Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Yéhuwah Mberkahi Keputusanku

Yéhuwah Mberkahi Keputusanku

Wektu kuwi taun 1939. Aku lan kanca nginjilku tangi tengah wengi lan lunga menyang Joplin, kutha cilik ing Missouri, AS. Banjur, aku lan kanca nginjilku meneng-meneng ndèlèhké selebaran ing ngisor lawang saben omah ing dhaérah kuwi. Sakwisé rampung, aku metu saka dhaérah kono lan ngumpul manèh karo para sedulur liyané. Ning, kenapa aku lan para sedulur nginjil sakdurungé matahari njedhul lan langsung lunga saka dhaérah kuwi? Mengko tak critani.

AKU lair taun 1934. Wong tuwaku sing jenengé Fred lan Edna Molohan wis dadi Siswa-Siswa Alkitab (Seksi-Seksi Yéhuwah) saksuwéné 20 taun. Aku beruntung banget merga wong tuwaku wis mbantu aku nresnani Yéhuwah. Omahku ana ing Parsons, kutha cilik ing Kansas. Mèh kabèh sedulur ing jemaatku kuwi kaum terurap. Keluargaku ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan nginjil. Setu awan aku lan para sedulur biasané nginjil ing pinggir dalan (saiki disebut kesaksian ing panggonan umum). Kadhang kala aku kesel banget, ning bar nginjil aku mesthi dijajakké ès krim karo Bapak.

Dhaérah nginjil ing jemaatku amba banget, merga ana akèh kutha kabupatèn, lan akèh sing usahané pertanian lan peternakan. Biasané wong-wong kuwi ngekèki sayur-sayuran, endhog pitik, utawa malah pitik urip kanggo ngijoli wacan-wacan sing ditampa. Dadi, bapak sing biasané nyumbang dhuwit kanggo wacan-wacan kuwi, banjur panganan sing ditampa isa kanggo nyukupi kebutuhané keluargaku.

KEGIATAN NGINJILKU

Wong tuwaku nggunakké fonograf kanggo nginjil. Merga isih cilik, aku ora isa nggunakké alat kuwi. Ning, aku seneng mbantu Bapak lan Ibu wektu muterké ceramah saka Sedulur Rutherford pas marani manèh lan PAR.

Karo bapak lan ibuku ing ngarepé mobil pengeras suara

Bapak nduwé mobil Ford taun 1936, terus ndhuwuré dipasangi pengeras suara. Iki dadi cara nginjil sing nyenengké. Biasané musik bakal diputer dhisik bèn wong-wong penasaran lan nyedhak, banjur ceramah Alkitabé diputer. Sakwisé kuwi aku lan keluargaku nawakké wacan-wacan marang wong sing gelem nampa.

Ing dina Minggu ing kutha Cherryvale, Kansas, bapak nggawa mobilé menyang taman kutha. Ing kono, ana akèh wong sing lagi santai. Banjur, ana polisi sing teka lan ngandhani Bapakku nèk mobilé kudu didèlèh ing njabané taman. Dadi, Bapak mindhah mobilé ing dalan cedhak taman bèn wong-wong tetep isa krungu ceramah sing diputer. Wektu kuwi nyenengké banget isa nginjil karo Bapak lan masku sing jenengé Jerry.

Aku lan keluargaku uga nindakké kampanye ing dhaérah sing wong-wongé nentang. Kaya sing wis tak critakké mau, aku nindakké kuwi wektu tengah wengi lan kudu ngati-ati wektu ndèlèhké selebaran utawa wacan-wacan ing ngisor lawang. Sakwisé kuwi, aku lan para sedulur ngumpul manèh ing njaba kutha lan mastèkké apa ana sedulur sing kecekel polisi.

Ana kegiatan nginjil liyané sing uga nyenengké, kuwi disebut nginjil nganggo plakat. Aku kèlingan wektu para sedulur teka ing kuthaku lan iring-iringan nggunakké plakat sing tulisané ”Agama Kuwi Dadi Jiret lan Seneng Nipu”. Sedulur-sedulur mulai mlaku siji setengah kilomèter saka omahku ngliwati kutha lan balik manèh ing omahku. Untungé ora ana sing ngendhegké gawéan iki, malah akèh wong padha penasaran.

