Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Percayaa karo Kristus—Pemimpin Kita

Percayaa karo Kristus—Pemimpin Kita

”Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus.”​—MAT. 23:10.

LAGU: 16, 14

1, 2. Sakwisé Musa mati, Yosua éntuk tugas apa?

YÉHUWAH kandha karo Yosua, ”Musa wus mati, mulané ing samengko sira mangkata nyabrang ing kali Yardèn [Yordan] iki, sira dalah sabangsa iki kabèh, menyanga ing tanah kang bakal Sunparingaké marang wong-wong iku.” (Ys. 1:1, 2) Kuwi bab sing anyar kanggoné Yosua, sing wis dadi pelayané Musa nganti kira-kira 40 taun.

2 Musa wis suwé dadi pemimpiné bangsa Israèl, ning saiki Yosua sing bakal nggantèni Musa. Yosua mungkin kuwatir apa bangsa Israèl gelem nampa dhèwèké. (PT. 34:8, 10-12) Nurut salah siji buku referensi Alkitab sing ngutip Yusak 1:1, 2, wektu pemimpiné salah siji bangsa diganti, biasané keadaané dadi ora kepénak lan isa waé mbebayani.

3, 4. Apa berkahé kanggo Yosua merga ngendelké Yéhuwah lan pitakonan apa sing isa waé kita pikirké?

3 Yosua mesthiné kuwatir banget, ning dhèwèké ngendelké Yéhuwah lan terus manut karo tuntunané. (Ys. 1:9-11) Mula, Yosua diberkahi karo Yéhuwah. Yéhuwah nggunakké malaékat kanggo nuntun Yosua lan wong-wong Israèl. Malaékat sing diutus Yéhuwah kuwi kétoké Putra mbarepé dhéwé.​—Pa. 23:20-23; Yoh. 1:1.

4 Yéhuwah mbantu bangsa Israèl bèn isa luwih gampang nampa Yosua kanggo dadi pemimpiné. Jaman saiki uga ana akèh perubahan. Isa waé kita mikir, ’Apa kita isa bener-bener percaya karo Yésus sing dadi Pemimpin ing organisasiné Yéhuwah sing terus maju iki?’ (Wacanen Matius 23:10.) Mula, saiki kita bakal ngrembug carané Yéhuwah mimpin umaté ing jaman mbiyèn.

SING MIMPIN UMATÉ YÉHUWAH MLEBU ING TANAH PERJANJIAN

5. Apa sing dialami Yosua ing cedhak Yérikho? (Deloken gambar ing kaca 16.)

5 Ora suwé sakwisé wong-wong Israèl nyabrang Kali Yordan, Yosua ketemu karo wong lanang sing nggawa pedhang ing cedhak kutha Yérikho. Yosua takon karo wong kuwi, ”Panjenengan punika kanca punapa mengsah?” Wong kuwi kandha nèk dhèwèké kuwi ”Sénapatining wadya-balané Pangéran Yéhuwah”, yaiku malaékat sing ditugasi kanggo mbéla umaté Allah. (Wacanen Yusak 5:13-15.) Senajan ing ayat liyané kandha nèk Yéhuwah sing ngomong langsung karo Yosua, kétoké Yéhuwah nggunakké malaékat kanggo dadi juru bicara, kaya sing Yéhuwah tindakké mbiyèné.​—Pa. 3:2-4; Ys. 4:1, 15; 5:2, 9; Kis. 7:38; Gal. 3:19.

6-8. (a) Apa sebabé arahané malaékat kuwi kétoké ora masuk akal? (b) Apa buktiné nèk arahan kuwi cocog lan tepat waktu? (Deloken uga katrangan ing ngisor.)

6 Malaékat kuwi ngandhani Yosua apa waé sing kudu ditindakké bèn isa ngalahké Yérikho. Kétoké petunjuk saka malaékat kuwi anèh. Contoné, malaékat kuwi ngomong karo Yosua supaya kabèh prajurité disunat. Nèk bar disunat mesthiné ya ora isa perang. Dadi, apa kuwi masuk akal?​—Pd. 34:24, 25; Ys. 5:2, 8.

