Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Panjenengan Dipengaruhi karo Sapa?

Panjenengan Dipengaruhi karo Sapa?

”Aja nganti dipengaruhi karo donya iki manèh.”​—RM. 12:2.

LAGU: 88, 45

1, 2. (a) Piyé tanggepané Yésus wektu dikandhani Pétrus? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Apa sebabé Yésus ngomong kaya ngono?

PARA murid kagèt banget. Para murid ngira nèk Yésus bakal nggawé kerajaan Israèl pulih manèh, ning Yésus malah kandha nèk ora suwé manèh bakal ngalami sengsara lan mati. Rasul Pétrus langsung ngomong, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Panjenengan ora bakal ngalami kuwi kabèh.” Tapi, Yésus njawab, ”Lungaa saka ngarepku, Sétan! Kowé ngalang-alangi aku, merga sing kok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, nanging pikirané manungsa.”​—Mat. 16:21-23; Kis. 1:6.

2 Omongané Yésus kuwi nandheské nèk pikirané Yéhuwah béda karo pikirané wong-wong ing donya sing dikuwasani Sétan iki. (1 Yoh. 5:19) Pétrus péngin bèn Yésus ngutamakké kepentingané dhéwé, kaya cara mikiré wong-wong ing donya iki. Ning, Yésus ngerti nèk Yéhuwah péngin Yésus siap-siap sakdurungé ngalami sengsara lan mati. Jawabané Yésus nduduhké nèk cara mikiré Yésus padha karo Yéhuwah. Yésus ora gelem dipengaruhi karo cara mikiré donya.

3. Apa sebabé nduwé cara mikir sing padha karo Yéhuwah kuwi ora gampang?

3 Merga dadi wong Kristen, kita mesthi ngupaya bèn tumindak kita nyenengké Yéhuwah. Ning, piyé cara mikiré kita? Apa cara mikiré kita kaya Yéhuwah utawa kaya wong-wong ing donya iki? Ngupaya nduwé cara mikiré Yéhuwah pancèn ora gampang merga cara mikiré wong-wong ing donya iki wis nyebar ing ngendi-endi. (Éf. 2:2) Dadi, isa waé kita kegodha kanggo mikir kaya wong-wong ing donya iki sing seneng ngutamakké kepentingané dhéwé. Mula, kita perlu ngupaya tenanan bèn ora nduwé cara mikiré wong-wong ing donya iki.

4. (a) Apa akibaté nèk nduwé cara mikiré wong-wong ing donya iki? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Nèk nduwé cara mikiré wong-wong ing donya iki, kita isa dadi ngutamakké kepentingané dhéwé, lan kita dadi péngin nemtokké dhéwé sing bener lan sing salah. (Mrk. 7:21, 22) Mula, kita kudu sinau ”pikirané Gusti Allah”, dudu ”pikirané manungsa”. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug apa sebabé nèk nduwé cara mikiré Yéhuwah ora nggawé kita rumangsa dibatesi, ning malah ana manfaaté. Kita uga bakal sinau piyé carané bèn ora nduwé cara mikiré wong-wong ing donya iki. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug piyé carané bèn isa nduwé cara mikiré Yéhuwah.

NDUWÉ CARA MIKIRÉ YÉHUWAH KUWI ANA MANFAATÉ

5. Apa sebabé ana sing ora péngin dipengaruhi karo wong liya?

5 Ana sing ora péngin dipengaruhi karo wong liya. Mungkin wong-wong kuwi péngin nggawé keputusan dhéwé lan rumangsa nduwé hak kanggo nindakké kuwi. Wong-wong sing kaya ngono ora péngin diatur-atur utawa dipeksa bèn dadi kaya wong liya. *

6. (a) Yéhuwah ngekèki kita kebébasan kanggo apa? (b) Apa kebébasan kuwi ora ana batesé?

