Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 42

Terus Yakin lan Manut karo Apa sing Bener

Terus Yakin lan Manut karo Apa sing Bener

”Kowé kudu mastèkké apa sing bener lan terus nindakké apa sing apik.”​—1 TÉS. 5:21.

LAGU 142 Pangarep-arep sing Nggawé Kuwat

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Wong-wong bingung soal apa, lan kenapa?

 ANA akèh agama sing ngakuné dadi pengikuté Yésus lan rumangsa wis nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi sebabé, akèh wong dadi bingung lan mikir, ’Sakjané, agama sing bener ki sing endi, ta?’ Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa njenengan yakin nèk ajarané Seksi Yéhuwah kuwi pancèn bener lan wis nggawé Yéhuwah seneng? Ayo nggatèkké bukti-buktiné nèk ibadahé Seksi Yéhuwah mémang nggawé Yéhuwah seneng.

2. Kenapa Paulus isa yakin nèk ibadahé pancèn bener? (1 Tésalonika 1:5)

2 Rasul Paulus bener-bener yakin nèk ibadahé pancèn bener. (Wacanen 1 Tésalonika 1:5.) Paulus isa ngrasa kaya ngono dudu merga perasaané thok, tapi merga sinau Kitab Suci tenanan. Paulus percaya nèk ”kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah”. (2 Tim. 3:16) Merga sinau Kitab Suci, Paulus nduwé bukti sing kuwat nèk Yésus kuwi mémang Mésias. Tapi, para pemimpin agama Yahudi wektu kuwi ora gelem ngakoni nèk Yésus kuwi Mésias. Wong-wong kuwi ngakuné ngajarké sing bener tapi ora gelem manut karo Gusti Allah. (Tit. 1:16) Béda karo para pemimpin agama kuwi, Paulus percaya kabèh sing ditulis ing Kitab Suci. Dhèwèké ya mulangké lan manut karo ”kabèh sing dadi karepé Gusti Allah”.​—Kis. 20:27.

3. Bèn isa yakin nèk ajarané Seksi Yéhuwah pancèn bener, apa awaké dhéwé kudu isa njawab kabèh pitakonan? (Deloken kothak ” Pengetahuan soal Yéhuwah Kuwi ’Terlalu Akèh kanggo Dicritakké’”.)

3 Ana sing ngrasa nèk agama sing bener kuwi ya kudu isa njawab kabèh pitakonan, termasuk pitakonan sing jawabané ora ana ing Alkitab. Tapi, apa kuwi masuk akal? Gatèkna omongané Paulus. Dhèwèké mémang ngongkon wong Kristen wektu kuwi bèn ”mastèkké apa sing bener”. (1 Tés. 5:21) Tapi, Paulus ya tau ngomong nèk ”pengetahuané awaké dhéwé ora lengkap” lan awaké dhéwé ”mung ndelok bayangan sing ora jelas liwat cermin sing digawé saka logam”. (1 Kor. 13:9, 12) Dadi, Paulus ngakoni nèk sakjané isih ana akèh sing dhèwèké ora ngerti. Kaya Paulus, ya ana akèh sing awaké dhéwé ora ngerti. Tapi, Paulus ngerti apa karepé Yéhuwah, lan kuwi sebabé dhèwèké isa yakin nèk sing dipelajari saka Kitab Suci pancèn bener.

4. Bèn isa yakin nèk ibadahé awaké dhéwé pancèn bener, awaké dhéwé kudu piyé, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Bèn isa yakin nèk ibadahé awaké dhéwé pancèn bener, awaké dhéwé kudu mbandhingké ibadahé Seksi Yéhuwah karo Yésus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug nèk ibadah sing bener kuwi (1) mung nyembah Yéhuwah, (2) nganggep jenengé Yéhuwah penting, (3) manut karo apa sing bener, lan (4) wong-wongé saling menyayangi.

MUNG NYEMBAH YÉHUWAH

5. Yésus mulang murid-muridé bèn nyembah sapa, lan piyé carané awaké dhéwé manut karo préntahé Yésus kuwi?

5 Yésus bener-bener sayang karo Yéhuwah. Kuwi sebabé selama ing swarga lan ing bumi, Yésus mung nyembah Yéhuwah. Yésus ya ngajari murid-muridé bèn nyembah Yéhuwah thok. (Luk. 4:8) Dadi, Yésus lan murid-muridé ora tau nggunakké patung wektu ngibadah. Sakliyané kuwi, Gusti Allah kan ora kétok. Dadi, ora ana sing isa nggawé patung sing padha karo Dhèwèké. (Yés. 46:5) Ning, piyé nèk nggawé patungé wong-wong sing dianggep suci lan nganggo patung-patung kuwi pas ndonga? Ing préntah keloro saka Sepuluh Préntah disebutké ngéné, ”Aja nggawé patung utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, [lan] ing bumi. . . . Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi.” (Pa. 20:4, 5) Dadi bèn ibadahé isa nyenengké Gusti Allah, awaké dhéwé ora éntuk nganggo patung wektu ngibadah.