7 Para prajurit kuwi mungkin mikir, ’Piyé nèk para mungsuh nyerang?’ Ning, ana kedadéan sing ora dinyana-nyana. Wong-wong Yérikho ora nyerang Israèl, ning malah wedi karo wong-wong Israèl. Alkitab kandha, ”Yérikho wus ngancing gapurané, kutha iku wus kancingan marga saka wong Israèl, ora ana wong metu utawa mlebu.” (Ys. 6:1) Iki nggawé bangsa Israèl dadi luwih percaya karo arahané Yéhuwah.

8 Malaékat kuwi ngandhani Yosua nèk wong-wong Israèl aja nganti nyerang Yérikho. Ning, wong Israèl kudu baris ngubengi kutha kuwi sedina pisan saksuwéné nem dina, terus ing dina sing kapitu kudu ngubengi ping pitu. Wong-wong kuwi mungkin mikir, ’Kuwi mbuwang-mbuwang wektu lan tenaga.’ Ning, Yéhuwah sing dadi Pemimpiné bangsa Israèl ngerti tenan apa sing kudu ditindakké wong-wong kuwi. Nèk wong-wong Israèl gelem manut karo Yéhuwah, imané bakal dadi saya kuwat, lan sakjané wong-wong kuwi ora perlu perang nglawan para prajurité Yérikho.​—Ys. 6:2-5; Ibr. 11:30. *

9. Apa sebabé kita kudu manut karo kabèh arahan saka organisasiné Yéhuwah?

9 Apa piwulangé kanggo kita? Organisasiné Yéhuwah kadhang nggawé perubahan, lan kita ora mesthi ngerti apa alesané. Contoné, kita mungkin ora pati seneng nèk dikon nggunakké peralatan èlèktronik kanggo sinau pribadi, nginjil, utawa ing pakumpulan ibadah. Ning, kita saiki mungkin setuju nèk kuwi ana manfaaté. Wektu ndelok hasil-hasil apik saka perubahan ing pakumpulan, iman kita bakal dadi saya kuwat lan nyawiji karo para sedulur seiman.

YÉSUS MIMPIN WONG-WONG KRISTEN ABAD KAPISAN

10. Sapa sing sakjané ngatur bèn masalah sunat ing Yérusalèm isa dirampungké?

10 Ana wong sing dudu Yahudi lan ora sunat sing dadi wong Kristen, jenengé yaiku Kornélius. Kira-kira 13 taun sakwisé kuwi, ana wong-wong Kristen Yahudi sing isih kandha nèk sunat kuwi penting. (Kis. 15:1, 2) Ing kutha Antiokhia, para sedulur isih ora sepakat bab sunat. Dadi, para pinituwa ngutus Paulus supaya lunga lan takon marang pengurus pusat ing Yérusalèm. Lha ngapa? Paulus njelaské, ”Aku lunga mrana merga apa sing diduduhké Gusti.” Dadi, cetha nèk Kristus sing ngarahké bèn masalah kuwi diurus lan dijawab karo pengurus pusat.​—Gal. 2:1-3.

Yésus sing dadi Pemimpiné jemaat Kristen abad kapisan (Deloken paragraf 10, 11)

11. (a) Apa sing isih dipercayani karo wong-wong Kristen Yahudi bab sunat? (b) Apa sing ditindakké Paulus sing nduduhké nèk dhèwèké ndhukung para pinituwa ing Yérusalèm?

