Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mulangké sing Bener

Mulangké sing Bener

”Dhuh Yéhuwah, . . . dhasaripun pangandika Paduka punika kaleresan.”​—MS. 119:159, 160.

LAGU: 29, 53

1, 2. (a) Apa gawéan sing paling penting ing uripé Yésus, lan apa sebabé? (b) Apa sing kudu ditindakké bèn isa dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”?

YÉSUS KRISTUS kuwi mbiyèn tukang kayu, banjur dadi penginjil. (Mrk. 6:3; Rm. 15:8) Wektu dadi tukang kayu, Yésus trampil nggunakké alat-alat bèn isa nggawé barang-barang saka kayu. Wektu dadi penginjil, Yésus trampil nggunakké Kitab Suci kanggo mbantu wong-wong bèn ngerti wulangan sing bener. (Mat. 7:28; Luk. 24:32, 45) Wektu umuré 30 taun, Yésus mandheg dadi tukang kayu, banjur dadi penginjil merga Yésus ngerti nèk gawéan nginjil kuwi luwih penting. Yésus kandha nèk martakké kabar bab Kratoné Allah kuwi dadi tujuan utamané wektu teka ing bumi. (Mat. 20:28; Luk. 3:23; 4:43) Mula Yésus ngutamakké gawéan nginjil, lan dhèwèké péngin wong liya nindakké sing padha.​—Mat. 9:35-38.

2 Kita akèh-akèhé dudu tukang kayu, ning kita kabèh penginjil sing mulangké kabar apik marang wong liya. Gawéan iki dadi luwih penting manèh merga didhukung Gusti Allah. Malah, kita diundang dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”. (1 Kor. 3:9; 2 Kor. 6:4) Kaya kandhané sing nulis Jabur, ”Dhasaripun pangandika Paduka punika kaleresan.” Kita uga setuju nèk pangandikané Yéhuwah kuwi mesthi bener. (Ms. 119:159, 160) Iki sebabé wektu kita nginjil, kita péngin ”mulang lan njelaské pangandika sing bener nganggo cara sing apik”. (Wacanen 2 Timotius 2:15.) Dadi kita péngin luwih trampil nggunakké Alkitab kanggo mulang liyané bab Yéhuwah, Yésus, lan Kratoné. Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké alat-alat kanggo mbantu kita bèn dadi luwih trampil. Kuwi disebut Alat-Alat kanggo Mulang. Kita perlu ngerti carané nggunakké alat-alat kuwi.

3. Apa sebabé kita péngin luwih trampil wektu nginjil, lan piyé Kisah 13:48 mbantu kita nindakké kuwi?

3 Mungkin panjenengan bingung apa sebabé disebut Alat-Alat kanggo Mulang, dudu Alat-Alat kanggo Nginjil. Alesané merga ”nginjil” kuwi tegesé mung ngomongké beritané. Ning, ”mulang” tegesé njelaské berita bèn wong liya sing ngrungokké isa ngerti, banjur isa nindakké sing disinaoni. Saiki wektuné wis saya cedhak, kita péngin luwih trampil kanggo mulang wong liya bèn wong kuwi gelem dadi muridé Yésus. Mula, kita kudu semangat nggolèki wong-wong sing nduwé ”sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé” lan mbantu wong kuwi nindakké kersané Yéhuwah.​—Wacanen Kisah 13:44-48.

