Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

’Tresna Iku Dikanthènana Panggawé lan ing Sajroning Kayektèn’

’Tresna Iku Dikanthènana Panggawé lan ing Sajroning Kayektèn’

’Anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa ilat baé, nanging dikanthènana panggawé lan ing sajroning kayektèn.’​—1 YO. 3:18.

LAGU: 3, 50

1. Terangna jenis katresnan sing paling unggul nurut Alkitab. (Deloken gambar ing ndhuwur.)

YÉHUWAH kuwi Sumberé katresnan. (1 Yo. 4:7) Alkitab nggunakké tembung Yunani a·gaʹpe kanggo nggambarké jenis katresnan sing paling unggul yaiku sing dhasaré saka pathokan sing bener. A·gaʹpe kuwi ora mung perasaan thok, ning nyata saka tumindak sing ora ngutamakké kepentingané dhéwé merga nduwé rasa sayang lan perduli marang wong liya. Katresnan sing kaya ngono kuwi isa nggawé kita dadi bungah lan puas.

2, 3. Piyé Yéhuwah nduduhké katresnan sing ora ngutamakké kepentingané dhéwé?

2 Katresnané Yéhuwah kanggo manungsa wis nyata sakdurungé nggawé Adam lan Kawa. Yéhuwah ngrancang bumi kanggo kepentingané manungsa. Yéhuwah péngin bèn manungsa ora mung isa urip, ning uga isa ngrasakké urip sing kepénak. Sakwisé nyepakké bumi sak isiné, Yéhuwah nggawé manungsa lan maringi pangarep-arep urip saklawasé ing bumi firdaus.

3 Senajan Adam lan Kawa wis mbrontak, Yéhuwah yakin tenan nèk ana keturunané Adam lan Kawa sing bakal nresnani Yéhuwah. Mula, Yéhuwah njanjèkké Putrané kanggo dadi kurban tebusan sing isa nylametké manungsa. (Pd. 3:15; 1 Yo. 4:10) Wektu ngucapké janji kuwi, Yéhuwah wis yakin nèk kersané mesthi bakal kelakon. Banjur, 4.000 taun sakwisé kuwi, Yéhuwah nggawé pangurbanan wektu maringké Putrané sing paling aji kanggo nebus manungsa. (Yo. 3:16) Kita mesthi maturnuwun banget merga Yéhuwah wis nduduhké katresnané.

Nduduhké katresnan senajan kuwi ora gampang

4. Apa buktiné wong sing ora sampurna isa nduduhké katresnan sing ora ngutamakké kepentingané dhéwé?

4 Manungsa sing ora sampurna isa nduduhké katresnan sing ora ngutamakké kepentingané dhéwé merga digawé nurut gambaré Yéhuwah. Kuwi tegesé isa niru sipat-sipaté Yéhuwah. Pancèn kuwi ora gampang, ning kita isa nindakké kuwi. Contoné, Abèl nduduhké katresnané marang Yéhuwah wektu mènèhi kurban sing paling apik. (Pd. 4:3, 4) Nuh terus martakké kabar saka Yéhuwah nganti pirang-pirang taun senajan wong-wong ora gelem ngrungokké. (2 Pt. 2:5) Lan Abraham nduduhké nèk katresnané marang Gusti Allah luwih kuwat timbang apa waé, nganti lila ngurbanké putrané sing ditresnani, yaiku Iskak. (Yb. 2:21) Mula, kita uga péngin nduduhké katresnan senajan kuwi ora gampang.

KATRESNAN SING TULUS KUWI APA?

5. Piyé carané nduduhké katresnan sing tulus?

5 Alkitab kandha nèk katresnan sing tulus kuwi ora mung ”kalawan tembung utawa kalawan ilat baé, nanging dikanthènana panggawé lan ing sajroning kayektèn”. (1 Yo. 3:18) Kuwi dudu ateges kita ora isa nduduhké katresnan liwat omongan. (1 Ts. 4:18) Ning, kadhang kala ora cukup nèk mung kandha, ”Aku tresna karo kowé.” Katresnan kuwi perlu diduduhké liwat tumindak. Contoné, nèk ana sedulur sing butuh panganan utawa klambi, kita perlu tumindak kanggo mbantu. (Yb. 2:15, 16) Semono uga, nèk nresnani Yéhuwah lan wong liya, kita ora mung ndonga bèn saya akèh wong isa dadi abdiné Yéhuwah, ning uga kudu mempeng nginjil.

