Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Diberkahi Merga Nindakké Kersané Yéhuwah

Diberkahi Merga Nindakké Kersané Yéhuwah

Wektu aku, bojoku, sarta masku, sing jenengé Bob, lan bojoné ditawani tugas kusus, kabèh langsung kandha, ”Ya, aku waé.” Apa sebabé aku wong papat gelem nampa tugas kuwi lan apa berkahé saka Yéhuwah? Ayo tak critani pengalamanku.

AKU lair taun 1923 ing Hemsworth, salah siji kutha ing Yorkshire, Inggris. Wektu umurku sangang taun, bapakku seneng banget wektu maca buku-buku sing nerangké bab carané agama palsu mblasukké wong-wong. Dhèwèké nggatèkké nèk para pemimpin agama ora nindakké apa sing diwulangké. Pirang-pirang taun sakbanjuré, Bob Atkinson teka ing omahku lan muterké rekaman saka ceramahé Sedulur Rutherford. Aku sak keluarga langsung sadhar nèk ceramah kuwi lan buku-buku sing diwaca bapakku asalé saka kelompok sing padha. Saben bengi wong tuwaku ngundang Sedulur Atkinson mangan bareng lan dhèwèké njawab akèh pitakonané keluargaku bab Alkitab. Sedulur Atkinson ngundang aku sak keluarga teka ing pakumpulan ibadah ing omahé salah siji sedulur sing ora adoh saka omahku. Aku lan keluargaku mulai ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan ana jemaat cilik sing dibentuk ing Hemsworth. Ora let suwé, omahku kerep dinggo nginep para sedulur sing dadi hamba zona (saiki disebut pinituwa wilayah) lan mangan bareng-bareng karo para perintis saka jemaat liya. Sedulur-sedulur kuwi mènèhi pengaruh sing apik kanggo aku.

Wektu kuwi keluargaku lagi waé mbukak usaha. Ning, Bapakku kandha karo masku, ”Nèk kowé péngin merintis, ya ditutup waé usaha iki.” Bob setuju, lan dhèwèké mulai ninggalké omah kanggo merintis wektu umur 21 taun. Rong taun sakwisé kuwi, aku uga mèlu merintis wektu umur 16 taun. Dina Setu utawa Minggu, aku nginjil karo sedulur-sedulur liya. Ning, nèk pas dina kerja, kerep-kerepé aku nginjil dhèwèkan. Aku nggunakké fonograf lan kertu kesaksian, yaiku kertu cilik sing isiné katrangan cekak bab Alkitab. Merga berkahé Yéhuwah, aku dadi isa mbantu wong siji sinau Alkitab nganti dibaptis. Lan akiré akèh anggota keluargané uga dibaptis. Setaun sakbanjuré, aku dilantik dadi perintis istiméwa bareng karo Mary Henshall lan ditugaské menyang dhaérah sing durung tau digarap ing wilayah Cheshire.

Wektu Perang Donya II, wong-wong wédok kudu mèlu ndhukung perang. Ning, para rohaniwan biasané ora diwajibké mèlu perang. Dadi, aku mikir nèk aku mesthiné ya ora diwajibké. Ning, pengadilan ora setuju lan aku dipenjara 31 dina. Wektu umur 19 taun, ping pindho aku kudu teka ing pengadilan manèh merga aku tetep ora gelem mèlu ndhukung perang, ning aku ora diukum apa-apa. Saka pengalaman-pengalaman kuwi, aku dadi ngerti nèk roh suciné Yéhuwah mbantu aku bèn dadi kuwat lan teguh.​—Yé. 41:10, 13.

ÉNTUK KANCA

Aku ketemu karo Arthur Matthews taun 1946. Wektu kuwi, Arthur lagi waé dibébaské sakwisé telung sasi dipenjara merga ora gelem mèlu perang. Bar kuwi, Arthur ngancani masé, sing jenengé Dennis, sing dadi perintis istiméwa ing Hemsworth. Wong loro kuwi wis sinau Alkitab karo bapaké wiwit isih cilik lan dibaptis wektu isih remaja. Bar dibaptis, wong loro kuwi langsung mulai merintis. Banjur, Dennis ditugaské ing Irlandia, dadi Arthur ora nduwé kanca. Arthur kuwi perintis sing semangat. Wong tuwaku seneng karo sikapé lan ngundang Arthur kanggo manggon ing omahku. Nèk aku pas mulih, aku lan Arthur sing biasané isah-isah bar mangan. Banjur, aku lan Arthur mulai surat-suratan. Ing taun 1948, Arthur dipenjara telung sasi. Aku lan Arthur nikah ing sasi Januari 1949 lan péngin tetep merintis sak suwé-suwéné. Aku lan Arthur kudu ngirit lan biasané nggunakké wektu cuti kanggo nyambut gawé manèn buah. Merga berkahé Yéhuwah, aku wong loro isa tetep dadi perintis.