4. Piyé carané nggolèki wong-wong sing nduwé ”sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”?

4 Piyé carané nggolèki wong-wong sing nduwé ”sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”? Yésus kandha, ”Ing saben kutha utawa désa sing kok parani, golèka wong sing gelem nampa kowé.” (Mat. 10:11) Kita kudu nginjil kaya sing ditindakké murid-muridé Yésus. Kita nggolèki wong sing tulus, andhap asor, lan gelem ngrungokké wulangan sing bener. Nèk wongé ora tulus, sombong, utawa ora percaya karo Gusti Allah, ya aja dipeksa. Kuwi padha kaya apa sing ditindakké Yésus wektu dadi tukang kayu. Sakdurungé nggawé lawang, pasangan kanggo mbajak, utawa barang liyané, Yésus nggolèk dhisik kayuné. Banjur, Yésus nggunakké ketrampilané lan alat-alaté. Semono uga, wektu nginjil kita isa nggolèki wong-wong sing tulus, banjur nggunakké ketrampilan lan alat kanggo mulang bèn wong-wong kuwi isa dadi murid.​—Mat. 28:19, 20.

5. Apa waé sing kudu kita ngertèni bab Alat-Alat kanggo Mulang? Terangna. (Deloken gambar ing kaca 9.)

5 Saben alat sing digunakké kuwi nduwé tujuan sing béda-béda. Contoné, coba pikirna alat apa waé sing digunakké Yésus wektu dadi tukang kayu. * Yésus nggunakké alat kanggo ngukur, nggawé tandha, ngethok lan nyambungké, ngebor, lan ngaluské kayuné. Alat-Alat kanggo Mulang uga nduwé tujuan sing béda-béda. Dadi kita bakal ngrembug piyé carané nggunakké alat-alat sing penting iki.

ALAT KANGGO NERANGKÉ BAB SEKSI YÉHUWAH

6, 7. (a) Piyé carané panjenengan nggunakké kartu kontak? (b) Apa sebabé kita nggunakké undangan kanggo teka ing pakumpulan ibadah?

6 Kartu Kontak. Iki alat sing cilik, ning isa dadi cara sing ampuh kanggo ngarahké wong-wong ing situs jw.org lan nerangké bab Seksi Yéhuwah. Ing situs iki, wong-wong uga isa njaluk sinau Alkitab. Wis ana luwih saka 400.000 wong sing njaluk sinau Alkitab lan saben dinané ana atusan wong manèh sing njaluk sinau. Dadi, panjenengan isa nggawa kartu kontak lan nggunakké kuwi wektu ngomong karo wong-wong sing ditemoni saben dinané.

7 Undangan. Undangan kanggo teka ing pakumpulan ibadah iki isiné: ”Ayo padha mèlu sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah.” Undangan kuwi uga ana pilihan kanggo sinau Alkitab ”ing pakumpulan ibadah” utawa ”karo guru Alkitab”. Dadi, undangan kuwi ngandhani wong-wong bab Seksi Yéhuwah lan ngundang wong-wong sing ”mbutuhké tuntunané Gusti Allah” kanggo sinau Alkitab. (Mat. 5:3) Mesthiné kabèh sing teka ing pakumpulan ibadah bakal disambut, ora masalah dhèwèké gelem sinau Alkitab apa ora. Nèk teka ing pakumpulan ibadah dhèwèké bakal ngerti nèk ana akèh sing isa disinaoni saka Alkitab.

