Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Ngupaya Bèn Isa Nampa Hadiah

Terusa Ngupaya Bèn Isa Nampa Hadiah

”Aja nganti ana wong sing nyebabké kowé ora nampa hadiah.”​KL. 2:18, Terjemahan Dunia Baru.

LAGU: 32, 55

1, 2. (a) Hadiah apa sing diarep-arep karo para abdiné Yéhuwah? (b) Apa sing isa mbantu kita bèn isa terus fokus karo hadiah saka Yéhuwah? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

KAYA rasul Paulus, wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal nampa ”ganjaran [hadiah], yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah”. (Fp. 3:14) Wong-wong kuwi bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné lan mbantu manungsa dadi sampurna. (Wy. 20:6) Ning, ana wong-wong Kristen liyané sing nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing Pirdus ing bumi. Kuwi kabèh pangarep-arep sing nyenengké.​—2 Pt. 3:13.

2 Paulus péngin mbantu wong-wong Kristen sing munggah swarga bèn isa tetep setya lan nampa hadiahé. Paulus kandha, ”Padha nggatèkna prakara kang ana ing ngaluhur.” (Kl. 3:2) Wong-wong kuwi kudu terus mikirké pangarep-arepé. (Kl. 1:4, 5) Mikirké kabèh berkah saka Yéhuwah isa mbantu para abdiné bèn terus fokus karo hadiahé, ora masalah nduwé pangarep-arep urip ing swarga utawa ing bumi.​—1 Kr. 9:24.

3. Paulus ngélikké wong-wong Kristen ing bab apa?

3 Paulus uga ngélikké bab bahaya sing isa nyebabké wong-wong Kristen ora nampa hadiah saka Yéhuwah. Contoné, Paulus nulis marang jemaat Kolosé bab wong Kristen palsu sing ngupaya nyenengké Gusti Allah nganggo cara manut karo Hukum Musa timbang nduwèni iman marang Yésus. (Kl. 2:16-18) Paulus uga ngrembug bahaya sing isa nggawé kita saiki ora nampa hadiah. Paulus nerangké piyé carané mbuwang nafsu sing bejat lan apa sing kudu ditindakké wektu ana masalah ing keluarga utawa karo para sedulur ing jemaat. Naséhaté Paulus isa mbantu kita saiki. Mula, ayo dirembug naséhat-naséhat sing ana ing suraté Paulus marang jemaat Kolosé.

MBUWANG NAFSU SING BEJAT

4. Apa sebabé nafsu sing bejat isa nyebabké kita ora nampa hadiah saka Yéhuwah?

4 Sakwisé ngélingké bab pangarep-arep sing nyenengké, Paulus nulis, ”Mulané kowé padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapéncut, mangkono uga budi kethaha.” (Kl. 3:5) Nafsu sing bejat isa dadi kuwat banget lan isa nggawé kita kélangan hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan pangarep-arep. Salah siji sedulur lanang sing tumindak amoral lan akiré bali manèh ing jemaat kandha nèk nafsuné sing bejat isa dadi kuwat banget nganti dhèwèké ”ora sadhar nèk wis kebablasen”.

5. Apa sing isa ditindakké nèk ngadhepi kahanan sing isa nggawé kita nglanggar pathokané Yéhuwah?

5 Kita perlu ngati-ati tenan wektu ngadhepi kahanan sing isa nggawé kita nglanggar pathokané Yéhuwah bab moral. Contoné, wong sing lagi pacaran kudu nemtokké dhisik batesan-batesan sing masuk akal, misalé ing bab sentuhan, ambung-ambungan, lan wektu lagi wong loro thok. (WB. 22:3) Kahanan sing mbebayani liyané yaiku nyambut gawé utawa lunga merga urusan bisnis bareng karo lawan jenis. (WB. 2:10-12, 16) Nèk ngadhepi kahanan kaya ngono, kandhaa nèk panjenengan Seksi Yéhuwah, jaganen tumindak panjenengan, lan aja nganti nggodha lawan jenis merga kuwi bahaya. Kita uga perlu ngati-ati nèk ngrasa sedhih utawa kesepian. Kita isa waé kepéngin digatèkké lan rumangsa dibutuhké. Nèk nduwé perasaan kaya ngono, aja nindakké bab sing isa nggawé panjenengan ora nampa hadiah saka Yéhuwah. Njaluka bantuané Yéhuwah lan para sedulur.​—Wacanen Jabur 34:19; Wulang Bebasan 13:20.

6. Apa sing kudu diéling-éling wektu milih hiburan?

6 Kanggo mbuwang nafsu sing bejat, kita perlu ngedohi hiburan sing amoral. Akèh hiburan saiki sing isiné padha karo tumindaké wong-wong ing Sodom lan Gomora. (Yd. 7) Hiburan-hiburan saiki nggawé wong-wong nganggep nèk tumindak sèks sing bejat kuwi lumrah lan ora bahaya. Aja nganti kita nampa kabèh hiburan sing ditawakké karo donya. Kita aja milih hiburan sing isa nyebabké kita ora isa nampa hadiah saka Yéhuwah.​—WB. 4:23.

