Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Nggolèk Pangayomané Yéhuwah?

Apa Panjenengan Nggolèk Pangayomané Yéhuwah?

”Yéhuwah nebus nyawané para abdiné; lan ora ana saka antarané wong-wong kuwi sing nggolèk pangayomané bakal dianggep salah.”​—MS. 34:22, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 49, 32

1. Merga dosa, apa sing dirasakké karo para abdiné Yéhuwah?

RASUL Paulus kandha, ”Wong cilaka aku iki!” (Rm. 7:24) Saiki, akèh abdiné Yéhuwah sing setya uga ngrasakké apa sing dirasakké Rasul Paulus. Apa sebabé? Kita kabèh péngin nyenengké Yéhuwah, ning kadhang gagal merga éntuk warisan dosa lan ora sampurna. Mula, isa waé kita ngrasa sedhih. Malah, ana wong Kristen sing tau nindakké dosa serius ngrasa nèk ora bakal diapura karo Yéhuwah.

2. (a) Nurut Jabur 34:22, apa sebabé para abdiné Yéhuwah ora perlu terus-terusan rumangsa salah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki? (Deloken kothak ” Piwulang Apa Gambaran?”)

2 Nèk wis nggolèk pangayomané Yéhuwah, kita ora perlu terus-terusan rumangsa salah. Alkitab kandha, ”Yéhuwah nebus nyawané para abdiné; lan ora ana saka antarané wong-wong kuwi sing nggolèk pangayomané bakal dianggep salah.” (Ms. 34:22, NW) Apa maksudé nggolèk pangayomané Yéhuwah? Apa sing kudu ditindakké nèk péngin diapura Yéhuwah? Kita isa ngerti jawabané nèk sinau saka pengaturan kutha perlindhungan sing ana ing prajanjian Hukum. Senajan wis ora digunakké manèh wiwit Péntakosta taun 33 M, prajanjian kuwi asalé saka Yéhuwah. Mula, saka pengaturan kutha perlindhungan, kita isa ngerti pandhangané Yéhuwah bab dosa, wong sing nindakké dosa, lan wong sing mertobat. Ayo dirembug tujuan lan carané kutha perlindhungan digunakké.

MILIH KUTHA PERLINDHUNGAN

3. Ing jamané bangsa Israèl, apa sing kudu ditindakké nèk ana sing matèni wong liya?

3 Yéhuwah nganggep serius nèk ana wong Israèl sing matèni wong liya. Wong sing matèni kuwi kudu nebus salahé nganggo nyawané. Mula, sedulur lanang sing paling cedhak saka wong sing dipatèni kuwi, sing disebut ”waris pulih getih”, kudu matèni wong Israèl mau. (Wi. 35:19) Nèk wong sing matèni kuwi ora ndang diukum, Tanah Prajanjian bakal dadi ora suci manèh. Yéhuwah ngendika nèk wong Israèl aja ’gawé regedé tanah sing dienggoni’ nganggo cara matèni wong liya.​—Wi. 35:33, 34, Basa Jawi Padintenan (BJP).

4. Apa sing isa ditindakké wong Israèl nèk ora sengaja matèni wong liya?

4 Ning, piyé nèk ana wong Israèl sing ora sengaja matèni wong liya? Senajan ora sengaja, wong sing matèni kuwi mesthi rumangsa salah. (Pd. 9:5) Ning, Yéhuwah tetep nduduhké welas asih. Wong sing ora sengaja matèni mau isa mlayu menyang salah siji saka enem kutha perlindhungan bèn ora dipatèni karo ”waris pulih getih”. Wektu manggon ing kutha kuwi, dhèwèké bakal diayomi. Ning, wong kuwi kudu tetep manggon ing kono nganti imam agungé mati.​—Wi. 35:15, 28.

5. Apa sebabé pengaturan kutha perlindhungan isa mbantu kita luwih ngerti pandhangané Yéhuwah?

5 Pengaturan kutha perlindhungan kuwi sing nggawé Yéhuwah dhéwé, dudu manungsa. Yéhuwah ngendika marang Yusak, ”Sira kandhaa marang wong Israel mangkéné: Padha nemtokna kutha pangungsèn [”kutha perlindhungan”, NW].” Kutha-kutha kuwi dadi kutha sing suci. (Ys. 20:1, 2, 7, 8) Yéhuwah mutuské nèk kutha-kutha kuwi kuduné dikususké. Mula, saka pengaturan kuwi, kita isa sinau akèh bab Yéhuwah. Contoné, pengaturan kuwi mbantu kita luwih ngerti bab welas asihé Yéhuwah lan mulang kita carané nggolèk pangayomané Yéhuwah.

