Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Aku Bakal Mlaku ing Dalan-Mu sing Bener”

”Aku Bakal Mlaku ing Dalan-Mu sing Bener”

”Yéhuwah, ajarana aku bab dalan-dalan-Mu. Aku bakal mlaku ing dalan-Mu sing bener.”​—MS. 86:11, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 31, 72

1-3. (a) Piyé kuduné pandhangan kita bab wulangan sing bener saka Alkitab? Critakna perumpamaané. (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Apa sing bakal kita rembug ing artikel iki?

JAMAN saiki, wong-wong wis biasa mbalèkké barang sing wis dituku saka toko utawa liwat online. Isa waé merga barangé sing dituku ora kaya sing dikarepké utawa ana sing rusak. Dadi, akhiré wong-wong kuwi ngijolké barangé utawa njaluk dhuwité dibalèkké.

2 Ning, béda wektu kita ’tuku’ wulangan sing bener. Kita ora bakal ’ngedol’, utawa ninggalké apa sing wis disinaoni saka Alkitab. (Wacanen Wulang Bebasan 23:23; 1 Tim. 2:4) Kita wis ngrembug nèk perlu ngorbanké wektu bèn isa sinau wulangan sing bener. Isa waé kita uga ngorbanké karir sing apik. Kuwi mungkin ya ana pengaruhé kanggo hubungan kita karo kanca lan keluarga. Kita mungkin kudu ngowahi pikiran lan tumindak, utawa mandheg nindakké kebiasaan lan tradhisi sing ora nyenengké Yéhuwah. Ning, kita isa yakin nèk kabèh berkah sing kita tampa saka Yéhuwah luwih aji timbang kabèh sing wis kita korbanké.

3 Yésus nyritakké perumpamaan bab pedagang sing nggolèki mutiara sing aji banget. Sakwisé nemokké siji, dhèwèké langsung lunga lan ngedol kabèh sing diduwèni bèn isa tuku mutiara kuwi. Mutiara kuwi nggambarké wulangan sing bener bab Kratoné Allah. Dadi, Yésus nduduhké nèk wulangan sing bener kuwi aji banget kanggoné wong-wong sing péngin ngerti tenan. (Mat. 13:45, 46) Wektu sinau wulangan sing bener, kita uga gelem nggawé pengorbanan bèn isa terus sinau Alkitab. Kita ora bakal ninggalké wulangan sing bener nèk kita nganggep kuwi aji. Ning, sayangé ana sing ora ngajèni lan malah ninggalké wulangan sing bener. Mula, bèn ora nindakké kuwi, kita kudu ”terus manut karo apa sing bener”. (Wacanen 3 Yohanes 2-4.) Dadi, kita kudu ngutamakké lan ngetrapké wulangan sing bener saben dina. Ning, apa sebabé ana sing nganti ’ngedol’, utawa ninggalké wulangan sing bener? Piyé bèn kita ora nganti kaya ngono? Lan piyé carané bèn isa nduwé tékad kanggo ”terus manut karo apa sing bener”?

APA SEBABÉ ANA SING NGANTI ’NGEDOL’ WULANGAN SING BENER?

4. Wektu Yésus ing bumi, apa sebabé ana sing ora ngajèni wulangan sing bener manèh?

4 Wektu Yésus ing bumi, ana sing akhiré ora ngajèni wulangan sing bener manèh. Contoné, sakwisé Yésus nggawé mukjijat lan ngekèki mangan kumpulan wong akèh, wong-wong kuwi ngetutké Yésus nganti tekan sebrangé Laut Galiléa. Ning, wong-wong kuwi kagèt wektu Yésus kandha, ”Nèk kowé ora mangan dagingé Putrané manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip.” Wong-wong kuwi ora takon dhisik maksudé Yésus lan malah ngomong, ”Omongané ora isa ditampa, aku wegah ngrungokké kuwi.” Akhiré, ”akèh muridé Yésus bali menyang perkara-perkara sing wis ditinggalké lan ora ngetutké Yésus manèh”.​—Yoh. 6:53-66.

5, 6. (a) Apa sebabé ana sing sengaja ninggalké wulangan sing bener? (b) Apa sebabé ana sing ora langsung ngrasa nèk wis ninggalké wulangan sing bener?

