Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nduduhké Iman marang Janji-janjiné Yéhuwah

Nduduhké Iman marang Janji-janjiné Yéhuwah

”Iman kuwi tegesé bukti sing nyata saka perkara-perkara sing ora kétok.”​—IB. 11:1, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 54, 43

1. Piyé kuduné perasaané awaké dhéwé bab iman?

ORA kabèh wong nduwé iman. (2 Ts. 3:2) Ning, Yéhuwah maringi iman marang kabèh abdiné. (Rm. 12:3; Gl. 5:22) Mesthi nyenengké banget merga Yéhuwah maringi iman marang awaké dhéwé.

2, 3. (a) Apa gunané nduwé iman? (b) Pitakonan-pitakonan apa waé sing arep dirembug?

2 Yéhuwah maringké Putrané sing ditresnani bèn kabèh wong sing nduwé iman marang Yésus isa diapura dosa-dosané. Kuwi isa nggawé manungsa dadi kancané Yéhuwah lan urip saklawasé. (Yo. 6:44, 65; Rm. 6:23) Pancèn Yéhuwah kuwi apikan tenan. Senajan awaké dhéwé iki wong dosa lan pantes mati, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé isa nindakké perkara-perkara sing apik. (Ms. 103:10) Yéhuwah mbantu awaké dhéwé sinau kabar apik bab Yésus lan korban tebusané. Wektu mulai percaya lan dadi muridé Yésus, awaké dhéwé isa ngarep-arep urip saklawasé.​—Wacanen 1 Yokanan 4:9, 10.

3 Ning, awaké dhéwé isa sinau apa manèh bab iman? Apa nduwé iman kuwi tegesé mung ngerti bab sing wis lan arep ditindakké Gusti Allah? Ayo dirembug apa manèh sing kudu ditindakké.

”ATIMU PRACAYA”

4. Apa pengaruhé iman kanggo awaké dhéwé?

4 Nduwé iman kuwi tegesé, ora mung ngerti bab sing wis lan arep ditindakké Yéhuwah lan Yésus kanggo awaké dhéwé. Ning, uga péngin banget nindakké sing Yéhuwah lan Yésus wulangké kanggo awaké dhéwé. Rasul Paulus kandha, ”Manawa sarana tutukmu kowé ngakoni yèn Gusti Yésus iku Gusti, lan atimu pracaya yèn Gusti Allah wus mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati, kowé bakal kapitulungan rahayu. Sabab, kalawan ati wong iku anggoné pracaya sarta kabeneraké, lan kalawan tutuk wong anggoné ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.”​—Rm. 10:9, 10; 2 Kr. 4:13.

5. Apa sebabé iman kuwi penting, lan apa sing kudu ditindakké kanggo njaga iman tetep kuwat? Wènèhana conto.

5 Bèn isa urip saklawasé ing pirdus, awaké dhéwé kudu nduwé lan njaga iman tetep kuwat. Iman kuwi kaya tanduran, sing kudu disirami bèn tetep kuwat lan subur. Nèk ora cukup banyu, isa layu lan mati. Semono uga, awaké dhéwé kudu njaga iman tetep kuwat.​—Tt. 2:2; 2 Ts. 1:3; Lk. 22:32; Ib. 3:12.

TEGESÉ IMAN NURUT ALKITAB

6. Sebutna tegesé iman nurut Ibrani 11:1.

6 Wacanen Ibrani 11:1. Alkitab nerangké apa tegesé iman. (1) Iman kuwi ”tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata”, Basa Jawi Padintenan (BJP). Perkara-perkara sing ”kita arep-arep” kuwi klebu janjiné Gusti Allah bab donya mbésuk. Contoné, awaké dhéwé yakin nèk bakal ana donya anyar lan ora ana manèh sing jahat. (2) Iman kuwi tegesé percaya marang perkara-perkara sing ”ora katon”. Awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah, Yésus, para malaékat, lan Kratoné Gusti Allah kuwi ana tenan senajan ora kétok. (Ib. 11:3) Apa buktiné nèk awaké dhéwé percaya tenan karo janjiné Gusti Allah lan perkara-perkara sing ora kétok? Kuwi nyata saka omongan lan tumindaké awaké dhéwé saben dina.

