Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nguwatké Iman marang sing Diarep-arep

Nguwatké Iman marang sing Diarep-arep

”Precaya [iman] tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata.”​—IB. 11:1, Basa Jawi Padintenan (BJP).

LAGU: 54, 55

1, 2. (a) Apa sebabé sing awaké dhéwé arep-arep kuwi béda karo sing diarep-arep wong liya? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

YÉHUWAH maringi pangarep-arep sing nyenengké. Yéhuwah janji arep nyucèkké asmané lan mujudké kersané ing swarga lan bumi. (Mt. 6:9, 10) Kuwi kabèh bab paling penting sing awaké dhéwé arep-arep. Yéhuwah uga janji bakal ngopahi awaké dhéwé urip saklawasé ing swarga utawa ing bumi. Kuwi mesthi nyenengké banget. (Yo. 10:16; 2 Pt. 3:13) Lan, awaké dhéwé uga péngin ngerti carané Yéhuwah terus nuntun lan ndhukung umaté ing dina-dina pungkasan iki.

2 Alkitab kandha nèk iman kuwi ”tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata”. Maksudé, wong-wong sing nduwé iman percaya tenan nèk Yéhuwah bakal netepi janjiné. (Ib. 11:1, BJP) Wong-wong saiki nduwé akèh pangarep-arep lan kepénginan, ning ora ngerti bakal kelakon apa ora. Contoné, ana sing péngin menang lotré, ning durung mesthi menang. Ing wulangan iki, bakal dirembug carané nguwatké iman marang janjiné Gusti Allah, lan paédahé nèk nduwé iman sing kuwat.

3. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk janjiné Yéhuwah bakal kelakon?

3 Iman kuwi dudu gawan bayi. Bèn nduwé iman, awaké dhéwé butuh tuntunan roh suciné Yéhuwah. (Gl. 5:22) Roh suci isa mbantu awaké dhéwé ngerti bab Yéhuwah. Wektu ngerti nèk Yéhuwah kuwi mahakuwasa lan wicaksana, awaké dhéwé dadi yakin nèk Yéhuwah isa mujudké kabèh janjiné. Yéhuwah nganggep nèk janjiné wis kelakon, mula Yéhuwah ngendika, ”Samubarang kabèh wus kalakon.” (Wacanen Wahyu 21:3-6.) Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah mesthi netepi kabèh janjiné. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing setya. Mula, awaké dhéwé isa percaya nèk apa waé sing dingendikakké Yéhuwah bakal kelakon.​—PT. 7:9.

ABDINÉ YÉHUWAH JAMAN MBIYÈN SING KUWAT IMANÉ

4. Para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn nduwé iman bab apa?

4 Ibrani bab 11 nyebutké jenengé 16 wong lanang lan wédok sing imané kuwat marang janjiné Yéhuwah. Uga nyebutké wong-wong liya sing nyenengké Yéhuwah merga nduwé iman. (Ib. 11:39) Wong-wong kuwi ngentèni ”keturunan” sing dijanjèkké Yéhuwah, lan ngerti nèk ”keturunan” kuwi bakal ngremuk kabèh mungsuhé Gusti Allah sarta mujudké manèh pirdus ing bumi. (Pd. 3:15, New World Translation [NW]) Wong-wong kuwi wis mati sakdurungé janji bab ”keturunan” kelakon, mula ora isa nduwé pengarep-arep urip ing swarga. (Gl. 3:16) Ning, wong-wong kuwi yakin tenan nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh kanggo urip saklawasé ing bumi pirdus.​—Ms. 37:11; Yé. 26:19; Hs. 13:14.

5, 6. Abraham lan keluargané ngarep-arep apa? Piyé carané Abraham lan keluargané njaga iman tetep kuwat? (Deloken gambar ing kaca 15.)

