Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nolak Cara Mikiré Donya

Nolak Cara Mikiré Donya

”Padha ngati-ati aja nganti ana sing nawan kowé nganggo filsafat lan piwulang palsu sing tanpa isi . . . saka donya.”​—KL. 2:8, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 23, 26

1. Apa isi suraté rasul Paulus kanggo wong-wong Kristen ing Kolosé? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

RASUL Paulus nulis surat kanggo wong-wong Kristen ing Kolosé wektu dhèwèké dipenjara ing Roma kira-kira taun 60-61 M. Paulus ngandhani apa sebabé wong-wong ing kono kudu nduwé ”pemahaman rohani”, yaiku nduwèni pandhangané Yéhuwah ing kabèh bab. (Kl. 1:9, NW) Paulus kandha, ”Iki tak kandhakké marang kowé supaya aja nganti ana wong sing ngapusi kowé nganggo tembung-tembung sing mblasukké. Padha ngati-ati aja nganti ana sing nawan kowé nganggo filsafat lan piwulang palsu sing tanpa isi nurut tradhisiné manungsa, nurut ajaran-ajaran saka donya lan ora nurut Kristus.” (Kl. 2:4, 8, NW) Banjur, Paulus nerangké apa sebabé ana pandhangan umum sing sakjané salah ning malah disenengi wong akèh. Contoné, ana pandhangan sing isa waé nggawé wong ngrasa luwih wicaksana utawa luwih apik timbang wong liya. Mula, Paulus nulis surat kuwi kanggo mbantu para sedulur bèn ngedohi cara mikiré donya lan nolak tumindak sing salah.​—Kl. 2:16, 17, 23.

2. Apa paédahé ngrembug conto-conto cara mikiré donya?

2 Wong-wong sing nduwé cara mikiré donya sakjané ora manut karo pathokané Yéhuwah. Nèk ora ngati-ati, cara mikir kaya ngono isa ngikis iman kita. Saben dina kita isa kena pengaruh saka cara mikiré donya liwat TV lan internèt uga ing gawéan utawa sekolah. Apa sing isa ditindakké bèn ora kena pengaruhé? Ing artikel iki, kita bakal ngrembug limang conto saka cara mikiré donya lan piyé carané kita isa nolak kuwi.

APA KITA KUDU PERCAYA KARO GUSTI ALLAH?

3. Akèh wong saiki nduwé pandhangan apa? Apa sebabé?

3 ”Aku isa dadi wong apik senajan ora percaya karo Gusti Allah.” Iki pandhangan umum ing akèh negara saiki. Wong-wong sing kandha kaya ngono isa waé ora nggagas nèk Gusti Allah kuwi ana, sing penting isa bébas nindakké apa sing dipéngini. (Wacanen Jabur 10:4.) Liyané mikir nèk dhèwèké isa kétok pinter nèk kandha, ”Aku isa nduwé pedhoman urip sing apik senajan ora percaya karo Gusti Allah.”

4. Piyé carané mbantu wong sing ora percaya nèk ana sing nggawé jagad sak isiné?

4 Apa masuk akal kanggo percaya nèk ora ana sing nggawé jagad sak isiné? Wektu nggolèki jawabané saka ilmu pengetahuan ana wong sing bingung. Ning, jawabané Alkitab gampang dingertèni. Nèk omah waé perlu ana sing mbangun, apa manèh makhluk hidup sing rancangané luwih njlimet. Wektu tangan kita lukak, kuwi isa mari dhéwé. Ning, omah sing atapé rusak ora isa ndandani dhéwé. Kuwi mbuktèkké nèk ana sing nggawé jagad sak isiné. Alkitab kandha, ”Saben omah digawé déning sawijining ahli gawé omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabèh iku Gusti Allah.”​—Ib. 3:4.

5. Piyé carané mbantu wong sing nduwé pandhangan nèk isa nemtokké dhéwé endi sing apik tanpa perlu percaya karo Gusti Allah?