KEBAKTIAN-KEBAKTIAN WEKTU AKU ISIH ENOM

Keluargaku kerep lunga menyang Texas kanggo nekani kebaktian lan keluargaku sing ana ing kono. Bapak kerja ing perusahaan sepur, dadi keluargaku isa numpak sepur gratis. Masé ibuku sing jenengé Fred Wismar lan bojoné sing jenengé Eulalie, manggon ing Texas. Pakdhé Fred sinau Alkitab wiwit isih enom, ing awal taun 1900-an. Dhèwèké banjur dibaptis lan mènèhi kesaksian marang sedulur-seduluré dhéwé, klebu ibuku. Para sedulur ing Texas bagéan tengah akrab karo Pakdhé Fred, merga dhèwèké ngabdi dadi hamba zona (sing saiki disebut pinituwa wilayah). Pakdhé kuwi wongé apikan, grapyak, lan semangat nginjil. Kuwi dadi conto sing apik kanggo aku.

Ing taun 1941, aku lan keluargaku numpak sepur kanggo nekani kebaktian gedhé ing St. Louis, Missouri. Kabèh cah enom diundang kanggo lungguh ing cedhak panggung, pas ceramahé Sedulur Rutherford sing judhulé ”Anak-Anaké Raja”. Ing akhir ceramahé, cah-cah enom sing jumlahé 15.000 éntuk kejutan. Sedulur Rutherford lan para sedulur sing mbantu dhèwèké mbagèkké buku anyar sing judhulé Children.

Ing sasi April 1943, aku lan keluargaku teka kebaktian ing Coffeyville Kansas. Kebaktian kuwi judhulé ”Undangan kanggo Tumindak”. Ing kebaktian iki diumumké nèk bakal ana sekolah anyar sing jenengé Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Kabèh sing teka dikèki buku sing isiné 52 piwulang kanggo digunakké ing sekolah kuwi. Ora suwé bar kebaktian kuwi, aku éntuk tugas kanggo ceramah. Ing kebaktian kuwi aku dibaptis bareng karo para sedulur liyané ing kolam peternakan sing cedhak kono.

NGABDI ING BÈTEL

Sakwisé lulus SMA taun 1951, aku kudu mikirké apa sing arep tak tindakké ing uripku. Mas Jerry wis ngabdi ing Bètel. Aku ya péngin nglayani ing Bètel. Dadi, aku ngisi lan ngirim formulir kanggo nglayani ing Bètel. Akhiré aku éntuk undangan kanggo nglayani ing Bètel tanggal 10 Maret 1952. Keputusan iki isa mbantu aku luwih akèh ngabdi marang Yéhuwah.

Aku sakjané péngin kerja ing bagéan percétakan kanggo nyétak majalah lan publikasi liyané. Ning, aku ora tau éntuk tugas kuwi. Penugasanku malah dadi pramusaji lan sakwisé kuwi kerja ing dapur. Ning, aku seneng nindakké tugas-tugasku lan isa sinau akèh. Aku lan para sedulur kerjané gantian lan kadhang aku éntuk tugas ing wayah bengi, mula awané aku isa istirahat. Aku kerep nekani perpustakaan Bètel kanggo pelajaran pribadi. Iki nggawé imanku saya kuwat lan luwih cedhak karo Yéhuwah. Malah aku ngupaya bèn isa ngabdi marang Yéhuwah ing Bètel sak isa-isaku. Jerry metu saka Bètel taun 1949 lan nikah karo Patricia. Wong loro kuwi tetep manggon ing cedhaké Brooklyn kanggo mbantu lan nguwatké aku, merga aku isih anyaran ing Bètel.

Wektu aku lagi waé ngabdi ing Bètel, para sedulur nggolèki sedulur-sedulur lanang ing Bètel sing isa ditugaské kanggo ceramah umum. Sedulur-sedulur sing éntuk tugas kuwi kudu nekani jemaat-jemaat sing adohé nganti kira-kira 320 km saka Brooklyn. Ing kono, para sedulur bakal mènèhi ceramah umum lan nginjil karo jemaat. Salah siji sedulur sing ditugaské yaiku aku. Sakjané aku gugup wektu nekani jemaat mènèhi ceramah umum. Mbiyèn ceramah umum suwéné sakjam. Biasané aku numpak sepur kanggo nekani jemaat-jemaat kuwi. Aku éling tenan wektu dina Minggu awan pas musim salju taun 1954. Aku arep mulih numpak sepur menyang New York lan kuduné tekan Bètel soré. Ning, merga ana badai salju, mesin èlèktrik sepuré macet, lan akhiré tekan New York dina Senèn jam lima ésuk. Banjur, aku langsung numpak sepur saka New York menyang Brooklyn lan langsung nyambut gawé ing dapur. Aku rada telat lan kesel banget merga ora turu sewengi muput. Ning, pengorbananku ora ana apa-apané merga aku seneng isa nglayani jemaat-jemaat lan ketemu karo sedulur-sedulur anyar.

