Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 40

Apa sing Dimaksud Tenanan Mertobat?

Apa sing Dimaksud Tenanan Mertobat?

’Aku teka kanggo ngundang wong-wong sing dosa bèn wong-wong kuwi mertobat.’​—LUK. 5:32.

LAGU 36 Ayo Terus Njaga Ati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa bédané Raja Ahab karo Raja Manasyé, lan saka kisahé loro raja kuwi, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

 RAJA sing pertama mréntah ing kerajaan Israèl sepuluh suku. Raja sing keloro mréntah ing kerajaan Yéhuda rong suku. Loro raja kuwi urip ing jaman sing béda. Tapi loro-loroné padha-padha ora manut karo Yéhuwah, nyembah brahala, matèni wong liya, lan marakké rakyaté nggawé dosa. Raja sing pertama ora gelem mertobat nganti dhèwèké mati. Tapi, raja sing keloro akhiré diampuni merga tenanan mertobat. Sapa loro raja kuwi?

2 Raja sing pertama jenengé Ahab, lan sing keloro jenengé Manasyé. Saka kisahé loro raja kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dimaksud tenanan mertobat lan piyé cara nduduhkéné. (Kis. 17:30; Rm. 3:23) Awaké dhéwé kudu ngerti soal kuwi merga Yéhuwah bakal ngapura dosané awaké dhéwé nèk tenanan mertobat. Saiki ayo ngrembug kisahé loro raja kuwi. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug perumpamaané Yésus soal anak sing ilang.

CONTONÉ RAJA AHAB

3. Raja Ahab kuwi wong sing kaya apa?

3 Ahab kuwi raja kepitu saka kerajaan Israèl sepuluh suku. Dhèwèké nikah karo Izebèl anaké Raja Sidon. Sidon kuwi negara sing makmur. Dadi sakwisé Ahab nikah karo Izebèl, wong Israèl ya isa tambah makmur. Tapi, gara-gara Ahab nikah karo Izebèl, wong Israèl dadi ora manut karo Yéhuwah. Kok isa? Izebèl kuwi nyembah Baal. Biasané, wong sing nyembah Baal kuwi nèk ngibadah bakal hubungan sèks karo para pelacur lan ngorbanké anaké. Ahab akhiré kepengaruh karo Izebèl. Tapi ora mung kuwi, Izebèl ya ngojok-ojoki Ahab bèn ngongkon wong Israèl mèlu-mèlu nyembah Baal. Terus, akèh nabiné Yéhuwah ya dipatèni karo Izebèl. (1 Raj. 18:13) Kanggoné Yéhuwah, Ahab kuwi ”luwih jahat timbang wong-wong sakdurungé dhèwèké”. (1 Raj. 16:30) Tapi meskipun wektu kuwi wong Israèl jahat banget, Yéhuwah ora langsung ngukum. Yéhuwah ngutus Nabi Èlia kanggo ngandhani Ahab, Izebèl, lan wong Israèl supaya gelem mertobat lan nglayani Yéhuwah manèh. Sayangé, Ahab lan Izebèl ora gelem ngrungokké.

4. Yéhuwah ngomong Ahab lan keluargané bakal diapakké, lan piyé tanggepané Ahab?

4 Akhiré, Yéhuwah ngutus Nabi Èlia kanggo ngandhani Ahab nèk Ahab lan Izebèl bakal dihukum. Èlia ya ngomong nèk keluargané Ahab bakal dihukum mati. Omongané Èlia nggawé Ahab sedhih nganti dhèwèké ”ngrendhahké dhiri”.​—1 Raj. 21:19-29.

Raja Ahab ora tenanan mertobat lan malah mréntahké bèn Nabi Mikaya dipenjara (Deloken paragraf 5-6) *

5-6. Apa buktiné nèk Ahab ora tenanan mertobat?

5 Meskipun Ahab wis ngrendhahké dhiri, tapi kuwi dudu bukti nèk dhèwèké tenanan mertobat. Kok isa? Wong-wong sing nyembah Baal isih dijarké waé. Terus, dhèwèké ya ora ngongkon wong Israèl bèn gelem nyembah Yéhuwah manèh. Ning, ana bukti liyané sing nduduhké nèk Ahab ora tenanan mertobat. Apa kuwi?

