Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cedhak Manèh karo Yéhuwah

Cedhak Manèh karo Yéhuwah

SABEN taun, ana akèh sedulur sing mauné ditokké saka jemaat tapi akhiré gelem ngupaya bèn isa nglayani Yéhuwah manèh. Ing Alkitab disebutké nèk ’ing swarga bakal ana luwih akèh kebahagiaan’ wektu ana sing mertobat. (Luk. 15:7, 10) Dadi, nèk njenengan saiki wis mbalik manèh ing jemaat, njenengan wis nggawé Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat seneng banget. Tapi, bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah kuwi ora mesthi gampang. Apa sebabé, lan piyé carané bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah?

SING MUNGKIN NJENENGAN RASAKKÉ

Nèk njenengan tau ditokké saka jemaat, mungkin njenengan ya ngrasakké sing padha kaya Daud. Meskipun dosané wis diapura, tapi Daud tetep ngrasa nèk ’kesalahané akèh banget’. (Mzm. 40:12; 65:3) Ana sedulur-sedulur sing meskipun wis mbalik ing jemaat tapi selama bertahun-tahun isih ngrasa bersalah utawa isin. Contoné Sedulur Isabel. * Dhèwèké tau ditokké saka jemaat nganti luwih saka 20 taun. Dhèwèké kandha, ”Aku ngrasa nèk Yéhuwah ora bakal ngapura aku.” Tapi nèk njenengan terus-terusan mikir kaya ngono, mengko njenengan ora isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (WB. 24:10) Njenengan kudu nglawan perasaan kuwi.

Sing liyané mikir nèk ora isa cedhak manèh karo Yéhuwah merga ngrasa nèk ana terlalu akèh sing kudu diupayakké. Sakwisé mbalik ing jemaat, Sedulur Anton ngomong ngéné, ”Merga wis suwé ditokké saka jemaat, aku nganti lali nèk dadi Seksi Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé.” Merga ngrasa kaya ngono, ana sedulur-sedulur sing wis mbalik ing jemaat, tapi kurang semangat nglayani Yéhuwah.

Kuwi isa diumpamakké kaya omah sing hancur merga kena badai. Merga ngerti nèk mbangun omah kuwi ora gampang, mungkin sing nduwé omah mikir nèk dhèwèké ora mungkin nduwé omah manèh. Padha kaya ngono, nèk njenengan wis nggawé dosa sing gedhé, hubungané njenengan karo Yéhuwah dadi rusak. Njenengan mungkin ngrasa nèk cedhak manèh karo Yéhuwah kuwi ora gampang. Ning, njenengan ora perlu kuwatir.

Yéhuwah kandha, ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké.” (Yés. 1:18) Merga wis gelem mbalik manèh ing jemaat, njenengan wis ngupaya bèn isa ’ngrampungké’ masalahé njenengan karo Yéhuwah. Terus, coba pikirna iki: Sétan ngomong nèk ora ana manungsa sing tulus nglayani Yéhuwah. Tapi, merga njenengan gelem mbalik ing jemaat, kuwi isa dadi bukti nèk omongané Sétan klèru. Keputusané njenengan kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng.​—WB. 27:11.

Njenengan kan wis ngupaya bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Kuwi sebabé, Yéhuwah ya bakal nyedhak marang njenengan. (Yak. 4:8) Njenengan wis nggawé keputusan sing bener. Tapi, ana manèh sing kudu diupayakké bèn njenengan isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Apa kuwi?

CARANÉ BÈN ISA TETEP CEDHAK KARO YÉHUWAH

Njenengan mungkin isih kèlingan apa sing diajarké ing Alkitab soal Yéhuwah lan janjiné Yéhuwah soal Firdaus. Tapi bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah, njenengan ya kudu teratur nginjil, mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé, lan bergaul karo sedulur-sedulur. Njenengan isa nyoba saran-saran iki.

Kerep ndonga. Merga terus-terusan ngrasa bersalah, njenengan mungkin isin nèk arep ndonga. Tapi, Yéhuwah ngerti perasaané njenengan. (Rm. 8:26) Njenengan kudu ”terus ndonga”. (Rm. 12:12) Critakna karo Yéhuwah nèk njenengan péngin cedhak manèh karo Dhèwèké. Sedulur Andre ngomong ngéné, ”Aku terus-terusan ngrasa bersalah lan isin banget. Tapi sakwisé ndonga, aku dadi luwih tenang.” Nèk njenengan ora ngerti arep ngomong apa pas ndonga, njenengan isa ngrenungké dongané Raja Daud sing disampèkké sakwisé mertobat sing dicathet ing Mazmur 51 lan 65.

Teratur sinau Alkitab. Njenengan isa nduwé iman sing kuwat lan tambah sayang karo Yéhuwah nèk teratur sinau Alkitab. (Mzm. 19:7-11) Sedulur Filip kandha, ”Mbiyèn aku ora teratur maca lan sinau Alkitab. Akibaté, aku nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah sedhih. Aku ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih manèh. Mula saiki aku teratur sinau Alkitab.” Njenengan ya isa ngupayakké kuwi. Nèk njenengan bingung arep sinau topik apa, njenengan isa takon karo sedulur-sedulur ing jemaat sing luwih pengalaman.

Akrab karo sedulur-sedulur. Ana sedulur-sedulur sing wis mbalik ing jemaat sing isih kuwatir karo pandhangané sedulur-sedulur liya. Sedulur Larissa kandha, ”Aku isin banget. Aku kerep ngrasa nèk wis nggawé sedulur-sedulur kecéwa.” Tapi, njenengan aja mikir kaya ngono. Para pinituwa lan sedulur-sedulur liyané péngin mbantu bèn njenengan isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Deloken kothak ” Carané Para Pinituwa Mbantu”.) Sedulur-sedulur kuwi seneng merga njenengan wis mbalik ing jemaat lan péngin bèn njenengan isa bahagia.​—WB. 17:17.

Terus, piyé carané bèn njenengan isa akrab manèh karo sedulur-sedulur? Njenengan kudu bergaul, ngibadah, lan nginjil bareng karo sedulur-sedulur. Sedulur Feliks kandha, ”Sedulur-sedulur berharap bèn aku mbalik manèh ing jemaat. Aku isa ngrasakké nèk sedulur-sedulur kuwi sayang karo aku. Sedulur-sedulur péngin mbantu bèn aku ngrasa nyaman, ngyakinké aku nèk Yéhuwah wis ngapura, lan bèn aku terus semangat nglayani Yéhuwah.”​—Deloken kothak ” Sing Perlu Njenengan Upayakké”.

TERUSA NGUPAYA

Sétan bakal terus nggolèk kesempatan bèn isa nggawé njenengan ora cedhak manèh karo Yéhuwah. (Luk. 4:13) Mula, njenengan kudu terus ngupaya bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah.

Yéhuwah janji karo umaté, ”Sing ilang bakal Tak golèki, sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké.” (Yèh. 34:16) Yéhuwah wis mbantu akèh wong bèn isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Mula, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ya péngin mbantu njenengan bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah

^ par. 4 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.