Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Niru Conto-Conto sing Apik

Niru Conto-Conto sing Apik

Aku takon, ”Panjenengan ngerti umurku pira?” Izak Marais njawab, ”Iya aku ngerti.” Dhèwèké nilpun aku saka Patterson, New York, wektu aku lagi ing Colorado. Ayo tak kandhani piyé critané.

AKU lair 10 Desember 1936 ing Wichita, Kansas, AS. Aku anak mbarep lan adhiku telu. Wong tuwaku, William lan Jean, setya ngabdi marang Yéhuwah. Bapakku dadi pinituwa sing tugasé kaya koordinator pinituwa jaman saiki. Ibuku sinau Alkitab saka ibuké sing jenengé Emma Wagner. Emma mulang Alkitab marang akèh wong, klebu Gertrude Steele, sing dadi utusan injil ing Puerto Riko. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Dadi, aku nduwé akèh conto apik sing isa ditiru.

NGÉLING-ÉLING CONTO SING APIK

Bapaké Thomas McLain’ nawakké majalah ing ndalan

Wektu umur limang taun, dina Setu wengi, aku lan bapakku nawakké majalah Watchtower lan Consolation (saiki Sadarlah!) marang wong-wong sing liwat ing dalan. Wektu kuwi, negaraku mèlu Perang Donya II. Bapakku ora gelem mèlu perang. Ana dhokter sing mabuk teka, lan nudhuh bapakku wedi lan mung alesan thok ora gelem mèlu perang. Dhokter kuwi nantang ing ngarep rainé bapakku lan kandha, ”Ngapa kowé ora njotos aku, kowé kuwi jirih tenan!” Aku kagèt lan wedi, ning aku nggumun bapakku malah tetep nawakké majalah marang wong-wong sing nonton. Banjur, ana tentara sing liwat, lan dhokter kuwi mbengok, ”Ajaren wong jirih iki!” Tentara kuwi ngerti nèk dhokter kuwi mabuk lan kandha karo dhèwèké, ”Mulih kana ora usah ngamuk-ngamuk!” Wong loro kuwi banjur lunga. Aku maturnuwun banget merga Yéhuwah mbantu bapakku kendel. Bapakku nduwé kios cukur loro ing Wichita, lan dhokter kuwi mau langganané.

Aku lan wong tuwaku lunga menyang kebaktian ing Wichita taun 1940

Wektu umurku wolung taun, wong tuwaku ngedol omah lan kiosé terus nggawé omah sing ana rodhané lan isa dipindhah-pindhah. Banjur, aku sak keluarga pindhah menyang Colorado, cedhaké Grand Junction, kanggo nginjil ing panggonan sing luwih mbutuhké penginjil. Wong tuwaku dadi perintis lan kerja tani sarta ternak. Merga berkahé Yéhuwah lan semangaté nginjil, ing kono mulai ana jemaat. Ing 20 Juni 1948, aku dibaptis karo bapakku ing kali sing ana ing gunung, barengan karo wong liyané, klebu Billie Nichols lan bojoné. Wong loro kuwi banjur dadi pinituwa wilayah, semono uga anak lan mantuné.

Keluargaku kekancan karo akèh wong sing semangat nginjil, kususé keluarga Steele, yaiku Don karo Earlene, Dave karo Julia, lan Si karo Martha. Aku sak keluarga seneng rembugan Alkitab karo wong-wong kuwi, lan aku dadi luwih semangat nginjil. Wong-wong kuwi dadi conto nèk ndhisikké Kratoné Gusti Allah urip isa nyenengké.

PINDHAH MANÈH

Wektu umurku 19 taun, kancané keluargaku sing jenengé Bud Hasty, ngajak aku dadi perintis ing Amerika Serikat bagéan kidul. Pinituwa wilayah ing kono ngongkon aku lan kancaku pindhah menyang Ruston, Louisiana. Ing kono, ana Seksi-Seksi sing wis ora mèlu manèh kagiyatan ing jemaat. Dhèwèké ngongkon aku lan kancaku mimpin kabèh pakumpulan ibadah saben minggu. Aku lan kancaku nemokké panggonan sing cocog kanggo pakumpulan ibadah. Kadhang kala mung aku lan kancaku sing teka. Dadi, nèk aku sing mimpin, kancaku sing njawab, bar kuwi gentènan. Nèk ana adegan, ya aku wong loro sing munggah panggung ning ora ana sing nonton. Akhiré, ana sedulur wédok sing luwih tuwa, sarta wong-wong sing sinau Alkitab lan sing biyasané ora teka saiki mulai teka. Banjur ing kono isa dadi jemaat.

