Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tetep Tenang Senajan Ngalami Perubahan

Tetep Tenang Senajan Ngalami Perubahan

”Kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula.”​—MS. 131:2.

LAGU: 128, 129

1, 2. (a) Apa pengaruhé kanggo kita nèk ana perubahan ing urip kita? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Nurut Jabur 131, apa sing isa mbantu kita tetep nduwé pikiran sing tenang?

SAKWISÉ 25 taun ngabdi ing Bètel, Lloyd lan Alexandra ditugaské ing lapangan. Awalé wong loro kuwi sedhih. Lloyd kandha, ”Bètel lan gawéanku ing kono kuwi wis dadi bagéan uripku. Aku isa ngertèni apa alesané ana perubahan kuwi. Ning, sakwisé kuwi aku kerep ngrasa kaya ora kanggo.” Kadhang kala pandhangané Lloyd isa positif, ning bar kuwi dhèwèké ngrasa nglokro.

2 Perubahan kuwi mesthi ana, lan kadhang kala kuwi ora kaya sing kita karepké. Malah kuwi isa waé nggawé kuwatir lan strès. (WB. 12:25) Dadi, apa sing kudu kita tindakké bèn tetep tenang wektu ngalami perubahan? (Wacanen Jabur 131:1-3.) Saiki ayo dirembug piyé para abdiné Yéhuwah ing jaman Alkitab lan jaman saiki isa tetep tenang wektu ngalami perubahan ing uripé.

”GUSTI ALLAH BAKAL MARINGI KATENTREMAN”

3. Perubahan apa sing dialami Yusuf?

3 Pikirna pengalamané Yusuf. Yusuf iki anak sing paling disayangi karo bapaké, yaiku Yakub. Kuwi nggawé sedulur-seduluré dadi cemburu banget. Wektu Yusuf umur 17 taun, kakang-kakangé ngedol Yusuf dadi budhak. (Pd. 37:2-4, 23-28) Kira-kira 13 taun uripé Yusuf sengsara banget wektu dadi budhak lan akhiré dipenjara ing Mesir, adoh saka bapaké. Ning, keadaan iki ora nggawé Yusuf dadi nesu utawa putus asa. Kok isa?

4. (a) Apa sing ditindakké Yusuf wektu ana ing penjara? (b) Piyé Yéhuwah njawab dongané Yusuf?

4 Wektu ing penjara, Yusuf mesthi mikirké piyé carané Yéhuwah isa mbantu dhèwèké. (Pd. 39:21; Ms. 105:17-19) Mbokmenawa Yusuf uga mikirké mimpiné wektu dhèwèké isih enom, lan yakin nèk Yéhuwah mesthi mbantu. (Pd. 37:5-11) Yusuf kerep ndonga lan nyritakké kabèh sing ana ing atiné. (Ms. 145:18) Yéhuwah njawab dongané Yusuf lan nggawé Yusuf yakin nèk Yéhuwah bakal ”ngayomi Yusuf” ora masalah kaya apa keadaané.​—Kis. 7:9, 10. *

5. Piyé katentreman saka Gusti Allah mbantu kita luwih semangat kanggo ngabdi?

5 ”Gusti Allah bakal maringi katentreman” kanggo nglindhungi pikiran kita wektu lagi ngadhepi masalah sing abot. (Wacanen Filipi 4:6, 7.) Wektu kita kuwatir utawa strès, ”Gusti Allah bakal maringi katentreman” sing isa nguwatké kita kanggo terus semangat ngabdi marang Yéhuwah. Saiki kita bakal ngrembug pengalamané para sedulur sing wis ngalami kuwi.

NJALUK BANTUANÉ YÉHUWAH BÈN TETEP TENANG

6, 7. Piyé donga isa mbantu kita bèn nduwé pikiran sing ayem? Wènèhana conto.

6 Ryan lan Juliette cilik ati wektu krungu nèk tugasé dadi perintis istiméwa sementara wis rampung. Ryan kandha, ”Aku lan bojoku langsung ndongakké bab iki. Aku ngerti nèk iki dadi kesempatan kanggo nduduhké iman marang Yéhuwah. Akèh wong anyar sing nggabung ing jemaatku, dadi aku ndonga bèn aku isa dadi tuladha kanggo wong-wong kuwi.”

7 Piyé Yéhuwah njawab dongané? Ryan kandha, ”Sakwisé ndonga, perasaan négatif lan rasa kuwatirku langsung ilang. Katentreman saka Gusti Allah njaga ati lan pikiranku. Aku lan bojoku ngerti nèk kudu tetep nduwé sikap sing apik bèn isa terus digunakké Yéhuwah.”

8-10. (a) Piyé carané roh suci isa mbantu wektu kita kuwatir? (b) Piyé carané Yéhuwah mbantu kita bèn terus ngutamakké Yéhuwah?

