Apikan marang Wong sing Ora Dikenal
”Aja padha lali awèh pamondhokan [Apikan marang Wong sing Ora Dikenal].”—IB. 13:2.
LAGU: 21, 50
1, 2. (a) Tantangan apa waé sing saiki diadhepi akèh wong asing? (Deloken gambar ndhuwur.) (b) Paulus mènèhi pangéling-éling apa, lan pitakonan-pitakonan apa sing bakal dirembug?
LUWIH saka 30 taun kepungkur, Osei, sing durung dadi Seksi Yéhuwah, pindhah saka Ghana menyang Eropa. [1] (Deloken katrangan ing kaca 8.) Osei kandha, ”Aku rumangsa nèk akèh-akèhé wong ora perduli karo aku. Cuacané uga béda banget karo negaraku. Wektu metu saka bandara aku kadhemen banjur nangis.” Wis setaun luwih Osei durung éntuk gawéan sing cocog, merga kangèlan sinau basané. Osei uga kangen karo keluargané lan kesepian merga adoh saka omahé.
2 Bayangna nèk panjenengan ngalami kahanan kaya ngono. Panjenengan mesthi seneng banget wektu ing Balé Ibadah ketemu wong-wong sing ramah lan ora mbédak-mbédakké werna kulit utawa negara asalé panjenengan. Alkitab kandha wong Kristen sing sejati kudu apikan marang wong sing ora dikenal. (Ib. 13:2) Mula, ayo dirembug pitakonan-pitakonan iki: Piyé perasaané Yéhuwah marang wong sing ora dikenal? Apa perlu ngowahi perasaané awaké dhéwé marang wong sing ora dikenal? Lan piyé carané mbantu wong saka negara liya bèn isa nyaman ing jemaat?
PANDHANGANÉ YÉHUWAH MARANG WONG SING ORA DIKENAL
3, 4. Nurut Pangentasan 23:9, Yéhuwah péngin wong Israèl tumindak piyé marang wong asing, lan apa sebabé?
3 Sakwisé Yéhuwah mbébaské umaté saka Mesir, Yéhuwah maringi hukum supaya wong Israèl apikan marang wong sing ora dikenal sing mèlu lunga bareng umaté. (Pa. 12:38, 49; 22:21) Senajan urip dadi wong asing kuwi ora gampang, ning Yéhuwah mesthi ngopèni. Contoné, wong asing éntuk njupuki sisa panèn sing ana ing ladhang.—Km. 19:9, 10.
4 Yéhuwah ora mung mréntahké wong Israèl bèn ngajéni wong asing, ning uga ngélingké piyé rasané wektu dadi wong asing. (Wacanen Pangentasan 23:9.) Malah sakdurungé dadi budhak ing Mesir, wong Israèl wis digethingi karo wong Mesir merga béda. (Pd. 43:32; 46:34; Pa. 1:11-14) Wong Israèl tau ngrasakké rekasané dadi wong asing. Mula, Yéhuwah péngin wong Israèl ngéling-éling kuwi lan apikan marang wong asing.—Km. 19:33, 34.
Yéhuwah apikan marang wong asing
5. Piyé awaké dhéwé isa niru Yéhuwah sing apikan marang wong asing?
5 Yéhuwah isih tetep padha. Mula, wektu ana wong asing teka ing jemaat, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah isih tetep apikan marang wong asing. (PT. 10:17-19; Ml. 3:5, 6) Coba pikirna tantangan sing mbokmenawa dialami wong asing. Contoné, isa waé ora mudheng basané lan ngalami tumindak sing ora adil. Mula, awaké dhéwé isa ngupaya apikan lan mbantu wong asing.—1 Pt. 3:8.
APA PERLU NGOWAHI PANDHANGAN MARANG WONG SING ORA DIKENAL?
6, 7. Apa buktiné nèk wong Kristen Yahudi abad kapisan ngupaya mbuwang prasangka?
6 Wong Kristen ing abad kapisan ngupaya mbuwang prasangka sing wis umum ing antarané wong Yahudi. Ing Péntakosta 33 M, wong Kristen Yahudi ing Yérusalèm seneng nampa tamu lan nresnani wong-wong saka negara liya. (PR. 2:5, 44-47) Kuwi bukti nèk wong Kristen Yahudi ngerti tegesé ”awèh pamondhokan”, yaiku ”apikan marang wong sing ora dikenal”.
