Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngomong sing Bener

Ngomong sing Bener

”Ngomong sing jujur karo wong liya.”—ÉF. 4:25.

LAGU: 56, 124

1, 2. Apa sing digunakké Sétan kanggo nyilakani manungsa?

ANA penemuan-penemuan sing nggawé uripé manungsa dadi luwih kepénak kaya télpon, lampu, mobil, lan lemari ès. Ning, ana uga penemuan-penemuan sing isa nyilakani kaya rokok, bahan peledak, ranjau darat, lan bom atom. Terus, ana bab liyané sing luwih bahaya yaiku ngapusi. Ngapusi kuwi ngomongké bab sing ora bener kanggo nipu utawa ngakali wong liya. Sing sepisanan ngapusi yaiku Sétan. Yésus kandha nèk Sétan kuwi ”bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”.​—Wacanen Yohanes 8:44.

2 Mbiyèn, Sétan ngapusi wektu ing taman Èden. Adam lan Hawa urip seneng ing Firdaus sing éndah banget. Ning, Yéhuwah uga kandha nèk Adam lan Hawa bakal mati nèk mangan woh saka ”wit pangawruhing becik lan ala”. Sétan uga ngerti aturan iki, ning dhèwèké nggunakké ula kanggo ngomong karo Hawa, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah.” Iki omongan ora jujur sing sepisanan. Sétan uga ngomong, ”Gusti Allah mirsa, samangsa sampéyan nedha wohipun wit punika, sampéyan badhé kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon.”​—Pd. 2:15-17; 3:1-5.

3. Apa sebabé omongané Sétan kuwi jahat banget, lan apa akibaté?

3 Omongané Sétan kuwi jahat banget merga dhèwèké ngerti nèk Hawa bakal mati nèk percaya karo omongané. Sayangé Adam lan Hawa ora manut karo préntahé Yéhuwah lan akhiré mati. (Pd. 3:6, 5:5) Sing luwih parah manèh, merga dosané Adam, ”pati nyebar marang kabèh wong”, lan ”pati mréntah dadi raja, malah tumrap wong-wong sing ora nindakké dosa sing padha kaya pelanggarané Adam”. (Rm. 5:12, 14) Kuwi sebabé kita dadi ora sampurna, lan ora isa urip saklawasé kaya kersané Gusti Allah. Urip kita kira-kira mung ’pitung dasa taun, déné manawi kiyat, wolung dasa taun’, kuwi waé kudu ”nandhang rekaos lan sangsara”. (Ms. 90:10) Kuwi kabèh merga Sétan ngapusi.

4. (a) Pitakonan apa sing bakal dirembug? (b) Miturut Jabur 15:1, 2, sapa sing isa dadi kancané Yéhuwah?

4 Yésus kandha bab Sétan, ”Dhèwèké nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné.” Sétan ora berubah, dhèwèké isih ”nyasarké kabèh penduduk ing saklumahing bumi” nggunakké omongané sing ora bener. (Why. 12:9) Ning, kita ora péngin diapusi karo Sétan. Mula, ing artikel iki kita bakal ngrembug telung pitakonan iki: Piyé carané Sétan ngapusi wong-wong saiki? Apa sebabé wong-wong seneng ngapusi? Piyé carané bèn isa terus ngomong jujur, ora kaya Adam lan Hawa sing akhiré dadi adoh saka Yéhuwah?​—Wacanen Jabur 15:1, 2.

CARANÉ SÉTAN NGAPUSI WONG-WONG

5. Piyé Sétan ngapusi wong-wong jaman saiki?

5 Kita sakjané isa ngupaya bèn ora nganti ketipu Sétan. Rasul Paulus kandha, ”Kita wis ngerti siasat-siasaté [Sétan].” (2 Kor. 2:11) Kita ngerti nèk donya iki, klebu agama palsu, pamréntahan sing ora bener, lan bisnis sing curang, dikuwasani karo Sétan. (1 Yoh. 5:19) Dadi kita ora kagèt nèk wong-wong sing nduwé kedudukan ”seneng ngapusi” merga dipengaruhi karo Sétan lan dhemit-dhemité. (1 Tim. 4:1, 2) Contoné, ana bisnis sing nggunakké iklan kanggo ngedol barang sing bahaya utawa nipu bèn éntuk untung sing akèh.

