Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

1921—Satus Taun Kepungkur

1921—Satus Taun Kepungkur

ING Watch Tower 1 Januari 1921, ana pitakonan ngéné, ”Awaké dhéwé kudu tetep ngutamakké gawéan apa?” Siswa-Siswa Alkitab ngerti nèk gawéan sing kudu diutamakké kuwi gawéan nginjil. Ing majalah kuwi ya disebutké ayat ing Yésaya 61:1, 2 sing isiné yaiku, ”Yéhuwah milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong sing rendah hati. . . . Ngandhani nèk wis tekan wektuné Yéhuwah nduduhké rasa mesakké, ngandhani nèk wis tekan wektuné Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé.”

PENGINJIL SING KENDEL

Siswa-Siswa Alkitab kudu kendel bèn isa nginjil. Kenapa? Merga Siswa-Siswa Alkitab kudu nyritakké ”kabar apik” marang wong sing rendah hati lan ngandhani wong-wong nèk Gusti Allah bakal ”mbales” wong-wong sing jahat.

Sedulur J. H. Hoskin saka Kanada kendel banget nginjil meskipun akèh sing ora seneng. Pas nginjil ing omah-omah ing awal taun 1921, Sedulur Hoskin ketemu karo penginjil saka Gréja Métodis. Sedulur Hoskin ngomong ngéné, ”Aku mréné iki arep ngomongké soal Alkitab. Nèk ana sing kowé ora setuju, sing penting awaké dhéwé aja mungsuhan ya.” Ning kenyataané ora ngono. Sedulur Hoskin nglanjutké critané, ”Aku mung ngobrol beberapa menit karo dhèwèké. Bar kuwi, dhèwèké nesu, terus nutup lawangé banter banget.”

Pas Sedulur Hoskin wis mèh lunga, penginjil kuwi mbengok, ”Nginjil kok ing omahé wong Kristen. Lunga kana lho.” Sedulur Hoskin meneng waé. Tapi dhèwèké mbatin, ’Kétoké dhèwèké ya butuh sinau Alkitab.’

Sedulur Hoskin crita, ”Sésuké pas ceramah, penginjil saka Gréja Métodis kuwi ngandhani wong-wong saka gréjané nèk aku iki tukang ngapusi lan nèk aku iki kudu dipatèni.” Sedulur Hoskin tetep kendel. Dhèwèké terus nginjil, lan akèh sing gelem ngrungokké. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng banget isa nginjil ing kéné. Malah, ana wong-wong sing nyebut aku iki utusané Gusti Allah. Terus wong-wong kuwi ya péngin mènèhi barang-barang sing tak butuhké.”

SINAU ALKITAB

Umaté Yéhuwah péngin mbantu wong-wong bèn ngerti luwih akèh soal Alkitab. Mula, ana majalah sing diterbitké, sing saiki disebut Gatèkna! Ing majalah kuwi, ana pitakonan-pitakonan sing jawabané ana ing Alkitab. Misalé, ing majalah kuwi ana pitakonan-pitakonan sing isa dirembug wong tuwa karo anak-anaké. Wong tuwa isa macakké pitakonané, terus mbantu anaké nemokké jawabané saka Alkitab. Ana pitakonan-pitakonan sing sederhana, misalé ”Buku-buku ing Alkitab kuwi ana pira?” Terus ya ana pitakonan liyané, misalé ”Apa kabèh wong Kristen bakal dianiaya?” Nèk ngrenungké jawabané, cah-cah enom isa dadi luwih kendel wektu nginjil.

Sakliyané pitakonan sing isa dirembug wong tuwa karo anaké, ya ana pitakonan kanggo wong-wong sing wis nduwé luwih akèh pengetahuan soal Alkitab. Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi ana ing jilid pertama saka buku Studies in the Scriptures. Akèh wong seneng isa sinau Alkitab nganggo cara kaya ngono kuwi. Ning, tanggal 21 Desember 1921, pitakonan-pitakonan kuwi wis ora diterbitké manèh. Kenapa?

BUKU SING ANYAR

Buku The Harp of God

Kertas cilik ing njeroné buku The Harp of God

Pitakonan kanggo sinau buku The Harp of God

Sedulur-sedulur sing mimpin gawéan nginjil ngerti nèk wong-wong kudu dibantu bèn isa sinau Alkitab urut sesuai topik. Mula, buku The Harp of God diterbitké ing sasi November 1921. Wong-wong sing wis nampa buku kuwi isa sinau Alkitab dhéwé. Hasilé, wong kuwi isa ngerti kepénginané Gusti Allah kanggo manungsa. Terus, piyé carané sinau Alkitab nganggo buku kuwi?

Ing njeroné buku The Harp of God, ana kertas cilik sing isiné halaman pira waé sing kudu diwaca minggu kuwi. Terus minggu berikuté, wong sing sinau Alkitab nganggo buku kuwi bakal dikirimi pitakonan-pitakonan sing jawabané ana ing halaman sing wis diwaca minggu sakdurungé. Ing bagian ngisoré pitakonan-pitakonan kuwi, sing sinau dikandhani halaman pira waé sing kudu diwaca kanggo minggu berikuté.

Wong sing sinau Alkitab bakal dikirimi pitakonan-pitakonan kaya ngono saben minggu nganti telung sasi. Sing ngirimi kuwi sedulur-sedulur saka jemaat. Akèh sedulur sing wis tuwa lan nduwé keterbatasan mèlu ngirimi kuwi. Sedulur Anna K. Gardner saka Millvale, Pennsylvania, AS, crita ngéné, ”Mbakyuku sing jenengé Thayle kuwi lumpuh. Tapi dhèwèké seneng banget isa ngirim surat kanggo wong-wong sing sinau Alkitab nganggo buku The Harp of God.” Sakwisé telung sasi, bakal ana sedulur sing ngunjungi wong sing sinau Alkitab kuwi.

Thayle Gardner lungguh ing kursi roda

TERUS NGINJIL

Ing akhir taun 1921, Sedulur J. F. Rutherford ngirim surat kanggo kabèh jemaat wektu kuwi. Dhèwèké nggatèkké nèk ing taun kuwi ana akèh banget wong sing sinau Alkitab timbang taun-taun sakdurungé. Terus dhèwèké kandha, ”Isih ana akèh gawéan sing kudu dirampungké. Awaké dhéwé kudu nyemangati liyané bèn mèlu nginjil.” Siswa-Siswa Alkitab wektu kuwi bener-bener nggatèkké naséhaté Sedulur Rutherford. Buktiné, pas taun 1922, sedulur-sedulur terus kendel nginjil.