6 Wektu kuwi, Ahab ngejak Yéhosyafat raja Yéhuda bèn mèlu perang nglawan wong Siria. Sakdurungé mangkat perang, Yéhosyafat kandha nèk apiké njaluk tuntunané Gusti Allah dhisik. Bar kuwi Ahab ngomong, ”Isih ana siji manèh [nabiné Yéhuwah]. Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké, merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.” Meskipun Ahab ora seneng karo sarané Yéhosyafat, tapi wong loro kuwi tetep njaluk tuntunané Yéhuwah liwat Nabi Mikaya. Mikaya ngomong nèk Yéhuwah bakal ngukum Ahab lan keluargané. Bar dikandhani kaya ngono, Ahab ora mertobat lan ora njaluk bèn diampuni Yéhuwah. Dhèwèké malah nglebokké Mikaya ing penjara. (1 Raj. 22:7-9, 23, 27) Ning meskipun Mikaya dipenjara, sing diomongké Yéhuwah liwat Mikaya tetep kelakon. Akhiré, Ahab mati pas perang.​—1 Raj. 22:34-38.

7. Kanggoné Yéhuwah, Ahab kuwi wong sing kaya apa?

7 Bar Ahab mati, Yéhuwah nduduhké Ahab kuwi wong sing kaya apa. Pas Yéhosyafat wis slamet tekan ing istanané, Yéhuwah ngutus Yéhu bèn ngomong karo Yéhosyafat, ”Apa pantes njenengan nulungi wong jahat lan nresnani wong sing sengit karo Yéhuwah?” (2 Bb. 19:1, 2) Coba pikirna iki: Nèk Ahab pancèn tenanan mertobat, Yéhu ora mungkin ngomong nèk Ahab kuwi wong jahat sing sengit karo Yéhuwah. Dadi meskipun Ahab wis menyesal, tapi dhèwèké ora tenanan mertobat.

8. Saka kisahé Ahab, awaké dhéwé isa ngerti apa?

8 Pas Èlia ngandhani nèk Ahab lan keluargané bakal dipatèni, Ahab langsung ngrendhahké dhiri. Pancèn kuwi apik. Tapi, dhèwèké ora nduduhké nèk tenanan mertobat. Saka kisahé Ahab kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk tenanan mertobat ora mung menyesal merga wis nggawé dosa. Terus, apa maksudé tenanan mertobat? Saiki ayo ngrembug kisahé Raja Manasyé bèn ngerti jawabané.

CONTONÉ RAJA MANASYÉ

9. Manasyé kuwi raja sing kaya apa?

9 Rong atus taun bar Ahab mati, Manasyé dadi raja ing Yéhuda. Dhèwèké luwih jahat timbang Ahab. Ing Alkitab disebutké nèk ”Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, lan kuwi nglarani atiné Gusti Allah”. (2 Bb. 33:1-9) Dhèwèké mbangun mézbah kanggo déwa-déwa lan ndèlèhké cagak suci sing mungkin nglambangké dèwi kesuburan ing baité Yéhuwah. Dhèwèké nggunakké ilmu gaib, ngramal, lan nggunakké sihir. Terus, Manasyé ya ”matèni akèh banget wong sing ora salah”, termasuk ”ngobong anak-anaké lanang dadi korban” kanggo allah-allah palsu.​—2 Raj. 21:6, 7, 10, 11, 16.

10. Piyé carané Yéhuwah ngukum Manasyé, lan piyé tanggepané Manasyé?

10 Léwat nabiné, Yéhuwah bola-bali ngandhani Manasyé. Tapi kaya Ahab, Manasyé ora gelem ngrungokké. Mula, ”Yéhuwah nyebabké para pemimpin pasukan raja Asiria nyerang wong-wong [Yéhuda]”, lan ”Manasyé dicekel nganggo kait, diranté nganggo ranté tembaga loro, terus digawa menyang Babilon”. Pas dipenjara ing Babilon, Manasyé ngrenungké kesalahané. Dhèwèké njaluk ’dimesakké Yéhuwah Gusti Allahé, terus ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allahé nènèk moyangé, [lan] terus-terusan ndonga marang Gusti Allah’. Manasyé wis berubah. Dhèwèké nganggep Yéhuwah ”Gusti Allahé” lan ndonga tenanan marang Yéhuwah.​—2 Bb. 33:10-13.