11 Yésus ngarahké pengurus pusat supaya njelaské nèk wong-wong Kristen sing dudu Yahudi ora perlu disunat. (Kis. 15:19, 20) Ning, nganti pirang-pirang taun sakbanjuré, akèh wong Kristen Yahudi sing isih nyunatké anaké. Banjur, para pinituwa ing Yérusalèm krungu slenthingan nèk Paulus jaréné ora ngajèni Hukum Musa. Dadi, para pinituwa ngongkon Paulus nindakké bab sing nduduhké nèk Paulus ngajèni Hukum Musa. * (Kis. 21:20-26) Paulus dikon ngejak wong lanang papat menyang bait kanggo mbuktèkké nèk Paulus ngajèni Hukum Musa. Paulus isa waé kandha, ’Iki ora masuk akal, ngapa kok aku ndadak dikon nindakké iki? Sing dadi masalah kan wong-wong Kristen Yahudi sing ora ngerti bab sunat kuwi.’ Ning, Paulus ngerti nèk para pinituwa péngin kabèh wong Kristen tetep rukun. Mula, Paulus gelem manut kanthi andhap asor. Kita mungkin mikir kenapa Yésus ngejarké masalah sunat kuwi terus ana nganti suwé senajan Hukum Musa wis ora kanggo wektu Yésus mati.​—Kol. 2:13, 14.

12. Mbokmenawa, apa sebabé Yésus isih ngejarké masalah sunat kuwi terus ana nganti suwé?

12 Pancèn butuh wektu kanggo isa nampa pemahaman sing anyar. Ana wong-wong Kristen Yahudi sing butuh wektu kanggo ngakoni nèk Hukum Musa wis ora kanggo. (Yoh. 16:12) Wong-wong kuwi wis terbiasa mikir nèk sunat kuwi bukti hubungan sing istiméwa karo Gusti Allah. (Pd. 17:9-12) Sing liyané mungkin wedi nèk bakal dianiaya karo wong-wong Yahudi liyané merga nduwé pendirian sing béda. (Gal. 6:12) Ning, Yésus terus mènèhi arahan liwat surat-surat saka Paulus.​—Rm. 2:28, 29; Gal. 3:23-25.

YÉSUS ISIH DADI PEMIMPINÉ JEMAAT

13. Piyé carané bèn kita isa ndhukung Yésus sing dadi Pemimpin?

13 Yésus isih dadi Pemimpiné jemaat Kristen saiki. Dadi nèk organisasi nggawé perubahan sing ora kita ngertèni, pikirna carané Yésus mimpin umaté Gusti Allah ing jaman mbiyèn. Kaya sing ditindakké ing jamané Yosua utawa jamané para rasul, Yésus mesthi mènèhi arahan sing wicaksana kanggo ngayomi, nguwatké iman, lan mbantu umaté Gusti Allah bèn tetep nyawiji.​—Ibr. 13:8.

Arahan saka budhak sing setya lan wicaksana kuwi bukti nèk Yésus perduli karo kita

14-16. Apa sebabé arahan saka ”budhak sing setya lan wicaksana” mbuktèkké nèk Yésus péngin mbantu kita bèn tetep kuwat imané?

14 Saiki, ”budhak sing setya lan wicaksana” mènèhi arahan sing cocog ing wektu sing pas. (Mat. 24:45) Kuwi bukti nèk Yésus perduli karo kita. Marc sing nduwé anak papat kandha, ”Sétan ngupaya nyerang keluarga-keluarga ing jemaat. Mula, saiki para kepala keluarga éntuk tanggung jawab kanggo mandhu ibadah keluarga saben minggu kanggo njaga kerohaniané keluargané.”

15 Yésus péngin mbantu kita bèn tetep kuwat imané. Kuwi kétok saka carané Yésus mimpin. Contoné, ana pinituwa sing jenengé Patrick kandha, ”Mauné, ana sing rumangsa cilik ati merga pakumpulan sakdurungé nginjil akhir pekan mung ing kelompok-kelompok cilik.” Ning, dhèwèké kandha nèk pengaturan kuwi nduduhké nèk Yésus perduli karo saben wong ing jemaat. Contoné, ana sedulur sing isinan utawa ora isa akèh nginjil, saiki isa rumangsa aji. Pengaturan kuwi nguwatké imané para sedulur.

16 Yésus uga mbantu bèn kita tetep ngutamakké gawéan nginjil, merga kuwi gawéan sing paling penting saiki. (Wacanen Markus 13:10.) Ana pinituwa anyar sing jenengé André, sing ngupaya kanggo manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Anggota kantor cabang saiki dikurangi. Kuwi ngélingké kita nèk wektuné wis mèpèt lan kita kudu luwih ngutamakké gawéan nginjil.”