6 Senajan ngupaya nduwé cara mikiré Yéhuwah, kita isih isa nggawé keputusan dhéwé. Loro Korintus 3:17 kandha, ”Ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah, ing kono ana kemerdékaan.” Yéhuwah ngekèki kebébasan kanggo kita. Kita isa nggawé keputusan dhéwé lan nemtokké apa sing kita senengi. Senajan nduwé kebébasan, ning kuwi tetep ana batesé. (Wacanen 1 Pétrus 2:16.) Yéhuwah mènèhi tuntunan liwat Alkitab bèn kita isa ngerti sing salah lan bener. Apa kuwi mbatesi, utawa malah ana manfaaté?

7, 8. Apa pathokan-pathokané Yéhuwah kuwi nggawé kita rumangsa dibatesi? Wènèhana conto.

7 Gambarané ngéné: Wong tuwa mesthi ngupaya ngajari anak-anaké bèn jujur, seneng kerja keras, lan perduli karo wong liya. Kuwi tujuané ora kanggo nggawé bocah kuwi dadi rumangsa dibatesi, ning bèn bocah kuwi isa urip bahagia. Nèk wis gedhé lan ora manggon bareng wong tuwané manèh, dhèwèké isa bébas nggawé keputusan dhéwé. Nèk terus ngetrapké dhidhikané wong tuwané, dhèwèké bakal isa nggawé keputusan sing wicaksana lan ora ngalami akèh masalah, rasa kuwatir, utawa rasa gela.

Yéhuwah péngin kita nduwé cara mikiré lan ngetrapké pathokan-pathokané

8 Yéhuwah kuwi kaya wong tuwa sing apikan, sing péngin anak-anaké urip bahagia. (Yé. 48:17, 18) Mula, Yéhuwah ngandhani pathokan-pathokan bab tumindak sing apik. Yéhuwah péngin kita nduwé cara mikiré lan ngetrapké pathokan-pathokan kuwi. Kuwi ora nggawé kita rumangsa dibatesi, malah isa mbantu kita nggawé keputusan sing bener. (Ms. 92:6; WB. 2:1-5; Yé. 55:9) Kita tetep isa nggawé keputusan dhéwé. Ning, keputusan sing dituntun karo pathokané Yéhuwah bakal nggawé kita seneng. (Ms. 1:2, 3) Dadi, nduwé cara mikiré Yéhuwah kuwi akèh manfaaté kanggo kita.

CARA MIKIRÉ YÉHUWAH LUWIH UNGGUL

9, 10. Apa buktiné nèk cara mikiré Yéhuwah kuwi luwih unggul timbang cara mikiré donya iki?

9 Alesan liya kita péngin nduwé cara mikiré Yéhuwah yaiku merga cara mikiré Yéhuwah luwih unggul timbang cara mikiré donya iki. Akèh wong ing donya iki ngekèki naséhat bab tumindak sing apik, carané bèn keluarga bahagia, lan carané bèn suksès. Ning, akèh-akèhé naséhat kuwi ora cocog karo cara mikiré Yéhuwah. Contoné, akèh wong ing donya luwih ngutamakké kepentingané dhéwé lan kandha nèk hubungan sèks sing ora sah kuwi ora salah. Kadhang kala, ana sing ngekèki saran kanggo pisahan utawa pegatan mung merga masalah sepélé. Naséhat-naséhat kuwi ora cocog babar blas karo ajarané Alkitab. Ning, apa naséhaté Alkitab wis ketinggalan jaman?

10 Yésus kandha, ”Kawicaksanané wong kebukti bener saka tumindaké.” (Mat. 11:19) Senajan tèknologi saya maju, kuwi ora isa ngrampungi masalah-masalah, kaya perang, prasangka ras, lan kejahatan. Terus, akèh wong ya ngakoni nèk hubungan sèks sing ora sah nyebabké masalah keluarga, keséhatan, lan liyané. Ning, wong Kristen sing nduwé cara mikiré Yéhuwah isa nduwé keluarga sing luwih bahagia, isa luwih séhat, lan isa rukun karo kabèh umaté Yéhuwah. (Yé. 2:4; Kis. 10:34, 35; 1 Kor. 6:9-11) Iki dadi bukti nèk cara mikiré Yéhuwah luwih unggul timbang cara mikiré donya iki.

