Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Percaya marang Yéhuwah

Terusa Percaya marang Yéhuwah

”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging atimu, lan aja suméndhé marang pangretènmu dhéwé.”​—WB. 3:5.

LAGU: 3, 8

1. Apa sebabé kita butuh dikuwatké?

KITA kabèh butuh dikuwatké. Mungkin kuwi merga urip saiki nggawé kita kuwatir lan kecewa. Kita isa waé ngrasa susah merga ngalami tumindak ora adil, lara-laranen, dadi tuwa, utawa ditinggal mati wong sing ditresnani. Wong-wong saiki uga dadi tambah jahat. Keadaan sing angèl diadhepi iki dadi bukti nèk kita urip ing ”dina-dina pungkasan”, lan sedhéla manèh bakal ana donya anyar. (2 Tim. 3:1) Ning, kita isa waé wis suwé ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon lan ngalami akèh kesusahan. Dadi, apa sing isa nguwatké kita?

2, 3. (a) Apa sing isa kita ngertèni bab Habakuk? (b) Apa sebabé kita bakal ngrembug buku Habakuk?

2 Jawaban saka pitakonan kuwi ana ing buku Habakuk. Senajan Alkitab ora mènèhi akèh katrangan bab uripé Habakuk, ning buku Habakuk isa nguwatké kita. Jeneng Habakuk kuwi mungkin artiné ”Pelukan”. Kuwi isa waé nduduhké carané Yéhuwah nglipur, kaya-kayané lagi meluk kita. Utawa, kuwi isa uga nduduhké nèk kita percaya karo Yéhuwah, kaya bocah sing cekelan kenceng karo bapaké. Habakuk tau takon karo Yéhuwah, lan Yéhuwah njawab kabèh pitakonané. Terus, Yéhuwah ngongkon Habakuk nyathet kuwi kabèh bèn kita uga isa éntuk manfaaté.​—Hb. 2:2.

3 Kita isa ngerti bab Habakuk saka omong-omongané karo Yéhuwah. Senajan isiné mung omong-omongan, buku Habakuk dadi bagéan saka ”Tulisan-Tulisan Suci”. Kuwi isa ’mbantu kita tekun lan mènèhi panglipuran’ sarta ”mènèhi kita pangarep-arep”. (Rm. 15:4) Buku iki uga mbantu kita kabèh bèn isa ngerti apa maksudé percaya marang Yéhuwah. Ramalané Habakuk isa nggawé kita yakin nèk kita isa tetep nduwé pikiran sing ayem senajan ngadhepi masalah lan kesusahan.

NDONGA MARANG YÉHUWAH

4. Apa sebabé Habakuk sedhih banget?

4 Wacanen Habakuk 1:2, 3Habakuk urip ing jaman sing susah. Wektu kuwi wong-wong Israèl padha tumindak jahat lan kejem, lan kuwi nggawé dhèwèké sedhih banget. Habakuk mungkin mikir, ’Nganti kapan keadaan kaya ngéné bakal tetep ana? Kenapa Yéhuwah ora ndang tumindak?’ Merga ngrasa nèk kaya-kayané wis ora ana harapan, Habakuk njaluk Yéhuwah kanggo tumindak. Habakuk isa waé mulai mikir nèk Yéhuwah ora perduli manèh karo umaté, utawa nganggep nèk Yéhuwah ora bakal tumindak. Apa panjenengan uga ngrasa kaya Habakuk?

Aja wedi crita karo Yéhuwah soal apa sing kita rasakké

5. Apa sing isa kita sinaoni saka buku Habakuk? (Deloken gambar ing kaca 15.)

5 Apa Habakuk wis ora percaya manèh karo Yéhuwah lan janjiné? Ora ngono. Sakjané kuwi malah nduduhké nèk Habakuk percaya marang Yéhuwah. Habakuk mesthi kuwatir lan bingung. Dhèwèké ora ngerti ngapa Yéhuwah meneng waé, lan kenapa Yéhuwah ngejarké kabèh kesusahan. Ning, dhèwèké tetep njaluk bantuané Yéhuwah. Dadi, apa piwulangé? Nèk kita kuwatir, aja wedi crita karo Yéhuwah merga Yéhuwah péngin kita ndonga lan nyampèkké apa sing kita rasakké. (Ms. 50:15; 62:9) Habakuk ngetrapké Wulang Bebasan 3:5, ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging atimu, lan aja suméndhé marang pangretènmu dhéwé.” Kita uga péngin niru Habakuk.

