaksanan Sang Yéhuwah anggoné nalesi bumi, sarta anggoné netepaké langit kalawan pangretèn.”​—WB. 3:19.

LAGU: 15, 16

1, 2. (a) Apa kandhané wong-wong bab pakumpulan agama? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

ANA wong sing kandha, ”Awaké dhéwé ora perlu mèlu pakumpulan agama, sing penting cedhak karo Gusti Allah wis cukup.” Apa kuwi bener? Kuduné piyé?

2 Wulangan iki bakal ngrembug bab tumindaké Yéhuwah sing tertib lan umaté sing diatur lan ditata. Kita uga bakal ngrembug apa sing kudu ditindakké wektu pakumpulané Yéhuwah ngekèki arahan. (1 Kr. 14:33, 40) Ing abad kapisan, merga manut karo arahané Kitab Suci, umaté Yéhuwah isa nginjil ing ngendi-endi. Kita saiki uga gelem manut karo tuntunané Alkitab sarta pakumpulané Yéhuwah. Hasilé, kita isa nginjil ing saklumahing bumi, sarta isa njaga jemaat tetep resik, ayem tentrem, lan rukun.

YÉHUWAH KUWI GUSTI ALLAH SING TERTIB

3. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing tertib?

3 Kabèh sing digawé Yéhuwah dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi Allah sing tertib. Alkitab kandha, ”Klawan kawicaksanan Sang Yéhuwah anggoné nalesi bumi, sarta anggoné netepaké langit kalawan pangretèn.” (WB. 3:19) Awaké dhéwé mung isa ngerti sithik bab pakaryané Yéhuwah. Malah kuwi mung kaya ”swara lirih sing keprungu ing kuping kita”. (Ay. 26:14, Basa Jawi Padintenan) Ning, kabèh pakaryané Yéhuwah kuwi mesthi diatur lan ditata bèn tertib. (Ms. 8:4, 5) Jutaan lintang ing langit isa obah tanpa tabrakan, lan planèt-planèt ing tata surya isa tertib mlaku ngubengi srengéngé. Kuwi kabèh isa kelakon merga diatur lan ditata karo Yéhuwah. Nèk mikirké kawicaksanané Yéhuwah wektu nggawé langit lan bumi, awaké dhéwé dadi péngin ngluhurké, ngibadah, lan setya marang Yéhuwah.​—Ms. 136:1, 5-9.

4. Apa sebabé para ilmuwan ora isa njawab akèh pitakonan penting?

4 Para ilmuwan nggunakké perkara-perkara sing disinau saka alam iki bèn urip isa dadi luwih pénak. Ning, wong-wong kuwi ora isa njawab pitakonan-pitakonan penting bab urip. Contoné, para astronom ora isa njelaské piyé carané alam iki isa ana utawa kok isa ana manungsa, kéwan, lan tanduran ing bumi. Akèh wong uga ora isa njelaské apa sebabé manungsa péngin banget urip saklawasé. (Ko. 3:11) Akèh wong ora ngerti jawabané merga para ilmuwan lan liyané mulangké évolusi lan ora ngakoni nèk Gusti Allah kuwi ana. Ning, Gusti Allah maringi jawabané ing Alkitab.

5. Piyé carané manungsa nggunakké hukum alam?

5 Yéhuwah nggawé akèh hukum alam sing ora molah-malih. Para ahli listrik, lèdheng, mesin, juru mudhi, dhokter bedhah, lan liya-liyané nggunakké hukum alam wektu nyambut gawé. Contoné, dhokter bedhah ngerti enggoné jantung ing saben pasièné, merga panggoné jantung ora malih. Lan kabèh wong ngerti hukum gravitasi, yaiku nèk wong anjlog saka panggonan sing dhuwur dhèwèké bakal tiba lan isa mati. Awaké dhéwé nuruti hukum alam kuwi merga ora péngin mati.

SING WIS DIATUR KARO GUSTI ALLAH

6. Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin umaté diatur lan ditata wektu ngibadah?

6 Jagat sak isiné diatur lan ditata karo Yéhuwah nganggo cara sing nggumunké. Mula, Yéhuwah uga péngin umaté diatur lan ditata wektu ngibadah. Malah Yéhuwah wis nyedhiyakké Alkitab kanggo mulang carané ibadah sing bener. Nèk gelem manut karo tuntunané Alkitab lan pakumpulané, awaké dhéwé bakal urip ayem tentrem.