11. Musa nduwé cara mikiré sapa, lan apa hasilé?

11 Para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn uga ngakoni nèk cara mikiré Yéhuwah luwih unggul. Contoné, senajan didhidhik nganggo ”pendidikan sing paling apik ing Mesir”, Musa ngerti nèk kawicaksanan sing sejati kuwi asalé mung saka Yéhuwah. (Kis. 7:22; Ms. 90:12) Dadi, Musa njaluk marang Yéhuwah, ”Ajarana aku bab dalan-dalan-Mu.” (Pa. 33:13, Terjemahan Dunia Baru) Merga Musa gelem nggunakké cara mikiré Yéhuwah, akhiré Musa digunakké Yéhuwah kanggo mujudké kersané. Yéhuwah uga nganggep Musa wong sing imané kuwat.​—Ibr. 11:24-27.

12. Paulus nggawé keputusan manut apa?

12 Rasul Paulus kuwi wong sing pinter, pendidikané dhuwur, lan isa ngomong nganggo basa Ibrani lan Yunani. (Kis. 5:34; 21:37, 39; 22:2, 3) Ning, Paulus ora gelem dipengaruhi cara mikiré donya. Dhèwèké nggawé keputusan manut hukumé Yéhuwah. (Wacanen Kisah 17:2; 1 Korintus 2:6, 7, 13.) Hasilé, Paulus suksès ing gawéan nginjil lan nduwé harapan kanggo éntuk berkah sing langgeng.​—2 Tim. 4:8.

13. Mutuské kanggo nduwé cara mikiré Yéhuwah kuwi tanggung jawabé sapa?

13 Dadi, cara mikiré Yéhuwah luwih unggul timbang cara mikiré donya. Kita isa bener-bener seneng nèk manut pathokané Yéhuwah. Ning, Yéhuwah ora meksa kita. Para pinituwa, lan ”budhak sing setya lan wicaksana” ya ora isa meksa kita. (Mat. 24:45; 2 Kor. 1:24) Saben wong nduwé tanggung jawab kanggo mutuské arep nduwé cara mikiré Yéhuwah apa ora. Piyé carané?

AJA NGANTI DIPENGARUHI KARO CARA MIKIRÉ DONYA

14, 15. (a) Apa sing kudu kita pikirké bèn isa nduwé cara mikiré Yéhuwah? (b) Apa sebabé kita ora gelem dipengaruhi cara mikiré donya? Wènèhana conto.

14 Roma 12:2 kandha, ”Aja nganti dipengaruhi karo donya iki manèh. Nanging, maliha nganggo cara ngowahi cara mikirmu, supaya kowé isa mbuktèkké dhéwé kersané Gusti Allah sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Panjenengané.” Dadi, ora masalah kaya apa cara mikir kita sakdurungé sinau Alkitab, kita isa ngowahi kuwi bèn padha karo cara mikiré Yéhuwah. Senajan cara mikir kita isa waé dipengaruhi karo faktor keturunan utawa pengalaman, kuwi isa berubah manut karo apa sing kita pilih kanggo dipikirké. Wektu mikirké pathokané Yéhuwah, kita bakal ngerti nèk cara mikiré Yéhuwah mesthi bener. Terus, kita bakal péngin niru cara mikiré Yéhuwah.

15 Ning, kita kudu ngupaya bèn ora ”dipengaruhi karo donya iki”. Dadi, aja nonton, maca, lan ngrungokké apa waé sing isiné ora cocog karo cara mikiré Yéhuwah. Kuwi isa dipadhakké karo panganan. Nèk ana wong sing péngin urip séhat, dhèwèké mesthi mangan panganan sing séhat. Ning, nèk dhèwèké uga kerep mangan panganan sing beracun, dhèwèké akhiré bakal lara. Dadi, kita ora isa nduwé cara mikiré Yéhuwah nèk kita uga gelem dipengaruhi cara mikiré donya.