8. Apa sebabé kita perlu ngundang wong-wong teka ing pakumpulan ibadah paling ora sepisan? Wènèhana conto.

8 Apa sebabé kita perlu ngundang wong-wong teka ing pakumpulan ibadah paling ora sepisan? Merga nèk teka ing pakumpulan ibadah, wong-wong kuwi isa ndelok bédané Seksi-Seksi Yéhuwah karo agama palsu. Seksi-Seksi Yéhuwah mulangké sing bener saka Alkitab lan mbantu wong isa cedhak karo Gusti Allah. (Yé. 65:13) Contoné, ana pasangan saka Amerika sing jenengé Ray lan Linda sing wis ndelok dhéwé bédané. Wong loro kuwi percaya lan péngin cedhak karo Gusti Allah. Dadi, wong loro kuwi nekani greja-greja sing ana ing kuthané. Sakdurungé mutuské arep nggabung ing greja endi, wong loro kuwi péngin ngerti apa sing diwulangké ing greja kuwi, banjur péngin ndelok apa anggotané nganggo klambi sing sopan. Iki mbutuhké wektu sing suwé merga ana akèh greja ing dhaérahé, ning hasilé nggawé kecéwa. Ray lan Linda ora isa sinau apa-apa lan anggota gréjané klambiné ora sopan. Sakwisé nekani greja sing kèri dhéwé, Linda mangkat kerja lan Ray mulih. Wektu perjalanan mulih, Ray ndelok Balé Ibadah Seksi-Seksi Yéhuwah. Banjur Ray mikir, ’Coba tak mlebu waé lah.’ Iki dadi pengalaman sing luar biasa merga kabèh wong sing ana ing Balé Ibadah kuwi apikan, grapyak, lan nganggo klambi sing sopan. Ray lungguh ing barisan ngarep dhéwé lan nggumun karo sing disinaoni. Iki kaya kandhané Paulus bab wong sing teka sepisanan ing pakumpulan ibadah sing kandha, ”Gusti Allah ana ing antaramu.” (1 Kor. 14:23-25) Sakwisé kuwi, Ray teka saben Minggu, banjur uga teka ing tengah pekan. Linda akhiré ya mèlu teka. Senajan umuré wis 70-an, wong loro iki sinau Alkitab lan dibaptis.

ALAT KANGGO MULAI OMONGAN

9, 10. (a) Apa sebabé selebaran-selebaran gampang digunakké? (b) Terangna carané nggunakké selebaran Kratoné Gusti Allah Iku Apa, ta?

9 Selebaran. Ana wolung selebaran sing gampang banget digunakké kanggo mulai omong-omongan. Selebaran-selebaran iki mulai dicétak taun 2013, ana selebaran sing dicétak nganti limang juta. Selebaran-selebaran iki susunané padha. Dadi, carané nggunakké ya padha. Piyé carané?

10 Contoné, nèk arep nggunakké selebaran Kratoné Gusti Allah Iku Apa, ta? duduhna pitakonan sing ana ing ngarep: ”Apa panjenengan tau mikir, Kratoné Gusti Allah kuwi apa? Nurut panjenengan apa iku . . . ?” Banjur, sing ditakoni isa milih telung jawaban sing ana ing kono. Ora masalah jawabané bener utawa salah, arahna ing bagéan ”Alkitab Kandha” ing kaca loro lan wacakna ayat Dhanièl 2:44 lan Yésaya 9:6. Sakwisé kuwi, panjenengan isa takon nggunakké pitakonan ing bagéan ”Kanggo Dipikir tenanan”, yaiku ”Kaya apa uripé rakyaté Kratoné Gusti Allah mbésuk?” Jawaben pitakonan iki wektu marani manèh, panjenengan isa nggunakké bab 7 saka brosur Kabar Apik saka Gusti Allah, sing dadi salah siji alat kanggo sinau Alkitab.

ALAT KANGGO NGGAWÉ WONG PÉNGIN NGERTI LUWIH AKÈH

11. Majalah kita dirancang kanggo apa, lan apa sing kudu kita ngertèni bab majalah iki?

11 Majalah. Warta Penting lan Sadarlah! kuwi majalah sing paling akèh diterjemahké lan dicétak ing sakdonya. Akèh wong ing negara sing béda-béda maca majalah iki. Judhul lan gambar kaca ngarep dirancang bèn wong-wong dadi penasaran karo isiné. Kita kudu nggunakké majalah iki kanggo mbantu wong-wong ngutamakké apa sing luwih penting ing jaman saiki. Ning, kita kudu ngerti kanggo sapa waé majalah iki dirancang.

12. (a) Sadarlah! kuwi dirancang kanggo sapa lan apa tujuané? (b) Critakna pengalaman panjenengan wektu nggunakké Sadarlah! durung suwé iki?