5 Alkitab kandha bab para abdiné Yéhuwah sing setya mau, ”Wong-wong mau kabèh padha ngantepi precayané. Nalika séda durung padha tampa prekara-prekara sing diprasetyakaké déning Gusti Allah mau, mula mung padha nyawang saka kadohan lan padha nanggapi kanthi pengarep-arep.” (Ib. 11: 13, BJP) Wong-wong kuwi ngarep-arep isa urip ing pirdus. Salah sijiné yaiku Abraham. Yésus kandha nèk Abraham ’bungah banget, nalika pirsa’ pangarep-arep urip ing pirdus. (Yo. 8:56, BJP) Sara, Iskak, Yakub lan liyané uga ngarep-arep Kraton sing ”karancang sarta kabangun déning Gusti Allah” sing bakal mréntah saklumahing bumi.​—Ib. 11:8-11, BJP.

6 Piyé carané Abraham lan keluargané njaga iman tetep kuwat? Abraham lan keluargané sinau bab Yéhuwah. Kadhang kala, Yéhuwah ngendika marang wong-wong kuwi liwat malaékat, wahyu, utawa mimpi. Uga, wong-wong kuwi isa waé sinau saka para abdiné Yéhuwah sing luwih tuwa utawa saka dhokumèn-dhokumèn kuna. Abraham lan keluargané terus mikirké lan ora tau nglalèkké janjiné Yéhuwah. Hasilé, Abraham lan keluargané percaya nèk Yéhuwah bakal netepi janjiné. Mula, wong-wong kuwi isa tetep setya marang Yéhuwah senajan ngadhepi kasusahan lan dianiaya.

7. Yéhuwah maringi apa kanggo nguwatké imané awaké dhéwé, lan apa sing perlu ditindakké?

7 Apa sing isa mbantu awaké dhéwé njaga iman tetep kuwat? Yéhuwah wis maringi Alkitab kanggo mulang bab janjiné, lan nduduhké apa sing dibutuhké bèn isa ayem tentrem. Mula, paédahé gedhé banget nèk maca lan ngetrapké tuntunan ing Alkitab saben dina. (Ms. 1:1-3; wacanen Para Rasul 17:11.) Yéhuwah uga maringi ’pangan ing wektu kang katamtokaké’ liwat ”abdi kang setya lan pinter”. (Mt. 24:45) Kaya abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn, awaké dhéwé perlu ajeg sinau lan mikirké tenanan janjiné Yéhuwah. Kuwi bakal mbantu bèn isa tetep setya marang Yéhuwah lan terus ngarep-arep Kratoné Gusti Allah mréntah saklumahing bumi.

Wektu ngerti nèk Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé, kuwi isa nguwatké iman

8. Piyé donga isa nguwatké iman?

8 Apa manèh sing mbantu para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn njaga imané tetep kuwat? Wong-wong kuwi ndonga njaluk bantuané Yéhuwah, lan wektu ngrasakké dhéwé Yéhuwah njawab dongané, imané dadi tambah kuwat. (Ny. 1:4, 11; Ms. 34:4, 15, 17; Dn. 9:19-21) Semono uga, wektu ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah njawab donga lan maringi bantuan ing wektu sing pas, imané awaké dhéwé dadi luwih kuwat. (Wacanen 1 Yokanan 5:14, 15.) Uga, awaké dhéwé perlu terus nyuwun roh suciné Yéhuwah bèn nduwé iman sing saya kuwat.​—Lk. 11:9, 13.

9. Bab-bab apa waé sing isa didongakké?

9 Wektu ndonga marang Yéhuwah, aja mung nyuwun sing awaké dhéwé butuhké. Awaké dhéwé uga kudu ngucap sokur lan ngluhurké Yéhuwah saben dina merga Yéhuwah wis maringi akèh berkah. (Ms. 40:5) Umaté Yéhuwah uga ndonga kanggo para sedulur sing ana ing saklumahing bumi. Contoné, para sedulur sing ana ing penjara lan para pinituwa. Wektu ngerti nèk Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé, kuwi isa nguwatké iman lan dadi tambah cedhak karo Yéhuwah.​—Ib. 13:3, 7.

