Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tirunen Kaadilan lan Welas Asihé Yéhuwah

Tirunen Kaadilan lan Welas Asihé Yéhuwah

’Tindakna pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijiné.’​—ZA. 7:9.

LAGU: 21, 11

1, 2. (a) Piyé pandhangané Yésus bab Hukum Allah? (b) Piyé ahli Torèt lan wong Farisi salah ngetrapké Hukum Musa?

YÉSUS nresnani Hukum Musa merga kuwi asalé saka Yéhuwah, Pribadi sing paling penting ing uripé Yésus. Yésus tresna banget karo Hukum Allah kaya sing dikandhakké ing Jabur 40:9, ”Dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka; sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.” Yésus mbuktèkké liwat tumindak lan omongané nèk Hukum Allah kuwi sampurna, maédahi, lan kabèh sing ditulis mesthi kelakon.​—Mt. 5:17-19.

2 Yésus mesthi sedhih banget wektu ndelok ahli Torèt lan wong Farisi salah ngetrapké Hukum lan nggawé Hukum kuwi kétok ora masuk akal. Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Godhong mardinah, adas tuwin jinten baé kokbayar prasapuluhané.” Kuwi tegesé wong-wong mau ngetrapké Hukum Musa nganti rincian sing paling cilik. Dadi, apa masalahé? Yésus nerangké, ”Nanging kang wigati dhéwé tumrap angger-anggering Torèt koklirwakaké, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan.” (Mt. 23:23) Wong Farisi ora ngerti tegesé Hukum lan mikir nèk dhèwèké luwih apik timbang wong liya. Ning, Yésus ngerti pathokan sing dadi dhasaré Hukum lan apa sing diwulangké Hukum kuwi bab Yéhuwah.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Kita ora diwajibké manèh kanggo ngetrapké Hukum Musa. (Rm. 7:6) Mula, apa sebabé Yéhuwah nglebokké Hukum kuwi ing Alkitab? Yéhuwah péngin kita ngerti lan ngetrapké bab sing ”wigati”, yaiku pathokan-pathokan sing dadi dhasaré Hukum. Contoné, pathokan-pathokan apa sing isa disinaoni saka pengaturan kutha perlindhungan? Ing artikel sakdurungé, kita sinau apa sing kudu ditindakké karo wong sing nindakké salah. Artikel iki bakal ngrembug apa sing isa disinaoni saka pengaturan kutha perlindhungan bab Yéhuwah lan carané niru sipat-sipaté. Kita bakal ngrembug telung pitakonan: Piyé pengaturan kutha perlindhungan nduduhké welas asihé Yéhuwah? Piyé pengaturan kuwi mulangké pandhangané Yéhuwah bab urip? Lan piyé pengaturan kuwi nduduhké kaadilané sing sampurna? Wektu ngrembug saben pitakonan kuwi, coba pikirna carané niru Yéhuwah.​—Wacanen Éfesus 5:1.

LOKASI KUTHA PERLINDHUNGAN NDUDUHKÉ WELAS ASIHÉ YEHUWAH

4, 5. (a) Piyé kutha perlindhungan diatur bèn isa gampang ditemokké, lan apa sebabé? (b) Apa sing isa disinaoni saka pengaturan kuwi bab Yéhuwah?

4 Yéhuwah ngatur bèn enem kutha perlindhungan gampang ditemokké. Wong Israèl dipréntahké kanggo milih telung kutha ing sisih kiwané kali Yardèn lan telung kutha ing sisih tengené. Apa sebabé? Bèn wong sing nindakké salah isa gampang lan cepet nemokké salah siji kutha mau. (Wi. 35:11-14) Dalan-dalan sing ngarah menyang kutha kuwi dijaga tetep apik. (PT. 19:3) Nurut buku réferènsi Yahudi, ana akèh tandha ing sak kiwa tengené dalan mau bèn wong sing salah isa nemokké kutha perlindhungan. Merga ana kutha perlindhungan ing Israèl, wong Israèl sing ora sengaja matèni ora perlu nggolèk pangayoman ing dhaérahé bangsa liya, sing isa nyebabké wong kuwi nyembah allah-allah palsu.

5 Yéhuwah mréntahké bèn wong sing matèni wong liya uga dipatèni. Ning, Yéhuwah uga mesthèkké nèk wong sing ora sengaja matèni wong liya isa éntuk welas asih lan pangayoman. Nurut salah siji sarjana Alkitab, dalan-dalan lan kabèh pengaturan kutha perlindhungan kuwi gampang dingertèni lan digunakké. Yéhuwah kuwi dudu hakim sing kejem sing ngupaya kanggo ngukum abdiné. Malah, Yéhuwah kuwi ”sugih kawelasan”.—Éf. 2:4.