6. Apa buktiné nèk Seksi Yéhuwah niru contoné wong Kristen ing jamané para rasul?

6 Para ahli sejarah ngerti nèk wong Kristen ing jamané para rasul mung nyembah Yéhuwah. Misalé, ana buku sejarah sing nyebutké nèk wong-wong Kristen kuwi ”ora gelem” nggunakké patung wektu ngibadah. Saiki, Seksi Yéhuwah ya kaya ngono. Pas ndonga, Seksi Yéhuwah ora nggunakké patungé wong-wong sing dianggep suci. Seksi Yéhuwah ya ora ndonga marang Yésus utawa marang malaékat. Terus merga mung péngin nyembah Yéhuwah, Seksi Yéhuwah ya ora mèlu-mèlu urusan politik, nyanyèkké lagu nasional, utawa mèlu hormat bendéra. Ora soal apa sing bakal dialami, Seksi Yéhuwah péngin manut karo préntahé Yésus, yaiku, ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah.”​—Mat. 4:10.

7. Apa bédané Seksi Yéhuwah karo agama liya?

7 Saiki, akèh wong seneng ngrungokké para pemimpin agama sing terkenal. Saking kagumé, para pemimpin agama kuwi nganti dipuja-puja. Wong-wong padha mèlu gréjané, tuku bukuné, lan nyumbang kanggo organisasi sing digawé karo para pemimpin agama kuwi. Terus, ya ana sing gelem manut karo kabèh omongané para pemimpin agama kuwi. Malah nèk pas ketemu, wong-wong ya seneng banget kaya-kaya wis ketemu Yésus dhéwé. Tapi, umaté Yéhuwah ora kaya ngono. Mémang, ing Seksi Yéhuwah ana sing dipilih dadi pinituwa, lan awaké dhéwé ngajèni para pinituwa. Tapi kaya omongané Yésus, kabèh sing ing jemaat kuwi ”sedulur”. (Mat. 23:8-10) Awaké dhéwé ora muja-muja utawa ndhukung para pemimpin agama utawa para pemimpin politik. Kuwi sebabé, awaké dhéwé béda karo gréja-gréja sing ngakuné dadi muridé Yésus.​—Yoh. 18:36.

NGANGGEP JENENGÉ YÉHUWAH PENTING

Seksi Yéhuwah seneng ngandhani wong-wong soal Yéhuwah (Deloken paragraf 8-10) *

8. Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngluhurké jenengé lan ngandhani wong liya soal kuwi?

8 Yésus tau ndonga, ”Bapak, muga-muga jeneng-Mu diluhurké.” Yéhuwah langsung njawab dongané Yésus lan ngomong nèk Dhèwèké bakal ngluhurké jenengé manèh. (Yoh. 12:28) Pas ing bumi, Yésus ya ngluhurké jenengé Yéhuwah lan nduduhké jeneng kuwi marang wong liya. (Yoh. 17:26) Dadi, murid-muridé Yésus mesthiné ya kudu bangga nggunakké jenengé Yéhuwah lan gelem ngandhani wong liya soal jeneng kuwi.

9. Apa buktiné nèk wong Kristen ing jamané para rasul nganggep jenengé Yéhuwah penting?

9 Ora suwé sakwisé jemaat Kristen sing pertama dibentuk, Yéhuwah ”nggatèkké wong-wong saka bangsa liya lan milih saka antarané wong-wong kuwi umat sing disebut nganggo jenengé”. (Kis. 15:14) Murid-muridé Yésus ing jamané para rasul kuwi ora isin nggunakké jenengé Yéhuwah lan ngandhani wong liya soal kuwi. Para rasul lan murid-muridé Yésus liyané nggunakké jenengé Gusti Allah wektu nginjil lan wektu nulis buku-buku sing saiki ana ing Alkitab. * Iki dadi bukti nèk mung murid-muridé Yésus sing gelem ngandhani wong liya soal jenengé Gusti Allah.​—Kis. 2:14, 21.

