Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nyanyia kanthi Bungah

Nyanyia kanthi Bungah

”Sanyata becik ngidungaké masmur marang Allah kita.”​—MS. 147:1.

LAGU: 9, 138

1. Apa sebabé nyanyi kuwi penting?

ANA penulis lagu sing kondhang tau kandha, ”Tembung-tembung isa nggawé kita mikir. Musik isa nggawé kita ngrasakké. Ning, lagu isa nggawé kita ngrasakké apa sing dipikirké.” Kita isa nduduhké katresnan marang Yéhuwah lan muji Yéhuwah liwat lagu-lagu kerajaan. Kuwi isa nggawé kita ngrasa luwih cedhak marang Yéhuwah. Mula, nyanyi bebarengan karo para sedulur utawa wektu dhèwèkan, kuwi dadi bagéan sing penting ing ibadah sejati.

2, 3. (a) Ana sing nduwé pandhangan apa bab nyanyi nganggo swara sing banter ing jemaat? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ning, piyé pandhangan panjenengan bab nyanyi nganggo swara sing banter ing jemaat? Apa panjenengan isin? Ana kabudayan sing nganggep nèk nyanyi ing ngarepé wong akèh kuwi ora lumrah. Sikap kuwi isa mènèhi pengaruh sing ora apik kanggo jemaat, kususé nèk wektu nyanyi para pinituwa rumangsa ragu-ragu utawa sibuk nindakké kagiyatan liya.​—Ms. 30:13.

3 Nyanyi kuwi dadi bagéan saka ibadah sejati. Mula, wektu ngibadah kita péngin mèlu nyanyi nganti rampung. Kita isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Piyé pandhanganku bab nyanyi wektu ngibadah? Apa sing isa tak tindakké nèk aku ragu-ragu wektu nyanyi ing jemaat? Lan piyé carané aku isa nyanyi nganggo perasaan?’

NYANYI KUWI BAGÉAN SING PALING PENTING ING IBADAH

4, 5. Pengaturan apa sing digawé ing jamané bangsa Israèl bab nyanyi ing bait?

4 Wiwit mbiyèn, para abdiné Yéhuwah nggunakké musik kanggo muji Yéhuwah. Bangsa Israèl nganggep nèk nyanyi kuwi dadi bagéan sing penting ing ibadah marang Yéhuwah. Contoné, wektu nggawé persiapan kanggo bait, Dawud ngatur 4.000 wong Lèwi kanggo muji Yéhuwah nggunakké musik. Saka antarané wong-wong kuwi, ana 288 wong sing ”kagladhi ngidung kagem Pangéran Yéhuwah — kabèh iku padha ahli seni”.​—1 Bb. 23:5; 25:7.

5 Wektu penahbisan bait, nyanyi nganggo musik uga dadi bagéan sing penting. Alkitab kandha, ’Para juru ngunèkaké kalasangka lan para juru ngidung bebarengan ngidungaké pepujian lan ngrepèkaké kidung panuwun konjuk marang Yéhuwah. Padha ngulukaké swarané binarung ing swaraning kalasangka, kecèr lan unèn-unèn liyané kalawan memuji Yéhuwah, kamulyaning Yéhuwah ngebeki padalemaning Allah.’ Imané wong-wong Israèl mesthi dikuwatké banget wektu kuwi.​—2 Bb. 5:13, 14; 7:6.

6. Wektu dadi gubernur ing Yérusalèm, Néhémya nggawé pengaturan apa bab nyanyi lan main musik?

6 Wektu ngatur bangsa Israèl kanggo mbangun manèh témbok Yérusalèm, Néhémya uga ngatur wong-wong Lèwi kanggo nyanyi lan main musik. Kuwi nggawé penahbisan témbok mau dadi luwih nyenengké. Néhémya milih ”juru ngidung rong golongan gedhé”, sing mlaku ing ndhuwuré témbok kutha. Sing siji mlaku menengen lan sing sijiné mlaku mengiwa nganti akiré ketemu ing cedhak bait. Swara saka rong golongan kuwi banter banget nganti krungu saka kadohan. (Ny. 12:27, 28, 31, 38, 40, 43) Yéhuwah mesthi bungah wektu krungu para abdiné nyanyi kanthi semangat kanggo muji Yéhuwah.

7. Apa buktiné nèk Yésus nganggep nyanyi kuwi dadi bagéan sing paling penting saka ibadah?

7 Ing jamané Yésus, musik tetep dadi bagéan sing paling penting saka ibadah sejati. Contoné, gatèkna apa sing kelakon ing dina sing paling penting, yaiku wektu Perjamuan Dalu Gusti. Ing pungkasané acara kuwi, Yésus lan para muridé nyanyi kanggo muji Yéhuwah.​—Wacanen Matéus 26:30.