KUDU ’NGATURKÉ PRAKARANÉ’ MARANG TUWA-TUWA

6, 7. (a) Terangna tugasé tuwa-tuwa kanggo ngakimi wong sing ora sengaja matèni. (Deloken gambar ing kaca 9.) (b) Apa sebabé wong sing ora sengaja matèni mau kudu ngomong karo tuwa-tuwa?

6 Nèk ana wong Israèl sing ora sengaja matèni wong liya, dhèwèké kudu mlayu menyang kutha perlindhungan lan ’ngaturké prakarané’ marang tuwa-tuwa ing gapurané kutha. Tuwa-tuwa kuwi kudu nampa wong mau. (Ys. 20:4) Bar kuwi, wong sing salah mau kudu dibalèkké dhisik marang tuwa-tuwa ing kutha panggonan dhèwèké matèni mau lan dihakimi ing kono. (Wacanen Wilangan 35:24, 25.) Nèk tuwa-tuwa ing kutha kuwi mutuské wong mau ora sengaja matèni, dhèwèké bakal dibalèkké manèh ing kutha perlindhungan.

7 Apa sebabé wong sing salah mau kudu ngomong karo tuwa-tuwa? Bèn tuwa-tuwa isa njaga jemaat Israèl tetep resik lan isa mbantu wong mau éntuk welas asihé Yéhuwah. Salah siji ahli Alkitab kandha nèk wong sing salah mau ora gelem nindakké kuwi, wong kuwi kudu nanggung dhéwé akibaté. Dhèwèké isa waé dipatèni merga ora manut prentahé Gusti Allah. Wong sing ora sengaja matèni kudu nggolèk lan nampa bantuan bèn isa tetep urip. Nèk wong kuwi ora mlayu menyang kutha perlindhungan, sedulur lanang sing paling cedhak saka wong sing dipatèni mau nduwé hak kanggo matèni wong kuwi.

8, 9. Apa sebabé wong Kristen sing nindakké dosa serius kudu ngomong karo para pinituwa?

8 Saiki, nèk ana wong Kristen sing nindakké dosa serius, dhèwèké kudu njaluk bantuané para pinituwa bèn isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah. Apa sebabé kuwi penting? Kapisan, para pinituwa ditugasi karo Yéhuwah kanggo nangani dosa serius. (Yb. 5:14-16) Kapindho, para pinituwa isa mbantu wong kuwi nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah lan bèn ora nindakké dosa kuwi manèh. (Gl. 6:1; Ib. 12:11) Katelu, para pinituwa ditugasi lan dilatih kanggo mbantu wong sing mertobat bèn ora terus-terusan rumangsa salah. Yéhuwah nyebut para pinituwa kuwi ”papan pangayoman samangsa ana prahara”. (Yé. 32:1, 2) Pengaturan kuwi bukti welas asihé Yéhuwah.

9 Akèh abdiné Yéhuwah sing ngrasa lega sakwisé ngomong karo para pinituwa lan éntuk bantuané. Contoné yaiku Daniel, sing nganti pirang-pirang sasi ora ngomong karo para pinituwa nèk wis nindakké dosa serius. Daniel kandha, ”Aku mikir nèk wis telat njaluk bantuané para pinituwa.” Ning, Daniel tetep wedi nèk dosané konangan lan dhèwèké rumangsa kudu njaluk ngapura saben arep ndonga. Akiré, dhèwèké njaluk bantuané para pinituwa. Daniel kandha, ”Pancèn aku wedi wektu arep nemoni para pinituwa. Ning sakwisé kuwi, sing tak rasakké kaya ana wong sing ngangkat beban saka pundhakku.” Saiki, Daniel ngrasa nèk ora ana manèh sing ngalang-alangi wektu ndonga sarta nduwé hati nurani sing resik. Lan durung suwé iki dhèwèké dadi abdiné jemaat.