Merga tenanan mertobat, Raja Manasyé nyingkirké allah-allah palsu (Deloken paragraf 11) *

11. Nurut 2 Babad 33:15, 16, apa buktiné nèk Manasyé tenanan mertobat?

11 Pas Manasyé ndonga njaluk ngapura, Yéhuwah isa ndelok nèk Manasyé wis berubah. Mula, Yéhuwah ngrungokké Manasyé lan ngijinké dhèwèké dadi raja manèh. Manasyé ya ngupaya sak isa-isané kanggo nduduhké nèk dhèwèké wis tenanan mertobat. Ora kaya Ahab, sakwisé dadi raja manèh, Manasyé nyingkirké allah-allah palsu lan ngongkon wong Yéhuda nglayani Yéhuwah manèh. (Wacanen 2 Babad 33:15, 16.) Selama bertahun-tahun, Manasyé wis dadi conto sing èlèk kanggo keluargané, para pejabaté, lan rakyaté. Tapi saiki, pas Manasyé wis tuwa, dhèwèké ngupaya sak isa-isané kanggo nebus kesalahané. Bèn isa ngono, Manasyé mesthi kudu kendel lan bener-bener percaya karo Yéhuwah. Contoné Manasyé kuwi kétoké mènèhi pengaruh sing apik kanggo putuné, yaiku Yosia. Hasilé, Yosia isa dadi raja sing apik.​—2 Raj. 22:1, 2.

12. Saka kisahé Manasyé, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

12 Meskipun wis nggawé dosa sing gedhé, Manasyé ngrendhahké dhiri, ndonga njaluk bèn dimesakké Yéhuwah, lan berubah. Manasyé ya ngupaya sak isa-isané nebus kesalahané. Buktiné, dhèwèké gelem nglayani Yéhuwah lan ngongkon rakyaté bèn nglayani Yéhuwah manèh. Saka contoné Manasyé kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong sing dosa isa diapura nèk tenanan mertobat. Kuwi bukti nèk Yéhuwah Gusti Allah sing ”apikan lan gelem ngapura”. (Mzm. 86:5) Iki mesthi nentremké atiné wong-wong sing wis nggawé dosa, termasuk sing dosané gedhé banget.

13. Wènèhana perumpamaan sing njelaské nèk tenanan mertobat kuwi ora cukup nèk mung menyesal thok.

13 Apa manèh sing isa dipelajari saka kisahé Manasyé? Bèn isa nduduhké nèk tenanan mertobat, ora cukup nèk mung menyesal thok. Kuwi isa digambarké kaya ngéné. Bayangna njenengan péngin tuku roti. Pas wis tekan tokoné lan wis milih roti sing dipéngini, pelayané malah mènèhi tepung. Apa njenengan bakal seneng? Mesthiné ora, ta? Terus, piyé nèk pelayané ngomong, ”Ra papa Pak, tepung kuwi kan bahan kanggo nggawé roti.” Apa jawaban kuwi nggawé njenengan dadi seneng? Ora ta? Padha kaya ngono, Yéhuwah péngin wong sing dosa tenanan mertobat. Nèk wong sing dosa wis menyesal, kuwi apik, merga dhèwèké mémang kudu menyesal karo kesalahané. Ning, kuwi durung cukup. Dadi, apa manèh sing kudu diupayakké? Ayo nggatèkké perumpamaané Yésus soal anak sing ilang.

BUKTINÉ NÈK TENANAN MERTOBAT

Sakwisé sadhar karo kesalahané, cah lanang ing perumpamaané Yésus mutuské bali ing omahé (Deloken paragraf 14-15) *

14. Apa buktiné nèk cah lanang ing perumpamaané Yésus péngin mertobat?

14 Yésus nyritakké perumpamaan sing apik ing Lukas 15:11-32. Ing perumpamaan kuwi, ana cah lanang sing ora gelem manut karo bapaké, ninggalké omahé, terus lunga ”ing negara sing adoh”. Ing kana, dhèwèké seneng-seneng lan urip sak karepé dhéwé. Tapi, pas dhuwité wis entèk lan uripé dadi susah, dhèwèké ngrenungké keputusané lan akhiré ”sadhar nèk wis nggawé keputusan sing salah”. Dhèwèké dadi kèlingan nèk mèlu bapaké kuwi luwih kepénak timbang uripé sing saiki. Mula, dhèwèké péngin balik omah bèn isa njaluk ngapura karo bapaké. Mémang, bèn isa diapura karo bapaké, dhèwèké kudu sadhar sik karo kesalahané. Ning, kuwi ora cukup. Isih ana manèh sing kudu diupayakké.