8 Roh suciné Yéhuwah isa mbantu kita tetep tenang, lan isa ngarahké kita nemokké ayat sing nduduhké apa sing kudu diutamakké ing urip kita. (Wacanen Yohanes 14:26, 27.) Gatèkna pengalamané Philip lan Mary, pasangan sing wis ngabdi ing Bètel suwéné 25 taun. Ing wektu patang sasi, ibuné Philip lan ibuné Mary, uga salah siji keluargané mati. Terus, wong loro kuwi kudu ngopèni bapaké Mary sing wis pikun.

9 Philip kandha, ”Rumangsaku aku wis ngupaya, tapi tetep isih ana sing kurang. Aku maca ayat ing Kolose 1:11 saka artikel Warta Penting édhisi pelajaran. Aku ya wis ngupaya tekun, ning isih kurang. Aku isih kudu ’tekun ngadhepi sakabèhé kanthi sabar lan bungah’. Ayat iki ngélingké aku nèk kabungahan kuwi merga bantuané roh suci, dudu merga keadaan kita.”

10 Akèh berkah sing ditampa Philip lan Mary merga terus ngutamakké Yéhuwah. Ora suwé sakwisé ninggalké Bètel, wong loro kuwi ketemu karo wong-wong sing gelem sinau Alkitab lan nggawé kemajuan apik. Wong-wong kuwi sinaune seminggu ora mung ping pisan. Mary kandha, ”Wong-wong sing gelem sinau kuwi dadi sumber kabungahanku, lan kaya-kayané Yéhuwah lagi ngayem-ayem aku.”

NGUPAYA BÈN DIBERKAHI YÉHUWAH

Piyé carané niru tuladhané Yusuf? (Deloken paragraf 11-13)

11, 12. (a) Apa sing ditindakké Yusuf bèn diberkahi Yéhuwah? (b) Piyé Yéhuwah mberkahi Yusuf?

11 Wektu ngalami perubahan, kita mungkin dadi kuwatir lan mung mikirké masalah kita dhéwé. Kuwi sing isa waé dialami karo Yusuf. Ning, Yusuf nindakké apa sing isa ditindakké wektu ngalami keadaan sing angèl. Yusuf gelem kerja keras wektu dadi budhaké Potifar. Wektu dipenjara, Yusuf uga gelem nindakké tugas apa waé saka kepala penjara.​—Pd. 39:21-23.

12 Wektu kuwi, Yusuf ditugaské kanggo njaga tahanan loro sing mauné dadi abdiné Firaun. Yusuf apikan karo wong loro kuwi. Lan wong loro kuwi ngrasa nyaman kanggo crita marang Yusuf bab kekuwatirané lan mimpiné. (Pd. 40:5-8) Wektu kuwi Yusuf durung ngerti nèk kuwi isa nggawé dhèwèké bébas. Rong taun sakbanjuré, Yusuf dibébaské saka penjara lan dadi panguwasa ing Mesir, sakngisoré Firaun.​—Pd. 41:1, 14-16, 39-41.

13. Apa sing kudu kita tindakké bèn diberkahi Yéhuwah?

13 Kaya Yusuf, mbokmenawa kita ngalami keadaan sing angèl. Ning, nèk kita sabar lan ngupaya nindakké apa sing isa kita tindakké, Yéhuwah bakal mberkahi kita. (Ms. 37:5) Senajan kita ngrasa bingung lan kuwatir, kita ora bakal ”nganti putus asa” utawa ora nduwé harapan. (2 Kor. 4:8, ctn.) Yéhuwah bakal terus ndhukung nèk kita terus ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah.

NGUTAMAKKÉ NGABDI MARANG YÉHUWAH

14-16. Piyé Filipus terus ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah senajan uripé malih?

14 Penginjil sing jenengé Filipus dadi tuladha sing apik bab ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah, ora masalah ngadhepi perubahan apa waé. Filipus tau éntuk tugas anyar sing nyenengké ing Yérusalèm. (Kis. 6:1-6) Ning, keadaané malih wektu wong-wong Kristen dianiaya lan Stéfanus dipatèni. Merga dianiaya, wong-wong Kristen mlayu saka Yérusalèm. Ning, Filipus péngin tetep sibuk ngabdi, mula dhèwèké lunga menyang kutha Samaria kanggo martakké kabar apik.​—Mat. 10:5; Kis. 8:1, 5.

15 Filipus gelem diarahké karo roh suci. Dadi, Yéhuwah nggunakké dhèwèké kanggo nginjil ing dhaérah sing wong-wongé durung tau krungu kabar apik. Akèh wong Yahudi sing ngrèmèhké lan tumindak ora apik marang wong Samaria. Ning, Filipus ora nduwé prasangka. Dhèwèké malah semangat martakké kabar apik marang wong-wong kuwi. Lan wong-wong Samaria ngrungokké Filipus ”kanthi tenanan”.​—Kis. 8:6-8.

