Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Patang Kréta lan Makutha sing Ngayomi Panjenengan

Patang Kréta lan Makutha sing Ngayomi Panjenengan

’Prakara iki bakal kelakon, manawa kowé padha ngrungokaké swarané Yéhuwah Allahmu.’​—ZA. 6:15.

LAGU: 17, 136

1, 2. Piyé kahanané wong-wong Yahudi ing Yérusalèm sakwisé Zakharia éntuk wahyu sing kapitu?

ZAKHARIA mesthi mikirké kabèh sing wis didelok sakwisé éntuk wahyu sing kapitu lan dikuwatké karo janjiné Yéhuwah kanggo ngukum wong-wong sing ora jujur. Ning, kuwi durung kelakon. Isih ana akèh wong Yahudi sing tumindak jahat, ora jujur, lan durung ngrampungké pembangunan bait. Apa sebabé wong-wong Yahudi nglalèkké tugas saka Yéhuwah? Apa wong-wong kuwi bali menyang Yérusalèm mung bèn uripé dadi luwih kepénak?

2 Zakharia ngerti nèk wong-wong Yahudi sing bali menyang Yérusalèm kuwi nduwé iman marang Yéhuwah lan digerakké karo Yéhuwah kanggo ninggalké omah lan bisnisé ing Babil. (Éz. 1:2, 3, 5) Wong-wong kuwi nganggep nèk mbangun manèh baité Yéhuwah kuwi bab sing penting banget. Mula, wong-wong Yahudi gelem mlaku 1.600 kilomèter menyang panggonan sing durung tau didelok lan kudu ngliwati dhaérah sing akèh gunungé lan angèl diliwati.

3, 4. Tentangan apa sing diadhepi wong-wong Yahudi wektu mbangun Yérusalèm?

3 Wektu ing perjalanan saka Babil menyang Yérusalèm, wong-wong Yahudi mesthi mikirké lan ngomongké bab omah sing bakal dienggoni ing Yérusalèm. Wong-wong sing wis tuwa nyritakké nèk mbiyèné Yérusalèm lan baité kuwi apik banget. (Éz. 3:12) Nèk panjenengan bareng karo wong-wong kuwi, piyé perasaan panjenengan wektu sepisanan ndelok Yérusalèm? Apa panjenengan sedhih ndelok bangunan-bangunan sing wis rusak lan akèh alang-alangé sarta témbok Yérusalèm sing wis ambruk? Panjenengan isa waé mbandhingké témbok sing ambruk kuwi karo témbok Babil sing gedhé lan kuwat. Ning, wong-wong Yahudi ora dadi cilik ati merga Yéhuwah wis mbantu lan ngayomi saksuwéné ing perjalanan. Ora let suwé sakwisé teka ing Yérusalèm, wong-wong kuwi mbangun misbyah lan mulai mènèhi kurban kanggo Yéhuwah saben dina. (Éz. 3:1, 2) Wong-wong Yahudi semangat lan siap mbangun, kaya-kayané ora ana sing isa ngendhegké.

4 Wong-wong Yahudi ora mung mbangun bait, ning uga mbangun manèh kutha-kutha lan omah-omah. Wong-wong kuwi kudu nggarap ladhang bèn isa nyedhiyakké panganan kanggo keluarga. (Éz. 2:70) Gawéan sing kudu ditindakké kayané akèh banget. Ora let suwé, para mungsuh teka lan ngupaya kanggo ngendhegké. Tentangan kuwi suwéné 15 taun, lan kuwi nggawé wong Yahudi saya suwé dadi cilik ati. (Éz. 4:1-4) Ing taun 522 SM, ana tentangan liya manèh saka raja Pèrsia sing mréntahké bèn pembangunan ing Yérusalèm diendhegké lan kuwi kayané suksès.—Éz. 4:21-24.

5. Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté?

5 Yéhuwah ngerti nèk umaté mbutuhké sipat kendel lan semangat. Mula, Yéhuwah maringi wahyu sing pungkasan marang Zakharia kanggo nduduhké nèk Yéhuwah ngajèni upayané umaté kanggo ngabdi. Yéhuwah janji bakal ngayomi nèk wong-wong kuwi nindakké manèh tugasé kanggo mbangun bait. Yéhuwah ngendika, ’Prakara iki bakal kelakon, manawa kowé padha ngrungokaké swarané Yéhuwah Allahmu.’​—Za. 6:15.