6. Apa sebabé ndonga kuwi penting?

6 Habakuk percaya lan ngupaya kanggo nyedhak marang Yéhuwah, sing dadi Sahabat lan Bapaké. Habakuk ora mikirké kepentingané dhéwé lan nyoba ngowahi keadaan nganggo carané dhéwé. Ning, Habakuk ndonga lan nyritakké rasa kuwatiré. Iki dadi conto sing apik kanggo kita kabèh. Yéhuwah ngrungokké donga kita. Yéhuwah péngin kita percaya lan nyritakké apa sing kita pikirké. (Ms. 65:3) Nèk nindakké iki, kita bakal ndelok dhéwé carané Yéhuwah njawab donga kita. Kita bakal ngrasakké nèk Yéhuwah nglipur kita, kaya-kayané lagi meluk kita. (Ms. 73:23, 24) Yéhuwah péngin mbantu kita ngerti pandhangané bab kesusahan sing kita adhepi. Dadi, donga kuwi salah siji cara kanggo nduduhké nèk kita percaya marang Yéhuwah.

MANUTA KARO YÉHUWAH

7. Piyé tanggepané Yéhuwah wektu Habakuk nyritakké perasaané?

7 Wacanen Habakuk 1:5-7. Sakwisé nyritakké rasa kuwatiré marang Yéhuwah, Habakuk péngin ngerti apa tanggepané Yéhuwah. Kaya Bapak sing nresnani anaké, Yéhuwah paham perasaan lan kesusahan sing diadhepi Habakuk. Yéhuwah ora nesu wektu Habakuk njaluk bantuané, malah Yéhuwah ngandhani apa sing bakal ditindakké marang wong Yahudi sing tumindak ala. Isa waé Habakuk dadi wong pertama sing diomongi bab hukuman sing ora suwé manèh bakal ditindakké karo Yéhuwah.

8. Apa sebabé jawabané Yéhuwah ora kaya sing dikarepké Habakuk?

8 Yéhuwah njelaské nèk Dhèwèké bakal ndang tumindak. Yéhuwah bakal ngukum wong-wong Yéhuda sing jahat lan kejem. Yéhuwah kandha nèk kuwi bakal kelakon wektu Habakuk utawa wong-wong Israèl kuwi isih urip. Jawabané Yéhuwah pancèn ora kaya sing dikarepké Habakuk. Wong-wong Kasdim, utawa Babilon, luwih kejem timbang wong-wong Israèl. Dadi, apa sebabé Yéhuwah nggunakké bangsa sing kejem iki kanggo ngukum umaté? Iki malah nambah kesusahané wong-wong Yéhuda. * Kira-kira piyé perasaané Habakuk?

9. Habakuk takon apa manèh karo Yéhuwah?

9 Wacanen Habakuk 1:12-14, 17. Habakuk bingung kenapa Yéhuwah nggunakké Babilon kanggo ngukum wong-wong jahat ing Yéhuda wektu kuwi. Ning, Habakuk tetep rendah hati lan percaya marang Yéhuwah. Malah, Habakuk tetep nganggep nèk Yéhuwah kaya ”Redi [utawa, Gunung] Parang”. (PT. 32:4; Yé. 26:4) Habakuk yakin nèk Yéhuwah kuwi apikan lan sayang karo umaté. Mula, dhèwèké wani takon manèh: Apa sebabé Yéhuwah ngejarké keadaan dadi luwih parah lan umaté saya susah? Apa sebabé Yéhuwah ora langsung tumindak? Apa sebabé Yéhuwah meneng waé lan ngejarké kejahatan? Padahal, Yéhuwah kuwi ”Ingkang Mahasuci” lan ”boten karsa mirsani piawon”.