7. Piyé tuladhané Nuh mbantu awaké dhéwé ngerti tegesé nduwé iman? (Deloken gambar ing kaca 21.)

7 Apa sing isa ditiru saka imané Nuh? Rasul Paulus kandha, ”Nuh ngèstokaké dhawuhé Gusti Allah, tumrap bab-bab sing bakal kelakon, senajan prekara-prekara mau durung katon [kétok] tandha-tandhané. Mulané banjur nglakoni dhawuhé Allah, gawé prau sing mengkoné kanggo nylametaké sabrayaté.” (Ib. 11:7, BJP) Merga percaya marang pangandikané Yéhuwah, Nuh nggawé prau gedhé banget. Isa waé tanggané padha takon apa sebabé Nuh nggawé prau gedhé. Mesthi Nuh ora mung meneng thok. Alkitab kandha nèk Nuh ”martakaké pangandikané Gusti Allah”. (2 Pt. 2:5, BJP) Nuh ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah bakal ngukum wong-wong jahat nganggo banjir gedhé. Mbokmenawa Nuh ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah ngendika, ”Aku wis gawé putusan mungkasi uripé manungsa kabèh, arep Daktumpes babar-pisan, merga bumi wis kebak panganiaya. Aku bakal nekakaké banjir gedhé sing ngelebi bumi, kanggo numpes sarupané tumitah sing urip. Sakèhé tumitah sing ana ing bumi mesthi bakal mati.” Banjur, Nuh mesthi ngandhani carané bèn wong-wong isa slamet. Yéhuwah ndhawuhi, ”Mlebua ing prau.”​—Pd. 6:13, 17, 18, BJP.

8. Apa kandhané Yakobus bab iman?

8 Ora let suwé sakwisé Paulus nulis surat kanggo wong Ibrani, Yakobus uga nulis bab iman. Yakobus nulis, ”Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawé iku, sarta kowé bakal daktuduhi pracayaku saka panggawé-panggawéku.” (Yb. 2:18) Yakobus nerangké nèk nduwé iman kuwi tegesé ora mung percaya thok. Para dhemit ya percaya nèk Gusti Allah kuwi ana, ning ora nduwé iman marang Yéhuwah, malah mbrontak nglawan Yéhuwah. (Yb. 2:19, 20) Dadi, nèk nduwé iman, awaké dhéwé bakal nindakké perkara-perkara sing nyenengké Yéhuwah. Kuwi sing ditindakké Abraham. Yakobus nulis, ”Leluhur kita Rama Abraham iku apa ora awit saka panggawé-panggawéné anggoné kabeneraké, nalika nyaosaké kang putra Iskak ana ing misbyah? Kowé padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawé, sarta marga saka panggawé iku pracaya dadi sampurna.” Yakobus banjur nerangké nèk iman tanpa tumindak kuwi ora ana gunané, wektu kandha, ”Jalaran kayadéné badan tanpa sukma iku mati, mangkono uga pracaya tanpa panggawé iku iya mati.”​—Yb. 2:21-23, 26.

9, 10. Piyé carané nduduhké iman marang Yésus?

9 Luwih saka 30 taun sakbanjuré, Yokanan nulis Injilé lan telung surat. Kaya wong-wong sing nulis kitab liyané, Yokanan ngerti tegesé iman. Bola-bali ing tulisané, Yokanan nggunakké tembung Yunani sing isa diterjemahké dadi ”percaya” utawa ”nduwé iman”.

Kanggo nduduhké iman marang Sang Putra, awaké dhéwé kudu manut karo Yésus

10 Contoné, Yokanan kandha, ”Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduwèni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggoné kataman ing bebenduning Allah.” (Yo. 3:36) Kanggo nduduhké iman marang Sang Putra, awaké dhéwé kudu manut karo Yésus. Yokanan kerep nulis kandhané Yésus nèk awaké dhéwé kudu nduduhké iman marang Yésus lan Yéhuwah bèn isa urip saklawasé.​—Yo. 3:16; 6:29, 40; 11:25, 26; 14:1, 12.

11. Piyé carané ngajèni sing wis ditindakké Yéhuwah?

11 Awaké dhéwé isa nduwé iman, merga Yéhuwah wis nggunakké roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé ngerti sing bener bab Yéhuwah lan putrané. (Wacanen Lukas 10:21.) Piyé carané ngajèni sing wis ditindakké Yéhuwah? Awaké dhéwé kudu terus ngucap sokur merga isa cedhak karo Yéhuwah liwat Yésus, ”kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan”. (Ib. 12:2) Awaké dhéwé uga perlu terus ndonga marang Yéhuwah lan sinau Alkitab kanggo nguwatké iman.—Éf. 6:18; 1 Pt. 2:2.

Carané nduduhké iman yaiku martakké kabar apik marang wong liya kapan waé (Deloken paragraf 12)

12. Merga nduwé iman, awaké dhéwé tumindak apa?

12 Awaké dhéwé kudu terus nduduhké iman sing kuwat marang janji-janjiné Yéhuwah liwat tumindak. Contoné, terus martakké injil bab Kratoné Gusti Allah lan mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. Awaké dhéwé uga kudu ”padha gawé becik marang wong kabèh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya”. (Gl. 6:10) Uga, ’urip sing lawas lan klakuan sing lawas wis dibuwang’ merga awaké dhéwé ora gelem ngrusak hubungan karo Yéhuwah.​—Kl. 3:5, 8-10, Basa Jawa Suriname.