5 Jaman saiki uga ana sing ninggalké wulangan sing bener. Isa waé merga ora cocog karo pemahaman anyar ing organisasi, utawa karo omongan lan tumindaké sedulur liya sing nduwé wewenang. Ana sing ora cocog karo sedulur liyané, utawa ora seneng wektu ana sedulur sing mènèhi naséhat saka Alkitab. Lan ana sing percaya karo omongané wong-wong sing murtad lan wong-wong sing ngomongké sing ora bener soal kita. Mula, akèh sing akhiré sengaja ngedoh saka Yéhuwah lan jemaat. (Ibr. 3:12-14) Bèn ora nganti kaya ngono, kita kudu niru tuladhané Pétrus. Wektu wong-wong padha ninggalké Yésus, Yésus takon karo para muridé, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” Pétrus njawab, ”Gusti, aku kudu lunga marang sapa? Omongané panjenengan ngasilké urip saklawasé.”​—Yoh. 6:67-69.

6 Liyané ana sing ora langsung ngrasa nèk wis ninggalké wulangan sing bener. Wong-wong kuwi kaya prau sing kèli ing kali. Alkitab ngélikké kita bèn ”ora kèli”. (Ibr. 2:1) Sakjané wong-wong kuwi ora péngin kaya ngono. Ning, wong-wong kuwi ora ngupaya nguwatké hubungané karo Yéhuwah, lan akhiré dadi adoh saka Yéhuwah. Piyé carané bèn ora nganti kaya ngono?

PIYÉ BÈN ORA NGANTI ’NGEDOL’ WULANGAN SING BENER?

7. Piyé bèn ora nganti ’ngedol’ wulangan sing bener?

Kita kudu nampa ”kabèh sing bener”, ora milih-milih sak karepé dhéwé

7 Bèn ora nganti ’ngedol’ wulangan sing bener, kita kudu nampa lan manut karo kabèh kandhané Yéhuwah. Kita kudu ngutamakké lan ngupaya ngetrapké wulangan sing bener. Wektu ndonga, Raja Daud janji marang Yéhuwah, ”Aku bakal mlaku ing dalan-Mu sing bener.” (Ms. 86:11, NW) Kita kudu niru tuladhané Daud sing nduwé tékad kanggo terus mlaku ing dalan sing bener bèn ora mikirké lan méngini manèh sing wis kita korbanké. Kita kudu nampa ”kabèh sing bener”, ora milih-milih sak karepé dhéwé. (Yoh. 16:13) Ing artikel sakdurungé, kita wis ngrembug nèk kita perlu nggawé pengorbanan bèn isa sinau lan ngetrapké wulangan sing bener. Saiki kita bakal ngrembug carané bèn ora mikirké manèh bab-bab sing wis kita korbanké.​—Mat. 6:19.

8. Apa pengaruhé nèk wong Kristen ora nggunakké wektu kanggo bab sing luwih penting? Wènèhana conto.

8 Wektu. Bèn ora nganti ninggalké Yéhuwah, kita kudu terus nggunakké wektu kanggo bab sing luwih penting. Nèk ora ngati-ati, kita isa kentèkan wektu merga rékréasi, hobi, internèt-an, utawa nonton TV. Senajan bab-bab kuwi ora mesthi salah, ning akhiré kita ora isa sinau Alkitab lan nginjil. Contoné, Emma * sing kèt cilik seneng banget numpak jaran. Ning, Emma akhiré ngrasa nèk hobiné kuwi ngentèkké wektu. Terus, dhèwèké mutuské kanggo nindakké bab sing luwih penting. Emma uga sinau saka tuladhané Cory Wells, sedulur wadon sing mauné uga seneng mèlu pertunjukan rodeo. * Saiki, Emma nduwé luwih akèh wektu kanggo Yéhuwah, keluarga, lan para sedulur seiman. Emma ngrasa luwih cedhak karo Yéhuwah. Dhèwèké ya seneng merga wis nggunakké wektu kanggo bab sing luwih penting.