Ing Hemsworth, ora suwé sakwisé nikah taun 1949

Kira-kira setaun sakwisé kuwi, aku lan Arthur ditugaské menyang Irlandia Utara, sing sepisanan ing kutha Armagh, banjur ing kutha Newry. Akèh-akèhé wong ing kono agamané Katolik sing fanatik. Dadi, aku lan bojoku kudu ngati-ati lan wicaksana wektu nginjil. Aku lan Arthur ngibadah ing omahé sedulur seiman sing adohé 16 km saka panggonanku. Kira-kira sing teka mung wong wolu. Kadhang kala aku lan Arthur nginep ing kono, turu ing lantai, banjur sarapan bareng-bareng sésuk ésuké. Seneng banget rasané merga saiki ana akèh Seksi Yéhuwah ing dhaérah kono.

”YA, AKU WAÉ”

Masku lan bojoné, sing jenengé Lottie, wis dadi perintis istiméwa ing Irlandia Utara. Ing taun 1952, aku, bojoku, sarta masku lan bojoné mèlu kebaktian distrik ing Belfast. Aku wong papat manggon ing omahé salah siji sedulur bareng karo Pryce Hughes, sing akiré dadi hamba cabang ing Inggris. Ing sawijiné bengi, aku kabèh ngrembug salah siji brosur anyar sing judhulé Jalan Allah Adalah Kasih, sing kusus digawé kanggo wong-wong Irlandia. Sedulur Hughes nerangké nèk mbiyèn pancèn angèl nginjil marang wong-wong Katolik ing Républik Irlandia. Para sedulur diusir saka omahé lan para pastor ngongkon wong-wong supaya nyerang para sedulur. Pryce kandha, ”Dadi, pancèn dibutuhké para sedulur sing wis bebojoan lan nduwé mobil kanggo nganakké kampanye kusus nyebarké brosur iki ing Irlandia.” * (Deloken katrangan ing ngisor.) Banjur, aku wong papat langsung kandha, ”Ya, aku waé.”

Karo para perintis liyané numpak motor sing ana gandhèngané

Aku wong papat manggon sawetara wektu ing Dublin, ing omahé Ma Rutland, sedulur wédok sing wis ngabdi pirang-pirang taun. Omahé sedulur kuwi kerep dinggo manggon para perintis. Banjur, aku wong papat ngedol barang-barang sing tak duwèni, terus numpak motoré Bob sing ana gandhèngané lan lunga tuku mobil. Akiré, aku éntuk mobil bekas sing kondhisiné isih apik lan ngomong karo sing ngedol mobil kuwi bèn ngeterké mobilé merga ora ana sing isa nyopir. Sewengi muput, Arthur lungguh ing kasur, éthok-éthok sinau carané nyopir. Sésuk ésuké, wektu Arthur lagi nyoba ngetokké mobilé saka garasi, ana utusan injil sing jenengé Mildred Willett (sing sakbanjuré nikah karo John Barr) mara. Dhèwèké isa nyopir lan ngajari Arthur carané nyopir. Akiré, aku wong papat isa lunga bareng numpak mobil.

Mobil lan omah mobilku

Sakbanjuré, aku wong papat butuh panggonan. Para sedulur ing kono wis ngandhani aja manggon ing omah mobil merga mengko isa diobong karo wong-wong sing ora seneng. Dadi, aku wong papat nggolèk omah sing aman, ning ora ketemu. Bengi kuwi, aku wong papat turu ing njero mobil. Sésuké, aku mung isa éntuk omah mobil sing ana kasur tingkaté sing ukurané cilik. Ning, anèhé omah mobilku éntuk parkir ing lataré wong-wong tani sing apikan. Aku wong papat isa nginjil ing dhaérah sing adohé 16 nganti 24 kilomèter saka kono. Sakwisé pindhah saka kono, aku wong papat isih bali manèh kanggo nginjil marang wong-wong ing dhaérah sing mauné dinggo markirké omah mobilku.

Aku wong papat isa marani kabèh omah ing Républik Irlandia sisih tenggara tanpa gangguan lan isa ngedumké brosur sing cacahé luwih saka 20.000. Jeneng-jenengé wong sing minat tak kirimké menyang kantor cabang Inggris. Nyenengké banget merga saiki ana atusan Seksi Yéhuwah ing dhaérah kono.

BALI MENYANG INGGRIS, BANJUR MENYANG SKOTLANDIA

Pirang-pirang taun sakbanjuré, aku karo Arthur ditugaské manèh ing London sisih kidul. Sakwisé pirang-pirang minggu, para sedulur saka kantor cabang Inggris nélpon lan nugaské Arthur dadi pinituwa wilayah. Sésuké, aku wong loro dilatih saksuwéné seminggu, banjur langsung mulai marani jemaat-jemaat ing Skotlandia. Dadi, Arthur ora nduwé akèh wektu kanggo nyiapké ceramah. Ning, Arthur mesthi gelem nindakké kabèh tugas saka Yéhuwah senajan ora gampang. Kuwi dadi tuladha sing isa nguwatké aku. Mbiyèn, aku wong loro ditugaské nganti pirang-pirang taun ing dhaérah sing durung tau digarap. Ning, saiki seneng banget rasané merga isa marani jemaat-jemaat lan srawung karo akèh sedulur.