6. Apa wong Farisi niru welas asihé Yéhuwah? Terangna.

6 Ning, wong Farisi ora gelem nduduhké welas asih. Contoné, nurut tradhisi Yahudi, wong Farisi ora gelem ngapurani wong sing nindakké kesalahan sing padha luwih saka kaping telu. Kanggo nduduhké nèk tumindaké wong Farisi kuwi salah, Yésus nggunakké conto wong Farisi sing ndonga ing sisihé tukang pajeg. Wong Farisi kandha, ’Dhuh Allah, kawula ngaturaken panuwun, awit kawula mboten sami kaliyan tiyang-tiyang sanès ingkang srakah, remen ngapusi, lampah jina, lan mboten sami kaliyan pegawé pajeg menika.’ Apa maksudé Yésus? Wong Farisi ”ngrèmèhaké wong liya” lan ora nduduhké welas asih.​—Lk. 18:9-14, Basa Jawi Padintenan (BJP).

Apa panjenengan gampang dijaluki pangapura? Dadia andhap asor lan gampang dijak omongan (Deloken paragraf 4-8)

7, 8. (a) Piyé kita isa niru welas asihé Yéhuwah? (b) Apa sebabé kita kudu andhap asor bèn isa ngapurani wong liya?

7 Tirunen Yéhuwah sing nduduhké welas asih, aja kaya wong Farisi. (Wacanen Kolosé 3:13.) Ngupayaa dadi wong sing gampang dijaluki pangapura. (Lk. 17:3, 4) Coba dipikir: ’Apa aku cepet lan gampang ngapurani, senajan atiku kerep dilarani? Apa aku ngupaya rukun karo wong sing wis nglarani atiku?

8 Bèn isa gampang ngapurani kita kudu andhap asor. Wong Farisi nganggep nèk dhèwèké luwih apik timbang wong liya mula ora gelem ngapurani. Ning, wong Kristen kudu seneng ngapurani lan nganggep wong liya luwih utama. (Fp. 2:3) Kita isa takon, ’Apa aku niru Yéhuwah lan nduduhké sipat andhap asor?’ Nèk kita andhap asor, wong liya dadi luwih gampang kanggo njaluk pangapura marang kita lan kita uga dadi luwih gampang kanggo ngapurani wong liya. Kita kudu nduduhké welas asih lan ora gampang nesu.​—Ko. 7:8, 9.

NGAJÈNI URIP LAN AJA NGANTI UTANG GETIH

9. Piyé Yéhuwah nduduhké marang bangsa Israèl nèk urip kuwi suci?

9 Tujuan utama saka kutha perlindhungan yaiku bèn bangsa Israèl ora utang getih merga matèni wong sing ora salah. (PT. 19:10) Yéhuwah ngajèni urip lan gething karo wong sing matèni wong liya. (WB. 6:16, 17) Yéhuwah kuwi adil lan suci. Mula, Yéhuwah nganggep serius bab matèni wong liya senajan ora sengaja. Pancèn, wong sing ora sengaja matèni isa éntuk pangapura. Ning, dhèwèké kudu nyritakké dhisik kahanané marang tuwa-tuwa. Nèk tuwa-tuwa mutuské kuwi bab sing ora disengaja, wong kuwi kudu tetep manggon ing kutha perlindhungan nganti imam agungé mati, isa waé nganti sajegé uripé. Pengaturan iki nduduhké marang bangsa Israèl nèk urip kuwi suci. Kanggo ngajèni Yéhuwah, bangsa Israèl kudu ngedohi apa waé sing isa mbebayani uripé wong liya.

10. Nurut Yésus, apa buktiné nèk ahli Torèt lan wong Farisi ora ngajèni uripé wong liya?

10 Ora kaya Yéhuwah, ahli Torèt lan wong Farisi ora ngajèni uripé wong liya. Yésus kandha: ”Kowé wus padha njupuk kuncining kawruh; kowé dhéwé ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.” (Lk. 11:52) Apa maksudé Yésus? Ahli Torèt lan wong Farisi kuduné mulangké Sabdané Gusti Allah lan mbantu wong-wong bèn isa éntuk urip saklawasé. Ning, ahli Torèt lan wong Farisi malah ngedohké wong-wong saka Yésus, ”Panuntuning gesang”, lan nggawé wong-wong ora éntuk keslametan. (PR. 3:15) Ahli Torèt lan wong Farisi kuwi sombong, mentingké awaké dhéwé, lan ora perduli karo uripé wong liya. Tumindak kaya ngono kuwi bener-bener jahat lan ora welas asih.