”PADHA NYANDHANGA” KATRESNAN LAN APIKAN

7. Masalah apa sing isa waé ana ing jemaat Kristen?

7 Seneng rasané dadi bagéan saka jemaat Kristen. Kita isa sinau Alkitab ing pakumpulan ibadah lan ndhukung siji lan sijiné. Kuwi kabèh isa mbantu kita bèn terus fokus karo hadiah saka Yéhuwah. Ning, kadhang kala kita isa salah paham karo para sedulur lan kuwi isa dadi masalah. Nèk ora ndang dirampungi, kuwi isa nggawé lara ati.​—Wacanen 1 Pétrus 3:8, 9.

8, 9. (a) Sipat-sipat apa sing isa mbantu kita bèn nampa hadiah saka Yéhuwah? (b) Apa sing isa mbantu kita bèn tetep rukun wektu ana sedulur sing nglarani ati?

8 Aja nganti kita ora nampa hadiah saka Yéhuwah merga lara ati karo sedulur liya. Paulus nerangké apa sing kudu ditindakké karo wong Kristen, ”Sarèhné kowé wus padha dadi pepilihané Gusti Allah, kang wus kasucèkaké lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebudèn lan sabar. Padha sabar-sinabarana kayadéné Gusti Allah anggoné wus ngapura kowé, kowé iya tumindaka mangkono uga. Lan kang ngungkuli sakabèhé iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakaké.”​—Kl. 3:12-14.

9 Nèk nresnani lan apikan marang wong liya, kita isa dadi gampang ngapurani. Wektu lara ati merga omongan utawa tumindaké wong liya, élinga nèk kita uga tau ngomong utawa tumindak ora apik marang wong liya lan wong kuwi ngapurani kita. Mesthi seneng banget rasané merga sedulur kuwi apikan lan nresnani kita. (Wacanen Kohèlèt 7:21, 22.) Kita maturnuwun banget merga Yésus wis nglumpukké para abdiné Yéhuwah ing ibadah sejati. (Kl. 3:15) Kita nresnani Gusti Allah sing padha, martakké injil sing padha, lan uga ngalami akèh masalah sing padha. Nèk kita apikan lan nresnani wong liya sarta seneng ngapurani, kuwi isa nggawé jemaat dadi luwih rukun lan kita isa terus fokus karo hadiah saka Yéhuwah.

10, 11. (a) Apa sebabé gampang mèri kuwi bahaya? (b) Piyé carané bèn ora gampang mèri?

10 Kita ora isa nampa hadiah saka Yéhuwah nèk gampang mèri. Alkitab nduduhké nèk gampang mèri kuwi bahaya. Contoné, Kain matèni Abèl merga mèri. Korah, Datan, lan Abiram mèri karo Musa lan akiré mbrontak. Raja Saul mèri karo Dawud lan ngupaya matèni dhèwèké. Kuwi cocog karo kandhané Alkitab, ”Ing ngendi ana kamèrèn sarta sipat mung mikir awaké dhéwé, ing kono ana rerusuh sarta sarupané panggawé ala.”​—Yb. 3:16.

11 Nèk ngupaya tenanan bèn isa apikan lan nresnani wong liya, kita ora bakal gampang mèri. Alkitab kandha: ”Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumèrèn.” (1 Kr. 13:4) Bèn ora gampang mèri, kita perlu nduwé pandhangané Yéhuwah ing kabèh bab. Kita kudu nganggep nèk kita lan para sedulur kuwi bagéan saka anggota badan, yaiku jemaat. Alkitab kandha: ”Manawa ana siji kang ingajènan, kabèh padha mèlu bungah.” (1 Kr. 12:16-18, 26) Nèk ana sedulur sing éntuk berkah, kita bakal mèlu seneng lan ora malah mèri. Gatèkna tuladhané Yonatan, anaké raja Saul. Yonatan ora mèri wektu Dawud dipilih dadi Raja. Malah, dhèwèké ndhukung lan nyemangati Dawud. (1 Sa. 23:16-18) Apa kita isa niru Yonatan?

SAK KELUARGA ISA NAMPA HADIAH SAKA YÉHUWAH

12. Naséhat apa saka Alkitab sing isa mbantu keluarga kita nampa hadiah saka Yéhuwah?

12 Nèk saben anggota keluarga ngetrapké pathokané Alkitab, keluarga kita bakal ayem tentrem lan isa nampa hadiah saka Yéhuwah. Paulus mènèhi naséhat kanggo keluarga, ”Hé, para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatuté ana ing patunggilané Gusti. Hé, para wong lanang, bojomu tresnanana lan aja nganti kokkasari. Hé, bocah-bocah, padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhéngah prakara, sabab iku ndadèkaké keparengé Gusti. Hé, para bapa, aja nglarakaké atiné anakmu, supaya aja nganti semplah.” (Kl. 3:18-21) Panjenengan mesthi setuju nèk naséhat kuwi isa mbantu keluarga panjenengan.