6, 7. (a) Apa tegesé katresnan sing tulus? (b) Wènèhana conto katresnan sing palsu.

6 Rasul Yokanan kandha nèk katresnan kuwi kudu ”dikanthènana panggawé lan ing sajroning kayektèn”. Kuwi tegesé ”ditanpa lamis [munafik]” utawa tulus. (Rm. 12:9; 2 Kr. 6:6) Kadhang kala ana sing mung éthok-éthok nduduhké katresnan, ning ora tenanan lan tulus. Kuwi jenengé katresnan sing palsu. Ora ana sing jenengé katresnan sing munafik.

7 Ayo digatèkké conto-conto katresnan sing palsu. Wektu Sétan omong-omongan karo Kawa ing taman Èden, kaya-kayané apa sing diomongké kuwi sing paling apik kanggo Kawa. Ning, sakjané tumindaké Sétan kuwi ngutamakké kepentingané dhéwé lan munafik. (Pd. 3:4, 5) Raja Dawud nduwé kanca sing jenengé Akhitofèl. Ning, Akhitofèl mikirké kepentingané dhéwé lan dadi ora setya karo Dawud. Kuwi bukti nèk dhèwèké dudu kanca sing sejati. (2 Sa. 15:31) Saiki, wong-wong murtad lan liyané uga nggunakké ’tembung kang muluk-muluk lan basa kang manis’ kanggo nggawé jemaat dadi ora rukun. (Rm. 16:17, 18) Wong-wong kuwi kétoké perduli marang wong liya, ning sakjané ora.

8. Pitakonan apa sing kudu dipikirké?

8 Katresnan sing palsu kuwi ngisin-isini merga digunakké kanggo ngapusi. Mbokmenawa kita isa ngapusi manungsa, ning ora isa ngapusi Yéhuwah. Yésus kandha nèk wong sing munafik kuwi bakal éntuk hukuman sing paling abot. (Mt. 24:51) Para abdiné Yéhuwah mesthi ora péngin dadi wong sing kaya ngono. Dadi, kita kudu mikirké pitakonan iki, ’Apa katresnanku iki tulus, utawa mung mikirké kepentinganku dhéwé lan ora jujur?’ Ayo saiki ngrembug sangang cara kanggo nduduhké katresnan sing tulus.

KATRESNAN SING ”DIKANTHÈNANA PANGGAWÉ LAN ING SAJRONING KAYEKTÈN”

9. Apa sing bakal kita tindakké nèk nduwé katresnan sing tulus?

9 Tetepa ngabdi kanthi bungah senajan wong liya ora nggatèkké. Kita kudu lila nresnani lan tumindak apikan karo wong liya senajan ora ana sing ngerti apa sing kita tindakké. (Wacanen Matéus 6:1-4.) Contoné, Ananias lan Safira diukum merga ora jujur bab jumlah sumbangan sing diwènèhké. Wong loro kuwi mènèhi sumbangan merga péngin digatèkké wong liya. (PR. 5:1-10) Dadi, kita kudu tulus nresnani lan nindakké bab sing apik kanggo para sedulur senajan ora ana sing nggatèkké. Kita isa niru tuladhané para sedulur sing mbantu Pengurus Pusat kanggo nyiapké piwulang saka Alkitab. Para sedulur kuwi tetep andhap asor lan ora péngin wong liya ngerti gawéan apa sing wis ditindakké.