7. Apa sing isa disinau saka carané Alkitab ditulis?

7 Alkitab kuwi hadiah sing aji saka Yéhuwah. Ana para ahli sing kandha nèk Alkitab kuwi kumpulan bukuné wong Yahudi lan Kristen sing didadèkké siji. Ning, sakjané Yéhuwah dhéwé sing milih sapa sing nulis, kapan ditulis, lan apa sing ditulis ing Alkitab. Mula kabèh isiné Alkitab isa mbantu awaké dhéwé ngerti pangandikané Yéhuwah. Buku Purwaning Dumadi tekan Wahyu njelaské nèk bakal ana ’keturunan’ sing arep mujudké manèh pirdus ing bumi. Awaké dhéwé wis ngerti nèk ’keturunan’ kuwi yaiku Yésus Kristus, lan Pamréntahané bakal mbuktèkké nèk Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mréntah manungsa.​—Wacanen Purwaning Dumadi 3:15; Matéus 6:10; Wahyu 11:15.

8. Piyé carané wong Israèl diatur lan ditata?

8 Wong Israèl manut karo Hukumé Yéhuwah sarta diatur lan ditata bèn tertib. Contoné, ing Hukum Musa ana wong-wong wédok sing ditugasi kanggo ngladèni ing ngarepé lawang kémah ibadah. (Pa. 38:8) Wong Israèl uga dikandhani carané mindhah kémahé lan tabernakel (kémah ibadah) nganggo cara sing tertib. Sakliyané kuwi, Raja Dawud ngatur para imam lan wong Lèwi kanggo nindakké gawéan kusus ing bait. (1 Bb. 23:1-6; 24:1-3) Nèk manut tuntunané Yéhuwah, wong Israèl bakal diberkahi, dadi tertib, ayem tentrem lan rukun.​—PT. 11:26, 27; 28:1-14.

9. Piyé jemaat ing abad kapisan diatur lan ditata?

9 Jemaat-jemaat ing abad kapisan uga diatur lan ditata. Wektu kuwi ana pengurus pusat, yaiku sak kumpulan sedulur lanang sing mènèhi arahan kanggo jemaat. Sing sepisanan, anggotané mung para rasul. Bar kuwi para pinituwa liyané uga mèlu dadi anggotané. (PR. 6:1-6; 15:6) Wektu nulis surat sing isiné tuntunan kanggo jemaat-jemaat, pengurus pusat lan sedulur liyané diarahké karo Yéhuwah. (1 Tm. 3:1-13; Tt. 1:5-9) Piyé jemaat isa éntuk paédah saka tuntunané pengurus pusat?

10. Apa hasilé wektu jemaat-jemaat ing abad kapisan manut karo keputusané pengurus pusat? (Deloken gambar ing kaca 9.)

10 Wacanen Para Rasul 16:4, 5Ing abad kapisan, ana para sedulur lanang marani jemaat-jemaat kanggo ngandhani ”pancasané [keputusané] para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm”, sing dadi pengurus pusat. Jemaat-jemaat manut karo keputusan kuwi lan ”padha kasantosakaké pracayané lan saya suwé saya wuwuh cacahé”. Apa sing isa ditiru saka conto kuwi?

APA PANJENENGAN MANUT KARO ARAHAN?

11. Apa sing kuduné ditindakké para sedulur sing nduwé wewenang wektu nampa arahan saka pakumpulané Yéhuwah?

11 Anggotané Panitya Cabang utawa Panitya Negeri, para pinituwa, lan pinituwa wilayah perlu manut karo arahan saka pakumpulané Yéhuwah. Alkitab kandha nèk kita kabèh kudu manut karo para sedulur sing nduwé wewenang. (PT. 30:16; Ib. 13:7, 17) Wong-wong sing setya marang Yéhuwah mesthi ora mbrontak lan ora sambat wektu nampa arahan saka pakumpulan. Awaké dhéwé ora gelem dadi kaya Dhiotrèfés, sing ora ngajèni para sedulur sing nduwé wewenang. (Wacanen 3 Yokanan 9, 10.) Nèk manut karo arahan sing ditampa, awaké dhéwé bakal tetep rukun lan tentrem ing jemaat. Mula coba dipikir, ’Apa aku nyemangati sedulur liya bèn setya marang Yéhuwah? Apa aku cepet nindakké arahan saka pakumpulané Yéhuwah?’