6, 7. (a) Apa bahayané ajaran palsu saka para pemimpin agama? (b) Apa waé ajaran sing diwulangké para pemimpin agama?

6 Apa bahayané ajaran palsu saka para pemimpin agama? Akèh wong dadi ora isa urip saklawasé merga percaya karo ajaran palsu lan nindakké apa sing digethingi Gusti Allah. (Hs. 4:9) Yésus ngerti nèk para pemimpin agama ing jamané seneng ngapusi. Mula Yésus kandha, ’Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé lunga adoh nganti nyabrang laut lan njlajahi daratan kanggo nggawé wong siji mlebu agamamu. Nanging sakwisé wong kuwi mlebu ing agamamu, kowé malah ndadèkké dhèwèké pantes dihukum ing Géhéna,’ sing tegesé ora isa éntuk urip langgeng. (Mat. 23:15) Yésus madhakké para pemimpin agama palsu kuwi kaya Sétan, ”tukang matèni”.​—Yoh. 8:44.

7 Saiki uga ana akèh pemimpin agama. Ana sing disebut pastor, pendhéta, lan liya liyané. Kaya wong-wong Farisi, wong-wong kuwi mulangké bab sing ora bener saka Kitab Suci ning ”milih kanggo percaya marang apus-apus ketimbang marang apa sing bener bab Gusti Allah”. (Rm. 1:18, 25) Contoné, wong-wong kuwi ngajarké bab api neraka, jiwa sing ora isa mati, réinkarnasi, lan kandha nèk Gusti Allah setuju karo kaum homo-sèks.

8. Para pemimpin politik bakal ngomongké apa, lan piyé kuduné tanggepan kita?

8 Para pemimpin politik uga wis biasa ngapusi wong-wong. Sedhéla manèh, para pemimpin kuwi bakal ngomong, ”Tentrem lan aman!”. Ning, bar kuwi ”wong-wong kuwi bakal disirnakké”. Dadi, aja nganti percaya karo para pemimpin politik sing kandha nèk donya iki bakal dadi luwih apik. Faktané kita ngerti ”nèk dinané Yéhuwah bakal teka persis kaya maling ing wayah wengi”.​—1 Tés. 5:1-4.

APA SEBABÉ WONG-WONG NGAPUSI

9, 10. (a) Apa sebabé wong seneng ngapusi, lan apa akibaté? (b) Apa sing perlu kita éling-éling bab Yéhuwah?

9 Ing jaman saiki, ora mung wong-wong sing nduwé kedudukan sing isa ngapusi. Y. Bhattacharjee sing nulis artikel ”Apa Sebabé Kita Ngapusi”, kandha, ”Ngapusi kuwi wis dadi sipaté manungsa.” Dadi, ngapusi kuwi wis dianggep lumrah. Wong-wong biasané ngapusi kanggo ndhelikké kesalahan utawa kejahatan sing ditindakké. Wong-wong uga ngapusi kanggo nggolèk dhuwit utawa kanggo kepentingané dhéwé. Artikel kuwi uga kandha nèk ana sing wis biasa ngapusi ”marang wong sing ora dikenal, kanca kerja, kancané dhéwé, lan wong-wong sing ditresnani”.