Aku lan Bud ketemu karo pendhéta Gréja Kristus, lan dhèwèké takon bab Alkitab ning aku ora isa njawab. Atiku dadi susah, lan aku mulai mikirké tenanan imanku. Saksuwéné seminggu, aku sinau Alkitab nganti bengi kanggo njawab pitakonané. Kuwi nguwatké hubunganku karo Yéhuwah, lan aku dadi kepéngin banget ketemu karo pendhéta liyané.

Ora let suwé, pinituwa wilayah ngongkon aku pindhah kanggo mbantu jemaat ing El Dorado, Arkansas. Saksuwéné ing kono, aku kudu bolak-balik menyang Colorado kanggo lapor menyang pamréntah lan njelaské alesané aku ora mèlu urusan perang. Wektu aku lunga karo perintis liya, mobilku tabrakan ing Texas. Aku lan kanca-kancaku nilpun salah sijiné sedulur, banjur dijak ing omahé lan pakumpulan ibadah. Ing kono, sedulur mau ngumumké nèk aku bar tabrakan, banjur para sedulur mènèhi dhuwit. Sedulur mau ngedolké mobilku sing payuné 25 dolar AS.

Aku lan kanca-kancaku bali menyang Wichita. Ana kancané keluargaku sing dadi perintis, jenengé McCartney, sing celukané Doc. Dhèwèké nduwé anak lanang kembar jenengé Frank lan Francis, sing dadi kanca cedhakku. Keluarga kuwi nduwé mobil kuna sing didol marang aku regané 25 dolar AS, persis kaya payuné mobilku mau. Lagi iki aku ngrasakké Yéhuwah maringi sing tak butuhké, merga aku ndhisikké Kratoné. Keluarga McCartney ngenalké aku karo sedulur wédok sing ayu, yaiku Bethel Crane. Ibuké sing jenengé Ruth, dadi perintis sing semangat nganti umur 90-an taun ing Wellington, Kansas. Ora nganti setaun aku lan Bethel nikah taun 1958, lan mulai merintis bareng ing El Dorado.

UNDANGAN SING NYENENGKÉ

Aku lan Bethel péngin niru conto-conto apik mau. Dadi, aku mutuské bakal nampa undangan apa waé saka pakumpulané Yéhuwah. Aku lan bojoku ditugaské dadi perintis istiméwa ing Walnut Ridge, Arkansas. Ing taun 1962, aku diundang mèlu Sekolah Giléad kelas 37 bareng bojoku. Aku seneng banget ngerti Don Steele uga mèlu sekolah kuwi. Sakwisé lulus, aku lan Bethel ditugaské ing Nairobi, Kenya. Aku wong loro sedhih ninggalké New York, ning seneng wektu tekan bandara Nairobi, para sedulur ing kono wis ngentèni.

Nginjil bareng karo Mary lan Chris Kanaiya ing Nairobi

Aku betah manggon lan nginjil ing Kenya. Chris lan Mary Kanaiya kuwi sing sepisanan sinau Alkitab karo aku. Wong loro kuwi isih merintis ing Kenya. Taun sakbanjuré, aku lan bojoku dikon pindhah menyang Kampala, Uganda. Aku lan Bethel dadi utusan injil sing sepisan ing kono. Nyenengké banget ing kono akèh sing péngin sinau Alkitab, lan dadi Seksi Yéhuwah. Ning, sakwisé telung taun setengah ing Afrika, aku lan bojoku nduwé anak terus bali menyang Amerika Serikat. Aku wong loro luwih sedhih ninggalké Afrika timbang wektu ninggalké New York mbiyèn. Aku lan bojoku tresna karo wong-wong ing Afrika lan péngin balik manèh sukmbèn.