Tetepa ngabdi kanthi bungah senajan wong liya ora nggatèkké

10. Apa buktiné nèk kita ngajèni wong liya?

10 Ajènana wong liya. (Wacanen Rum 12:10.) Yésus ngajèni para muridé. Buktiné dhèwèké ngwijiki sikilé para muridé. (Yo. 13:3-5, 12-15) Pancèn ora gampang lan butuh upaya kanggo andhap asor kaya Yésus lan ngladèni wong liya. Contoné, para rasul waé lagi ngerti carané niru tuladhané Yésus mau sakwisé para rasul nampa roh suci. (Yo. 13:7) Nèk ngajèni wong liya, kita ora rumangsa luwih apik timbang wong liya merga luwih pinter, luwih sugih, utawa nduwé hak istiméwa. (Rm. 12:3) Kita ora mèri wektu wong liya dialem, ning malah mèlu seneng, senajan kita rumangsa nèk sakjané kita uga pantes dialem.

11. Apa sebabé pujian kita kudu tulus?

11 Wènèhana pujian sing tulus. Nggolèka kesempatan kanggo ngalem wong liya. Pujian kuwi pancèn ”becik kanggo mbangun” siji lan sijiné. (Éf. 4:29) Ning, pujian kuwi kudu tulus lan bener-bener metu saka ati, ora mung kanggo nyenengké wong liya. Nèk pancèn dibutuhké, kita tetep kudu mènèhi naséhat. (WB. 29:5) Aja ngalem wong liya banjur ngèlèk-èlèk wong kuwi ing mburiné. Kuwi jenengé munafik. Rasul Paulus nduduhké katresnan sing tulus. Ing suraté marang wong-wong ing Korintus, Paulus ngalem tumindak apiké wong-wong kuwi. (1 Kr. 11:2) Ning, wektu wong-wong kuwi kudu dinaséhati, Paulus nerangké alesané kanthi cetha lan apikan.​—1 Kr. 11:20-22.

Kita kudu nduduhké katresnan lan loma marang para sedulur sing mbutuhké (Deloken paragraf 12)

12. Apa buktiné nèk kita loma lan tulus?

12 Dadia loma. Yéhuwah ndhawuhi kita bèn dadi wong sing loma lan seneng nampa tamu. (Wacanen 1 Yokanan 3:17.) Ning, kita kudu tulus. Coba dipikir: ’Apa sing tak undang ing omahku kuwi mung kanca cedhak utawa wong sing tak anggep penting ing jemaat? Apa aku mung ngundang wong-wong sing mengkoné isa gentènan mbales katresnanku? Utawa apa aku gelem loma marang para sedulur sing ora pati akrab utawa sing ora isa mbales katresnanku?’ (Lk. 14:12-14) Bayangna kahanan iki: Piyé nèk ana sedulur sing butuh bantuan merga wis nggawé keputusan sing ora wicaksana? Utawa piyé nèk wong sing wis kita undang ora tau ngucapké maturnuwun? Yéhuwah ngendika, ”Sing padha seneng pondhok-pinondhokan [nampa tamu] ora nganggo nggrundel.” (1 Pt. 4:9) Kita bakal bungah nèk dadi wong sing loma lan tulus.​—PR. 20:35.

13. (a) Kapan kita kudu luwih sabar? (b) Piyé carané mbantu wong sing ringkih?

13 Bantunen wong-wong sing ringkih. Alkitab kandha, ”Wong kang ringkih padha bélanana. Sing sabar marang wong kabèh.” Kuwi isa nguji katresnan kita tulus apa ora. (1 Ts. 5:14) Akèh sedulur sing mauné ringkih isa dadi kuwat imané. Ning, ana sing butuh bantuan luwih akèh lan digatèkké kanthi sabar. Piyé carané mbantu? Kita isa ngajak nginjil bareng utawa ngrungokké unek-uneké lan nggunakké Alkitab kanggo nguwatké. Sakliyané kuwi, aja langsung nganggep nèk dhèwèké kuwi pancèn ”kuwat” utawa ”ringkih”. Kita kudu sadhar nèk kita kabèh kuwi ana kurangé lan ana luwihé. Rasul Paulus waé ya ngakoni nèk dhèwèké ya ana kurangé. (2 Kr. 12:9, 10) Kita kabèh perlu mbantu lan nguwatké siji lan sijiné.