12 Sadarlah! dirancang kanggo wong-wong sing ora akèh ngerti utawa babar blas ora ngerti bab Alkitab. Wong-wong kuwi mbokmenawa ora ngerti bab ajaran Kristen, ora percaya bab agama, utawa ora ngira nèk Alkitab kuwi isa mbantu uripé. Salah siji tujuan utama majalah Sadarlah! yaiku nggawé wong-wong yakin nèk Gusti Allah kuwi ana. (Rm. 1:20; Ibr. 11:6) Majalah iki uga mbantu wong sing maca bèn percaya nèk Alkitab kuwi ”bener-bener pangandikané Gusti Allah”. (1 Tés. 2:13) Ana telung topik sing dirembug ing taun 2018 iki, yaiku: ”Apa Kebahagiaan Sejati Itu”, ”12 Kunci Keluarga Bahagia”, lan ”Bantuan bagi Yang Berduka”.

13. (a) Warta Penting èdhisi umum kuwi dirancang kanggo sapa? (b) Critakna pengalaman panjenengan wektu nggunakké Warta Penting durung suwé iki?

13 Tujuan utama saka Warta Penting èdhisi umum yaiku kanggo njelaské ajaran Alkitab marang wong-wong sing ngajèni Gusti Allah lan Alkitab. Wong-wong kuwi mbokmenawa wis ngerti sithik bab Alkitab, ning ora paham tenan bab apa sing diwulangké. (Rm. 10:2; 1 Tim. 2:3, 4) Ana telung topik sing dirembug ing taun 2018 iki, yaiku: ”Apa Alkitab Isih Cocog kanggo Jaman Saiki?”, ”Kaya Apa Urip Kita Mbésuk?”, lan ”Apa Gusti Allah Perduli karo Aku?

ALAT KANGGO NYEMANGATI

14. (a) Apa tujuané patang video sing ana ing Alat-Alat kanggo Mulang? (b)  Critakna pengalaman panjenengan wektu nggunakké video-video iki?

14 Video. Ing jamané Yésus, tukang kayu mung nggunakké alat-alat sing sederhana. Ning, saiki alat-alaté luwih modhèren, contoné gergaji mesin, bor listrik, lan gerinda. Semono uga, wektu nginjil kita ora mung nganggo wacan-wacan, ning uga video-video sing apik. Ana patang video sing isa digunakké wektu mulang: Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?, Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Iku Kaya Apa?, Ana Acara Apa Waé ing Balé Ibadah?, lan Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Sapa? Video-video kuwi ana sing vèrsiné luwih cendhak, suwéné ora nganti rong menit, lan isa digunakké wektu ngabar. Video-video sing vèrsiné luwih dawa isa digunakké wektu marani manèh lan kanggo wong-wong sing nduwé akèh wektu. Video-video iki alat sing luar biasa kanggo mbantu wong liya sinau Alkitab lan teka ing pakumpulan ibadah.

15. Apa manfaaté wektu wong-wong isa ndelok video nggunakké basané dhéwé? Wènèhana conto.

15 Contoné, ana salah siji sedulur wadon sing ketemu karo wong wadon sing nggunakké basa Yap lan lagi waé pindhah saka Mikronesia. Sedulur wadon iki nduduhké video Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? ing basa Yap. Wektu nonton videoné, wong wadon kuwi kandha, ”Iki kan basaku. Kétok saka logaté, dhèwèké asli saka dhaérahku.” Sakbanjuré kuwi, wong wadon kuwi gelem maca lan ndelok video-video sing ana ing jw.org nganggo basa Yap. (Bandhingna Kisah 2:8, 11.) Conto liya yaiku sedulur wadon ing Amerika Serikat sing sepupuné manggon ing benua liya. Sedulur wadon iki ngirimi sepupuné video sing nganggo basa sing digunakké sepupuné. Sakwisé ndelok videoné, sepupuné ngirim e-mail, ”Wulangan bab Sétan sing nguwasani donya iki nggawé aku péngin sinau Alkitab, dadi aku njaluk sinau Alkitab.” Iki luar biasa banget merga sepupuné iki manggon ing negara sing nglarang gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah.