ABDINÉ YÉHUWAH SING TETEP SETYA

10. Apa sing mbantu akèh abdiné Yéhuwah isa kendel lan tetep setya?

10 Ing Ibrani bab 11, Rasul Paulus kandha, ”Merga saka precaya para wong wadon padha nampani menèh wong-wongé sing wis padha mati, sebab wis katangèkaké. Nanging wong-wong liyané padha pilih mati dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya mbésuk katangèkaké, dadi ngalami urip sing luwih becik.” (Ib. 11:35, BJP) Akèh abdiné Yéhuwah sing tetep setya senajan ngadhepi kasusahan, merga yakin tenan nèk wong mati bakal diuripké manèh. Wong-wong kuwi ngerti nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh kanggo urip saklawasé ing bumi. Contoné, Nabot lan Zakharia dibalangi watu nganti mati merga setya marang Yéhuwah. (1 Ra. 21:3, 15; 2 Bb. 24:20, 21) Dhanièl diuncalké ing guwa singa, lan kanca-kancané diobong ing geni sing panas banget. Wong-wong kuwi pilih mati timbang ora setya, merga nduwé iman sing kuwat nèk Yéhuwah bakal maringi roh suciné lan mbantu bèn isa setya ngadhepi kasusahan.​—Dn. 3:16-18, 20, 28; 6:13, 16, 21-23; Ib. 11:33, 34.

Akèh abdiné Yéhuwah sing tetep setya senajan ngadhepi kasusahan, merga yakin tenan nèk wong mati bakal diuripké manèh

11. Kasusahan apa waé sing dialami para nabi merga imané?

11 Akèh para nabi, contoné Mikha lan Yérémia, diécé utawa dipenjara. Liyané, kaya Élia, ”nglambrang kaya wong buronan ana ing pesamunan, lan ing pegunungan. Padha manggon ana ing guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi”. Wong-wong kuwi tetep setya marang Yéhuwah merga ’yakin yèn prekara-prekara sing diarep-arep kuwi nyata’.​—Ib. 11:1, 36-38, BJP; 1 Ra. 18:13; 22:24-27; Ym. 20:1, 2; 28:10, 11; 32:2.

12. Sapa tuladha paling apik sing isa ditiru? Apa sing mbantu Yésus tetep setya?

12 Yésus Kristus tetep setya marang Yéhuwah senajan ngadhepi kasusahan sing paling abot. Apa sing mbantu Yésus tetep setya? Paulus kandha, ”Merga saka kabungahan kang bakal katampi, Panjenengané ora ngétang kanisthaning pati ana ing kayu salib [tiyang, NW]. Lan saiki Panjenengané ngasta sakèhing pangwasa ana ing Pepréntahané Gusti Allah.” (Ib. 12:2, BJP) Bar kuwi, Paulus ngongkon wong-wong Kristen nggatèkké tenanan tuladhané Yésus. (Wacanen Ibrani 12:3.) Kaya Yésus, akèh wong Kristen ing abad kapisan mati merga setya marang Yéhuwah. Salah sijiné yaiku Antipas. (Wy. 2:13) Wong-wong Kristen kuwi wis nampa opahé, béda karo abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn sing nduwé pengarep-arep urip ing bumi. (Ib. 11:35) Sakwisé Yésus dadi Raja taun 1914, wong-wong Kristen sing wis dipilih langsung diuripké manèh kanggo urip saklawasé ing swarga, lan bakal mréntah bumi bareng karo Yésus.​—Wy. 20:4.

ABDINÉ YÉHUWAH JAMAN SAIKI SING KUWAT IMANÉ

13, 14. Kasusahan apa waé sing diadhepi Rudolf Graichen, lan apa sing mbantu dhèwèké tetep setya?

13 Jutaan abdiné Yéhuwah niru tuladhané Yésus. Wong-wong kuwi mikirké tenanan janjiné Yéhuwah lan tetep setya senajan ngadhepi kasusahan. Gatèkna pengalamané Rudolf Graichen, sing lair ing Jerman taun 1925. Wektu dhèwèké isih enom, wong tuwané majang gambar-gambar saka Alkitab ing omah. Dhèwèké kandha, ”Ana gambar serigala karo wedhus, bocah karo macan, cempé karo singa, kabèh padha rukun lan dituntun karo bocah lanang.” (Yé. 11:6-9) Kuwi mbantu Rudolf mikirké lan nguwatké imané bab pirdus ing bumi. Hasilé, Rudolf tetep setya marang Yéhuwah senajan dianiaya pirang-pirang taun karo Gestapo Nazi lan Stasi Komunis saka Jerman Timur.