7 Ning, wektu kuwi wong-wong Yahudi sing nganggo basa Yunani kandha nèk ana tumindak ora adil marang para randhané. (PR. 6:1) Kanggo ngrampungi masalah kuwi, para rasul milih wong lanang pitu kanggo mesthèkké bèn para randha mau digatèkké tenan. Wong lanang pitu kuwi nduwé jeneng Yunani, mbokmenawa bèn para randha mau ora nduwé prasangka.—PR. 6:2-6.
8, 9. (a) Pitakonan apa waé sing dadi bukti nèk awaké dhéwé isih nduwé prasangka? (b) Apa sing kudu dibuwang? (1 Pt. 1:22)
8 Budayané awaké dhéwé isa dadi pengaruh sing kuwat. (Rm. 12:2) Isa waé awaké dhéwé uga krungu kanca kerja, tangga, utawa kanca sekolah sing ngèlèk-èlèk wong saka budaya, negara, utawa werna kulit sing béda. Piyé perasaané awaké dhéwé nèk krungu kuwi? Sarta, piyé nèk ana sing ngécé negara utawa budayané awaké dhéwé?
9 Rasul Pétrus wis tau nduwé prasangka marang wong sing dudu Yahudi. Ning, saya suwé Rasul Pétrus isa mbuwang pikiran sing salah kuwi. (PR. 10:28, 34, 35; Gl. 2:11-14) Semono uga, nèk isih nduwé prasangka utawa seneng ngunggulké bangsané dhéwé, awaké dhéwé kudu ngupaya tenan mbuwang prasangka. (Wacanen 1 Pétrus 1:22.) Apa sing isa mbantu nindakké kuwi? Élinga, nèk awaké dhéwé ora sampurna lan ora pantes dislametké, ora masalah saka endi asalé. (Rm. 3:9, 10, 21-24) Mula, ora ana alesan kanggo rumangsa luwih apik timbang wong liya. (1 Kr. 4:7) Awaké dhéwé kuduné niru Rasul Paulus sing ora mbédak-mbédakké wong, merga awaké dhéwé wis dadi keluargané Gusti Allah. (Éf. 2:19) Awaké dhéwé kudu ngupaya tenan mbuwang prasangka bèn isa nduwé sipat-sipat sing apik.—Kl. 3:10, 11.
CARANÉ APIKAN MARANG WONG SING ORA DIKENAL
10, 11. Piyé Boas niru pandhangané Yéhuwah marang wong sing ora dikenal?
10 Boas niru pandhangané Yéhuwah marang wong sing ora dikenal. Wektu panèn, Boas niliki ladhangé, lan nggatèkké Rut, wong asing saka dhaérah Moab. Rut mempeng njupuki sisa panèn. Nurut Hukum Musa, Rut nduwé hak kanggo njupuki sisa panèn. Ning, dhèwèké njaluk ijin dhisik karo Boas kanggo njupuki sisa panèn. Kuwi nggawé Boas nggumun, terus ngongkon pegawéné ngrontokké panènan sing wis diiket bèn isa dijupuki karo Rut.—Wacanen Rut 2:5-7, 15, 16.
11 Boas perduli karo Rut sing kahanané susah merga dadi wong asing. Buktiné, Boas ngongkon Rut njupuki sisa panèn ing cedhaké para pegawéné wédok bèn ora diganggu karo wong-wong lanang sing kerja ing kono. Boas malah mesthèkké Rut éntuk cukup panganan lan banyu, kaya para pegawéné dhéwé. Boas ngajèni wong wédok asing sing mlarat kuwi lan nggedhèkké atiné.—Rt. 2:8-10, 13, 14.
12. Apa pengaruhé nèk awaké dhéwé apikan marang wong sing ora dikenal?
12 Boas apikan marang Rut ora mung merga Rut nresnani maratuwané, yaiku Naomi, ning uga merga Rut wis mulai ngabdi marang Yéhuwah lan ngendelké bantuané Yéhuwah. Boas bener-bener niru Yéhuwah wektu apikan marang Rut. (Rt. 2:12, 20; WB. 19:17) Semono uga saiki, nèk awaké dhéwé apikan, kuwi isa mbantu wong-wong sinau Alkitab lan ngerti nèk Yéhuwah nresnani wong kabèh.—1 Tm. 2:3, 4.
13, 14. (a) Apa sebabé kudu nyalami lan ramah marang wong sing ora dikenal ing Balé Ibadah? (b) Piyé carané bèn isa nyaman wektu omongan karo wong saka budaya liya?