TUGAS ANYAR

Aku lan bojoku pindhah menyang Colorado bagéan kulon. Wong tuwaku uga manggon ing kono. Anakku mbarep wédok jenengé Kimberly. Terus, 17 sasi sakwisé aku nduwé anak wédok manèh jenengé Stephany. Tugas dadi wong tuwa kuwi penting banget. Aku lan Bethel ngupaya mulang Alkitab marang anak-anakku. Aku lan bojoku péngin niru conto-conto sing apik, merga ana pengaruhé kanggo anak-anakku. Ning, kuwi ora njamin anak-anakku bakal ngabdi marang Yéhuwah. Sayangé, adhiku lanang lan wédok wis ora dadi Seksi Yéhuwah. Muga-muga, sukmbèn adhi-adhiku isa niru manèh conto-conto sing apik.

Keluargaku seneng nindakké kagiyatan bareng-bareng. Contoné, kerep dolanan ski bareng-bareng, merga omahku ing cedhaké Aspen, panggonan kanggo dolanan ski ing Colorado. Wektu dolanan bareng, aku isa omong-omongan karo anak-anakku. Aku uga tau kémah bareng lan omong-omongan ing cedhaké api unggun. Senajan padha isih cilik, ning kerep ngomongké mbésuk nèk gedhé arep dadi apa lan nduwé bojo kaya apa. Aku lan bojoku ngupaya mulang anak-anakku bèn nresnani Yéhuwah, nggunakké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah, lan nikah mung karo wong sing nduwé cita-cita sing padha. Aku uga ngandhani anak-anakku, ”Aja kesusu nduwé bojo dhisik sakdurungé umur 23.”

Kaya tuladhané wong tuwaku ngupaya teka ing pakumpulan ibadah sarta ajeg nginjil bareng-bareng sak keluarga. Aku kerep ngundang perintis, pinituwa wilayah, lan sedulur liyané sing nggunakké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah nginep ing omahku. Aku lan Bethel uga kerep nyritakké senengé dadi utusan injil. Aku sak keluarga péngin banget isa lunga menyang Afrika bareng-bareng.

Aku sak keluarga mesthi ajeg sinau Alkitab. Anak-anakku nglakonké dadi Seksi sing mbéla imané wektu ana tantangan ing sekolahan. Iki nyenengké banget, lan marahi kendel. Wektu mundhak gedhé, kadhang kala padha sambat bab sinau bareng. Saking nesuné, langsung tak kon mlebu kamar lan ora nganakké ibadah keluarga. Anak-anakku langsung kagèt lan nangis, terus kandha nèk gelem mèlu sinau Alkitab manèh. Saya suwé anak-anakku seneng sinau Alkitab lan ora wedi crita bab pikiran lan perasaané. Kuwi tegesé upayaku kanggo ndhidhik anak-anak sinau bab Yéhuwah ana gunané. Wektu anakku ora setuju karo ajarané Alkitab, aku sedhih banget. Ning, sakwisé tak ajak ngrembug bab kuwi, anak-anakku dadi setuju karo pathokané Yéhuwah.

KAHANANÉ MALIH MANÈH

Ora krasa anak-anakku saiki wis gedhé. Merga bantuan saka Yéhuwah lan pakumpulané, aku lan bojoku isa ndhidhik anak-anak bèn nresnani Yéhuwah. Seneng banget wektu anak-anakku dadi perintis sakwisé lulus sekolah, lan sinau ketrampilan sing isa dinggo nyambut gawé. Anak-anakku pindhah menyang Cleveland, Tennessee, dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil, bareng karo sedulur wédok loro liyané. Aku lan Bethel kangen banget karo anak-anakku, ning ya seneng merga anakku dadi perintis kabèh. Aku lan bojoku mulai merintis manèh, uga dadi pinituwa wilayah pengganti sarta ngurusi kebaktian.