9. Apa sebabé bab matèri isa dadi sing paling penting kanggo kita?

9 Bab-bab matèri. Bèn isa terus mlaku ing dalan sing bener, aja nganti bab matèri dadi sing paling penting kanggo kita. Wektu sinau wulangan sing bener, kita ngerti nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi penting banget. Kita uga seneng merga wis ngorbanké bab matèri kanggo wulangan sing bener. Ning, suwé-suwé isa waé kita iri merga wong liya isa tuku barang-barang elektronik sing paling anyar utawa bab liyané sing nyenengké. Kita mungkin dadi ora puas karo apa sing kita duwèni lan mulai mikirké bab-bab matèri timbang nglayani Yéhuwah. Kuwi sing dialami Démas, sing mauné dadi kanca nginjilé Rasul Paulus. Ning, dhèwèké ninggalké tugasé merga nresnani ”donya iki”. (2 Tim. 4:10) Mungkin Démas luwih ngutamakké bab-bab matèri timbang nglayani Yéhuwah, utawa wis ora péngin manèh nggawé pengorbanan kanggo nglayani bareng Paulus. Apa piwulangé? Isa waé mbiyèn kita ngutamakké bab-bab matèri. Nèk ora ngati-ati, kita isa ngutamakké bab-bab matèri manèh lan akhiré ninggalké wulangan sing bener.

10. Kita kudu ngati-ati bèn ora kena pengaruh apa?

10 Hubungan karo wong liya. Bèn isa tetep mlaku ing dalan sing bener, aja nganti kena pengaruh saka wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah. Wektu sinau wulangan sing bener, mungkin kuwi ana pengaruhé kanggo hubungan kita karo keluarga lan kanca-kanca. Mungkin ana sing nentang, ning uga ana sing ora. (1 Ptr. 4:4) Pancèn, kita tetep ngupaya nduwé hubungan sing apik karo keluarga. Ning, kita aja nganti nglanggar pathokané Yéhuwah mung merga arep nindakké sing apik kanggo keluarga. Élinga nèk kita kudu kekancan akrab karo wong-wong sing nresnani Yéhuwah kaya sing ditulis ing 1 Korintus 15:33.

11. Piyé carané bèn aja nganti nindakké sing bejat manèh?

11 Pikiran lan tumindak sing najis. Supaya isa mlaku ing dalan sing bener, kita kudu tetep suci utawa resik ing pandhangané Yéhuwah. (Yé. 35:8; wacanen 1 Pétrus 1:14-16.) Wektu sinau wulangan sing bener, kita wis nggawé perubahan kanggo ngetrapké pathokané Alkitab. Malah, ana sing nggawé perubahan sing gedhé. Ning, kita kudu tetep ngati-ati bèn aja nganti nindakké sing bejat manèh. Piyé carané? Élinga nèk Yéhuwah wis ngorbanké Putrané sing ditresnani, yaiku Yésus Kristus, bèn kita isa dianggep suci. (1 Ptr. 1:18, 19) Dadi, kita kudu terus ngéling-éling korban tebusané Yésus sing aji banget.

12, 13. (a) Apa sebabé pandhangan kita bab perayaan-perayaan kudu padha karo pandhangané Yéhuwah? (b) Apa sing bakal dirembug sakbanjuré?

12 Kebiasaan lan tradhisi sing ora nyenengké Gusti Allah. Keluarga, kanca kerja, lan kanca sekolah isa waé ngejak kita kanggo nindakké tradhisi, utawa mèlu ngrayakké perayaan-perayaan sing ora nyenengké Yéhuwah. Bèn isa nolak, kita kudu ngerti tenan apa alesané Yéhuwah ora seneng karo bab-bab kuwi. Kita isa riset lan ngéling-éling asal-usulé kebiasaan-kebiasaan kuwi. Nèk mikirké tenanan dhasar Alkitabé, kita isa yakin nèk kita wis mlaku ing dalan sing bener, ”sing nyenengké Gusti”. (Éf. 5:10) Nèk kita percaya karo Yéhuwah lan Alkitab, kita ora bakal kuwatir karo pendhapaté wong liya.​—WB. 29:25.

13 Kita péngin terus mlaku ing dalan sing bener. Apa sing isa mbantu kita bèn terus nduwé tékad kanggo mlaku ing dalan sing bener? Ana telung cara sing isa kita tindakké.