15. Apa buktiné nèk cah lanang ing perumpamaané Yésus kuwi tenanan mertobat?

15 Cah lanang kuwi akhiré nduduhké nèk tenanan mertobat. Buktiné, dhèwèké mlaku adoh bèn isa bali ing omahé manèh. Terus pas ketemu bapaké, dhèwèké ngomong, ”Pak, aku wis dosa karo Gusti Allah lan karo njenengan. Aku ora pantes disebut anakmu manèh.” (Luk. 15:21) Omongané cah lanang kuwi nduduhké nèk dhèwèké péngin cedhak manèh karo Yéhuwah. Dhèwèké ya sadhar nèk keputusané wis nggawé bapaké dadi sedhih. Malah bèn isa nyenengké bapaké manèh, dhèwèké gelem didadèkké salah siji pegawéné bapaké. (Luk. 15:19) Perumpamaané Yésus iki ora mung sekedar crita sing apik. Saka kisah iki, para pinituwa isa ngerti apa waé sing kudu dipikirké wektu arep mutuské apa wong sing nggawé dosa kuwi wis tenanan mertobat apa durung.

16. Kenapa mutuské wong sing dosa wis tenanan mertobat apa durung kuwi ora gampang?

16 Kanggoné para pinituwa, mutuské wong sing dosa wis tenanan mertobat apa durung kuwi ora gampang. Kok isa? Para pinituwa kuwi ora ngerti isi atiné wong liya. Dadi, para pinituwa kudu nggolèk bukti sing isa nduduhké nèk wong sing dosa kuwi wis bener-bener berubah. Malah, ana wong-wong sing kesalahané bener-bener parah nganti para pinituwa ora isa yakin apa dhèwèké wis tenanan mertobat apa ora.

17. (a) Wènèhana conto sing nduduhké nèk wong sing tenanan mertobat kuwi ora cukup nèk mung ngomong menyesal thok. (b) Nurut 2 Korintus 7:11, wong sing tenanan mertobat kudu piyé?

17 Misalé, ana sedulur lanang sing wis nduwé bojo. Selama bertahun-tahun, dhèwèké bola-bali hubungan sèks karo wong wédok liya. Dhèwèké ora ngomong karo bojoné utawa kanca-kancané lan ora njaluk bantuané para pinituwa. Akhiré, dhèwèké konangan. Terus pas para pinituwa nduduhké bukti-buktiné, dhèwèké lagi ngakoni kesalahané, ngomong nèk menyesal, lan mungkin malah nganti nangis. Ning, kuwi mungkin ora cukup kanggoné para pinituwa sing nangani kasus kuwi. Kenapa? Sedulur kuwi nggawé dosa ora mung sepisan merga keputusané sing klèru. Tapi, dosané kuwi wis dadi kebiasaan. Terus, sedulur kuwi ya ngakoni kesalahané merga konangan, dudu merga kepénginané dhéwé. Dadi, para pinituwa butuh bukti sing isa nduduhké nèk pikiran, perasaan, lan perbuatané sedulur kuwi wis bener-bener berubah. (Wacanen 2 Korintus 7:11.) Sedulur kuwi butuh wektu bèn isa nduduhké nèk dhèwèké wis tenanan mertobat. Mula, dhèwèké kudu ditokké sik saka jemaat nganti nduduhké nèk tenanan mertobat.​—1 Kor. 5:11-13; 6:9, 10.