16 Sakwisé kuwi, roh suci ngarahké Filipus nginjil ing kutha Asdod lan Kaisaréa. Ing kono ana akèh wong sing dudu Yahudi. (Kis. 8:39, 40) Filipus manggon lan omah-omah ing Kaisaréa. Senajan uripé malih, Filipus tetep sibuk nginjil lan Yéhuwah terus mberkahi Filipus lan keluargané.​—Kis. 21:8, 9.

17, 18. Apa paédahé nèk kita tetep ngutamakké ngabdi senajan kahanané malih?

17 Akèh pelayan sepenuh-waktu sing kandha nèk ngutamakké ngabdi isa mbantu tetep positif lan bungah senajan kahanané malih. Contoné ana pasangan suami istri saka Afrika Selatan sing jenengé Osborne lan Polite sing metu saka Bètel. Wong loro kuwi mikir bakal gampang éntuk gawéan lan omah. Ning, Osborne kandha, ”Sayangé aku ora isa langsung éntuk gawéan.” Polite kandha, ”Aku lan bojoku ora éntuk gawéan nganti telung sasi, lan tabunganku wis entèk. Iki pancèn tantangan sing gedhé.”

18 Apa sing mbantu Osborne lan Polite isa ngatasi keadaané? Osborne kandha, ”Nginjil bareng karo para sedulur mbantu aku isa terus nduwé pikiran sing positif.” Ketimbang mung lungguh lan meneng waé ing omah, wong loro kuwi pilih sibuk nindakké gawéan nginjil. Lan kuwi nggawé Osborne lan Polite dadi bungah banget. Osborne kandha manèh, ”Aku lan bojoku terus nggolèk gawéan, lan akhiré éntuk gawéan.”

PERCAYA TENAN MARANG YÉHUWAH

19-21. (a) Piyé carané bèn isa nduwé pikiran sing tenang? (b) Apa paédah sing isa kita rasakké wektu nggawé perubahan?

Isa waé perubahan kuwi nguwatké hubungan kita karo Yéhuwah

19 Dadi, kita isa nduwé pikiran sing tenang senajan ngalami perubahan, nèk kita ngupaya nindakké apa sing isa kita tindakké lan percaya tenan marang Yéhuwah. (Wacanen Mikha 7:7.) Isa waé akhiré kita dadi sadhar nèk perubahan kuwi isa nguwatké hubungan kita karo Yéhuwah. Polite njelaské nèk sakwisé metu saka Bètel, dhèwèké dadi isa luwih ngendelké Yéhuwah wektu keadaané susah. Dhèwèké kandha, ”Hubunganku karo Yéhuwah dadi luwih akrab.”

20 Mary, sing dicritakké mau, isih ngopèni bapaké karo merintis. Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti nek kudu langsung ndonga lan tetep tenang wektu ngrasa kuwatir. Piwulang paling penting sing tak sinaoni yaiku kudu masrahké kabèh marang Yéhuwah. Lan kuwi sing paling dibutuhké nganti sukmbèn.”

21 Lloyd lan Alexandra ngakoni nèk perubahan sing dialami isa mbuktèkké sepira kuwaté imané marang Yéhuwah. Lan kuwi bener-bener isa mbantu wong loro kuwi. Saiki wong loro kuwi nduwé iman sing luwih kuwat sing isa nggawé ayem wektu ngadhepi masalah lan isa dadi wong sing luwih apik.

Perubahan sing gedhé, berkahé ya gedhé (Deloken paragraf 19-21)

22. Apa hasilé nèk kita ngupaya nindakké apa sing isa kita tindakké?

22 Ing jaman saiki, keadaan kita isa ujug-ujug malih. Isa waé kita nampa tugas anyar, ana masalah keséhatan, utawa kudu ngopèni keluarga. Ning, yakina nèk Yéhuwah bakal nggatèkké lan mbantu kita ing wektu sing pas. (Ibr. 4:16; 1 Ptr. 5:6, 7) Karo ngentèni bantuané Yéhuwah, kita isa ngupaya nindakké apa sing isa kita tindakké. Ndongaa marang Yéhuwah lan ngupayaa kanggo ngendelké Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, hasilé kita isa tetep tenang senajan keadaané malih.

^ par. 4 Pirang-pirang taun sakbanjuré, anaké Yusuf sing pertama dijenengi Manasyé merga jaréné Yusuf, ”Gusti Allah wus ndadèkaké aku lali marang sakabèhé kasusahanku.” Yusuf paham nèk anak iki hadiah saka Yéhuwah kanggo nglipur Yusuf.​—Pd. 41:51.