NDHUKUNG ARAHANÉ YÉSUS

17, 18. Apa sebabé kita kudu mikirké berkah-berkahé nèk manut arahané Yéhuwah?

17 Petunjuk saka Yésus, sing saiki wis dadi Raja, ana gunané kanggo kita saiki lan sukmbèn. Nèk panjenengan gelem nggawé perubahan, panjenengan bakal éntuk akèh manfaat. Pas ibadah keluarga, panjenengan isa ngrembug bab perubahan ing pakumpulan ibadah utawa kegiatan nginjil sing ana gunané kanggo keluarga panjenengan.

Bantunen keluarga lan wong liya bèn manut karo perubahan ing organisasiné Yéhuwah (Deloken paragraf 17, 18)

18 Ana akèh berkah nèk kita manut karo arahané Yéhuwah. Nèk kuwi dipikirké, kuwi isa nggawé kita dadi luwih gampang kanggo manut lan ngrasakké bungah. Contoné, merga nggunakké tèknologi modhèren, kita isa hémat biaya merga ora perlu nyétak akèh wacan kaya sakdurungé. Kuwi uga nggawé kabar apik isa dirungokké karo luwih akèh wong. Yésus péngin kita nggunakké sumber daya organisasi kanthi wicaksana. Mula, nèk kita dhéwé ya nggunakké publikasi lan media vèrsi digital, kuwi dadi salah siji cara kanggo ndhukung Yésus.

19. Apa sebabé kita kudu ndhukung arahané Yésus?

19 Nèk kita ndhukung arahané Yésus, kuwi isa mbantu para sedulur bèn tambah nyawiji lan kuwat imané. André kandha bab perubahan ing keluarga Bètel sakdonya, ”Para sedulur sing mauné dadi anggota Bètel banjur isa nggawé perubahan lan tetep semangat ngabdi kuwi isa nggawé aku dadi luwih percaya lan ngajèni. Para sedulur kuwi tetep ngetutké krétané Yéhuwah lan tetep bungah ing tugas apa waé sing ditampa.”

NDUWÉ IMAN LAN PERCAYA MARANG PEMIMPIN KITA

20, 21. (a) Apa sebabé kita perlu percaya karo Yésus, Pemimpin kita? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Ora suwé manèh, Pemimpin kita Yésus Kristus, bakal ”ngrampungké perangé” lan ”nindakké bab-bab sing luar biasa”. (Why. 6:2; Ms. 45:4, NW) Ning, saiki waé Yésus lagi nyiapké kita kanggo urip ing donya anyar, lan kanggo nindakké gawéan ing kana. Sukmbèn kita bakal mulang wong-wong sing diuripké manèh lan nggawé bumi dadi firdaus.

21 Kita kudu percaya karo Raja lan Pemimpin kita, merga dhèwèké sing bakal nuntun kita mlebu donya anyar. (Wacanen Jabur 46:2-4.) Jaman saiki, nggawé perubahan kuwi ora gampang, apa manèh nèk kuwi ora kaya sing kita karepké. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug piyé carané bèn tetep ayem pikirané lan kuwat imané wektu ana perubahan.

^ par. 8 Para arkéolog nemokké biji-bijian sing wis dipanèn ning durung dipangan ing antarané reruntuhan kutha Yérikho. Iki cocog karo crita ing Alkitab. Alkitab nyritakké nèk bangsa Israèl ngepung kutha Yérikho mung sedhéla lan wong Israèl ora éntuk mangan hasil panèn saka wong Yérikho. Musim panèn kuwi wektu sing pas kanggo bangsa Israèl ngalahké kutha Yérikho, merga ana akèh bahan pangan ing ladhang.​—Ys. 5:10-12.

^ par. 11 Deloken kothak ”Paulus dengan Rendah Hati Menyambut Ujian” ing Menara Pengawal 15 Maret 2003 kaca 24.