13 Awaké dhéwé apikan marang wong sing ora dikenal, nèk nyalami lan ramah marang wong-wong kuwi wektu teka ing Balé Ibadah. Wong sing lagi waé teka ing negara liya isa waé isin lan pilih manggon dhèwèkan. Merga kondhisi ékonomi utawa budayané, wong asing isa waé minder karo wong-wong saka bangsa liya. Mula, awaké dhéwé kudu nyalami dhisik, apikan, lan perduli marang wong asing. Nèk wis ana ing basa panjenengan, aplikasi JW Language isa mbantu panjenengan sinau basané.—Wacanen Filipi 2:3, 4.
14 Isa waé panjenengan krasa ora nyaman wektu omongan karo wong saka budaya liya. Bèn ora krasa kaya ngono, isa nyritakké pengalamané panjenengan. Nèk kuwi ditindakké, isa waé dhèwèké nduwé pengalaman sing padha. Élinga nèk saben budaya mesthi ana apik lan èlèké.
NGUPAYAA BÈN KABÈH KRASA NYAMAN
15. Apa sing mbantu awaké dhéwé bèn isa pangertèn marang wong sing pindhah ing negara liya?
15 Bèn kabèh krasa nyaman ing jemaat, coba dipikir, ’Nèk aku ana ing negara liya, aku péngin wong liya tumindak piyé marang aku?’ (Mt. 7:12) Kudu sabar karo wong sing lagi ngowahi uripé ing negara liya. Awaké dhéwé isa waé ora ngerti saktenané apa sing dipikirké lan ditindakké. Mula, aja meksa wong kuwi bèn nduwé pikiran lan tumindak sing padha karo wong-wong ing budayané awaké dhéwé.—Wacanen Rum 15:7.
Kudu sabar karo wong sing lagi ngowahi uripé ing negara liya
16, 17. (a) Apa sing isa ditindakké bèn isa luwih cedhak karo wong-wong saka budaya liya? (b) Bantuan apa sing isa diwènèhké marang wong asing?
16 Nèk sinau bab negara lan budayané wong asing, awaké dhéwé isa dadi luwih paham marang wong kuwi. Bèn isa luwih cedhak, wektu ibadah sak keluarga isa sinau luwih akèh bab budayané wong asing sing ana ing jemaat utawa ing dhaérahé awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, isa ngajak maem bareng ing omahé awaké dhéwé. Yéhuwah péngin kabèh bangsa dadi abdiné. Mula, kudu gelem nampa wong asing ing omahé awaké dhéwé, merga wis dadi ”sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya”.—PR. 14:27; Gl. 6:10; Ay. 31:32.
17 Nèk srawung karo keluarga saka negara liya, kuwi isa mbantu awaké dhéwé ngerti lan ngajèni upayané kanggo ngowahi uripé ing budayané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa WB. 3:27.
mbantu wong kuwi sinau basa, golèk gawéan lan omah. Bantuan kaya ngono kuwi bakal ana gunané kanggo sedulur kuwi.—18. Conto apa sing isa ditiru wong asing jaman saiki bab ngajèni lan ngucap sokur?
18 Wong asing mesthi péngin tenan ngowahi uripé ing budaya lan negara sing anyar. Rut dadi conto sing apik. Sing sepisanan, Rut ngajèni budaya sing anyar wektu njaluk ijin sakdurungé njupuki sisa panèn. (Rt. 2:7) Rut ora mikir nèk iki pancèn pantes ditampa. Sing kepindho, Rut crita karo wong liya bab rasa sokuré merga wis ana sing apikan karo dhèwèké. (Rt. 2:13) Nèk wong asing nduduhké sipat kaya ngono, para sedulur lan wong liya sing ana ing dhaérah kuwi bakal saya ngajèni.
19. Apa sebabé kudu ngupaya bèn wong asing krasa nyaman?
19 Awaké dhéwé seneng banget merga Yéhuwah nresnani lan mbantu kabèh wong isa krungu kabar apik. Ing negara asalé, ana sing mbokmenawa ora isa sinau Alkitab utawa teka ing pakumpulan ibadah. Ning, saiki wong kuwi nduwé kesempatan ketemu karo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn wong kuwi krasa nyaman. Awaké dhéwé isa waé ora nduwé dhuwit akèh utawa ora isa nyedhiyakké sing dibutuhké. Ning, wektu apikan marang wong asing, kuwi tegesé awaké dhéwé niru Yéhuwah sing nresnani wong-wong kuwi. Mula, ”nulada marang Gusti Allah” lan ngupaya tenanan bèn wong asing ing antarané awaké dhéwé krasa nyaman.—Éf. 5:1, 2.
^ [1] (paragraf 1) Dudu jenengé asli.