8. Apa tuladhané wong-wong Kristen ing abad kapisan bab nyanyi kanggo muji Yéhuwah?

8 Wong-wong Kristen ing abad kapisan dadi tuladha bab nyanyi kanggo muji Yéhuwah. Wong-wong kuwi ngibadah ing omah-omah, ora kaya bangsa Israèl sing ngibadah ing bait sing éndah. Senajan ngono, wong-wong kuwi tetep nyanyi kanthi semangat. Rasul Paulus kandha, ”Terusa mulang lan nguwatké siji lan sijiné nggunakké masmur, kidung pujian kanggo Gusti Allah, lagu-lagu rohani sing dinyanyèkké kanthi rasa sokur, nyanyia ing sajroning atimu kanggo Yéhuwah.” (Kl. 3:16, Terjemahan Dunia Baru) Mula, lagu-lagu ing buku nyanyian kudu ”dinyanyèkké kanthi rasa sokur”, merga kuwi dadi bagéan saka ’pangan ing wektu kang katamtokake’ saka ”abdi kang setya lan pinter” kanggo kita.​—Mt. 24:45.

CARANE BÉN ISA NYANYI TANPA RAGU-RAGU

9. (a) Apa waé sing isa nggawé kita ragu-ragu wektu nyanyi ing pakumpulan ibadah lan kebaktian? (b) Apa sing kudu ditindakké wektu nyanyi ing pakumpulan ibadah lan sapa sing kuduné dadi conto ing bab iki? (Deloken gambar ing kaca 3.)

9 Apa waé sing isa nggawé kita ragu-ragu wektu nyanyi? Mbokmenawa nyanyi kuwi ora lumrah ing keluarga utawa kabudayané kita. Sakliyané kuwi, kita isa waé isin merga mbandhingké swara kita karo swarané para penyanyi ing TV utawa radhio. Ning, kita kabèh nduwé tanggung jawab nyanyi kanggo muji Yéhuwah. Dadi, wektu nyanyi, buku nyanyiané kudu diangkat, sirahé aja ndhingkluk, lan nyanyia kanthi semangat. (Éz. 3:11; wacanen Jabur 147:1.) Akèh Balé Ibadah sing saiki nggunakké TV kanggo nampilké tulisan lagu bèn isa mbantu kita wektu nyanyi. Saiki, nyanyi lagu kerajaan uga dadi bagéan saka Sekolah Pelayanan Kerajaan kanggo pinituwa. Kuwi nduduhké nèk para pinituwa perlu dadi conto wektu nyanyi ing pakumpulan ibadah.

10. Apa sing kuduné diéling-éling nèk isin nyanyi nganggo swara sing banter?

10 Akèh sing ora gelem nyanyi nganggo swara banter merga wedi nèk swarané kebanteren utawa swarané ora apik. Élinga nèk wektu ngomong ”kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh”, ning kuwi ora nggawé kita mandheg ngomong. (Yb. 3:2) Dadi, kita kabèh kudu terus nyanyi kanggo muji Yéhuwah senajan swarané ora apik.

11, 12. Piyé carané bèn kita isa nyanyi luwih apik?

11 Mbokmenawa kita isin merga ora ngerti carané nyanyi. Ning, ana saran-saran sing isa ditindakké bèn kita isa nyanyi luwih apik manèh. *—Deloken katrangan ing ngisor.

12 Kita isa nyanyi nganggo swara sing banter lan kuwat nèk sinau carané ngatur ambekan sing bener. Kaya listrik sing mènèhi daya kanggo lampu, ambekan isa nguwatké swara kita wektu nyanyi utawa ngomong. (Deloken saran ing buku Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis, kaca 181 nganti 184, subjudhul ”Mengatur Persediaan Udara Saudara dengan Baik”.) Alkitab kadhang kala ngandhani para abdiné Yéhuwah bèn padha ’asurak-surak’ wektu nyanyi.​—Ms. 33:1-3.

13. Terangna carané bèn kita isa nyanyi tanpa ragu-ragu.

13 Wektu ibadah keluarga utawa sinau Alkitab pribadi, cobanen iki: Pilihen salah siji lagu sing panjenengan senengi saka buku nyanyian. Wacanen laguné nganggo swara sing banter lan cetha. Terus, nganggo volume swara sing padha kaya wektu maca laguné mau, ucapna sak baris lagu ing sak ambekan. Sakbanjuré, nyanyèkna kuwi nganggo volume swara sing padha kaya mau. (Yé. 24:14) Swara panjenengan bakal dadi saya kuwat. Aja isin karo swarané dhéwé.

14. (a) Apa manèh sing isa ditindakké bèn swarané isa kuwat wektu nyanyi? (Deloken kothak ” Carané Isa Nyanyi Luwih Apik”.) (b) Apa sing isa ditindakké nèk nduwé swara sing lirih utawa sing mlengking?