14 Rudolf tetep setya senajan ngadhepi kasusahan liyané. Ibuké mati merga lara tipes ing kamp konsentrasi Ravensbrück. Bapaké tandha tangan ing dhokumèn sing isiné kandha nèk dhèwèké wis ora dadi Seksi Yéhuwah manèh. Ning, Rudolf tetep kuwat imané. Sakwisé dibébaské saka penjara, dhèwèké dadi pinituwa wilayah. Banjur, Rudolf diundang mèlu Sekolah Giléad lan ditugaské dadi pinituwa wilayah manèh ing Chili. Ing kono, dhèwèké nikah karo Patsy, sing dadi utusan injil. Ning sayangé, setaun sakbanjuré bayiné wédok mati. Sakwisé kuwi, Patsy uga mati padhahal umuré lagi 43 taun. Wektu ngadhepi kabèh kasusahan kuwi, Rudolf tetep ngabdi marang Yéhuwah. Senajan wis tuwa lan ora pati séhat, dhèwèké dadi perintis biasa lan pinituwa. Awaké dhéwé isa maca pengalamané ing Menara Pengawal 1 Agustus 1997, kaca 20-25. [1] (Deloken katrangan ing kaca 20.)

15. Wènèhana conto-conto para sedulur jaman saiki sing tetep seneng ngabdi marang Yéhuwah senajan dianiaya.

15 Saiki, akèh seduluré awaké dhéwé tetep seneng ngabdi marang Yéhuwah senajan dianiaya. Atusan abdiné Yéhuwah dipenjara ing Eritrea, Singapura, lan Korea Selatan merga ora gelem mèlu perang. (Mt. 26:52) Contoné, Isaac, Negede, lan Paulos dipenjara ing Eritrea luwih saka 20 taun. Ing kono, wong telu kuwi dianiaya, lan ora isa nduwé bojo utawa ngopèni wong tuwané. Ning, wong-wong kuwi tetep setya lan kuwat imané. Malah, sing njaga penjara ngajèni wong telu kuwi. Ing situs wèb jw.org ana fotoné para sedulur kuwi, sing lagi mèsem senajan sengsara.

Piyé carané para sedulur ing jemaat panjenengan njaga imané tetep kuwat? (Deloken paragraf 15, 16)

16. Iman sing kuwat isa mbantu nindakké apa?

16 Akèh-akèhé abdiné Yéhuwah ora dipenjara utawa dianiaya kaya para sedulur mau. Ning, akèh sing susah merga mlarat, kena bencana alam, utawa perang. Sing liyané niru tuladhané Abraham, Iskak, Yakub, lan Musa sing pilih ora dadi wong sugih lan kondhang, bèn isa luwih tenanan ngabdi marang Yéhuwah. Apa sing mbantu seduluré awaké dhéwé tetep seneng ngabdi? Rasa tresna marang Yéhuwah lan imané sing kuwat marang janji-janjiné. Para sedulur kuwi ngerti nèk Yéhuwah bakal maringi abdiné sing setya urip saklawasé ing donya anyar, lan ing kono ora ana kasusahan manèh.​—Wacanen Jabur 37:5, 7, 9, 29.

17. Piyé carané bèn isa tetep kuwat imané, lan apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

17 Ing wulangan iki, awaké dhéwé wis sinau nèk iman kuwi ”tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata”. Kuwi isa mbantu tetep setya senajan ngadhepi kasusahan. Bèn isa nduwé iman kaya ngono, awaké dhéwé perlu ndonga marang Yéhuwah lan terus mikirké tenanan janji-janjiné. Ing wulangan sakbanjuré, bakal dirembug luwih akèh tegesé nduwé iman.

^ [1] (paragraf 14) Wacanen uga pengalamané Andrej Hanák saka Slovakia ing artikel ”Meskipun Menghadapi Ujian, Harapan Saya Tetap Cerah” ing Sedarlah! 22 April 2002.