14. Apa sing kuduné kita tindakké kanggo ngupaya rukun karo para sedulur?

14 Ngupayaa rukun. Isa rukun karo para sedulur kuwi aji banget. Kita kudu ngupaya rukun senajan kita rumangsa dipaido utawa ngalami tumindak sing ora adil. (Wacanen Rum 12:17, 18.) Nèk kita wis nglarani atiné wong liya, kita kudu njaluk ngapura. Ning, kuwi kudu tulus. Contoné, ketimbang mung ngomong, ”Aku njaluk ngapura ya,” luwih apik nèk ngakoni kesalahan kita lan ngomong, ”Aku njaluk ngapura merga omonganku nglarani atimu.” Ngupaya rukun kuwi kususé penting ing urip bebojoan. Aja nganti mung kétok rukun ing ngarepé wong liya thok, ning nyatané kerep neng-nengan, ngomong sing nylekit, utawa malah tumindak kasar marang bojoné.

15. Apa buktiné nèk kita tulus ngapurani?

15 Senenga ngapura. Nèk ana sing nglarani ati, kita kudu ngapurani lan ora ngéling-éling kesalahané. Kita kudu nindakké iki senajan dhèwèké ora rumangsa nèk wis nglarani ati. Alkitab kandha, ’Padha ngétokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung. Lan ngudia lestariné anggonmu tetunggalan ing roh sarana suhing atut rukun.’ (Éf. 4:2, 3) Bèn isa tulus ngapurani, kita kudu nglalèkké kesalahané. Katresnan kuwi ”ora nyimpen kaluputaning liyan”. (1 Kr. 13:4, 5) Malah, nèk kita ora isa mbuwang rasa dendam kuwi isa ngrusak hubungan kita karo para sedulur lan karo Yéhuwah. (Mt. 6:14, 15) Nèk tulus ngapurani, kita mesthi gelem ndongakké wong sing wis nglarani ati kita.​—Lk. 6:27, 28.

16. Piyé kuduné sikap kita wektu nampa tugas kusus saka Yéhuwah?

16 Aja ngutamakké kepentingané dhéwé. Wektu nampa tugas kusus saka Yéhuwah, kita ’aja nganti mung golèk untungé dhéwé, nanging ngaraha untunging liyan’. Kuwi bukti nèk katresnan kita tulus. (1 Kr. 10:24) Contoné, ing kebaktian, para petugas tata tertib mlebu gedhung kebaktian sakdurungé wong liya teka. Mbokmenawa para petugas kuwi kepéngin nggolèk kursi sing nyaman kanggo dhèwèké lan keluargané. Ning, akèh petugas tata tertib sing pilih ora nindakké kuwi. Kuwi bukti katresnan sing ora ngutamakké kepentingané dhéwé. Piyé carané panjenengan isa niru tuladhané?

17. Nèk ana wong Kristen sing nindakké dosa serius, katresnan sing tulus bakal mbantu wong kuwi nindakké apa?

17 Kudu ngakoni dosa lan ora nindakké manèh. Ana wong Kristen sing nindakké dosa sing serius lan ngupaya kanggo ndhelikké kuwi. Mbokmenawa wong kuwi rumangsa isin utawa ora péngin nggawé gela wong liya. (WB. 28:13) Ning, kuwi sakjané malah nduduhké nèk ora nduwé katresnan merga kuwi isa ngrugèkké dhèwèké lan wong liya. Kok isa? Yéhuwah isa waé ora maringi roh suciné manèh kanggo jemaat lan jemaat dadi ora isa rukun. (Éf. 4:30) Dadi, katresnan sing tulus bakal mbantu wong sing nindakké dosa serius mau kanggo ngomong karo para pinituwa bèn isa éntuk bantuan sing cocog.​—Yb. 5:14, 15.

18. Sepira pentingé katresnan sing tulus?

18 Katresnan kuwi sipat sing paling unggul. (1 Kr. 13:13) Kuwi isa mbantu wong-wong nitèni sapa sing dadi muridé Yésus sing sejati lan sing bener-bener niru Yéhuwah, Sumberé katresnan. (Éf. 5:1, 2) Paulus kandha sak umpama dhèwèké ora nduwé katresnan, tumindaké ora ana gunané. (1 Kr. 13:2) Muga-muga kita kabèh terus nduduhké katresnan, ora mung ”kalawan tembung” ning uga ”dikanthènana panggawé lan ing sajroning kayektèn”.