Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngupayaa Njaga Keséhatan Rohani Wektu Ngabdi ing Jemaat Basa Asing

Ngupayaa Njaga Keséhatan Rohani Wektu Ngabdi ing Jemaat Basa Asing

”Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah.”​—MS. 119:11.

LAGU: 142, 47

1-3. (a) Apa sing kudu diutamakké? (b) Tantangan apa waé sing kudu diadhepi para sedulur sing sinau basa asing? (Deloken gambar ndhuwur.) (c) Pitakonan apa waé sing arep dirembug?

SAIKI, Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya nginjil ”marang sadhéngah bangsa lan taler [suku] tuwin basa sarta golongan,” kaya sing diramalké ing Alkitab. (Wy. 14:6) Apa panjenengan uga lagi sinau basa liya? Ana sing dadi utusan injil utawa martakké kabar apik ing panggonan liya sing luwih mbutuhké penginjil. Liyané, mulai teka ing pakumpulan ibadah sing nganggo basa liya ing negarané dhéwé.

2 Kabèh abdiné Yéhuwah perlu ngutamakké kesehatan rohaniné dhéwé lan keluargané. (Mt. 5:3) Ning, merga sibuk banget, kadhang kala ora ana wektu kanggo sinau Alkitab sing tenanan. Para sedulur sing ana ing jemaat basa asing uga ngalami masalah liya.

3 Para sedulur kuwi perlu sinau basa anyar, uga perlu ajeg sinau bab Gusti Allah luwih jero. (1 Kr. 2:10) Piyé para sedulur mau isa nindakké kuwi, nèk ora pati mudheng sing dirembug ing jemaat? Lan apa sebabé wong tuwa sing ana ing jemaat basa asing kudu mesthèkké nèk anaké nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah?

HUBUNGAN KARO YÉHUWAH ISA DADI ADOH

4. Apa sing nyebabké awaké dhéwé ora isa cedhak karo Yéhuwah? Wènèhana conto.

4 Awaké dhéwé ora isa cedhak karo Yéhuwah, nèk ora mudheng wulangané Alkitab ing basa asing. Wektu Néhémya balik menyang Yérusalèm, dhèwèké nggatèkké ana bocah-bocah sing ora isa basa Ibrani. (Wacanen Néhémya 13:23, 24.) Merga ora mudheng Pangandikané Yéhuwah, bocah-bocah mau ora isa cedhak karo Yéhuwah.​—Ny. 8:2, 8.

5, 6. Masalah apa sing diadhepi wong tuwa sing gabung ing jemaat basa asing?

5 Wong tuwa sing gabung ing jemaat basa asing nggatèkké nèk anak-anaké wis ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Anak-anak ora isa ngetrapké wulangané Alkitab nèk ora pati mudheng sing dirembug ing pakumpulan ibadah. Pedro pindhah sak keluarga saka Amerika Selatan menyang Australia. Dhèwèké kandha, ”Wektu ngomongké bab rohani, kuwi kudu mlebu ing ati ora mung ana ing pikiran.” [1] (Deloken katrangan kaca 14.)—Lk. 24:32.

6 Wektu maca wacan sing basané asing, kuwi isa waé ora mlebu ing ati, ora kaya nèk maca ing basané dhéwé. Merga kangèlan ngomong nganggo basa asing, awaké dhéwé isa dadi kewalahan lan isa ngganggu ibadah marang Yéhuwah. Mula, sakliyané tetep nduwé tékad kanggo ngabdi ing jemaat basa asing, awaké dhéwé uga kudu nguwatké hubungan karo Yéhuwah.​—Mt. 4:4.

TULADHA SAKA WONG-WONG SING NJAGA HUBUNGANÉ KARO YÉHUWAH

7. Piyé carané wong-wong Babil meksa Dhanièl nampa budaya lan agamané?

7 Wektu Dhanièl lan kanca-kancané digawa ing Babil, cah-cah kuwi diwulang ”basané wong Kasdim”, dipeksa bèn nampa budaya lan agamané Babil sarta diwènèhi jeneng Babil. (Dn. 1:3-7) Jeneng anyaré Dhanièl ana hubungané karo Bèl, allahé wong Babil sing utama. Raja Nebukadnézar péngin Dhanièl percaya nèk allahé wong Babil kuwi luwih kuwat timbang Allahé Dhanièl, yaiku Yéhuwah.​—Dn. 4:8.