Nyiapké siaran kanggo radio WBBR

Taun pertama ing Bètel, aku uga mèlu program sinau Alkitab sing disiarké saben minggu ing radio WBBR. Studio kanggo radio kuwi ana ing lantai loro saka gedhung 124 Columbia Heights. Sedulur Alexander H. Macmillan, sing kerja ing Bètel puluhan taun, ajeg ngisi acara ing program iki. Dhèwèké biasané diceluk Sedulur Mac. Dhèwèké dadi conto sing apik kanggo cah-cah enom, klebu aku sing ana ing Bètel, merga imané sing kuwat senajan ana akèh masalah.

Nggunakké selebaran kanggo ngumumké WBBR

Taun 1958, tugasku diganti dadi bagéan sing ngurusi lulusané Sekolah Gilead. Iki klebu mbantu sedulur-sedulur bèn éntuk visa sing dibutuhké kanggo tugas utusan injil. Aku uga ngatur perjalanané menyang negara sing ditugaské. Mbiyèn numpak pesawat kuwi larang banget, dadi umumé sedulur-sedulur sing éntuk tugas ing Afrika lan Asia kudu numpak kapal barang. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, wektu rega tikèt pesawat luwih murah, akèh utusan injil sing numpak pesawat menyang dhaérah penugasané.

Nyiapké sèrtifikat kelulusan Sekolah Giléad

KEBAKTIAN-KEBAKTIAN INTERNASIONAL

Ing taun 1960, aku ditugaské kanggo ngatur perjalanan nganggo pesawat saka Amerika Serikat menyang Eropa kanggo kebaktian-kebaktian internasional taun 1961. Aku nekani kebaktian sing ana ing Hamburg, German. Sakwisé kebaktian, aku lan patang sedulur liyané saka Bètel nyéwa mobil kanggo nekani kantor cabang sing ana ing Roma, Italia. Bar kuwi, aku lunga menyang Prancis ngliwati Pegunungan Pyrenees, lan tekan ing Spanyol, sing wektu kuwi gawéan nginjil isih dilarang. Aku lan para sedulur mbungkus wacan-wacan Alkitab kaya kado, terus diwènèhké marang para sedulur ing Barcelona. Nyenengké banget isa ketemu karo para sedulur ing kono. Saka Spanyol aku lunga menyang Amsterdam lan mbalik ing New York.

Ing taun 1962, aku ditugasi kanggo ngatur perjalanan kanggo 583 sedulur sing arep nekani rangkaian acara kebaktian internasional ing taun 1963. Judhul kebaktiané yaiku ”Kabar Apik sing Langgeng”. Para sedulur kuwi nekani acara kebaktian ing Eropa, Asia, lan Pasifik Selatan, banjur ing Hawai ing kutha Honolulu, lan Kalifornia ing kutha Pasadena. Para sedulur kuwi uga nekani Lebanon lan Yordania kanggo tur menyang dhaérah-dhaérah sing disebutké ing Alkitab. Departemènku sing ngurus kabèh pesawat, hotèl, lan visa.

KANCA PENUGASANKU

Taun 1963 dadi taun sing penting banget kanggoku. Tanggal 29 Juni, aku nikah karo Lila Rogers saka Missouri, sing mlebu ing Bètel taun 1960. Seminggu sakwisé nikah, aku lan Lila mèlu tur keliling donya menyang Yunani, Mesir, lan Lebanon. Sakwisé kuwi aku uga lunga menyang Yordan. Ning, gawéan nginjil ing Yérusalèm wektu kuwi dilarang lan Seksi-Seksi Yéhuwah ora éntuk nduwé visa. Dadi, aku ora ngerti apa sing bakal kelakon nèk aku wis tekan kono. Ning, aku kagèt lan seneng banget merga ndelok sedulur-sedulur sing ngadeg ing atap datar ing tingkat bagéan ngisor ing bandara karo nggawa papan sing tulisané ”Sugeng Rawuh Seksi-Seksi Yéhuwah”. Nyenengké banget isa nekani dhaérah-dhaérah sing dicathet ing Alkitab, lan ndelok panggonané Abraham, Ishak, lan Yakub. Banjur, isa ndelok dhaérah nginjilé Yésus lan para rasul, uga panggonan jemaat Kristen mulai nyebar ”nganti tekan pucuk-pucuké bumi”.​—Kis. 13:47.