PASUKAN MALAÉKAT

6. (a) Apa sing didelok Zakharia ing wahyu sing kawolu? (Deloken gambar ing kaca 21.) (b) Apa sebabé wernané jaran-jaran kuwi ora padha?

6 Wahyu sing pungkasan saka wolung wahyu sing ditampa Zakharia kuwi mbokmenawa sing paling nguwatké iman. (Wacanen Zakharia 6:1-3.) Zakharia ndelok ana patang kréta sing ditarik jaran metu ”saka ing antarané gunung loro” sing digawé saka tembaga. Jaran-jaran kuwi wernané ora padha mula luwih gampang kanggo mbédakké. Zakharia takon, ”Punika sadaya tegesipun kadospundi?” (Za. 6:4) Kita uga péngin ngerti apa maksudé wahyu kuwi merga kuwi ana pengaruhé kanggo kita.

7, 8. (a) Apa sing digambarké karo rong gunung kuwi? (b) Apa sebabé rong gunung kuwi digawé saka tembaga?

7 Ing Alkitab, gunung isa nggambarké kraton utawa pamréntahan. Rong gunung sing didelok karo Zakharia kuwi padha karo sing disebutké ing ramalané Dhanièl. Salah siji gunung kuwi nggambarké pamréntahané Yéhuwah, lan sijiné manèh nggambarké Kratoné sang Mèsih sing dipimpin karo Yésus. (Dn. 2:35, 45) Wektu Yésus dadi Raja ing taun 1914, rong gunung kuwi wis ana lan wis mulai mujudké kersané Yéhuwah kanggo bumi.

Yéhuwah isih nggunakké para malaékaté kanggo ngayomi lan nguwatké umaté

8 Apa sebabé rong gunung kuwi digawé saka tembaga? Tembaga kuwi logam sing kinclong lan aji banget. Mulané, Yéhuwah mréntahké wong-wong Israèl kanggo nggunakké tembaga wektu mbangun tabernakel lan bait ing Yérusalèm. (Pa. 27:1-3; 1 Ra. 7:13-16) Gunung-gunung kuwi digawé saka tembaga kanggo nggambarké nèk pamréntahané Yéhuwah lan Kratoné sang Mèsih kuwi mutuné apik banget, sarta isa mènèhi akèh berkah lan pangayoman kanggo manungsa.

9. Sapa sing numpak patang kréta kuwi, lan sing numpak éntuk tugas kusus apa?

9 Apa sing digambarké karo patang kréta lan sing numpak? Sing numpak kréta kuwi para malaékat, mbokmenawa asalé saka kelompok malaékat sing béda-béda. (Wacanen Zakharia 6:5-8.) Sakwisé ngadhep ”ing ngarsané Pangéraning salumahé bumi”, para malaékat kuwi éntuk tugas kusus menyang panggonan sing wis ditemtokké kanggo njaga umaté Yéhuwah kususé saka ”Tanah Lor”, yaiku Babil. Liwat wahyu kuwi, Yéhuwah njamin nèk umaté ora bakal dadi tawanan manèh ing Babil. Kuwi mesthi nglipur wong-wong sing lagi mbangun bait ing jamané Zakharia, merga ngerti nèk para mungsuhé ora isa ngendhegké gawéan kuwi.

10. Jaminan apa sing kita tampa saka wahyu bab patang kréta lan sing numpak?

10 Nganti saiki Yéhuwah isih nggunakké para malaékaté kanggo ngayomi lan nguwatké umaté. (Ml. 3:6; Ib. 1:7, 14) Ing taun 1919, umaté Yéhuwah wis ora ditawan manèh karo Babil Gedhé. Wiwit taun kuwi, para mungsuh ngupaya tenanan kanggo ngalang-alangi bèn ibadah sejati ora saya maju. (Wy. 18:4) Ning, kuwi ora tau kelakon merga para malaékat njaga pakumpulané Yéhuwah. Kita ora perlu wedi nèk bakal ditawan manèh karo agama palsu. (Ms. 34:8) Malah, kita bakal terus bungah lan mempeng kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Wahyu sing ditampa Zakharia kuwi njamin nèk kita bakal aman merga diayomi karo rong gunung mau.