Merga terus sinau kitab suci ing basa Ibrani, hubungané Dhanièl karo Yéhuwah isa tetep kuwat

8. Piyé carané Dhanièl terus njaga hubungané karo Yéhuwah tetep kuwat?

8 Ing Babil, Dhanièl diwènèhi panganané Raja sing énak-énak. Ning, Dhanièl ”ora bakal najisaké awak” merga kuwi nglanggar hukumé Yéhuwah. (Dn. 1:8) Merga terus sinau kitab suci ing basa Ibrani, hubungané Dhanièl karo Yéhuwah isa tetep kuwat senajan manggon ing dhaérah asing. (Dn. 9:2) Buktiné, jeneng Ibraniné, yaiku Dhanièl, tetep dikenal senajan wis manggon ing Babil kira-kira 70 taun.​—Dn. 5:13.

9. Piyé pandhangané sing nulis buku Jabur 119 marang Pangandikané Yéhuwah?

9 Sing nulis buku Jabur 119 tetep setya senajan éntuk tantangan saka para pejabat kraton. Pangandikané Yéhuwah nggawé dhèwèké tetep kuwat, lan dadi ora mèlu-mèlu liyané. (Ms. 119:23, 61) Dhèwèké mikirké tenanan isiné kitab suci bèn tetep ana ing atiné.​—Wacanen Jabur 119:11, 46.

NJAGA HUBUNGAN KARO YÉHUWAH TETEP KUWAT

10, 11. (a) Apa tujuané awaké dhéwé wektu sinau Alkitab? (b) Piyé carané kuwi isa ditindakké? Wènèhana conto.

10 Senajan sibuk banget ngurusi jemaat lan gawéan, awaké dhéwé perlu nggunakké wektu kanggo sinau Alkitab dhéwé lan ibadah sak keluarga. (Éf. 5:15, 16) Tujuané ora mung maca utawa persiapan kanggo urun rembug ing pakumpulan ibadah. Ning, awaké dhéwé kudu mikirké tenanan isiné Alkitab bèn isa mlebu ing ati lan nguwatké iman.

11 Awaké dhéwé perlu seimbang. Wektu sinau aja mung mikirké kebutuhané wong liya, ning uga kebutuhané awaké dhéwé. (Fp. 1:9, 10) Wektu persiapan kanggo nginjil, pakumpulan ibadah, utawa ceramah, isa waé awaké dhéwé rumangsa ora perlu ngetrapké sing disinau. Contoné, senajan tukang masak ngicipi panganan sing wis dimasak, ning ora cukup nèk mung ngicipi thok. Nèk péngin tetep séhat, tukang masak kudu ajeg nyiapké panganan kanggo dhèwèké. Semono uga, nèk péngin nguwatké hubungan karo Yéhuwah, awaké dhéwé perlu ajeg sinau Alkitab. Kuwi isa nyukupi kebutuhané awaké dhéwé.

12, 13. Apa sebabé ana akèh gunané nèk sinau Alkitab nganggo basané dhéwé?

12 Akèh sedulur sing ana ing jemaat basa asing ngerti nèk ajeg sinau Alkitab nganggo ’basané dhéwé’ kuwi akèh gunané. (PR. 2:8) Para utusan injil ngerti nèk péngin tetep kuwat ing jemaat basa asing, ora cukup mung ngrungokké sing dirembug ing jemaat.

13 Alain, sing sinau basa Persia saksuwéné wolung taun kandha, ”Wektu aku persiapan kanggo pakumpulan ibadah ing basa Persia, aku mung mikirké basané. Mulané kuwi ora mlebu ing atiku. Dadi, aku ajeg sinau Alkitab lan wacan Alkitab sing nganggo basaku dhéwé.”

NGUPAYAA BÈN ANAK PANJENENGAN CEDHAK KARO YÉHUWAH

14. Wong tuwa kudu mesthèkké bab apa, lan apa sebabé?

14 Wong tuwa perlu mesthèkké nèk anaké nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Serge lan bojoné, Muriel, gabung ing jemaat basa asing luwih saka telung taun. Serge lan Muriel nggatèkké nèk anaké lanang, sing umuré 17 taun, ora seneng wektu nginjil utawa ibadah. Muriel kandha, ”Anakku ora seneng wektu nginjil nganggo basa asing, padhahal ndhisik dhèwèké seneng wektu nginjil nganggo basané dhéwé yaiku Prancis.” Serge kandha, ”Wektu aku lan bojoku ngerti nèk kuwi nggawé anakku ora isa cedhak karo Yéhuwah, akhiré aku lan bojoku mutuské balik manèh menyang jemaat sakdurungé.”

Wong tuwa kudu mesthèkké anaké nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah (Deloken paragraf 14, 15)

15. (a) Apa sing isa mbantu wong tuwa mutuské balik menyang jemaat sing nggunakké basané dhéwé? (b) Pangandharing Torèt 6:5-7 mènèhi tuntunan apa kanggo wong tuwa?