10. Apa sebabé kita isa waé ngrasa kaya Habakuk?

10 Kadhang kala, kita uga ngrasa kaya Habakuk. Kita manut lan percaya karo Yéhuwah. Kita sinau Alkitab lan ngrungokké sing diwulangké organisasiné Yéhuwah bèn tetep yakin nèk janji-janjiné Yéhuwah bakal kelakon. Ning, kita isa waé takon, ’Kapan ora ana kesusahan manèh?’ Saiki ayo sinau saka tumindaké Habakuk sakbanjuré.

SABAR NGENTÈNI YÉHUWAH

11. Apa tékadé Habakuk?

11 Wacanen Habakuk 2:1. Sakwisé omong-omongan karo Yéhuwah, atiné Habakuk dadi ayem. Kuwi uga nggawé Habakuk nduwé tékad tetep sabar ngentèni Yéhuwah kanggo tumindak. Habakuk kandha, ”Kawula badhé kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan.” (Hb. 3:16) Kita uga isa niru tuladhané para abdiné Yéhuwah liyané sing tetep sabar ngentèni Yéhuwah tumindak.​—Mi. 7:7; Yak. 5:7, 8.

Kudu sabar ngentèni Yéhuwah tumindak lan percaya nèk Yéhuwah bakal nyingkirké kesusahan ing wektu sing wis dijadwalké

12. Apa sing isa kita sinaoni saka Habakuk?

12 Apa piwulangé? Sing kapisan, terusa ndonga lan nyritakké kesusahan sing lagi diadhepi marang Yéhuwah. Sing kapindho, manuta karo arahané Yéhuwah sing disampèkké liwat Alkitab lan organisasiné. Sing katelu, kudu sabar ngentèni Yéhuwah tumindak lan percaya nèk Yéhuwah bakal nyingkirké kesusahan ing wektu sing wis dijadwalké. Nèk niru Habakuk, kita isa nduwé pikiran sing ayem tentrem lan tetep tekun. Harapan sing kita duwèni isa nggawé kita tetep sabar lan bungah ora masalah kesusahan apa waé sing diadhepi. Kita yakin nèk Yéhuwah bakal tumindak.​—Rm. 12:12.

13. Piyé carané Yéhuwah nglipur Habakuk?

13 Wacanen Habakuk 2:3. Kita isa yakin nèk Yéhuwah mesthi seneng wektu Habakuk sabar ngentèni. Yéhuwah uga ngerti tenan apa sing nggawé Habakuk susah, dadi Yéhuwah nglipur Habakuk lan nggawé Habakuk yakin nèk Yéhuwah bakal ndang tumindak. Dadi, kaya-kayané Yéhuwah kandha, ”Sabar waé lan percayaa karo Aku. Senajan kétoké suwé, dongamu mesthi tak jawab.” Yéhuwah kandha marang Habakuk nèk Dhèwèké wis nggawé keputusan bab kapan bakal netepi janjiné. Mula, Yéhuwah péngin Habakuk tetep sabar ngentèni. Habakuk ora bakal gela nèk nindakké kuwi.

Apa sebabé kita péngin ngupaya kanggo terus ngabdi marang Yéhuwah? (Deloken paragraf 14)

14. Apa sing kudu ditindakké wektu ngalami masalah sing abot?

14 Kaya Habakuk, kita kudu sabar ngentèni Yéhuwah tumindak lan manut arahané. Nèk ngono, kita bakal yakin karo Yéhuwah lan nduwé pikiran sing ayem senajan ngalami masalah sing abot. Yésus ngandhani kita bèn ora terus mikirké kapan ”mangsa lan wektuné kuwi”, merga Yéhuwah ora ngandhani kita bab kuwi. (Kis. 1:7) Kita kudu percaya nèk Yéhuwah ngerti wektu sing cocog kanggo tumindak. Mula, kita kudu tetep rendah hati lan aja nyerah. Kita uga kudu sabar lan nduwé iman marang Yéhuwah. Karo ngentèni Yéhuwah tumindak, kita péngin terus nglayani Yéhuwah.​—Mrk. 13:35-37; Gal. 6:9.

YÉHUWAH MBERKAHI WONG SING PERCAYA

15, 16. (a) Janji apa waé sing disebutké ing buku Habakuk? (b) Apa sing isa disinaoni saka janji kuwi?