13. Piyé carané sedulur wédok isa mbantu bojoné sing ora seiman gelem ngabdi marang Yéhuwah?

13 Nèk panjenengan sedulur wédok sing nduwé bojo ora seiman, apa sing bakal panjenengan tindakké nèk bojoné panjenengan ora nindakké tanggung jawabé? Isa waé kuwi nggawé panjenengan dadi nesu lan padu. Ning, apa kuwi isa nggawé kahanané dadi luwih apik? Senajan bojoné panjenengan akiré nindakké apa sing panjenengan karepké, apa kuwi isa nggawé dhèwèké gelem dadi abdiné Yéhuwah? Isa waé ora. Ning, nèk ngajèni dhèwèké dadi kepala keluarga, panjenengan isa nggawé keluarga dadi luwih rukun, isa ngluhurké Yéhuwah, lan isa waé nggawé bojoné panjenengan gelem ngabdi marang Yéhuwah. Akiré, panjenengan wong loro isa nampa hadiah saka Yéhuwah.​—Wacanen 1 Pétrus 3:1, 2.

14. Apa sing kudu ditindakké sedulur lanang nèk ora diajèni karo bojoné sing ora seiman?

14 Nèk panjenengan sedulur lanang sing nduwé bojo ora seiman, apa sing bakal panjenengan tindakké nèk bojoné panjenengan ora ngajèni panjenengan? Nèk panjenengan nggetak-nggetak dhèwèké supaya ngajèni panjenengan, apa kuwi isa nggawé dhèwèké gelem manut? Mesthiné ora. Yéhuwah mréntahké wong lanang bèn nresnani bojoné, niru tuladhané Yésus sing nresnani jemaat. (Éf. 5:23) Yésus, sesirahé jemaat, nduduhké sipat sabar lan tresna. (Lk. 9:46-48) Nèk panjenengan niru Yésus, mbokmenawa bojoné panjenengan akiré gelem dadi abdiné Yéhuwah.

15. Piyé wong lanang isa nduduhké katresnané marang bojoné?

15 Yéhuwah mréntahké kabèh wong lanang sing wis nduwé bojo, ”Bojomu tresnanana lan aja nganti kokkasari.” (Kl. 3:19) Wong lanang sing nresnani bojoné, bakal ngajèni bojoné nganggo cara ngrungokké pendhapaté lan ora nyepèlèkké omongané bojoné. (1 Pt. 3:7) Senajan wong lanang ora mesthi isa nuruti kabèh kepénginané bojoné, ngrungokké pendhapaté bojoné isa mbantu dhèwèké nggawé keputusan sing apik. (WB. 15:22) Wong lanang sing nresnani bojoné bakal ngupaya bèn diajèni bojoné, ora mung nuntut thok. Nèk wong lanang nresnani bojo lan anaké, keluargané bakal dadi luwih bungah wektu ngabdi marang Yéhuwah lan isa nampa hadiah urip saklawasé.

Aja nganti masalah ing keluarga nyebabké kita ora nampa hadiah saka Yéhuwah (Deloken paragraf 13-15)

CAH-CAH ENOM, TERUSA NGUPAYA BÈN ISA NAMPA HADIAH

16, 17. Nèk kowé cah enom, piyé carané bèn ora lara ati karo wong tuwamu?

16 Cah enom, isa waé kowé ngrasa wong tuwamu ora ngertèni kowé utawa nggawé aturan sing kaku. Kuwi mbokmenawa nggawé kowé nesu banget nganti ora gelem ngabdi marang Yéhuwah. Ning, nèk ninggalké Yéhuwah, ora ana wong sing tenanan nresnani kowé sakliyané wong tuwamu lan kanca-kancamu ing jemaat.

17 Wong tuwamu mènèhi naséhat merga perduli tenan karo kowé. (Ib. 12:8) Wong tuwamu pancèn ora sampurna, mula carané mènèhi naséhat isa waé nglarani atimu. Ngupayaa ngertèni alesané wong tuwamu mènèhi naséhat, aja mung mikirké carané. Kudu tetep tenang lan aja nesu. Alkitab kandha, ”Wong wasis iku bisa ngampet tembungé, sarta wong kang duwé kapinteran iku sarèh ing budi.” (WB. 17:27) Dadia wong sing gelem nampa lan ngetrapké naséhat ora masalah piyé carané naséhat kuwi diwènèhké. (WB. 1:8) Élinga nèk nduwé wong tuwa sing nresnani Yéhuwah kuwi hadiah sing aji. Wong tuwamu péngin mbantu kowé bèn isa urip saklawasé.

18. Apa sebabé kita péngin terus fokus karo hadiah saka Yéhuwah?

18 Ora masalah kita bakal nampa hadiah urip saklawasé ing swarga utawa ing bumi, kita kabèh nduwé pangarep-arep sing nyenengké. Pangarep-arep kuwi nyata, merga kuwi dhasaré saka janjiné Yéhuwah, sing kandha, ”Saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yéhuwah.” (Yé. 11:9) Ora suwé manèh, kabèh wong ing bumi bakal diwulang karo Yéhuwah. Nèk terus ngupaya bèn éntuk hadiah kuwi kita ora bakal gela. Mula, élinga terus janjiné Yéhuwah lan aja nganti ana sing nyebabké kita ora nampa hadiah saka Yéhuwah.