Ing taun 1962, Arthur diundang mèlu Sekolah Giléad. Sekolah kuwi suwéné nganti sepuluh sasi, ning aku ora mèlu diundang. Akiré aku wong loro mutuské nèk Arthur kudu nampa undangan kuwi. Ning, aku dadi ora nduwé kanca nginjil, mula kantor cabang ngutus aku dadi perintis istiméwa manèh ing Hemsworth. Wektu Arthur rampung sekolah, aku wong loro ditugaské dadi pengawas distrik ing wilayah Skotlandia, Inggris sisih lor, lan Irlandia Utara.

TUGAS ANYAR ING IRLANDIA

Ing taun 1964, Arthur ditugaské dadi hamba cabang ing Republik Irlandia. Awalé, aku rumangsa ora nyaman ing Bètel merga wis biasa tugas marani jemaat-jemaat. Ning, nganti saiki aku rumangsa maturnuwun merga isa ngabdi ing Bètel. Aku yakin nèk awaké dhéwé nampa tugas senajan ora seneng karo tugas kuwi, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. Ing Bètel, aku nindakké gawéan ing kantor, ngepak lèktur, masak, lan resik-resik. Kadhang kala, aku wong loro uga éntuk tugas dadi pengawas distrik lan isa ketemu karo para sedulur ing negara kuwi. Seneng banget rasané merga ndelok akèh wong sing sinau Alkitab isa nggawé kemajuan rohani. Kuwi kabèh berkah sing isa nguwatké paseduluranku karo para sedulur ing Irlandia.

ACARA PENTING ING IRLANDIA

Senajan ana akèh tentangan, kebaktian internasional sing kapisan ing Irlandia akiré isa dianakké ing Dublin taun 1965. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Ana 3.948 sing teka ing kebaktian kuwi lan 65 sing dibaptis. Ana 3.500 sedulur sing teka saka luar negeri lan manggon ing omahé para sedulur ing Dublin. Banjur, kantor cabang Irlandia ngirimi surat sing isiné ucapan maturnuwun marang para sedulur sing wis gelem nampa tamu kuwi. Para sedulur kuwi ngalem tumindaké para sedulur saka luar negeri. Kuwi bener-bener isa nguwatké para sedulur ing Irlandia.

Arthur nyalami Nathan Knorr ing kebaktian taun 1965

Arthur ngumumké Buku Cerita Alkitab ing Gaelic taun 1983

Ing taun 1966, wilayah Irlandia sisih lor lan kidul didadèkké siji lan diawasi karo kantor cabang Dublin. Aku seneng banget merga ndelok akèh sedulur sing mbiyèné agamané Katolik lan Protèstan isa ngabdi bebarengan. Kuwi béda banget karo kahanan ing Irlandia, sing wong-wongé ora isa rukun merga politik lan agama.

TUGASÉ GANTI MANÈH

Ing taun 2011, aku lan Arthur ditugaské ing Bètel London merga kantor cabang Irlandia lan Inggris didadèkké siji. Wektu kuwi, aku mulai kuwatir karo keséhatané Arthur merga lara Parkinson. Sedhih banget rasané wektu Arthur, sing wis dadi bojoku 66 taun, mati ing tanggal 20 Mei 2015.

Nganti pirang-pirang taun, aku isih rumangsa sedhih, strès, lan kangen banget karo Arthur. Ning, wektu ngadhepi kahanan kaya ngono, awaké dhéwé kudu saya nyedhak marang Yéhuwah. Aku seneng merga ngerti nèk akèh sedulur uga padha nresnani Arthur. Aku nampa akèh surat sing nguwatké saka para sedulur ing Irlandia, Inggris, lan Amerika Serikat. Seduluré Arthur sing jenengé Dennis, lan bojoné sing jenengé Mavis, sarta ponakanku yaiku Ruth lan Judy uga nguwatké aku banget.

Yésaya 30:18 kandha, ’Yéhuwah ngantos-antos marang wektuné anggoné bakal ngatingalaké katresnané marang kowé kabèh; mulané banjur jumeneng arep nandukaké kawelasan marang kowé kabèh. Amarga Yéhuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakèhé wong kang nganti-anti marang Panjenengané!’ Ayat kuwi nguwatké tenan merga aku ngerti nèk Yéhuwah sabar ngentèni wektuné kanggo ngatasi kabèh masalah lan maringi kita tugas sing nyenengké ing donya anyar.

Wektu mikirké kabèh pengalaman mau, aku isa ndelok carané Yéhuwah nuntun lan mberkahi gawéan nginjil ing Irlandia. Aku seneng banget isa mèlu ndhukung gawéan kuwi. Pancèn bener nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi nèk kita nindakké kersané.

^ par. 12 Deloken 1988 Yearbook of Jehovah’s Witnesses, kaca 101-102.

^ par. 22 Deloken 1988 Yearbook, kaca 109-112.