12. Piyé carané nglantik pinituwa lan abdiné jemaat?

12 Durung suwé iki, pengurus pusat ngowahi carané nglantik pinituwa lan abdiné jemaat. ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 November 2014 nerangké, nèk ing abad kapisan pengurus pusat mènèhi wewenang marang pinituwa wilayah kanggo nglantik para pinituwa lan abdiné jemaat. Ing September 2014, pinituwa wilayah wis mulai ngetrapké arahan kuwi. Wektu para pinituwa ngusulké sedulur lanang bèn dadi pinituwa utawa abdiné jemaat, pinituwané wilayah bakal nyedhaki bèn kenal karo sedulur kuwi lan keluargané. Contoné, dhèwèké isa waé ngajak sedulur kuwi nginjil bareng. (1 Tm. 3:4, 5) Banjur pinituwa wilayah lan para pinituwa ngumpul bareng lan ngrembug sipat-sipat sing dibutuhké supaya isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat nurut Alkitab.​—1 Tm. 3:1-10, 12, 13; 1 Pt. 5:1-3.

Para pinituwa mènèhi arahan saka Alkitab merga péngin njaga lan ngayomi jemaat

13. Apa buktiné awaké dhéwé gelem manut arahané pinituwa?

13 Para pinituwa mènèhi arahan saka Alkitab merga péngin njaga lan ngayomi jemaat. Kita perlu manut karo arahan kuwi merga ana paédahé. (1 Tm. 6:3) Ing abad kapisan, ana sedulur-sedulur sing ”ora tumata”. Wong-wong kuwi ora gelem nyambut gawé blas, ning malah ngurusi sing dudu urusané. Para pinituwa ngupaya ngandhani, ning wong-wong kuwi ora mertobat. Paulus kandha, sedulur ”iku pèngetana lan aja srawungan karo dhèwèké”. Para sedulur perlu mandheg srawung karo wong kaya ngono ning aja dianggep mungsuh. (2 Ts. 3:11-15) Para pinituwa saiki uga ngupaya mbantu sedulur sing ora manut karo pathokané Yéhuwah, contoné, sedulur sing pacaran karo sing dudu abdiné Yéhuwah. (1 Kr. 7:39) Nèk wong kuwi ora gelem ngowahi tumindaké, para pinituwa isa mutuské mènèhi naséhat liwat ceramah sing nerangké nèk tumindak kaya ngono isa nyebabké wong liya nduwé pandhangan sing èlèk bab jemaat. Nèk ana ceramah kaya ngono ing jemaat, piyé tanggepan panjenengan? Nèk panjenengan ngerti ana wong sing tumindak kaya ngono, apa panjenengan bakal ngedohi wong kuwi? Nèk kuwi ditindakké, panjenengan isa mbantu sedulur kuwi sadhar nèk tumindaké klèru lan ora nyenengké Yéhuwah, banjur ngowahi tumindaké. [1]—Deloken katrangan ing kaca 14.

NJAGA JEMAAT TETEP RESIK, RUKUN LAN TENTREM

14. Piyé carané njaga jemaat tetep resik?

14 Alkitab ngandhani apa sing kudu ditindakké bèn jemaat tetep resik. Paulus tresna karo para sedulur ing Korinta, sing akèh-akèhé wis dibantu sinau Kitab Suci karo Paulus. (1 Kr. 1:1, 2) Mula, bayangna piyé perasaané Paulus wektu ngerti nèk ana sing laku jina lan kuwi dijarké waé ing jemaat. Paulus kandha marang para pinituwa nèk ”wong iku kudu kita pasrahaké marang Iblis”. Para pinituwa perlu ngetokké utawa mecat wong kuwi saka jemaat. (1 Kr. 5:1, 5-7, 12) Saiki para pinituwa isa mutuské mecat wong saka jemaat sing nindakké dosa gedhé lan ora gelem mertobat. Nèk ngono, apa awaké dhéwé gelem manut karo arahané Alkitab bab carané tumindak marang wong kuwi? Kuwi tegesé awaké dhéwé mbantu njaga jemaat tetep resik, lan mbokmenawa isa mbantu wong kuwi sadhar lan mertobat sarta njaluk pangapura marang Yéhuwah.