Saksuwéné 55 taun, Lila setya ngancani aku ing kabèh penugasanku. Aku tau nekani Spanyol lan Portugal luwih saka sepisan wektu gawéan nginjil dilarang ing kono. Aku isa nguwatké para sedulur lan mènèhi wacan-wacan Alkitab uga bab liyané sing dibutuhké. Aku uga isa nekani para sedulur sing dipenjara ing kutha Cádiz, Spanyol. Aku seneng banget merga isa mènèhi ceramah sing nguwatké kanggo para sedulur kuwi.

Bareng karo Patricia lan Jerry Molohan pas arep kebaktian ”Ayem Tentrem ing Bumi” taun 1969

Saka taun 1963, aku wis ngurus bagéan perjalanan kebaktian internasional ing Timur Jauh, Afrika, Australia, Amerika Tengah lan Selatan, Eropa, Hawaii, Selandia Baru, lan Puerto Riko. Aku lan Lila nekani akèh banget kebaktian sing luar biasa, salah sijiné ing Warsawa, Polandia taun 1989. Sedulur-sedulur sing saka Rusia isa teka ing kebaktian kuwi. Iki dadi kebaktian sing sepisanan kanggo para sedulur saka Rusia. Aku lan bojoku ketemu karo para sedulur sing suwé dipenjara ing Uni Soviet merga imané.

Tugas liyané sing tak senengi yaiku nekani lan nguwatké keluarga Bètel lan utusan injil sakdonya. Kunjungan sing terakhir ing Korea Selatan, aku ketemu karo 50 sedulur sing dipenjara ing kutha Suwon. Para sedulur kuwi tetep semangat lan nduwé harapan sukmbèn isa ngabdi tanpa larangan. Ketemu karo para sedulur iki isa nguwatké aku lan bojoku.​—Rm. 1:11, 12.

BERKAHÉ YÉHUWAH NGGAWÉ BUNGAH

Aku wis ndelok dhéwé berkahé Yéhuwah kanggo para umaté saksuwéné iki. Wektu aku dibaptis taun 1943, mung ana 100.000 penginjil. Ning, saiki ana luwih saka 8.000.000 penginjil ing 240 negri. Iki kabèh uga hasil saka kerja kerasé para lulusan Sekolah Giléad. Aku seneng banget merga isa kerja sama karo akèh utusan injil lan mbantu ngatur perjalanané menyang dhaérah tugasé.

Aku seneng banget merga wektu isih enom aku mutuské kanggo nglayani Yéhuwah lan nyambut gawé ing Bètel. Yéhuwah bener-bener mberkahi aku. Sakliyané ngabdi ing Bètel, aku lan Lila seneng nginjil bareng karo para sedulur ing jemaat-jemaat saksuwéné 50 taun iki, lan aku isa éntuk akèh kanca sing sejati.

Aku isih terus ngabdi ing Bètel dibantu karo Lila. Senajan umurku wis 84 taun, aku seneng banget merga isih isa nindakké gawéan ing kono lan mbantu ing bagéan surat-menyurat.

Karo Lila saiki

Bener-bener bungah isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah sing luar biasa lan ngrasakké dhéwé kelakoné ayat ing Maléakhi 3:18 sing kandha, ”Sira banjur bakal padha nyumurupi manèh bédané wong kang mursid karo wong duraka, bédané wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.” Saben dina kita isa ndelok dhéwé nèk donyané Sétan saya suwé saya parah. Akèh wong ora nduwé harapan lan ora bungah. Ning, wong-wong sing nresnani lan nglayani Yéhuwah isa bungah lan nduwé harapan, senajan urip ing jaman sing susah. Iki dadi hak istiméwa kanggo ngandhani liyané bab kabar apik saka Alkitab. (Mat. 24:14) Ora suwé manèh Kratoné Allah bakal ngowahi bumi sing rusak iki dadi firdaus. Kita kabèh mesthi ngentèni ramalan kuwi kelakon. Sukmbèn, kabèh wong bakal bungah, sampurna, lan urip saklawasé.