11. Apa sebabé kita ora perlu wedi wektu diserang para mungsuh?

11 Ora suwé manèh, para pemimpin politik saka donyané Sétan bakal kerjasama kanggo nyingkirké umaté Yéhuwah. (Yk. 38:2, 10-12; Dn. 11:40, 44, 45; Wy. 19:19) Nabi Yéheskièl ngramalké nèk wong-wong kuwi digambarké kaya méga sing nutupi bumi lan padha nunggang jaran karo nesu ngupaya kanggo nyerang umaté Gusti Allah. (Yk. 38:15, 16) * (Deloken katrangan ing ngisor.) Apa kita perlu wedi? Ora. Merga kita didhukung karo tentarané Yéhuwah. Saksuwéné sengsara gedhé, para malaékat bakal ngayomi umaté Yéhuwah lan nyirnakké sapa waé sing nentang pamréntahané Yéhuwah. (2 Ts. 1:7, 8) Ning, sapa sing bakal mimpin tentarané Yéhuwah kuwi?

YÉHUWAH NGLANTIK RAJA LAN IMAMÉ

12, 13. (a) Apa sing sakbanjuré dipréntahké Yéhuwah marang Zakharia? (b) Apa buktiné nèk wong sing disebut Trubusan kuwi nggambarké Yésus?

12 Mung Zakharia sing isa ndelok kabèh wahyu sing cacahé wolu kuwi. Ning, sakbanjuré Zakharia ngramalké bab liya sing isa didelok wong-wong lan sing bakal nyemangati kanggo mbangun manèh baité Yéhuwah. (Wacanen Zakharia 6:9-12.) Ana wong lanang telu sing lagi bali saka Babil, yaiku Heldai, Tobia lan Yedaya. Yéhuwah mréntahké Zakharia kanggo nglumpukké emas lan pérak saka wong-wong kuwi kanggo nggawé ”makutha”. (Za. 6:11) Makutha kuwi dudu kanggo Gubernur Zérubabèl, sing asalé saka suku Yéhuda lan keturunané Dawud. Ning, Yéhuwah mréntahké Zakharia bèn masangké makutha kuwi ing sirahé Iman Agung Yusak. Ramalan kuwi mesthi nggumunké banget.

13 Apa kuwi tegesé Imam Agung Yusak dilantik dadi Raja? Ora. Yusak ora isa dadi raja merga dudu keturunané Dawud. Kuwi sakjané nggambarké bab Raja lan Imam sing disebut Trubusan lan apa sing bakal kelakon mbésuk. Alkitab nerangké nèk sing dimaksud Trubusan kuwi yaiku Yésus.​—Yé. 11:1; Mt. 2:23, katrangan tambahan.

14. Apa sing ditindakké Yésus sing dadi Raja lan Imam Agung?

14 Yésus kuwi Raja lan Imam Agung. Yésus mimpin para malaékat lan njaga umaté Yéhuwah ing donya sing jahat iki. (Ym. 23:5, 6) Ora suwé manèh, Yésus bakal ngalahké bangsa-bangsa kanggo ndhukung pamréntahané Yéhuwah sarta mbéla umaté Yéhuwah. (Wy. 17:12-14; 19:11, 14, 15) Ning, sakdurungé kuwi, ana akèh gawéan sing kudu ditindakké karo Yésus, utawa Trubusan.

YÉSUS BAKAL MULIHKÉ IBADAH SEJATI

15, 16. (a) Piyé carané umaté Yéhuwah saiki dipulihké lan digawé murni, lan sapa sing nindakké kuwi? (b) Piyé kahanané bumi ing akir pamréntahané Yésus?

15 Merga dadi Raja lan Imam Agung, Yésus éntuk tugas kanggo ”mbangun padalemané [baité] Sang Yéhuwah”. (Wacanen Zakharia 6:13.) Yésus nindakké kuwi wektu mbébaské umaté Yéhuwah saka pengaruh agama palsu, yaiku Babil Gedhé lan mulihké jemaat ing taun 1919. Yésus nglantik ”abdi kang setya lan pinter”, yaiku wong-wong sing ngarahké ibadah sejati ing bumi. (Mt. 24:45) Yésus uga nggawé umaté Yéhuwah dadi murni lan isa ngibadah nganggo cara sing bener.​—Ml. 3:1-3.

