Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bébas saka Agama Palsu

Bébas saka Agama Palsu

”Hé, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarané.”​—WY. 18:4.

LAGU: 10, 45

1. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk umaté Yéhuwah bakal dibébaské saka Babil Gedhé, lan pitakonan apa waé sing bakal dijawab?

ING wulangan sakdurungé, kita wis sinau nèk wong-wong Kristen sing setya dadi tawanan ing Babil Gedhé. Ning, wong-wong kuwi ora ditawan saklawasé, merga Gusti Allah ndhawuhi umaté bèn ’padha sumingkir’ saka kumpulan agama palsu sakdonya. (Wacanen Wahyu 18:4.) Kuwi tegesé wong-wong Kristen bakal dibébaské saka Babil Gedhé. Sakdurungé ngerti kapan kuwi bakal kelakon, awaké dhéwé kudu njawab pitakonan-pitakonan iki: Piyé pandhangané Siswa-Siswa Alkitab bab Babil Gedhé, lan apa tékadé para sedulur kuwi? Kaya apa semangaté para sedulur wektu nginjil saksuwéné Perang Donya I? Apa umaté Yéhuwah ditawan ing Babil wektu kuwi merga isih ana sing kudu dibenerké?

”KEJATUHAN BABEL”

2. Siswa-Siswa Alkitab nduwé tékad apa sakdurungé Perang Donya I?

2 Pirang-pirang taun sakdurungé Perang Donya I (1914-1918), Charles Taze Russell lan Siswa Alkitab liyané ngerti nèk Gréja-Gréja Kristen ora ngajarké sing bener manut Alkitab. Mula, para sedulur kuwi ora gelem dadi bagéan saka agama palsu. Ing taun 1879, Zion’s Watch Tower kandha nèk gréja-gréja sing ngaku dadi pengantèn sing setya kanggo Yésus malah ndhukung pamréntahan politik. Kuwi tegesé dadi bagéan saka Babil Gedhé. Alkitab nyebut tumindak kaya ngono kuwi laku bédhang utawa jina.​—Wacanen Wahyu 17:1, 2.

3. Apa buktiné nèk Siswa-Siswa Alkitab wis ora gelem dadi bagéan saka agama palsu? (Deloken gambar ing kaca 27.)

3 Wong-wong sing setya ngerti nèk Gusti Allah ora bakal mberkahi wong-wong sing ndhukung agama palsu. Mula, akèh sing nulis surat kanggo gréja sing isiné nerangké nèk wong-wong kuwi wis ora gelem dadi anggota gréja manèh. Ana sing malah macakké suraté kuwi ing ngarep kabèh jemaat gréja. Nèk kuwi ora diéntukké, wong-wong kuwi ngirimi surat menyang saben anggota gréja kuwi. Siswa-Siswa Alkitab bener-bener ora gelem dadi bagéan saka agama palsu. Taun-taun sakdurungé, wong-wong kuwi isa dipatèni nèk nindakké kuwi. Ning ing taun 1870, pamréntah ing akèh negara wis ora ngekèki akèh dhukungan marang gréja-gréja manèh. Wong-wong isa bébas ngomongké Alkitab lan uga nolak ajarané gréja.

4. Terangna piyé pandhangané Siswa-Siswa Alkitab bab Babil Gedhé saksuwéné Perang Donya I.

4 Siswa-Siswa Alkitab péngin kabèh wong ngerti nèk Babil Gedhé kuwi kumpulan agama sing laku jina. Mula, ora cukup mung crita karo keluarga, kanca cedhak, lan jemaat gréja nèk wis ora ndhukung agama palsu. Dadi ing antarané Desember 1917 lan wiwitané taun 1918, éwonan Siswa Alkitab semangat ngedumké 10.000.000 selebaran sing salah siji judhul artikelé yaiku ”Kejatuhan Babel”. Selebaran iku nerangké kaya apa saktenané Gréja-Gréja Kristen kuwi. Wis jelas nèk para pemimpin gréja mesthi ngamuk-ngamuk. Ning, para Siswa Alkitab ora gelem mandheg nginjil lan luwih manut karo ”Gusti Allah katimbang dhateng manungsa”. (PR. 5:29) Iki dadi bukti nèk saksuwéné Perang Donya I, wong-wong Kristen ora ditawan ing Babil ning malah ngupaya bébas saka agama palsu lan mbantu liyané nindakké sing padha.

SEMANGAT NGINJIL WEKTU PERANG DONYA I

5. Apa para sedulur semangat nginjil saksuwéné Perang Donya I?

5 Mbiyèn kita ngertiné nèk Yéhuwah ora seneng karo umaté saksuwéné Perang Donya I, merga padha ora semangat nginjil. Mula kita percaya nèk Yéhuwah ngijinké umaté ditawan ing Babil Gedhé sawetara wektu. Ning, para sedulur sing setya ing antarané taun 1914 lan 1918 nyritakké nèk jaman semono para sedulur ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil. Kita isa luwih ngerti cathetan Alkitab bab pembuwangan ing Babil, nèk ngerti apa sing saktenané dialami Siswa Alkitab wektu kuwi.

