Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Kita Nduwé Cara Mikiré Yéhuwah?

Apa Kita Nduwé Cara Mikiré Yéhuwah?

”Maliha nganggo cara ngowahi cara mikirmu.”​—RM. 12:2.

LAGU: 56, 123

1, 2. Nèk kita dadi luwih akrab karo Yéhuwah, apa pengaruhé kanggo kita? Wènèhana conto.

BAYANGNA ana cah cilik sing dikèki hadiah. Bocah kuwi ngomong maturnuwun merga dikongkon wong tuwané. Ning, nèk bocah kuwi saya gedhé, dhèwèké bakal ngomong maturnuwun senajan ora dikongkon wong tuwané. Kuwi merga dhèwèké ngerti apa sebabé ngomong maturnuwun kuwi penting.

2 Wektu kita mulai sinau wulangan sing bener, kita ngerti nèk kudu manut pathokané Yéhuwah. Ning, nèk dadi luwih akrab karo Yéhuwah, kita isa nduwé cara mikiré Yéhuwah sing isa kétok saka keputusan lan tumindak kita. Kuwi merga kita luwih ngerti pandhangané Yéhuwah, yaiku apa waé sing disenengi lan digethingi Yéhuwah.

3. Apa sebabé nduwé cara mikiré Yéhuwah kuwi ora gampang?

3 Senajan seneng sinau bab cara mikiré Yéhuwah, kadhang kala nduwé cara mikiré Yéhuwah ora gampang merga kita ora sampurna. Contoné, kita ngerti pandhangané Yéhuwah bab getih, bandha, tingkah laku sing apik, gawéan nginjil, lan liyané. Ning, kadhang kala kita ora ngerti apa sebabé Yéhuwah nduwé pandhangan kaya ngono. Dadi, piyé kita isa nduwé cara mikiré Yéhuwah? Lan piyé kuwi isa mbantu kita nindakké sing bener kanggo saiki lan mbésuk?

CARANÉ BÈN ISA NDUWÉ CARA MIKIRÉ YÉHUWAH

4. Piyé carané ngowahi cara mikir?

4 Wacanen Roma 12:2. Ing ayat iki, Rasul Paulus nduduhké apa sing kudu ditindakké bèn nduwé cara mikiré Yéhuwah. Paulus ngomong, ”Aja nganti dipengaruhi karo donya iki manèh.” Kaya sing wis disinaoni ing artikel sakdurungé, kita kudu nolak cara mikiré donya. Ning, Paulus uga ngomong nèk kita kudu ngowahi cara mikir kita. Carané yaiku kita kudu sinau lan ngrenungké Alkitab, lan ngupaya kanggo nduwé cara mikiré Yéhuwah.

5. Terangna bédané maca karo sinau.

5 Sinau kuwi ora mung maca thok utawa nggolèki jawaban ing bahan kanggo sinau. Wektu sinau, kita mikirké sing isa kita sinaoni bab Yéhuwah, apa sing ditindakké, lan apa pandhangané Yéhuwah. Kita ngupaya kanggo ngerti apa sebabé Yéhuwah mènèhi préntah. Kita uga mikirké piyé carané ngetrapké sing disinaoni. Senajan mungkin ora isa mikirké kuwi kabèh, ning kita isa ngupaya nyisihké wektu kanggo ngrenungké sing wis diwaca, mungkin setengah saka wektu sing kita gunakké kanggo sinau.​—Ms. 119:97; 1 Tim. 4:15.

6. Apa manfaaté nèk kita ngrenungké Alkitab?

6 Ana manfaat sing isa kita rasakké nèk nduwé kebiasaan ngrenungké Alkitab. Kita isa ”mbuktèkké dhéwé”, utawa dadi yakin, nèk cara mikiré Yéhuwah kuwi sing paling apik. Kita dadi ngerti lan setuju karo pandhangané Yéhuwah. Terus, kita isa ngowahi cara mikir kita lan nduwé cara mikir sing anyar. Akhiré, kita isa nduwé cara mikiré Yéhuwah.

TUMINDAK DIPENGARUHI CARA MIKIR

7, 8. (a) Piyé pandhangané Yéhuwah bab bandha? (Deloken gambar ing kaca 27.) (b) Nèk kita nduwé cara mikiré Yéhuwah bab bandha, apa sing bakal kita utamakké?