5 Piyé carané mbantu wong sing nduwé pandhangan nèk isa nemtokké dhéwé endi sing apik tanpa perlu percaya karo Gusti Allah? Pancèn Alkitab kandha nèk ana wong sing nduwé pedhoman urip sing apik senajan ora percaya karo Gusti Allah. (Rm. 2:14, 15) Contoné, ana sing ngajèni lan nresnani wong tuwané. Ning, nèk ora manut karo pathokané Yéhuwah, isa waé dhèwèké nggawé keputusan sing salah. (Yé. 33:22) Saiki, akèh wong sing pinter percaya nèk kita perlu bantuané Gusti Allah kanggo ngrampungi masalah ing donya iki. (Wacanen Yérémia 10:23.) Mula, aja nganti kita mikir nèk isa nemtokké dhéwé endi sing apik tanpa perlu percaya karo Gusti Allah lan manut karo pathokané.​—Ms. 146:3.

APA KITA BUTUH AGAMA?

6. Piyé pandhangané akèh wong bab agama?

6 ”Uripmu isa seneng nèk ora nduwé agama.” Akèh wong mikir nèk agama kuwi ketinggalan jaman lan ora ana gunané. Akèh agama uga ndhukung politik, mulangké bab neraka, utawa meksa wong kanggo nyumbangké dhuwité. Mulané, lumrah nèk saya akèh wong kandha uripé isa seneng nèk ora nduwé agama. Malah, ana sing kandha, ”Aku percaya karo Gusti Allah, ning aku emoh nèk nduwé agama.”

7. Apa sebabé urip kita isa seneng merga dadi bagéan saka ibadah sejati?

7 Apa urip kita isa seneng nèk ora nduwé agama? Nèk dadi bagéan saka agama palsu urip kita ora isa seneng, ning urip kita bakal seneng tenan nèk isa kekancan akrab karo Yéhuwah, ”Gusti Allah sing bungah”. (1 Tm. 1:11, NW) Kabèh sing ditindakké Yéhuwah ana paédahé kanggo liyané. Para abdiné Yéhuwah uga isa seneng merga ngupaya mbantu wong liya. (PR. 20:35) Contoné, ing ibadah sejati kita diwulang bèn isa nduwé keluarga sing ayem tentrem. Kita sinau carané ngajèni lan setya karo bojo, ndhidhik anak-anak bèn manut, lan nduduhké katresnan sing sejati. Hasilé, kita isa ngrasakké karukunan ing jemaat lan isa nresnani siji lan sijiné.​—Wacanen Yésaya 65:13, 14.

8. Nurut Lukas 11:28, apa sing isa nggawé urip kita seneng?

8 Apa urip kita isa seneng tenan nèk ora ngibadah marang Gusti Allah? Apa sing nggawé wong-wong bungah? Ana sing nganggep nèk gawéan, olahraga, utawa hobi isa nggawé urip dadi seneng. Liyané ngrasakké seneng nèk isa mbantu keluarga lan kanca. Ning, urip kita isa bener-bener seneng ora mung merga saka bab-bab kuwi. Béda karo kéwan, manungsa dirancang isa urip seneng nèk kenal lan ngibadah marang Gusti Allah. (Wacanen Lukas 11:28.) Contoné, kita ngrasakké seneng lan dikuwatké wektu ngibadah bebarengan karo para sedulur. (Ms. 133:1) Kita uga bungah merga dadi bagéan saka paseduluran sakdonya, nduwé moral sing apik, lan nduwé pangarep-arep sing nyenengké.

APA KITA BUTUH PATHOKAN BAB MORAL?

9. (a) Apa pandhangan umum bab sèks? (b) Apa sebabé Yéhuwah nglarang hubungan sèks sakdurungé nikah?

9 ”Apa salahé nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah?” Ana sing kandha, ”Kowé kok anèh banget? Urip kuwi dinikmati waé.” Ning, Yéhuwah nglarang hubungan sèks sing ora sah. * (Deloken katrangan ing ngisor.) (Wacanen 1 Tésalonika 4:3-8.) Yéhuwah nduwé hak kanggo nggawé hukum merga Yéhuwah sing nggawé kita. Yéhuwah ngendika nèk hubungan sèks mung isa ditindakké karo wong lanang lan wédok sing dadi bojoné. Préntah kuwi bukti nèk Yéhuwah nresnani kita lan péngin urip kita kepénak. Keluarga sing manut hukumé Yéhuwah bakal ayem tentrem. Ning, Yéhuwah bakal ngukum wong sing sengaja ora nindakké hukumé.​—Ib. 13:4.