14 Bèn swarané kuwat wektu nyanyi, panjenengan kudu mbukak cangkem luwih amba timbang wektu ngomong. Ning, piyé nèk panjenengan rumangsa nduwé swara sing lirih utawa sing mlengking? Panjenengan isa nyoba ngetrapké saran-saran ing buku Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis kaca 184, ing bagéan kothak ”Mengatasi Problem-Problem Spesifik”.

NYANYI SAKA ATI

15. (a) Ana pengumuman apa ing pertemuan taunan 2016? (b) Apa waé alesané kita perlu buku nyanyian sing anyar?

15 Wong-wong sing teka ing pertemuan taunan 2016 mesthi seneng banget wektu Sedulur Stephen Lett saka Pengurus Pusat ngumumké buku nyanyian anyar sing judhulé Nyanyia kanggo Yéhuwah kanthi Bungah. Sedulur Lett njelaské alesané kita perlu buku nyanyian sing anyar yaiku merga Alkitab Terjemahan Dunia Baru wis dirèvisi. Tembung-tembungé diganti kanggo ngilangké ukara-ukara sing wis ora digunakké ing Alkitab Terjemahan Dunia Baru. Lagu bab nginjil lan tebusan uga ditambahké. Nyanyi kuwi dadi bagéan sing paling penting saka ibadah. Mula, Pengurus Pusat péngin nggawé buku nyanyian sing kwalitasé apik. Dadi, sampulé persis kaya Alkitab Terjemahan Dunia Baru.

16, 17. Owah-owahan apa waé sing digawé ing buku nyanyian sing anyar?

16 Bèn buku nyanyiané luwih gampang digunakké, lagu-laguné dikelompokké miturut topik. Contoné, 12 lagu sing sepisanan ngrembug bab Yéhuwah, 8 lagu sakbanjuré ngrembug bab Yésus lan tebusan, lan sak pituruté. Daftar topik sing lengkap ana ing bagéan wiwitan saka buku nyanyian kuwi. Daftar kuwi mbantu banget kususé kanggo sedulur lanang sing arep milih lagu kanggo ceramah umum.

17 Bèn kita kabèh isa nyanyi saka ati, ana tembung-tembung sing diganti bèn saya cetha artiné lan ngilangké tembung-tembung sing wis ora dinggo manèh. Laguné ora angèl dingertèni lan luwih gampang dinyanyèkké, merga nggunakké tembung-tembung sing biyasa digunakké. Ana lagu-lagu sing diowahi isiné bèn topiké luwih cocog karo pakumpulan ibadah lan gawéan nginjil.

Latihan nyanyi wektu ibadah keluarga (Deloken paragraf 18)

18. Apa sebabé kita kudu nyinaoni lagu-lagu ing buku nyanyian sing anyar? (Deloken uga katrangan ing ngisor.)

18 Akèh lagu saka buku Nyanyia kanggo Yéhuwah kanthi Bungah sing isiné kaya donga. Kuwi isa mbantu kanggo nyritakké perasaan kita marang Yéhuwah. Lagu liyané bakal mbantu kita bèn ”atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawé utama”. (Ib. 10:24) Kita péngin nyinaoni mèlodi, irama, lan tembung-tembungé. Nèk latihan nyanyi ing omah, kuwi isa mbantu kita nyanyi nganggo perasaan lan tanpa ragu-ragu. *—Deloken uga katrangan ing ngisor.

19. Piyé kabèh sing ana ing jemaat isa ngibadah marang Yéhuwah?

19 Élinga nèk nyanyi kuwi dadi bagéan sing penting saka ibadah kita. Iki cara sing ampuh kanggo nduduhké katresnan lan rasa sokur kita marang Yéhuwah. (Wacanen Yésaya 12:5.) Nèk kita nyanyi kanthi semangat, kuwi isa nggawé sedulur liya uga nindakké sing padha. Kabèh sing ana ing jemaat isa ngibadah marang Yéhuwah nganggo cara kuwi. Mula, aja ragu-ragu kanggo nyanyi saka ati. Kita mesthi setuju karo sing nulis buku Jabur sing kandha, ’Padha ngluhurna Yéhuwah.’ Kita kudu nyanyi kanthi bungah.​—Ms. 96:1.

^ par. 11 Kanggo katrangan luwih akèh bab carané bèn isa nyanyi luwih apik, deloken acara JW Broadcasting sasi Desember 2014 (basa Inggris) (bagéan video FROM OUR STUDIO).

^ par. 18 Saben kebaktian, ing wayah ésuk lan awan, acarané mesthi diwiwiti nganggo musik sing suwéné sepuluh menit. Musik kuwi isa mbantu kita luwih semangat nyanyi lan nyiapké kita kanggo ngrungokké acara. Mula, kita kudu lungguh lan siap ngrungokké wektu musiké disetèl.