7 Apa sing kita pikirké ana pengaruhé kanggo tumindak kita. (Mrk. 7:21-23; Yak. 2:17) Ayo dirembug conto-conto nèk nduwé cara mikiré Yéhuwah ana pengaruhé kanggo tumindak kita. Salah siji contoné yaiku bab lairé Yésus. Yéhuwah milih Yusuf lan Maria kanggo ngopèni Yésus senajan wong loro kuwi dudu wong sing sugih. (Km. 12:8; Luk. 2:24) Wektu Yésus lair, Maria ”ndèlèhké bocah kuwi ing wadhah pakan kéwan, merga ing penginepan wis ora ana kamar kanggo nginep”. (Luk. 2:7) Yéhuwah sakjané isa ngatur bèn Yésus dilairké ing panggonan sing luwih apik. Ning, Yéhuwah péngin Yésus diopèni karo keluarga sing ngutamakké bab-bab rohani, merga kuwi sing paling penting kanggo Yéhuwah.

8 Saka kisah kuwi, kita isa ngerti pandhangané Yéhuwah bab bandha. Ana wong tuwa sing péngin anak-anaké dadi wong suksès senajan kuwi isa ngrusak hubungané anak-anaké karo Yéhuwah. Ning, Yéhuwah nganggep nèk hubungan kita karo Dhèwèké kuwi sing paling penting. Apa panjenengan setuju karo pandhangané Yéhuwah? Nèk iya, kuwi kudu kétok saka tumindaké panjenengan.​—Wacanen Ibrani 13:5.

9, 10. Apa buktiné nèk kita nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah bab nggawé wong liya ora nduwé iman?

9 Ana conto liyané. Sedulur liya isa waé dadi ora nduwé iman nèk kita nyebabké dhèwèké nindakké dosa utawa ora ngabdi manèh. Piyé pandhangané Yéhuwah bab iki? Yésus ngomong, ”Sapa sing marahi wong-wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman, luwih becik kanggo dhèwèké dikalungi watu gilingan terus diuncalké ing laut.” (Mrk. 9:42) Kuwi masalah sing serius. Kita ngerti nèk Yésus nduwé pandhangan sing padha karo Bapaké. Dadi, Yéhuwah uga ora seneng wektu ana sing nggawé sedulur liya dadi ora nduwé iman.​—Yoh. 14:9.

10 Apa kita nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah lan Yésus? Nèk iya, kuwi kudu kétok saka tumindak kita. Contoné, piyé nèk pilihané kita bab pakaian lan dandanan nggawé sedulur liya tersinggung utawa nduwé pikiran sing ngeres? Nèk kita nresnani sedulur liya, kita bakal nggawé pilihan sing luwih wicaksana.​—1 Tim. 2:9, 10.

11, 12. Apa manfaaté nèk kita ngendhalèni dhiri lan sengit karo kabèh bab sing salah?

11 Conto sing katelu yaiku Yéhuwah sengit karo bab-bab sing salah. (Yé. 61:8) Yéhuwah ngerti nèk kita kadhang kala ora gampang kanggo nindakké sing bener merga kita ora sampurna. Senajan ngono, Yéhuwah péngin kita sengit karo bab-bab sing salah. (Wacanen Jabur 97:10.) Nèk ngrenungké apa sebabé Yéhuwah sengit karo bab-bab sing salah, kita isa nduwé cara mikiré Yéhuwah. Akhiré, kita isa ngedohi bab-bab sing salah.

Ana bab-bab sing klèru senajan ora ditulis ing Alkitab

12 Nèk sengit karo bab-bab sing salah, kita bakal isa nitèni bab-bab sing klèru senajan ora ditulis ing Alkitab. Contoné, ana tingkah laku cabul sing disebut tari pangkuan. Ana sing nganggep tarian kuwi ora salah merga mikir nèk kuwi ora padha karo nindakké hubungan sèks. * Ning, piyé pandhangané Yéhuwah? Élinga nèk Yéhuwah sengit karo kabèh bab sing salah. Dadi, kita kudu ngendhalèni dhiri lan sengit karo kabèh bab sing salah.​—Rm. 12:9.