11. (a) Apa buktiné nèk pandhangané Paulus bab urip padha karo Yéhuwah? (b) Apa sing isa mbantu kita kanggo niru semangaté Paulus ing bab nginjil?

11 Piyé carané niru Yéhuwah lan ora dadi kaya ahli Torèt lan wong Farisi? Kita kudu ngajèni urip. Rasul Paulus mènèhi conto bab kuwi kanthi cara martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah marang sak akèh-akèhé wong. Mula, Paulus isa kandha, ”Aku resik, ora kaluputan marang sapa baé.” (Wacanen Para Rasul 20:26, 27.) Paulus nindakké kuwi merga nresnani wong-wong, ora mung merga préntahé Yéhuwah utawa bèn ora ngrasa salah. Dhèwèké nganggep nèk uripé wong-wong kuwi aji lan péngin bèn wong-wong isa urip saklawasé. (1 Kr. 9:19-23) Kita uga kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah bab urip. Yéhuwah péngin kabèh wong mertobat lan isa dislametké. (2 Pt. 3:9) Kaya Yéhuwah, kita kudu nresnani wong liya. Nèk niru welas asihé Yéhuwah, kita bakal semangat nginjil lan ngrasakké bungah wektu nindakké kuwi.

12. Apa sebabé keamanan kuwi penting kanggo abdiné Yéhuwah?

12 Bèn isa nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah bab urip, kita uga perlu nduwé sikap sing bener bab keamanan. Kita kudu ngati-ati wektu nganggo kendharaan lan nyambut gawé. Kuwi klebu wektu mbangun, ngrumat, lan nganakké perjalanan menyang balé ibadah. Nyawa, keamanan, lan keséhatan kuwi luwih penting timbang ngirit wektu lan dhuwit. Kita péngin niru Yéhuwah sing mesthi nindakké apa sing bener. Mula, kususé para pinituwa kudu nggatèkké keamanané wong liya lan keamanané dhéwé. (WB. 22:3) Rungokna wektu ana pinituwa sing ngélingké panjenengan bab aturan lan pathokan keamanan. (Gl. 6:1) Nduwéa pandhangan sing padha karo Yéhuwah bab urip lan aja nganti utang getih.

NGADILI ”MITURUT PRANATAN-PRANATAN IKI”

13, 14. Piyé carané tuwa-tuwa Israèl isa niru kaadilané Yéhuwah?

13 Yéhuwah mréntahké tuwa-tuwa Israèl kanggo niru kaadilané. Tuwa-tuwa kudu nggolèki dhisik kabèh faktané. Banjur, mikirké tenanan sikapé, apa sebabé wong kuwi matèni, lan tumindaké wong kuwi mbiyèné. Bèn isa mutuské arep ngapurani apa ora, tuwa-tuwa uga kudu mesthèkké apa wong sing salah kuwi gething karo korbané lan sengaja matèni wong kuwi. (Wacanen Wilangan 35:20-24.) Nèk ana seksiné, paling ora kudu ana wong loro sakdurungé wong sing matèni mau isa dihukum.​—Wi. 35:30.

14 Sakwisé ngerti tenan masalahé, tuwa-tuwa kudu mikirké bab wong kuwi, ora mung apa sing wis ditindakké. Tuwa-tuwa kudu nduwé pemahaman, yaiku kemampuan kanggo ngertèni apa sing sakjané kedadéan lan apa sebabé. Sing paling penting, tuwa-tuwa kudu njaluk roh suci bèn isa niru Yéhuwah ing bab welas asih, pemahaman, lan kaadilané.​—Pa. 34:6, 7.

15. Piyé pandhangané Yésus béda karo wong Farisi ing bab wong sing nindakké dosa?

15 Wong Farisi ora ngakimi kanthi welas asih lan mung ndelok apa sing wis ditindakké karo wong sing salah timbang piyé wong kuwi sing saktenané. Wektu ana wong Farisi ndelok Yésus mangan ing omahé Matéus, wong-wong kuwi takon karo para muridé Yésus: ”Yagéné Gurumu kokmangan bebarengan karo pegawé pajeg lan wong ala?” Yésus njawab, ”Wong sing waras ora butuh dhokter. Sing butuh dhokter kuwi wong sing lara. Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab Suci, sing uniné: ’Kang Dakkersakaké dudu kurban, nanging tumindaké katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo wong sing sampurna, nanging kanggo wong sing rumangsa dosa.” (Mt. 9:9-13, BJP) Yésus ora mbéla wong-wong sing nindakké dosa. Yésus péngin wong-wong kuwi mertobat. Kuwi dadi bagéan sing penting saka kabar sing diwartakké Yésus. (Mt. 4:17) Yésus ngerti nèk ana ”pegawé pajeg lan wong ala” sing gelem mertobat. Wong-wong kuwi ora mung péngin mèlu mangan ing omahé Matéus, ning merga ngetutké Yésus. (Mk. 2:15) Sayangé, akèh wong Farisi ora percaya nèk wong-wong mau isa malih lan mertobat. Kuwi béda banget karo Yéhuwah sing adil lan welas asih.