Para sedulur sing setya ing antarané taun 1914 lan 1918 ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil

6, 7. (a) Tantangan apa waé sing dialami Siswa-Siswa Alkitab saksuwéné Perang Donya I? (b) Apa buktiné nèk Siswa-Siswa Alkitab semangat nginjil?

6 Malah, senajan ana tantangan, para Siswa Alkitab tetep mempeng nginjil saksuwéné Perang Donya I. Tantangan sing sepisan, Siswa Alkitab durung ngerti carané nginjil nganggo Alkitab, merga biyasané mung ngedumké buku lan ora njelaské isiné. Mula, wektu buku The Finished Mystery dilarang karo pamréntah ing wiwitané taun 1918, para sedulur dadi kangèlan nginjil. Tantangan sing kepindho yaiku mulai ana flu Spanyol, penyakit sing nular lan medèni, sing marahi para sedulur dadi kangèlan kanggo lunga nginjil. Senajan ana tantangan-tantangan kuwi, para Siswa Alkitab tetep nginjil sak isa-isané.

Siswa-Siswa Alkitab kuwi semangat banget (Deloken paragraf 6, 7)

7 Ing taun 1914 para Siswa Alkitab nyetèlké ”Drama-Foto Penciptaan” kanggo luwih saka 9.000.000 wong. Drama kuwi gabungan saka slide gambar, film, lan rekaman swara, sing nyritakké riwayaté manungsa saka jamané Adam nganti pungkasan pamréntahané Yésus. Wektu kuwi durung tau ana drama-foto kaya ngono. Jumlah sing nonton ing taun kuwi luwih akèh timbang jumlahé Seksi Yéhuwah saiki. Ing taun 1916, ana luwih saka 809.000 wong sing mèlu ngumpul ibadah ing Amerika Serikat, lan taun 1918 jumlahé tambah nganti mèh 950.000 wong. Kuwi bukti nèk Siswa-Siswa Alkitab semangat nginjil.

Para sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat mempeng nyepakké wacan Alkitab lan nguwatké kabèh Siswa Alkitab

8. Piyé para sedulur sing nduwé wewenang nguwatké para Siswa Alkitab saksuwéné Perang Donya I?

8 Saksuwéné Perang Donya I, sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat mempeng nyepakké wacan Alkitab lan nguwatké kabèh Siswa Alkitab bèn tetep semangat nginjil. Richard H. Barber, penginjil sing semangat wektu kuwi kandha, ”Para pinituwa wilayah tetep isa nindakké tugasé lan The Watch Tower tetep isa dikirim menyang Kanada senajan dilarang karo pamréntah. Merga dilarang pamréntah, akèh sedulur sing wis ora nduwé buku The Finished Mystery. Aku éntuk tugas kanggo ngirimké marang para sedulur, salinan buku kuwi sing ukurané cilik lan isa dilebokké kanthong. Sedulur Rutherford ngongkon dianakké kebaktian ing dhaérah Amerika Serikat sisih kulon lan ngutus sedulur-sedulur kanggo ceramah lan ngupaya nggedhèkké ati para sedulur.”

ANA SING PERLU DIBENERKÉ

9. (a) Apa sebabé umaté Yéhuwah perlu dibenerké ing antarané taun 1914 lan 1919? (b) Senajan ana sing perlu dibenerké, kuwi dudu alesan kanggo apa?

9 Para Siswa Alkitab ora pati ngerti apa tegesé manut karo pamréntah. (Rm. 13:1) Mula, ana sedulur sing kadhang kala isih ndhukung perang. Contoné, ing 30 Mei 1918, présidhèn Amerika Serikat ngongkon wong-wong ndonga bèn ana katentreman ing donya. Wektu kuwi The Watch Tower uga ngongkon para Siswa Alkitab mèlu-mèlu ndongakké bab sing padha. Ana sing mèlu nyumbang dhuwit kanggo perang, lan ana sing dadi tentara sarta mèlu perang. Ning, senajan ana sing perlu dibenerké, kuwi dudu alesané para sedulur kuwi dadi tawanan ing Babil Gedhé. Malah, para sedulur kuwi sakjané wis arep misah tenan saka kumpulan agama palsu sakdonya wektu Perang Donya I.​—Wacanen Lukas 12:47, 48.

Para Siswa Alkitab ora pati mudheng tegesé tetep nétral. Ning, para Siswa Alkitab ngerti nèk matèni wong kuwi salah

10. Apa buktiné nèk para Siswa Alkitab ngajèni urip?

10 Senajan ora pati mudheng tegesé tetep nétral, para Siswa Alkitab ngerti nèk matèni wong kuwi salah. Mula, senajan ana sing dadi tentara lan mèlu Perang Donya I, para sedulur kuwi ora gelem matèni wong. Sing ora gelem matèni, ditugaské ing barisan perang ngarep dhéwé bèn dipatèni.