MIKIRKÉ PANDHANGANÉ YÉHUWAH MULAI SAIKI

13. Apa sebabé kudu mikirké pandhangané Yéhuwah mulai saiki?

13 Wektu sinau Alkitab, kita kudu mikirké piyé pandhangané Yéhuwah merga iki isa mbantu kita nggawé keputusan sing bener. Dadi, wektu ana bab sing kudu ndang diputuské, kita wis siap lan ngerti apa sing kudu ditindakké. (WB. 22:3) Saiki, ayo digatèkké conto-conto ing Alkitab.

14. Apa sing isa disinaoni saka jawabané Yusuf marang bojoné Potifar?

14 Wektu dirayu karo bojoné Potifar, Yusuf isa langsung nolak. Yusuf sakdurungé mesthi wis mikirké pandhangané Yéhuwah bab urip bebojoan. (Wacanen Purwaning Dumadi 39:8, 9.) Yusuf ngomong karo bojoné Potifar, ”Kados pundi anggèn kawula badhé nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?” Iki bukti nèk Yusuf nduwé cara mikiré Yéhuwah. Nèk kita piyé? Apa sing bakal panjenengan tindakké nèk ana kanca kerja sing nggodha panjenengan? Utawa, piyé tanggepané panjenengan nèk ana sing ngirimi pesan utawa gambar sing cabul? * Nèk sakdurungé wis mikirké pandhangané Yéhuwah lan mutuské apa sing bakal ditindakké, kita dadi luwih gampang kanggo tetep setya marang Yéhuwah.

15. Piyé carané bèn tetep setya kaya Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo?

15 Gatèkna uga tuladhané Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo, cah-cah enom saka Ibrani. Wong telu kuwi langsung nolak wektu dikongkon Raja Nébukadnézar kanggo nyembah patung emas. Saka jawabané, kita isa ngerti nèk wong telu kuwi wis mikirké lan siap karo résikoné. (Pa. 20:4, 5; Dn. 3:4-6, 12, 16-18) Apa piwulangé? Apa sing bakal panjenengan tindakké nèk dikongkon bos nyumbang dhuwit kanggo perayaan sing ana hubungané karo agama palsu? Aja ngentèni nganti kuwi kelakon, lagi mikirké apa sing kudu ditindakké. Mulai saiki kita kudu mikirké pandhangané Yéhuwah bab kuwi. Dadi, nèk ngadhepi keadaan kaya ngono, kita wis siap kanggo nindakké bab sing bener, kaya Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo.

Apa panjenengan riset dhisik, ngisi dokumèn mèdis, lan njelaské marang dokter? (Deloken paragraf 16)

16. Apa manfaaté ngrenungké cara mikiré Yéhuwah sakdurungé ngadhepi keadaan mèdis sing darurat?

16 Ngrenungké cara mikiré Yéhuwah bakal mbantu kita tetep setya wektu ana keadaan mèdis sing darurat. Pancèn kita nduwé tékad kanggo nolak transfusi darah utuh lan patang bagéan utama darah. (Kis. 15:28, 29) Ning, ana perawatan keséhatan nganggo darah sing kudu diputuské dhéwé karo wong Kristen manut pathokané Alkitab. Kapan kita kudu nggawé keputusan? Apa wektu ing rumah sakit, pas lagi lara lan dipeksa kanggo cepet-cepet nggawé keputusan? Mesthiné ora, ta? Mulai saiki kita kudu riset, ngisi dokumèn mèdis sing njelaské keputusan kita, lan ngomongké kuwi marang dokter kita. *

17-19. Apa sebabé kita kudu mikirké pandhangané Yéhuwah mulai saiki? Wènèhana conto.

17 Pikirna uga tanggepané Yésus wektu Pétrus kandha, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Panjenengan ora bakal ngalami kuwi kabèh.” Yésus mesthi wis mikirké dhisik apa kersané Yéhuwah kanggo dhèwèké. Yésus uga mikirké ramalan-ramalan sing bakal dhèwèké alami ing bumi. Kuwi nggawé Yésus tetep setya marang Yéhuwah lan lila ngurbanké uripé kanggo manungsa.​—Wacanen Matius 16:21-23.