ALAT KANGGO MULANG

16. Terangna tujuan saka brosur-brosur iki: (a) Rungokna Gusti Allah Supaya Bisa Urip Saklawasé. (b) Kabar Apik saka Gusti Allah! (c) Sapa sing Nindakké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?

16 Brosur. Piyé carané mulang Alkitab marang wong sing macané ora lancar utawa sing basané durung ana ing wacan-wacan Alkitab saka Seksi Yéhuwah? Kita isa nggunakké brosur Rungokna Gusti Allah Supaya Bisa Urip Saklawasé. * Kita uga isa nggunakké brosur Kabar Apik saka Gusti Allah! kanggo mulai sinau Alkitab. Kita isa nduduhké 14 topik sing dirembug ing kaca mburi lan wongé dikon milih bagéan endi sing péngin dirembug. Banjur, isa mulai PAR nggunakké bagéan kuwi. Apa panjenengan wis nggunakké brosur iki kanggo marani manèh? Brosur katelu sing isa dienggo mulang yaiku Sapa sing Nindakké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki? Brosur iki dirancang kanggo wong sing sinau Alkitab bèn luwih paham bab organisasi Seksi-Seksi Yéhuwah. Ing Urip Lan Nginjilé Wong Kristen sasi Maret 2017 kita isa ndelok carané nggunakké brosur iki wektu sinau Alkitab.

17. (a) Apa tujuané rong buku kanggo sinau? (b) Apa sing kudu ditindakké wong-wong sing arep dibaptis, lan apa sebabé?

17 Buku. Sakwisé kita mulai PAR nggunakké brosur, isa nggunakké buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? Alat iki isa mbantu sing sinau ngerti ajaran dhasar Alkitab. Nèk sing sinau nggawé kemajuan lan wis ngrampungké buku kuwi, kita isa sinau nggunakké buku Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah. Alat iki mbantu sing sinau isa ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab ing urip saben dina. Sakwisé dibaptis, dhèwèké tetep kudu ngrampungké rong buku kuwi. Iki mbantu dhèwèké nduwé iman sing kuwat lan tetep setya marang Yéhuwah.​—Wacanen Kolose 2:6, 7.

Alat-Alat kanggo Mulang isa kita gunakké kanggo mulang bab kabar apik

18. (a) Miturut 1 Timotius 4:16, apa sing kudu kita tindakké wektu mulang, lan apa hasilé? (b) Apa tujuan kita nggunakké Alat-Alat kanggo Mulang?

18 Kabèh Seksi Yéhuwah nduwé kewajiban kanggo mulang bab ”wulangan sing bener, yaiku kabar apik”, sing isa mbantu wong liya éntuk urip saklawasé. (Kol. 1:5; wacanen 1 Timotius 4:16.) Kanggo nindakké kuwi, kita isa nggunakké Alat-Alat kanggo Mulang. (Deloken kothak ” Alat-Alat kanggo Mulang”.) Kita kudu terus nggunakké alat-alat iki. Saben wong isa milih dhéwé alat sing arep digunakké lan kapan nggunakké alat kuwi. Ning, tujuan kita ora mung kanggo mbagèkké wacan-wacan, lan kita ora mènèhké wacan-wacan marang wong sing ora nduwé minat. Tujuan kita yaiku nemokké wong-wong sing tulus, andhap asor, lan péngin ngerti tenan bab Gusti Allah. Wong-wong kuwi nduwé ”sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”.​—Kis. 13:48; Mat. 28:19, 20.

^ par. 5 Deloken artikel Menara Pengawal 1 Agustus 2010, sing judhulé ”Tukang Kayu” lan ”Kotak Peralatan Tukang Kayu”.

^ par. 16 Nèk wongé ora isa maca babar blas, kita isa nggunakké brosur Rungokna Gusti Allah sing isiné akèh-akèhé mung gambar.