10. Piyé wong Kristen isa ngedohi hubungan sèks sing ora sah?

10 Alkitab mulang kita kanggo ngedohi hubungan sèks sing ora sah. Kita kudu njaga apa sing kita delok. Yésus kandha, ”Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduwèni krenteg marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné. Mulané manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen.” (Mt. 5:28, 29) Mula, kita kudu ngedohi pornografi lan musik sing bejat. Paulus kandha, ”Padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina.” (Kl. 3:5) Kita uga perlu njaga apa sing kita pikirké lan omongké.—Éf. 5:3-5.

APA KITA KUDU NGOYAK JABATAN SING DHUWUR?

11. Apa sebabé kita isa waé kepéngin nduwé jabatan sing dhuwur?

11 ”Jabatan sing dhuwur isa nggawé kowé seneng.” Wong-wong isa waé ngojok-ojoki kita nggunakké wektu lan tenaga kanggo ngoyak jabatan sing dhuwur, kususé sing isa nggawé kita kondhang, nduwé kuwasa, utawa sugih. Kita isa waé mulai nganggep nèk jabatan sing dhuwur isa marahi seneng, merga saiki akèh wong sing mikir kaya ngono.

12. Apa jabatan sing dhuwur isa marahi panjenengan seneng?

12 Apa pancèn bener kita isa seneng nèk nduwé jabatan sing nggawé kita kondhang lan nduwé kuwasa? Ora. Sétan péngin nduwé kuwasa lan kondhang. Dhèwèké suksès éntuk kuwi kabèh, ning malah nesu lan ora bungah. (Mt. 4:8, 9; Wy. 12:12) Kosok balèné, kita ngrasakké bungah wektu mbantu wong liya sinau bab Gusti Allah lan janjiné. Ora ana gawéan liya sing isa mènèhi kabungahan kaya ngono. Wong-wong sing ngupaya kanggo nduwé jabatan sing dhuwur, biyasané kerep mèri, saingan, lan mungsuhan. Senajan ngono, wong-wong kuwi tetep ora isa ngrasakké bungah. Alkitab kandha nèk wong-wong mau ”mburu angin”.​—Ko. 4:4.

13. (a) Piyé kuduné pandhangan kita bab gawéan? (b) Apa sing nggawé Paulus bungah tenan?

13 Kita pancèn kudu nyukupi kebutuhan urip saben dina lan ora salah nèk milih gawéan sing disenengi. Ning, kita aja ngutamakké gawéan. Yésus kandha, ”Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon [Bandha].” (Mt. 6:24) Ngabdi marang Yéhuwah lan mulangké Alkitab marang wong liya bakal nggawé kita ngrasakké kabungahan sing sejati. Wektu rasul Paulus isih enom, dhèwèké ngoyak jabatan sing dhuwur. Ning, dhèwèké isa bungah tenan wektu ndelok wong-wong sing dikabari isa ngowahi uripé merga sinau Alkitab. (Wacanen 1 Tésalonika 2:13, 19, 20.) Ora ana gawéan liya sing isa marahi bungah kaya ngono.

Kita seneng wektu mulang wong liya bab Yéhuwah (Deloken paragraf 12, 13)

APA MANUNGSA ISA NGRAMPUNGI MASALAH ING DONYA?

14. Apa sebabé akèh sing setuju nèk manungsa isa ngatasi masalahé dhéwé?

14 ”Manungsa isa ngatasi masalahé dhéwé.” Akèh sing setuju karo pandhangan kuwi. Nèk kuwi bener, tegesé kita ora butuh tuntunané Gusti Allah lan kita isa nindakké apa waé sing kita senengi. Mbokmenawa panjenengan wis tau krungu wong sing kandha nèk perang, kejahatan, penyakit, lan kemiskinan dadi saya suda. Ana laporan sing kandha, ”Kahanan manungsa saiki dadi luwih apik merga manungsa ngupaya nggawé donya iki dadi panggonan sing luwih kepénak.” Apa kuwi bener? Apa manungsa wis ngerti carané ngrampungi masalah-masalah ing donya? Ayo dirembug bukti-buktiné.