Wong sing ngapusi isa ndhelikké kesalahané saka wong liya, ning ora isa ndhelikké saka Yéhuwah

10 Akibaté, wong-wong dadi ora percaya karo liyané, lan kuwi isa ngrusak hubungan. Contoné, bayangna perasaané suami wektu ngerti nèk istriné selingkuh lan ndhelikké kesalahané. Utawa, bayangna suami sing kétoké tresna lan perduli karo keluargané pas ing ngarepé wong akèh, padahal sakjané tumindaké ora apik wektu ing omah. Wong sing kaya ngono isa ndhelikké kesalahané saka wong liya, ning ora isa ndhelikké saka Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Kabèh perkara kuwi kebukak lan kétok cetha ing ngarsané Panjenengané.”​—Ibr. 4:13.

11. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Ananias lan Safira? (Deloken gambar ing kaca 3.)

11 Ing Alkitab, ana pengalamané Ananias lan Safira sing kena pengaruhé Sétan banjur ngapusi para rasul. Wong loro kuwi ngedol tanahé banjur nyumbangké sebagéan dhuwité marang para rasul. Merga kepéngin dialem, Ananias lan Safira kandha nèk wis ngekèkké kabèh dhuwité. Ning, Yéhuwah ngerti nèk wong loro kuwi ngapusi, lan akhiré wong loro kuwi dihukum.​—Kis. 5:1-10.

12. Apa akibaté nèk seneng ngapusi lan ora mertobat, lan apa sebabé?

12 Piyé perasaané Yéhuwah marang wong-wong sing seneng ngapusi? Kabèh wong sing seneng ngapusi lan ora gelem mertobat bakal mati ing ”danau geni” kaya Sétan. Maksudé wong-wong kuwi bakal disirnakké saklawasé. (Why. 20:10; 21:8; Ms. 5:6) Apa sebabé? Merga kanggoné Yéhuwah, wong-wong kuwi kaya ”wong sing najis”.​—Why. 22:15.

13. Apa sing kita ngertèni bab Yéhuwah lan kuwi nggawé kita tumindak apa?

13 Kita ngerti nèk Yéhuwah kuwi ”ora kaya manungsa sing seneng ngapusi” lan Dhèwèké ”ora mungkin ngapusi”. (Wi. 23:19, Terjemahan Dunia Baru [NW]; Ibr. 6:18) Yéhuwah sengit karo ”ilat cidra”. (WB. 6:16, 17) Mula, nèk péngin nyenengké Yéhuwah kita kudu ngomong jujur. Dadi ”aja padha ngapusi”.​—Kol. 3:9.

”NGOMONG SING JUJUR”

14. (a) Apa bédané wong Kristen sejati karo anggotané agama palsu? (b) Terangna maksudé Lukas 6:45.

14 Apa bédané wong Kristen sejati karo anggotané agama palsu? Wong Kristen sejati ”ngomong sing jujur”. (Wacanen Éfésus 4:25.) Rasul Paulus kandha, ”Aku kabèh nduduhké nèk aku kabèh iki abdiné Gusti Allah: Aku kabèh . . . ngomong kanthi jujur.” (2 Kor. 6:4, 7) Yésus uga kandha, ”Apa sing diucapké cangkem kuwi mbludag saka ati.” (Luk. 6:45) Kuwi maksudé nèk wong sing jujur mesthi ngomongké sing bener marang wong sing ora dikenal, kanca kerja, kancané dhéwé, lan wong-wong sing ditresnani. Saiki kita bakal ngrembug piyé carané kita terus jujur.

Apa sing dadi masalahé saka sedulur wadon iki? (Deloken paragraf 15, 16)

15. (a) Apa sebabé bahaya nèk dadi munafik? (b) Apa sing mbantu cah-cah enom bèn ora kena pengaruh saka kanca-kancané? (Deloken cathetan ing ngisor.)