Sakdurungé pindhah menyang Tennessee, anak-anak lunga menyang kantor cabang London, Inggris. Ing kono, Stephany sing umuré 19 taun ketemu karo Paul Norton sing kerja ing Bètel. Wektu mrono manèh, Kimberly ketemu karo kancané Paul sing jenengé Brian Llewellyn. Wektu Stephany umur 23 taun, dhèwèké nikah karo Paul. Taun sakbanjuré, Kimberly sing umuré 25 taun nikah karo Brian. Dadi, anak-anakku tetep ora nduwé bojo nganti umuré 23 taun. Aku lan bojoku seneng karo pilihané anak-anakku.

Foto karo Paul, Stephany, Kimberly, lan Brian ing kantor cabang Malawi taun 2002

Anak-anakku isa ndhisikké Kratoné Gusti Allah senajan ana masalah ékonomi, merga niru tuladhaku sarta wong tuwaku. (Mt. 6:33) Ing sasi April 1998, Paul lan Stephany diundang mèlu Sekolah Giléad kelas 105, banjur ditugaské ing Malawi, Afrika. Brian lan Kimberly uga diundang kerja ing Bètel London, lan bar kuwi dipindhah menyang Bètel Malawi. Aku lan Bethel seneng banget merga anak-anakku nggunakké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah.

DIUNDANG MANÈH

Kaya sing tak critakké mau, ing Januari 2001 aku ditilpun karo sedulur Marais, pengawas Layanan Penerjemahan. Dhèwèké kandha nèk arep ana kursus kanggo mbantu para penerjemah sakdonya bèn isa luwih paham basa Inggris. Senajan umurku wis 64 taun, ning aku arep dilatih dadi pengajar ing kursus kuwi. Aku lan Bethel ndonga lan njaluk saran saka ibuku lan ibuké bojoku. Ibu lan maratuwaku ora masalah nèk tak tinggal senajan wis padha tuwa. Dadi, aku nilpun sedulur Marais lan gelem nampa tugas kuwi mau.

Jebulé, ibuku lara kanker. Aku kandha karo ibuku nèk aku ora sida lunga waé lan arep ngopèni ibuku bareng karo adhiku Linda. Ibuku ora gelem lan kandha, ”Nèk kowé ora sida lunga, aku malah sedhih.” Linda ya setuju. Aku maturnuwun banget merga keluargaku lan sedulur-sedulur ing jemaat gelem ndhukung. Sedina sakwisé teka ing Patterson, panggonan sing dinggo sekolah, Linda nilpun nèk ibu wis ora ana. Ning, Linda ngongkon aku tetep semangat nindakké tugasku.

Aku lan Bethel seneng banget wektu ngerti nèk tugasku sing sepisanan yaiku menyang kantor cabang Malawi. Ing kono ana anak-anak lan mantuku. Seneng banget isa kumpul bareng manèh. Sakbanjuré, aku mulang kursus ing Zimbabwe lan ing Zambia. Sakwisé telu setengah taun, aku lan bojoku balik manèh menyang Malawi. Ing kono aku nulis pengalamané para sedulur sing dianiaya ing Malawi merga ora mèlu-mèlu urusan politik. *—Deloken katrangan ing ngisor.

Nginjil bareng karo putuku

Ing taun 2005, aku lan Bethel sedhih banget merga ninggalké Afrika kanggo balik menyang Basalt, Colorado, lan terus merintis ing kono. Ing taun 2006, Brian lan Kimberly pindhah ing sebelah omahku lan nduwé anak wédok loro sing jenengé Mackenzie lan Elizabeth. Paul lan Stephany tetep ing kantor cabang Malawi, ing kono Paul dadi Panitia Cabangé. Saiki umurku mèh 80 taun, aku seneng ndelok para sedulur enom sing mbiyèn kerja bareng aku, saiki nangani tugas-tugas sing mbiyèn tak tindakké. Aku lan Bethel ngupaya niru tuladha sing apik bèn isa dadi conto kanggo anak putuku. Kuwi ndadèkké aku lan bojoku seneng banget.

^ par. 5 Deloken Watchtower 1 Mei 1956, kaca 269-272, lan 15 Maret 1971, kaca 186-190, kanggo ngerti luwih akèh bab keluargané Steele sing dadi utusan injil.

^ par. 30 Contoné, wacanen pengalamané Trophim Nsomba ing Menara Pengawal 15 April 2015, kaca 14-18.