16. Apa sing kudu kita tolak?

16 Merga isih urip ing donya, kita ora isa bener-bener bébas saka pengaruh cara mikiré donya iki. (1 Kor. 5:9, 10) Wektu nginjil waé kita ya krungu pendapat lan kepercayaané wong liya sing klèru. Senajan ngono, kita isa milih arep terus mikirké kuwi utawa arep nolak. Kita péngin niru Yésus sing langsung nolak cara mikir sing salah saka Sétan. Bèn isa nolak cara mikiré donya, kita kudu ngedohi apa waé sing isa nggawé kita kena pengaruh saka donya.​—Wacanen Wulang Bebasan 4:23.

17. Piyé carané bèn ora nganti kena pengaruhé donya iki?

17 Contoné, kita kudu ngati-ati wektu milih kanca. Alkitab ngélikké nèk cara mikir kita isa dipengaruhi merga akrab karo kanca-kanca sing ora nyembah Yéhuwah. (WB. 13:20; 1 Kor. 15:12, 32, 33) Kita uga kudu ngati-ati wektu milih hiburan. Kita perlu nolak hiburan sing ngracuni pikiran, misalé sing isiné ndhukung téori évolusi, kekerasan, utawa tumindak bejat. Kuwi kabèh ”ora cocog karo pangertèn bab Gusti Allah”.​—2 Kor. 10:5.

Apa panjenengan mbantu anak-anak kanggo nolak hiburan sing salah? (Deloken paragraf 18, 19)

18, 19. (a) Apa sebabé kita ngati-ati karo apa sing kétoké ora klèru ning sakjané nduduhké cara mikiré donya iki? (b) Pitakonan apa waé sing kuduné kita pikirké lan apa sebabé?

18 Kita kudu ngati-ati lan nolak apa sing kétoké ora klèru ning sakjané nduduhké cara mikiré donya iki. Contoné, ana laporan berita sing ndhukung bab politik. Sing liyané nyritakké kesuksèsan sing diunggulké donya iki. Ana film lan buku sing isiné nggawé kita mikir nèk ngutamakké kepentingané dhéwé utawa keluarga dadi kétok bener lan masuk akal. Ning, kuwi ora cocog karo Alkitab. Alkitab kandha keluarga kita bakal bahagia nèk ngutamakké Yéhuwah. (Mat. 22:36-39) Senajan kétoké ora salah, ning isa waé ana kartun, buku, utawa film sing nggawé bocah-bocah mikir nèk tumindak bejat ora klèru.

19 Ning, kuwi ora berarti nèk kabèh hiburan salah. Kita kudu mikir, ’Apa aku isa nitèni nèk ana hiburan sing kétoké ora klèru ning sakjané nduduhké cara mikiré donya iki? Apa aku ngati-ati wektu milih acara TV lan buku kanggo aku lan anak-anakku? Apa aku mbantu anak-anakku nduwé cara mikiré Yéhuwah bèn ora kena pengaruhé cara mikiré donya?’ Nèk isa mbédakké cara mikiré Yéhuwah saka cara mikiré donya, kita ora bakal ”dipengaruhi karo donya iki”.

PANJENENGAN DIPENGARUHI KARO SAPA?

20. Kita milih dipengaruhi karo sapa?

20 Kita kudu éling nèk informasi kuwi asalé isa saka Yéhuwah utawa saka Sétan lan donyané. Cara mikiré kita dipengaruhi karo asalé informasi sing kita tampa. Nèk nduwé cara mikiré donya, kita isa mikir lan tumindak kaya wong-wong ing donya sing ngutamakké kepentingané dhéwé. Mula, kita kudu ngati-ati karo apa sing kita tonton, waca, rungokké, lan pikirké.

21. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

21 Ing artikel iki, kita wis sinau nèk péngin nduwé cara mikiré Yéhuwah kita kudu ngedohi cara mikiré donya. Kita uga perlu mikirké pathokané Yéhuwah. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug kuwi.

^ par. 5 Sakjané wong sing ora péngin diatur-atur kuwi ya dipengaruhi wong liya. Contoné, wektu mikirké bab asal-usulé manungsa, utawa wektu nggawé pilihan bab dandanan, kita tetep dipengaruhi karo wong liya senajan mung sithik. Ning, kita isa milih arep dipengaruhi karo sapa.