16 Yésus lan 144.000 raja lan imam bakal mréntah saksuwéné sèwu taun lan bakal mbantu wong-wong sing setya bèn isa dadi sampurna. Wektu para raja lan imam kuwi wis ngrampungké tugasé, sing bakal manggon ing bumi mung para abdiné Yéhuwah. Akiré, ibadah sing sejati isa dipulihké kanthi sampurna.

NDHUKUNG IBADAH SING SEJATI

17. Jaminan apa manèh sing Yéhuwah paringké kanggo wong-wong Yahudi, lan apa pengaruhé kuwi kanggo wong-wong Yahudi?

17 Wong-wong Yahudi semangat mbangun bait merga Yéhuwah janji nèk bakal mbantu lan nglindhungi bèn gawéan kuwi isa rampung. Ning, wong-wong kuwi isih bingung piyé carané kuwi isa kelakon merga sing mbangun mung sithik. Mula, Yéhuwah nyemangati liwat Zakharia bèn wong-wong kuwi yakin lan ora wedi. Yéhuwah njamin nèk bakal akèh sing ”padha teka mèlu mbangun padalemané Sang Yéhuwah”, contoné yaiku Heldai, Tobia lan Yedaya. (Wacanen Zakharia 6:15.) Apa pengaruhé jaminan kuwi kanggo wong-wong Yahudi? Wong-wong kuwi dadi yakin nèk Yéhuwah ndhukung pembangunan bait lan dadi semangat manèh senajan dilarang karo raja Pèrsia. Larangan kuwi kaya gunung sing gedhé, ning ora let suwé Yéhuwah nyingkirké kuwi. Akiré, bait isa dirampungké ing taun 515 SM. (Éz. 6:22; Za. 4:6, 7) Ning, jaminané Yéhuwah mau uga nggambarké apa sing lagi kelakon saiki.

Yéhuwah ora bakal nglalèkké katresnan sing kita duduhké (Deloken paragraf 18, 19)

18. Piyé Zakharia 6:15 kelakon saiki?

18 Saiki, akèh wong sing padha ndhukung ibadah sejati. Wong-wong kuwi nggunakké wektu, tenaga, lan bandhané kanggo Yéhuwah. (WB. 3:9) Kita isa yakin nèk Yéhuwah ngajèni kuwi kabèh. Élinga Heldai, Tobia lan Yedaya sing mènèhké pérak lan emasé bèn digunakké Zakharia kanggo nggawé makutha. Makutha kuwi dadi ”pangéling-éling” kanggo dhukungané wong-wong mau marang ibadah sejati. (Za. 6:14) Yéhuwah ora bakal nglalèkké kabèh sing wis kita tindakké lan katresnan sing kita duduhké kanggo Yéhuwah.​—Ib. 6:10.

Kita seneng banget isa dadi bagéan saka pakumpulan sing aman, langgeng, lan kuwat

19. Apa pengaruhé wahyu sing ditampa Zakharia kanggo kita?

19 Ing dina-dina pungkasan iki, umaté Yéhuwah isa nindakké akèh gawéan. Kuwi isa kelakon merga berkahé Yéhuwah lan tuntunané Yésus. Kita seneng banget isa dadi bagéan saka pakumpulan sing aman, langgeng, lan kuwat. Kita uga ngerti nèk kersané Yéhuwah bab ibadah sing sejati bakal kelakon. Mula, panjenengan kudu ngajèni hak istiméwa dadi umaté Yéhuwah, lan ’ngrungokaké swarané Yéhuwah Allahmu’. Banjur, kita isa diayomi karo Raja lan Imam Agung sarta para malaékat. Ngupayaa sak isa-isané kanggo ndhukung ibadah sing sejati. Yéhuwah bakal ngayomi panjenengan ing dina-dina pungkasan iki lan saklawasé.

^ par. 11 Kanggo katrangan luwih akèh, deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Mei 2015 kaca ing 29-30.

Tembung ”Wong Nasarèt” kuwi asalé saka basa Ibrani sing tegesé ”trubusan”.