KUDU MLAYU MENYANG SALAH SIJI KUTHA PERLINDHUNGAN

10. Bèn isa diapura, apa sing kudu ditindakké karo wong sing ora sengaja matèni?

10 Wong sing ora sengaja matèni kudu mlayu menyang kutha perlindhungan sing paling cedhak bèn isa diapura. (Wacanen Yusak 20:4.) Wong kuwi isa tetep urip nèk manggon ing kutha perlindhungan lan tetep ana ing kono nganti imam agung mati. Senajan kudu ninggalké gawéan, omah sing nyaman, lan kebébasan kanggo dolan-dolan, kuwi ana paédahé kanggo wong mau. * (Deloken katrangan ing ngisor.) (Wi. 35:25) Nèk ninggalké kutha perlindhungan, kuwi bukti nèk wong mau ora perduli wis matèni wong liya lan kuwi bahaya kanggo nyawané.

11. Apa buktiné nèk kita ngajèni welas asihé Yéhuwah?

11 Saiki, wong sing mertobat uga kudu nindakké sing padha bèn isa diapura karo Yéhuwah. Dhèwèké kudu mandheg nindakké dosa. Kuwi klebu ngedohi apa waé sing isa nggawé dhèwèké nindakké dosa serius manèh. Rasul Paulus nyritakké apa sing ditindakké wong-wong sing mertobat ing Korintus. Paulus kandha, ”Kasedhihan kang nyondongi karsaning Allah iku malah marakaké kowé padha temen banget, malah nuwuhaké panjawab, gela, wedi, kasregepan, pamelèh!” (2 Kr. 7:10, 11) Dadi, nèk kita ora nindakké dosa manèh, kuwi nduduhké marang Yéhuwah nèk kita ora nggampangké dosa kita lan ora nganggep nèk kita wis mesthi diapura karo Yéhuwah.

12. Apa sing perlu kita kurbanké bèn isa terus nampa welas asihé Yéhuwah?

12 Kita kudu lila ngurbanké apa waé sing kita senengi bèn ora nindakké dosa manèh lan isa terus nampa welas asihé Yéhuwah. (Mt. 18:8, 9) Contoné, nèk nduwé kanca-kanca sing mènèhi pengaruh èlèk, apa panjenengan gelem mandheg srawung karo wong-wong kuwi? Nèk ora isa ngendhalèni sepira akèhé ngombé alkohol, apa panjenengan gelem ngedohi kahanan sing isa marahi kegodha kanggo mendem? Nèk kangèlan ngendhalèni nafsu sèksual sing bejat, apa panjenengan gelem ngedohi film, situs wèb, utawa kagiyatan sing isa marahi pikiran dadi ngeres? Élinga nèk pangurbanan apa waé sing kita gawé kanggo Yéhuwah mesthi ana paédahé. Sedhih banget rasané nèk Yéhuwah ninggalké kita, ning seneng banget rasané nèk isa ngrasakké ’sih-susetyané [Yéhuwah] kang langgeng’.​—Yé. 54:7, 8.

KUTHA PERLINDHUNGAN BAKAL NGLINDHUNGI PANJENENGAN

13. Terangna apa sebabé wong sing nindakké salah isa ngrasa aman, ayem, lan bungah wektu ana ing kutha perlindhungan.

13 Yéhuwah ngendika nèk kutha perlindhungan kuwi isa nglindhungi wong sing ora sengaja matèni. (Ys. 20:2, 3) Nèk wis manggon ing kutha perlindhungan, Yéhuwah ora nuntut wong sing nindakké salah dihakimi manèh lan ”waris pulih getih” ora diéntukké mlebu ing kutha kuwi kanggo matèni wong mau. Dadi, wong sing nindakké salah isa ngrasa aman ing pangayomané Yéhuwah. Ing kutha perlindhungan, wong sing ora sengaja matèni ora dipenjara ning isa nyambut gawé, mbantu wong liya, lan ngabdi marang Yéhuwah kanthi ayem tentrem. Dhèwèké isa ngrasakké bungah lan marem.