18 Yéhuwah péngin kita dadi kancané lan ngupaya kanggo nginjil. (Mat. 6:33; 28:19, 20; Yak. 4:8) Isa waé ana sing sakjané niaté apik ning nggawé kita ora semangat, kaya Pétrus wektu ngalang-alangi Yésus. Misalé, panjenengan ditawani gaji sing luwih akèh karo bosé panjenengan, ning panjenengan kudu kerep lembur. Panjenengan ngerti nèk kuwi bakal ngganggu kegiatan ngibadah lan nginjil. Utawa nèk kowé isih sekolah, mungkin kowé kudu manggon adoh saka wong tuwamu kanggo nglanjutké sekolah. Sakdurungé kuwi kelakon, kowé kudu mikirké pandhangané Yéhuwah saiki bèn nduwé cara mikiré Yéhuwah. Kowé kudu ndonga, riset, lan ngomong karo keluarga utawa pinituwa sakdurungé nggawé keputusan. Banjur, kita isa nggawé keputusan sing wicaksana wektu ngadhepi kuwi kabèh. Kita isa ngerti sing kudu ditindakké merga wis mutuské kanggo ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah.

19 Kita isa mikirké keadaan-keadaan sing mungkin nguji kasetyan kita marang Yéhuwah. Pancèn, kita ora isa ngerti bakal ngadhepi keadaan apa waé. Ning, nèk ngrenungké cara mikiré Yéhuwah wektu sinau Alkitab pribadi, kita isa terus kèlingan sing wis disinaoni lan ngerti apa sing kudu ditindakké wektu ngadhepi keadaan apa waé. Dadi, wektu sinau Alkitab, kita isa mikirké pandhangané Yéhuwah, ngupaya bèn nduwé cara mikiré Yéhuwah, lan mikirké piyé kuwi isa mbantu kita nindakké sing bener kanggo saiki lan mbésuk?

MASA DEPANÉ WONG-WONG SING NDUWÉ PIKIRANÉ YÉHUWAH

20, 21. (a) Apa sebabé kita isa bébas ing donya anyar? (b) Apa sing isa nggawé kita seneng saiki?

20 Wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi mesthi péngin kuwi ndang kelakon. Ing pamréntahané Gusti Allah, kita isa bébas saka penyakit lan kesusahan. Kita ya isih nduwé kebébasan kanggo nggawé keputusan dhéwé.

21 Senajan kita nduwé kebébasan, kuwi tetep ana batesé. Kita tetep kudu nggawé keputusan sing cocog karo pathokan lan cara mikiré Yéhuwah. Kita bener-bener seneng lan ngrasa ayem. (Ms. 37:11) Karo ngentèni kuwi kabèh kelakon, kita saiki ya isa seneng nèk nduwé cara mikiré Yéhuwah.

^ par. 12 Tari pangkuan kuwi salah siji jenis tarian cabul. Penari sing dibayar nganggo klambi sing sèksi lan nari ing pangkuané wong liya. Bergantung situasiné, tari pangkuan isa waé dianggep klebu hubungan sèks sing ora sah lan para pinituwa isa mbentuk panitia pengadilan. Wong-wong Kristen sing tau nonton utawa nindakké kuwi kudu njaluk bantuan saka para pinituwa.​—Yak. 5:14, 15.

^ par. 14 Ngirim chat, foto, utawa video sing cabul kuwi disebut sexting. Para pinituwa isa waé mbentuk panitia pengadilan kanggo nangani kasus kaya ngono. Ana kasus-kasus sexting sing dianggep kejahatan sèksual lan cah-cah enom sing nindakké kuwi isa dicekel polisi. Kanggo katrangan luwih akèh, deloken artikel ing jw.org ”Pertanyaan Anak Muda—Apa yang Perlu Aku Ketahui tentang Sexting?(Deloken ing AJARAN ALKITAB > ANAK MUDA.) Utawa deloken artikel ”Mengajar Anak tentang Bahaya Sexting” ing Sedarlah! sasi November 2013 kaca 4-5.

^ par. 16 Kanggo katrangan luwih akèh bab pathokané Alkitab soal kuwi, panjenengan isa ndelok ing buku Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah kaca 246-249.