15 Nèk kowé cah enom, kowé mesthi kepéngin ditampa karo kanca-kancamu. Akhiré ana cah-cah enom sing dadi munafik. Cah enom kuwi kétoké moralé apik wektu kumpul karo keluarga utawa jemaat. Ning, béda banget wektu ing media sosial utawa karo wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah. Ana sing omongané saru, klambiné ora sopan, ngrungokké musik sing bejat, senengané mendem, nggunakké narkoba, pacaran meneng-meneng, lan nindakké bab-bab sing ala. Kuwi padha karo ngapusi keluargané lan Yéhuwah. (Ms. 26:4, 5) Ning, Yéhuwah ngerti nèk kita munafik. (Mrk. 7:6) Alkitab kandha, ”Atimu aja mèri marang para wong dosa, nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yéhuwah.”​—WB. 23:17. * (Deloken cathetan ing ngisor.)

16. Piyé kuduné njawab pitakonan-pitakonan sing ana ing formulir kanggo dadi abdi khusus?

16 Nèk kowé arep ngisi formulir kanggo dadi perintis biasa utawa abdi khusus, contoné kerja ing Bètel, kowé kudu jujur. Misalé wektu ngisi bagéan bab keséhatan, hiburan, lan moral. (Ibr. 13:18) Ning, piyé nèk kowé nindakké bab sing digethingi Yéhuwah lan sing ngganggu hati nurani, ning durung ngomong karo pinituwa? Njaluka bantuan saka para pinituwa bèn kowé isa nduwé hati nurani sing resik wektu ngabdi marang Yéhuwah.​—Rm. 9:1; Gal. 6:1.

17. Apa sing kudu ditindakké nèk para penentang takon-takon bab para sedulur?

17 Nèk gawéan nginjil dilarang, terus panjenengan dicekel polisi lan ditakon-takoni bab para sedulur, apa panjenengan kudu nyritakké kabèh? Yésus nindakké pathokané Alkitab sing kandha, ”Ana wayahé meneng, ana wayahé caturan.” Mula, Yésus ora ngomong apa-apa wektu ditakon-takoni karo gubernur Roma. (Ko. 3:1, 7; Mat. 27:11-14) Nèk ngalami kahanan sing padha, kita kudu wicaksana lan ngati-ati bèn ora mbebayani para sedulur.​—WB. 10:19; 11:12.

Kapan kudu meneng lan kapan kudu ngomong sing jujur? (Deloken paragraf 17, 18)

18. Apa tanggung jawab kita nèk ana pinituwa sing takon-takon bab sedulur liyané?

18 Piyé nèk kita ngerti ana sedulur sing nindakké dosa? Para pinituwa nduwé tanggung jawab kanggo njaga jemaat tetep resik, mula omongna kabèh sing kok ngertèni. Ning, piyé nèk sing nindakké dosa kuwi kanca cedhak utawa keluargané dhéwé? Alkitab kandha, ”Wong kang nglairaké kabeneran iku mratèlakaké apa kang adil.” (WB. 12:17; 21:28) Dadi, kita nduwé tanggung jawab kanggo ngomong marang para pinituwa. Para pinituwa nduwé hak kanggo ngerti kabèh faktané kanggo mbantu sedulur kuwi bèn isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah.​—Yak. 5:14, 15.

19. Apa sing bakal kita rembug ing artikel sakbanjuré?

19 Daud ndonga marang Yéhuwah, ”Paduka punika karenan dhateng kaleresan ing salebeting batos.” (Ms. 51:8) Daud ngerti nèk sing paling penting kuwi keadaan ati kita. Dadi, wong Kristen kudu terus ”ngomong sing jujur karo wong liya”. Cara liya kanggo nduduhké nèk kita iki béda saka agama palsu yaiku mulangké sing bener bab Alkitab. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug piyé cara mulang Alkitab sing bener wektu nginjil.

^ par. 15 Deloken buku ”Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom”, pitakonan 6, sing judhulé ”Piyé Carané Aku Isa Nolak Nèk Digodha?” lan buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, bab 16 sing judhulé ”Bermuka Dua—Haruskah Aku Mengaku?”