Panjenengan isa percaya nèk Yéhuwah bakal ngapurani panjenengan (Deloken paragraf 14-16)

14. Wong sing wis mertobat isa yakin bab apa?

14 Ana abdiné Yéhuwah sing wis tau nindakké dosa serius isih terus rumangsa salah senajan wis mertobat. Malah, ana sing ngrasa nèk Yéhuwah ora bakal ngapurani kesalahané. Nèk panjenengan ngrasa kaya ngono, élinga nèk Yéhuwah kuwi ngapurani kanthi tuntas. Panjenengan ora perlu terus-terusan rumangsa salah. Kaya sedulur Daniel sing dicritakké mau, sakwisé para pinituwa nangani masalahé, lan mbantu dhèwèké nduwé hati nurani sing resik manèh, Daniel kandha, ”Aku ora terus-terusan rumangsa salah merga dosaku wis diapura tenan. Yéhuwah ngendika nèk bakal mbuwang dosa sak adoh-adohé. Awaké dhéwé ora bakal ngéling-éling kuwi manèh.” Sakwisé manggon ing kutha perlindhungan, wong sing nindakké salah ora perlu wedi nèk bakal dipatèni karo ”waris pulih getih”. Semono uga, nèk Yéhuwah wis ngapurani, kita ora perlu wedi nèk Yéhuwah bakal ngéling-éling dosa kita manèh utawa ngukum kita.​—Wacanen Jabur 103:8-12.

15, 16. Apa sebabé kita isa percaya karo welas asihé Yéhuwah?

15 Kita nduwé alesan luwih akèh kanggo percaya bab welas asihé Yéhuwah timbang bangsa Israèl. Sakwisé Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing ”cilaka” merga ora isa nindakké kabèh kersané Yéhuwah, dhèwèké kandha, ”Pinujia Gusti Allah lantaran Gusti Yésus Kristus.” (Rm. 7:25-26, BJP) Apa maksudé kuwi? Rasul Paulus isih kudu nglawan kepénginané sing salah. Dhèwèké uga isih terus rumangsa salah merga dosané mbiyèn senajan wis mertobat. Ning, Paulus percaya nèk Yéhuwah bakal ngapurani dhèwèké liwat korban tebusané Yésus. Merga tebusané Yésus, kita isa nduwé hati nurani sing resik lan urip ayem tentrem. (Ib. 9:13, 14) Yésus, sing dadi Imam Agung, ’saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakèhing wong kang sowan ing ngarsané Gusti Allah lumantar panjenengané. Jalaran panjenengané gesang ing salawasé prelu jumeneng dadi pantarané wong-wong mau’. (Ib. 7:24, 25) Jaman mbiyèn, imam agung mbantu bangsa Israèl bèn yakin nèk Yéhuwah bakal ngapurani dosané. Semono uga saiki, merga Yésus wis dadi Imam Agung, kita isa luwih yakin nèk ”bakal nampa kawelasan, sarta olèh sih-rahmat ing wektuné”.​—Ib. 4:15, 16, BJP.

16 Kanggo nggolèk pangayomané Yéhuwah, kita kudu nduwé iman marang tebusané Yésus. Aja nganggep nèk tebusan kuwi mung kanggo wong-wong umumé. Ning, percayaa nèk tebusan kuwi kanggo panjenengan. (Gl. 2:20, 21) Percayaa nèk Yéhuwah ngapurani dosa panjenengan liwat tebusané Yésus. Percayaa nèk merga tebusan, panjenengan nduwé pangarep-arep urip saklawasé. Tebusané Yésus kuwi hadiah saka Yéhuwah kanggo panjenengan.

17. Apa sebabé panjenengan péngin nggolèk pangayomané Yéhuwah?

17 Saka pengaturan kutha perlindhungan kita isa ngerti bab welas asihé Yéhuwah, carané para pinituwa isa mbantu kita, apa tegesé tenanan mertobat, lan apa sebabé kita isa yakin tenan nèk Yéhuwah wis ngapurani kita. Sakliyané kuwi, kita uga ngerti nèk urip kuwi suci. Muga-muga panjenengan terus nggolèk pangayomané Yéhuwah, merga kuwi panggonan sing paling aman. (Ms. 91:1, 2) Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug piyé pengaturan kutha perlindhungan isa mbantu kita niru kaadilan lan welas asihé Yéhuwah.

^ par. 10 Nurut sarjana Yahudi, kayané keluarga cedhak saka wong sing ora sengaja matèni padha teka lan manggon bareng ing kutha perlindhungan.