15. Piyé carané njaga jemaat tetep rukun lan ayem tentrem?

15 Ana masalah liya ing jemaat Korinta, yaiku ana sing nglaporké para sedulur menyang pengadilan. Paulus takon, ”Yagéné kowé ora milaur nrima digawé sawenang-wenang?” (1 Kr. 6:1-8) Saiki ana sedulur-sedulur ing jemaat sing nggawé perjanjian dagang, ning rumangsa diapusi utawa dadi rugi, banjur nglaporké sedulur mau menyang pengadilan. Ngono kuwi isa dadi masalah ing jemaat sarta marahi wong nduwé pandhangan sing èlèk bab Yéhuwah lan umaté. Alkitab mulang nèk awaké dhéwé kudu tetep rukun karo para sedulur senajan rugi. [2] (Deloken katrangan ing kaca 14.) Yésus ngajari carané ngrampungi masalah sing gedhé lan ruwed. (Wacanen Matéus 5:23, 24; 18:15-17.) Nèk manut karo arahané Yésus, awaké dhéwé isa njaga jemaat tetep rukun lan ayem tentrem.

16. Apa sebabé umaté Yéhuwah rukun?

16 Alkitab kandha, ”Saiba prayoga lan éndahé, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.” (Ms. 133:1) Nèk manut karo Yéhuwah, wong Israèl isa rukun lan tertib. Yéhuwah ngramalké nèk umaté bakal ”Sunklumpukaké dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang”. (Mi. 2:12) Yéhuwah uga ngramalké nèk umaté bakal ngabdi bebarengan lan sinau pangertèn sing bener saka Alkitab. Yéhuwah ngendika, ”Para bangsa bakal Sunparingi lambé liyané, yaiku lambé kang resik, supaya kabèh padha nyebuta asmané Pangéran Yéhuwah, sarta padha ngabekti marang Panjenengané kalawan rukun.” (Zf. 3:9) Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga isa ngibadah bareng karo para sedulur.

Para pinituwa ngélikké wong ”kang tinemu nglakoni panerak” (Deloken paragraf 17)

17. Apa sing kudu ditindakké para pinituwa nèk ana sing nindakké dosa gedhé?

17 Nèk ana sing nindakké dosa gedhé, para pinituwa kudu cepet-cepet ngandhani nganggo cara sing welas asih. Para pinituwa ngerti nèk Yéhuwah péngin jemaat dijaga saka pengaruh sing èlèk bèn tetep resik lan rukun. (WB. 15:3) Paulus tresna tenan marang para sedulur ing Korinta lan ngélikké para sedulur kuwi wektu butuh naséhat, contoné kaya ing suraté sing kapisan. Para pinituwa ing kono langsung ngetrapké arahané Paulus, buktiné pirang-pirang sasi sakbanjuré, Paulus ngalem sedulur-sedulur kuwi ing suraté sing kapindho. Nèk ana ”kang tinemu nglakoni panerak”, para pinituwa kudu ngélikké nganggo cara sing apikan.​—Gl. 6:1.

18. (a) Piyé tuntunané Kitab Suci mbantu wong Kristen ing abad kapisan? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

18 Wektu wong Kristen ing abad kapisan gelem ngetrapké tuntunané Kitab Suci, jemaat bakal tetep resik, rukun, lan ayem tentrem. (1 Kr. 1:10; Éf. 4:11-13; 1 Pt. 3:8) Hasilé, para sedulur kuwi isa nginjil ”ing salumahing bumi sakurebing langit”. (Kl. 1:23) Saiki umaté Yéhuwah uga rukun lan tertib, sarta nginjil ing saklumahing bumi. Wulangan sakbanjuré bakal ngrembug bukti luwih akèh bab tékadé umaté Yéhuwah sing gedhé kanggo ngluhurké Yéhuwah lan manut karo tuntunané Alkitab.​—Ms. 71:15, 16.

^ [1] (paragraf 13) Deloken buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa, kaca 150-151.

^ [2] (paragraf 15) Kanggo katrangan bab kahanan sing marahi wong Kristen isa waé nglaporké sedulur liyané menyang pengadilan, deloken Tetaplah Berada dalam Kasih Allah”, kaca 223, catatan kaki.