16. Panitia pengadilan kudu mesthèkké bab apa?

16 Para pinituwa kudu niru Yéhuwah sing ”nresnani kaadilan”. (Ms. 37:28) Para pinituwa kudu nggolèki dhisik kabèh faktané kanggo mesthèkké apa pancèn ana dosa sing wis ditindakké. Nèk iya, para pinituwa bakal nangani masalahé manut tuntunané Alkitab. (PT. 13:12-14) Wektu dadi panitia pengadilan, para pinituwa kudu mesthèkké tenan apa wong sing nindakké dosa serius kuwi wis mertobat. Kuwi ora mesthi gampang, merga kudu mesthèkké piyé pandhangané wong mau bab dosané lan apa sing ana ing njero atiné. (Wy. 3:3) Wong sing nindakké dosa kudu mertobat bèn isa éntuk pangapura. *—Deloken katrangan ing ngisor.

17, 18. Piyé carané para pinituwa isa ngerti nèk wong sing nindakké salah wis tenanan mertobat? (Deloken gambar ing kaca 15.)

17 Para pinituwa ora isa maca ati kaya Yéhuwah lan Yésus. Mula, nèk panjenengan pinituwa, piyé carané isa ngerti nèk wong sing nindakké dosa wis tenanan mertobat? Kapisan, ndongaa njaluk kawicaksanan bèn isa nggawé keputusan sing bener. (1 Ra. 3:9) Kapindho, kudu nyinaoni Alkitab lan wacan-wacan saka abdi kang setya bèn isa mbédakké antarané ”kasusahan kang saka ing jagad” lan ”kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah”, yaiku tenanan mertobat. (2 Kr. 7:10, 11) Gatèkna kepriyé Alkitab nggambarké wong-wong sing tenanan mertobat lan sing ora, sarta kepriyé Alkitab nerangké perasaan, pikiran, lan tumindaké wong-wong kuwi.

18 Katelu, pikirna bab wongé, ora mung apa sing wis ditindakké. Piyé latar belakangé wong kuwi? Apa sebabé dhèwèké nindakké kuwi? Apa tantangan lan kahanan sing dialami wong kuwi? Alkitab ngramalké nèk Yésus, sesirahé jemaat Kristen, ”ora bakal ngadili mung waton pamirsané satleraman baé utawa ndhawahaké putusan manut paturaning wong. Nanging bakal ngakimi para wong sèkèng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahaké putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran”. (Yé. 11:3, 4) Yésus wis nglantik para pinituwa kanggo njaga jemaat. Mula, Yésus bakal mbantu para pinituwa kanggo ngakimi kanthi adil lan welas asih. (Mt. 18:18-20) Kita maturnuwun banget merga para pinituwa wis njaga lan mbantu kita kanggo nduduhké kaadilan lan welas asih marang wong liya.

19. Piwulang apa saka pengaturan kutha perlindhungan sing péngin panjenengan tindakké?

19 Hukum Musa kuwi isiné dhasar-dhasar ”kawruh sarta kayektèn”. Hukum kuwi isa mbantu kita ngerti bab Yéhuwah lan pathokan-pathokané. (Rm. 2:20) Saka pengaturan kutha perlindhungan sing diterangké ing Hukum kuwi, para pinituwa isa ngerti carané ”nindakaké pangadilan kang jejeg” lan kita kabèh dadi isa ngerti carané nduduhké ”katresnan lan kawelasan” marang wong liya. (Za. 7:9) Kita ora diwajibké manèh kanggo ngetrapké Hukum Musa. Ning, kanggo Yéhuwah kaadilan lan welas asih tetep dadi bab sing paling penting. Muga-muga kita terus ngajèni hak istiméwa kanggo ngabdi marang Yéhuwah, niru sipat-sipaté, lan nggolèk pangayomané.

^ par. 16 Deloken ”Pertayaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 September 2006 kaca 30.