15 Yéhuwah janji, ”Wong kang bener iku uripé awit saka pracayané”, lan ”bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yéhuwah”. (Hb. 2:4, 14) Dadi, Yéhuwah janji bakal mènèhi urip langgeng nèk kita terus sabar lan percaya marang Yéhuwah.

16 Janji ing Habakuk 2:4 kuwi penting banget. Saking pentingé, ayat kuwi dikutip karo Rasul Paulus nganti ping telu ing suraté. (Rm. 1:17; Gal. 3:11; Ibr. 10:38) Ora soal masalah apa waé sing lagi diadhepi, kita bakal ndelok janjiné Yéhuwah kelakon nèk kita percaya karo Dhèwèké. Yéhuwah péngin kita terus mikirké harapan ing masa depan.

17. Nèk kita terus percaya marang Yéhuwah, kita isa éntuk berkah apa?

17 Piwulang saka buku Habakuk isa nguwatké kita kabèh sing urip ing dina-dina pungkasan iki. Yéhuwah janji nèk bakal mènèhi urip langgeng kanggo sapa waé sing percaya marang Yéhuwah. Dadi, kita perlu terus percaya marang Yéhuwah ora masalah apa waé kesusahan lan kekuwatiran sing kita adhepi. Omongané Yéhuwah marang Habakuk isa nggawé kita yakin nèk Dhèwèké bakal ndhukung lan nylametké kita. Yéhuwah péngin kita terus percaya lan sabar ngentèni Kratoné Allah mréntah bumi. Wektu kuwi, kabèh abdiné Yéhuwah bakal ngrasakké bungah lan ayem tentrem.​—Mat. 5:5; Ibr. 10:36-39.

PERCAYAA MARANG YÉHUWAH LAN DADIA BUNGAH

18. Piyé omongané Yéhuwah isa nguwatké Habakuk?

18 Wacanen Habakuk 3:16-19. Omongané Yéhuwah nguwatké Habakuk. Habakuk dadi mikirké tenanan apa waé sing wis Yéhuwah tindakké marang umaté ing jaman mbiyèn. Saiki, Habakuk tambah percaya nèk Yéhuwah bakal tumindak. Senajan Habakuk isih ngrasakké susah, Habakuk ora kuwatir manèh lan ngrasa dikuwatké. Malah, Habakuk dadi nduwé iman sing kuwat nèk Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké. Ayat 18 nduduhké nèk Habakuk percaya banget marang Yéhuwah. Ana ahli sing kandha nèk ayat iki isa diterjemahké dadi, ”Saking senengé merga Gusti aku bakal mlumpat-mlumpat; Aku bakal njogèd-njogèd merga kabungahan saka Gusti Allah.” Iki bener-bener nguwatké kita kabèh. Yéhuwah ora mung mènèhi jaminan kanggo urip mbésuk, ning uga nggawé kita yakin nèk sedhéla manèh janjiné Yéhuwah bakal kelakon.

19. Kaya Habakuk, piyé kita isa dikuwatké karo Yéhuwah?

19 Saka buku Habakuk, kita isa sinau pentingé percaya marang Yéhuwah. (Hb. 2:4) Bèn isa percaya, kita kudu luwih cedhak marang Yéhuwah. Mula kita kudu: (1) Terus ndonga kanggo nyritakké rasa kuwatir lan apa sing kita pikirké marang Yéhuwah. (2) Manut karo arahané Yéhuwah sing disampèkké liwat Alkitab lan organisasiné. (3) Tetep setya lan sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. Kuwi kabèh sing ditindakké Habakuk. Senajan awalé ngrasa susah banget, ning sakwisé omong-omongan karo Yéhuwah akhiré Habakuk dikuwatké lan isa bungah. Nèk niru Habakuk, kita uga bakal dikuwatké karo Yéhuwah.

^ par. 8 Habakuk 1:5 nggunakké ”sira [utawa, kowé]” ing bentuk jamak. Kuwi nduduhké nèk kabèh wong-wong Yéhuda bakal ditindhes karo wong-wong Babilon.