IMAN MARANG YÉHUWAH KUWI SALAH SIJI BAB SING UTAMA

13. Sepira pentingé ”pracaya marang Gusti Allah” kuwi lan apa sebabé?

13 Alkitab kandha, ”Tanpa pracaya mokal yèn ndadèkaké keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsané Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengané.” (Ib. 11:6) Alkitab uga kandha nèk kabèh wong Kristen sejati kudu ”pracaya marang Gusti Allah”, kuwi kaya bangunan sing kudu ana pondhasiné. (Ib. 6:1) Ning, sakliyané iman, awaké dhéwé uga perlu nduwé sipat-sipat penting liyané bèn isa tetep dadi kancané Yéhuwah.​—Wacanen 2 Pétrus 1:5-7; Yd. 20, 21.

14, 15. Apa sebabé rasa tresna luwih penting timbang mung nduwé iman?

14 Wong-wong sing nulis Alkitab luwih kerep nyebutké iman timbang sipat liyané. Apa tegesé iman kuwi sipat sing paling penting?

15 Paulus mbandhingké iman karo tresna. Paulus nulis, ”Sanadyan aku duwé pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yèn aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.” (1 Kr. 13:2) Yésus kandha nèk ”angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak”, yaiku tresna marang Yéhuwah. (Mt. 22:35-40) Rasa tresna mbantu awaké dhéwé nduwé sipat-sipat liyané sing nyenengké Yéhuwah. Contoné, Alkitab kandha nèk tresna kuwi ”ngandel ing samubarang”. Dadi, rasa tresna mbantu awaké dhéwé percaya, utawa nduwé iman marang kabèh pangandikané Yéhuwah ing Alkitab.​—1 Kr. 13:4, 7.

16, 17. Apa kandhané Alkitab bab iman lan tresna? Sipat endi sing paling penting, lan apa sebabé?

16 Iman lan tresna kuwi penting banget, lan wong-wong sing nulis Alkitab kerep nyebutké bebarengan. Paulus ngandhani para seduluré bèn ”nganggo tutup dada iman lan katresnan”. (1 Ts. 5:8, NW) Pétrus nulis bab Yésus, ”Panjenengané kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati [weruh].” (1 Pt. 1:8) Yakobus takon marang para seduluré sing dipilih munggah swarga, ”Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warisé Kraton, kang wis diprasetyakaké marang kang padha nresnani Panjenengané?” (Yb. 2:5) Yokanan nulis nèk préntahé Gusti Allah yaiku, ”padha pracaya marang asmané Gusti Yésus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana.”​1 Yo. 3:23.

17 Ning, Paulus uga nulis, ”Dadiné kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhéwé ing antarané iku, yaiku: katresnan.” (1 Kr. 13:13) Mbésuk, awaké dhéwé wis ora butuh iman marang janjiné Yéhuwah bab donya anyar, merga kabèh wis kelakon. Awaké dhéwé bakal ngrasakké urip sing nyenengké kaya kandhané Alkitab. Ning, awaké dhéwé tetep kudu terus nduwé rasa tresna marang Yéhuwah lan wong-wong liya. Rasa tresna kuwi malah saya suwé saya kuwat nganti saklawasé.

YÉHUWAH MBERKAHI IMANÉ AWAKÉ DHÉWÉ

18, 19. Apa hasilé merga umaté Yéhuwah jaman saiki nduwé iman, lan sapa sing pantes diluhurké?

18 Umaté Yéhuwah jaman saiki percaya lan ndhukung Kratoné Gusti Allah, uga nresnani siji lan sijiné. Kuwi kabèh isa kelakon merga gelem dituntun roh suciné Yéhuwah. (Gl. 5:22, 23) Apa hasilé? Luwih saka wolung yuta Seksi Yéhuwah ing sakdonya isa urip rukun. Iman lan tresna kuwi pancèn sipat sing ampuh.

19 Urip rukun kuwi isa kelakon mung merga bantuané Yéhuwah. Mula, Yéhuwah pantes diluhurké. (Yé. 55:13) Awaké dhéwé isa dislametké merga nduwé iman. (Éf. 2:8) Yéhuwah bakal terus mbantu bèn luwih akèh wong isa nduwé iman. Akhiré, saklumahing bumi bakal dikebaki karo wong-wong sing sampurna, tumindaké bener, lan urip seneng. Wong-wong kuwi bakal ngluhurké Yéhuwah saklawasé.