11. Piyé tanggepané pamréntah wektu para Siswa Alkitab ora gelem mèlu perang?

11 Sétan ngamuk merga para sedulur tetep setya marang Yéhuwah. Mula, dhèwèké nggawé masalah nganggo dhasar hukum pamréntah. (Ms. 94:20) James Franklin Bell, jéndral saka Pasukan AS, kandha marang Sedulur Rutherford lan Van Amburgh nèk pamréntah arep nggawé peraturan anyar sing isiné hukuman mati kanggo wong-wong sing ora gelem mèlu perang. Sing dimaksud jéndral kuwi yaiku para Siswa Alkitab. Ning, peraturan kuwi ora sida digawé merga dicegah karo présidhèn Amerika Serikat, mula dhèwèké nesu banget lan kandha marang Sedulur Rutherford, ”Titènana! Aku ngerti carané lan bakal nyekel kowé.”

12, 13. (a) Apa sebabé ana wolung sedulur sing suwé dipenjara? (b) Apa merga dipenjara, para sedulur kuwi dadi ora setya marang Yéhuwah? Terangna.

12 Pamréntah akhiré nemokké cara kanggo ngukum para Siswa Alkitab. Sedulur Rutherford lan Van Amburgh, sarta enem sedulur liyané sing dadi wakilé Lembaga Menara Pengawal dicekel. Hakim sing nangani kasus kuwi kandha nèk para sedulur kuwi luwih mbebayani timbang pasukan tentara Jerman. Dhèwèké kandha nèk para sedulur kuwi bakal dianiaya merga wis nggawé nesu pamréntah, pasukan militèr, lan gréja-gréja. [1] (Deloken katrangan ing kaca 32.) Dadi sedulur wolu kuwi dipenjara suwé ing Atlanta, Georgia. Ning, wektu perangé bubar, para sedulur dibébaské lan wis ora ditudhuh manèh.

13 Senajan dipenjara, sedulur wolu mau tetep manut karo hukumé Yéhuwah. Apa buktiné? Para sedulur kuwi nulis surat kanggo présidhèn Amerika Serikat bèn dibébaské saka penjara. Ing surat kuwi, para sedulur kandha nèk Alkitab ora ngéntukké matèni wong. Mula, abdiné Gusti Allah sing ora gelem manut bakal nggawé Gusti Allah ora seneng lan bakal disirnakké. Kuwi alesané wolung sedulur mau ora gelem lan ora bakal matèni wong liya. Cetha nèk para sedulur kuwi kendel tenan lan nduwé tékad kanggo terus manut marang Yéhuwah.

UMATÉ YÉHUWAH AKHIRÉ BÉBAS

14. Terangna saka Alkitab apa sing kelakon ing taun 1914 nganti 1919.

14 Maléakhi 3:1-3 nerangké apa sing dialami para Siswa Alkitab ing antarané taun 1914 lan wiwitané taun 1919. (Wacanen.) Allah Yéhuwah, Sang ”Pangéran”, lan Yésus Kristus, ”Malaékaté prasetyan,” mriksa ”bani Lewi”, sing nggambarké wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Sakwisé dibenerké lan disucèkké karo Yéhuwah, wong-wong kuwi siap nampa tugas sing anyar. Ing taun 1919, Yésus milih ”abdi kang setya lan pinter” kanggo nuntun lan ngarahké kabèh abdiné Yéhuwah. (Mt. 24:45) Umaté Yéhuwah akhiré bébas saka Babil Gedhé, banjur isa sinau luwih akèh bab kersané Yéhuwah lan tresnané marang Yéhuwah dadi saya kuwat. Kuwi berkah sing nyenengké tenan. [2]—Deloken katrangan ing kaca 32.

15. Apa buktiné nèk awaké dhéwé maturnuwun banget merga wis dibébaské saka Babil Gedhé?

15 Awaké dhéwé mesthi maturnuwun banget merga wis dibébaské saka Babil Gedhé. Sétan ora tau isa nyingkirké ibadah sing sejati. Ning, awaké dhéwé perlu ngéling-éling apa tujuané Yéhuwah mbébaské kita. Tujuané yaiku bèn kabèh wong dislametké. (2 Kr. 6:1) Agama palsu isih nguwasani jutaan wong sing tulus atiné. Mula, awaké dhéwé perlu niru para sedulur sing setya lan mbantu wong-wong bébas saka agama palsu.

^ [1] (paragraf 12) Deloken buku Faith on the March, kaca 99, sing digawé karo A. H. Macmillan.

^ [2] (paragraf 14) Pembuwangan wong-wong Yahudi menyang Babil mèh padha karo sing dialami wong-wong Kristen sakwisé ana sing murtad. Ning, awaké dhéwé aja nggolèk-nggolèki dhéwé apa tegesé saben bab ing crita kuwi, merga kuwi dudu gambaran sing padha plek. Contoné, wong Yahudi dadi tawanan suwéné 70 taun, ning wong Kristen dadi tawanan luwih suwé saka kuwi.