18. Piyé wong sing nggawé dosa nduduhké nèk tenanan mertobat, lan apa hasilé nèk dhèwèké ngupayakké kuwi?

18 Bèn isa nduduhké nèk tenanan mertobat, wong sing ditokké saka jemaat kudu teratur teka ing pertemuan ibadah. Dhèwèké kudu kerep ndonga lan rajin sinau Alkitab, kaya naséhaté para pinituwa. Dhèwèké ya kudu menghindari situasi sing nyebabké dhèwèké nggawé dosa manèh. Nèk ngupaya tenanan bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah, dhèwèké isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngapura, lan para pinituwa ya bakal mbantu dhèwèké bèn isa mbalik ing jemaat manèh. Pas arep mutuské wong sing nggawé dosa kuwi wis tenanan mertobat apa durung, para pinituwa bakal ngati-ati merga saben kasus kuwi béda-béda. Mula, para pinituwa bakal mriksa tenanan saben kasusé lan ora kesusu wektu nggawé keputusan.

19. Tenanan mertobat kuwi maksudé apa? (Yèhèzkièl 33:14-16)

19 Kaya sing wis dirembug, bèn isa nduduhké nèk tenanan mertobat, wong sing nggawé dosa ora cukup nèk mung ngomong menyesal thok. Pikiran lan perasaané kudu berubah. Dhèwèké ya kudu mandheg saka kebiasaané sing salah lan manut karo Yéhuwah manèh. (Wacanen Yèhèzkièl 33:14-16.) Terus sing paling penting, dhèwèké kudu sadhar nèk kesalahané kuwi wis nggawé Yéhuwah lara ati lan kudu ngupaya bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah.

MBANTU SING DOSA BÈN MERTOBAT

20-21. Piyé carané mbantu wong sing wis nggawé dosa sing gedhé?

20 Yésus ngerti nèk wong sing dosa kudu dibantu bèn isa mertobat. Yésus kandha, ’Aku teka kanggo ngundang wong-wong sing dosa bèn wong-wong kuwi mertobat.’ (Luk. 5:32) Awaké dhéwé mesthi péngin niru Yésus. Dadi, awaké dhéwé kudu piyé nèk ana sahabaté awaké dhéwé sing nggawé dosa sing gedhé?

21 Nèk awaké dhéwé ora ngomong karo para pinituwa, kuwi malah berbahaya kanggo kancané awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, Yéhuwah ngerti kabèh sing kelakon. Dadi, awaké dhéwé ora bakal isa nutup-nutupi kesalahané. (WB. 5:21, 22; 28:13) Terus piyé carané mbantu dhèwèké? Awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké bèn njaluk bantuané para pinituwa. Nèk dhèwèké ora gelem nemoni para pinituwa, awaké dhéwé kudu ngandhani para pinituwa soal kuwi. Iki bukti nèk awaké dhéwé péngin mbantu dhèwèké, merga nèk dhèwèké ora njaluk bantuané para pinituwa lan ora mertobat, dhèwèké ora isa cedhak manèh karo Yéhuwah.

22. Apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?

22 Kaya sing wis disebutké mau, nèk ana sedulur sing kesalahané parah lan wis dadi kebiasaan, para pinituwa isa waé mutuské bèn dhèwèké ditokké saka jemaat. Ning, apa kuwi berarti para pinituwa ora mesakké karo dhèwèké? Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug soal kuwi. Saka kono, awaké dhéwé bakal ngerti nèk Yéhuwah ngukum wong sing dosa merga sayang karo wong kuwi. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané niru Yéhuwah.

LAGU 103 Para Pinituwa, Pangon sing Aji

^ par. 5 Tenanan mertobat kuwi maksudé ora mung ngomong nèk menyesal merga wis nggawé dosa. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Raja Ahab, Raja Manasyé, lan perumpamaané Yésus soal anak sing ilang. Saka kono, awaké dhéwé bakal ngerti apa sing dimaksud tenanan mertobat. Saka artikel iki, para pinituwa ya bakal ngerti apa waé sing perlu dipikirké pas arep mutuské sedulur sing nggawé dosa wis tenanan mertobat apa durung.

^ par. 60 GAMBAR: Raja Ahab nesu banget lan ngongkon bèn Nabi Mikaya dipenjara.

^ par. 62 GAMBAR: Raja Manasyé ngongkon bèn patung allah-allah palsu sing ana ing baité Gusti Allah dihancurké.

^ par. 64 GAMBAR: Meskipun cah lanang ing perumpamaané Yésus kesel banget merga bar mlaku adoh, tapi dhèwèké lega merga wis mèh tekan omah.