15 Apa sing isa mbantu wong tuwa mutuské balik menyang jemaat sing nggunakké basané dhéwé? Sing sepisanan, wong tuwa kudu mikir tenanan apa nduwé cukup wektu lan tenaga kanggo ngajari anaké bab Yéhuwah lan basa asing. Kepindho, wong tuwa isa nggatèkké apa anaké wis ora seneng nginjil, teka ing pakumpulan ibadah, utawa gabung ing jemaat basa asing manèh. Merga alesan-alesan kuwi, isa waé wong tuwa mutuské balik menyang jemaat sing nggunakké basané dhéwé. Banjur, sakwisé anak-anak nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah, wong tuwa isa mutuské balik manèh ing jemaat basa asing.​—Wacanen Pangandharing Torèt 6:5-7.

16, 17. Critakna pengalamané wong tuwa sing mulang anaké bab Yéhuwah?

16 Wong tuwa sing gabung ing jemaat basa asing isa mulang anaké bab Yéhuwah nganggo basané dhéwé. Charles nduwé anak wédok telu sing umuré 9, 12, lan 13 taun. Keluarga kuwi gabung ing kelompok basa Lingala. Charles kandha, ”Nèk sinau Alkitab lan ibadah sak keluarga aku nganggo basaku dhéwé. Ning, aku lan keluargaku uga latihan urun rembug, nginjil lan dolanan nganggo basa Lingala. Dadi sinau basané isa nyenengké.”

Ngupayaa sinau basa asing lan mèlu urun rembug ing pakumpulan ibadah (Deloken paragraf 16, 17)

17 Kevin nduwé anak wédok loro sing umuré lima lan wolung taun. Kevin ngupaya tenan mulang Alkitab marang anak-anaké, merga anak-anaké ora pati mudheng sing dirembug ing jemaat basa asing. Kevin kandha, ”Aku lan bojoku sinau Alkitab bareng anak-anakku nganggo basaku dhéwé, yaiku Prancis. Aku sak keluarga uga teka ing pakumpulan ibadah basa Prancis sesasi pisan, lan wektu liburan teka ing kebaktian sing nganggo basa Prancis.”

18. (a) Piyé Rum 15:1, 2 isa mbantu nggawé keputusan sing apik kanggo mbantu anak panjenengan? (b) Saran-saran apa saka para wong tuwa liyané? (Deloken katrangan ing kaca 14.)

18 Saben keluarga kudu mutuské sing paling apik kanggo anak-anaké lan hubungané karo Yéhuwah. [2] (Deloken katrangan ing kaca 14.) (Gl. 6:5) Senajan Muriel lan bojoné mau péngin tetep gabung ing jemaat basa asing, ning wong loro kuwi mutuské balik manèh menyang jemaat asalé kanggo mbantu anaké nguwatké hubungan karo Yéhuwah. (Wacanen Rum 15:1, 2.) Saiki, Serge ngerti nèk keputusan kuwi pancèn bener. Serge kandha, ”Sakwisé pindhah menyang jemaat basa Prancis, anakku isa nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah lan dibaptis. Anakku saiki wis dadi perintis biasa lan malah kepéngin balik manèh menyang kelompok basa asing.”

NGUPAYA BÈN ALKITAB NGUWATKÉ HUBUNGAN PANJENENGAN KARO YÉHUWAH

19, 20. Apa buktiné nèk awaké dhéwé seneng sinau Alkitab?

19 Yéhuwah nresnani wong kabèh. Mula Yéhuwah nyédhiyakké Alkitab ing atusan basa, bèn kabèh wong nduwé pangertèn sing bener bab Alkitab. (1 Tm. 2:4) Yéhuwah ngerti pentingé Alkitab ing basa sing awaké dhéwé ngertèni. Kuwi isa nguwatké hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

20 Awaké dhéwé perlu ngupaya tenan njaga hubungan karo Yéhuwah tetep kuwat. Mula, awaké dhéwé kudu ajeg sinau Alkitab ing basané dhéwé lan mbantu keluarga njaga keséhatan rohaniné. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé seneng sinau Alkitab.​—Ms. 119:11.

^ [1] (paragraf 5) Dudu jenengé asli.

^ [2] (paragraf 18) Kanggo ngerti pathokan-pathokan Alkitab sing isa mbantu keluarga panjenengan, deloken artikel ”Membesarkan Anak di Negeri Asing—Tantangan dan Berkatnya” sing ana ing Menara Pengawal 15 Oktober 2002.