TERUS NDUWÉ TÉKAD KANGGO MLAKU ING DALAN SING BENER

14. (a) Apa sebabé saya akèh sinau Alkitab isa mbantu kita nduwé tékad bèn ora ninggalké wulangan sing bener? (b) Apa sebabé kita butuh kawicaksanan, naséhat, lan pemahaman?

14 Sing kapisan, kita perlu terus sinau lan ngrenungké Alkitab. Kuwi kudu terus ditindakké. Saya akèh sinau, kita bakal nduwé tékad bèn ora ninggalké wulangan sing bener merga kita saya nganggep wulangan kuwi berharga. Wulang Bebasan 23:23 kandha nèk kita kudu ’tuku’ wulangan sing bener, lan uga tuku ”kawicaksanan, pamerdi [utawa, naséhat], lan kawasisan [utawa, pemahaman]”. Kita kudu ngetrapké wulangan sing bener, ora mung ngerti thok. Nèk nduwé pemahaman, kita ngerti apa hubungané bab sing lagi disinaoni karo sing wis kita ngertèni. Terus, kawicaksanan isa mbantu kita ngetrapké wulangan sing bener. Kadhang kala, wulangan sing bener isa dadi kaya naséhat merga nduduhké perubahan apa sing kudu kita tindakké. Kita kudu cepet nindakké naséhaté Alkitab sing luwih aji timbang pérak.​—WB. 8:10.

15. Piyé wulangan sing bener isa nglindhungi kita kaya sabuk?

15 Sing kapindho, nduwéa tékad kanggo ngetrapké wulangan sing bener saben dina. Ing Alkitab, wulangan sing bener dipadhakké karo sabuké prajurit. (Éf. 6:14) Ing jaman Alkitab, sabuk kuwi penting kanggo nglindhungi prajurit wektu perang. Ning, sabuk kuwi nganggoné kudu kenceng. Dadi, piyé wulangan sing bener isa nglindhungi kita kaya sabuk kuwi? Nèk terus ngéling-éling wulangané Alkitab, kuwi isa nglindhungi kita bèn ora nduwé pikiran sing salah lan mbantu kita nggawé keputusan sing apik. Wulangan sing bener bakal mbantu kita nduwé tékad kanggo nindakké sing bener wektu ana masalah utawa godhaan kanggo nindakké sing salah. Kaya prajurit sing terus nggunakké sabuké wektu perang, kita ora bakal ninggalké lan terus ngetrapké wulangan sing bener.

16. Apa sebabé mulang wong liya isa mbantu kita bèn terus mlaku ing dalan sing bener?

16 Sing katelu, kita perlu terus mulang wong liya bab wulangan sing bener. Alkitab isa dipadhakké kaya pedhang. Kaya prajurit sing nyekel kenceng pedhangé, kita uga kudu terus nggunakké wulangan saka Alkitab. (Éf. 6:17) Kita mesthi isa dadi guru Alkitab sing trampil ”njelaské pangandika sing bener nganggo cara sing apik”. (2 Tim. 2:15) Wektu kita nggunakké Alkitab kanggo mulang wong liya, kita isa dadi luwih ngerti lan ngajèni wulangan sing bener. Kita uga dadi nduwé tékad sing luwih gedhé kanggo terus mlaku ing dalan sing bener.

Wulangan sing bener kuwi hadiah sing aji saka Yéhuwah

17. Apa sebabé panjenengan nganggep wulangan sing bener aji?

17 Wulangan sing bener kuwi hadiah sing aji saka Yéhuwah merga isa nggawé kita cedhak karo Yéhuwah. Hubungan sing akrab karo Yéhuwah kuwi bab sing paling aji. Yéhuwah wis akèh mulang kita, ning isih ana luwih akèh manèh sing bakal diwulangké. Yéhuwah janji nèk bakal terus mulang kita. Dadi, kita kudu ngajèni kuwi kaya mutiara sing aji banget. Terusa ’tuku’ wulangan sing bener lan aja ’diedol’ manèh. Kita bakal isa kaya Daud sing janji marang Yéhuwah, ”Aku bakal mlaku ing dalan-Mu sing bener.”​—Ms. 86:11, NW.

^ par. 8 Dudu jeneng asliné.

^ par. 8 Deloken ing JW Broadcasting ing bagéan WAWANCARA DAN PENGALAMAN > KEBENARAN MENGUBAH KEHIDUPAN.