15. Apa buktiné nèk ana akèh masalah serius ing donya iki?

15 Apa manungsa wis isa ngatasi perang? Saksuwéné Perang Donya I lan II, luwih saka 60 yuta wong mati. Ing taun 2015 waé, ana 12,4 yuta wong ngungsi merga dianiaya utawa perang. Jumlah total wong-wong sing kélangan omahé yaiku 65 yuta. Piyé bab kejahatan? Senajan ana dhaérah-dhaérah sing kahanané dadi luwih aman, kejahatan kaya cybercrime, kekerasan dalam rumah tangga, térorisme, lan korupsi dadi saya akèh. Piyé bab penyakit? Pancèn ana penyakit sing wis ditemokké obaté. Ning, taun 2013 ana laporan sing kandha nèk saben taun ana sangang yuta wong sing umuré kurang saka 60 taun mati merga lara jantung, paru-paru, stroke, kanker, lan diabetes. Lan piyé bab kemiskinan? Bank Dunia nglaporké nèk cacahé wong sing mlarat ing Afrika saya mundhak saka 280 yuta ing taun 1990 dadi 330 yuta ing taun 2012.

16. (a) Apa sebabé mung Kratoné Allah sing isa ngrampungi masalah ing donya iki? (b) Nurut buku Yésaya lan Jabur, apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah?

16 Saiki, organisasi politik lan ékonomi dikuwasani karo wong-wong sing ngutamakké kepentingané dhéwé. Wong-wong kuwi ora isa ngatasi perang, kejahatan, penyakit, lan kemiskinan. Mung Kratoné Allah sing isa nindakké kuwi. Kratoné Allah bakal nyirnakké kabèh sing nyebabké perang. Contoné, sipat égois, korupsi, patriotisme, agama palsu, lan Sétan. (Ms. 46:9, 10) Kratoné Allah bakal nyirnakké kejahatan. Nganti saiki, Kratoné Gusti Allah wis mulang jutaan wong bèn nresnani lan percaya marang siji lan sijiné. Kuwi ora isa ditindakké karo pamréntahan liyané. (Yé. 11:9) Yéhuwah bakal nyingkirké penyakit lan nggawé kabèh wong dadi séhat. (Yé. 35:5, 6) Kemiskinan uga bakal disingkirké lan wong-wong isa urip seneng sarta nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Kuwi kabèh luwih aji timbang bandha.​—Ms. 72:12, 13.

’SUMURUP KAPRIYÉ ANGGONMU BAKAL MANGSULI’

17. Piyé carané nolak cara mikiré donya?

17 Dadi, nèk krungu pandhangan umum saka donya sing isa nggoyahké iman, golèka katrangan saka Alkitab bab kuwi. Rembugen karo para sedulur sing nduwé akèh pengalaman. Gatèkna apa sebabé wong-wong seneng karo pandhangan kuwi, apa sebabé kuwi salah, lan piyé carané nolak kuwi. Bèn ora kena pengaruh saka cara mikiré donya, kita perlu nindakké apa sing dikandhakké Paulus, ’Tumindaka kanthi sakèhing kawicaksanan tumrap wong jaba, sumurup kapriyé anggonmu bakal mangsuli pitakoné saben wong.’​—Kl. 4:5, 6.

^ par. 9 Akèh sing sakwisé maca Yokanan 7:53–8:11 nduwé kesimpulan sing salah nèk sing isa ngakimi wong sing nindakké laku jina yaiku mung wong sing ora nduwé dosa. Ning, akèh sing ora ngerti nèk ayat-ayat kuwi sakjané dudu bagéan saka Alkitab. Mula, ayat-ayat kuwi ora ana ing Terjemahan Dunia Baru èdhisi rèvisi. Yéhuwah mréntahké bangsa Israèl, ”Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwé bojo, karo-karoné padha kaukuma pati.”​—PT. 22:22.