10. Apa buktiné nèk mung Seksi Yéhuwah sing ngandhani wong liya soal jenengé Gusti Allah?

10 Apa buktiné nèk mung Seksi Yéhuwah sing ngandhani wong liya soal jenengé Gusti Allah? Saiki, akèh pemimpin agama sing sengaja nggunakké wewenangé bèn wong-wong ora ngerti jenengé Gusti Allah. Misalé, ing beberapa terjemahan Alkitab, jenengé Yéhuwah diganti dadi Gusti Allah utawa Tuhan. Malah, ana gréja-gréja sing nglarang pengikuté nggunakké jenengé Gusti Allah. * Ning, Seksi Yéhuwah ora kaya ngono. Sesuai karo jenengé, Seksi Yéhuwah ngupaya tenanan bèn isa nyritakké sing bener soal Yéhuwah. (Yés. 43:10-12) Misalé, awaké dhéwé nggunakké jenengé Gusti Allah ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, lan kuwi wis dicétak nganti luwih saka 240 juta. Terus, awaké dhéwé ya nerbitké bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab ing luwih saka 1.000 basa kanggo mbantu wong-wong bèn kenal karo Yéhuwah. Nèk nurut njenengan, apa ana kelompok agama liya sing ngluhurké jenengé Gusti Allah kaya Seksi Yéhuwah?

MANUT KARO APA SING BENER

11. Apa buktiné nèk murid-muridé Yésus ing jamané para rasul manut karo apa sing bener?

11  Saka Kitab Suci, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bener soal Gusti Allah lan kepénginané. Yésus percaya lan manut karo apa sing bener. Yésus ya mènèhi kesaksian soal apa sing bener karo wong liya. (Yoh. 18:37) Murid-muridé Yésus ing jamané para rasul ya gelem manut karo apa sing bener. (Yoh. 4:23, 24) Buktiné, wong-wong kuwi ora gelem mèlu-mèlu kebiasaan agama, tradhisi, utawa pendapaté wong-wong sing ora sesuai karo apa sing bener. (Kol. 2:8) Kuwi sebabé, Rasul Pétrus nyebut ajarané murid-muridé Yésus kuwi ”ajaran sing bener”. (2 Ptr. 2:2) Saiki, umaté Yéhuwah ya péngin ”terus manut karo apa sing bener”. (3 Yoh. 3, 4) Kuwi sebabé, kabèh sing diajarké dhasaré Kitab Suci lan umaté Yéhuwah ya gelem manut tuntunané Kitab Suci wektu nggawé keputusan.

12. Wektu ana keterangan utawa keputusan sing perlu diganti, Pengurus Pusat bakal piyé, lan apa sebabé?

12 Mémang, Seksi Yéhuwah sadhar nèk durung isa bener-bener paham isiné Alkitab. Kadhang, organisasiné Yéhuwah isa salah wektu njelaské ayat-ayat Alkitab utawa wektu mènèhi arahan kanggo jemaat. Kuwi wajar, merga Yéhuwah ora langsung mènèhi akèh keterangan, tapi sithik-sithik bèn umaté isa ngikuti arahané. (WB. 4:18) Mula, awaké dhéwé kudu sabar. Tapi, Alkitab ya nyebutké nèk suwé-suwé pengetahuané awaké dhéwé isa dadi saya akèh. (Kol. 1:9, 10) Mula, wektu ana keterangan utawa keputusan sing perlu diganti, Pengurus Pusat langsung mènèhi keterangan utawa arahan sing anyar. Mémang, gréja-gréja saiki ya gelem nggawé perubahan. Tapi, tujuané kuwi kanggo nyenengké pengikuté lan bèn isa ngikuti perkembangan jaman. Tapi, awaké dhéwé ora kaya ngono. Seksi Yéhuwah gelem nggawé perubahan merga luwih paham isiné Alkitab, péngin nyenengké Gusti Allah, lan ngikuti ajarané Yésus. (Yak. 4:4) Iki bukti nèk awaké dhéwé péngin manut karo apa sing bener.​—1 Tés. 2:3, 4.

SALING MENYAYANGI

13. Yésus mènèhi préntah penting apa, lan apa buktiné nèk Seksi Yéhuwah manut karo préntah kuwi?

13 Yésus tau ngomong ngéné karo murid-muridé, ”Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.” (Yoh. 13:34, 35) Murid-muridé Yésus ngerti nèk iki préntah sing penting banget. Saiki, umaté Yéhuwah ya bersatu lan saling menyayangi meskipun asalé saka negara lan kebudayaan sing béda-béda. Buktiné, pas ing pertemuan ibadah, pertemuan wilayah, lan pertemuan gabungan wilayah, kabèh sing teka kuwi wis dadi kaya keluargané awaké dhéwé. Kuwi béda karo agama-agama liyané. Iki dadi bukti nèk ibadahé awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah.

14. Nurut Kolose 3:12-14, apa salah siji cara kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur?

14 Alkitab kandha nèk awaké dhéwé ”kudu sayang banget” karo sedulur-sedulur ing jemaat. (1 Ptr. 4:8) Salah siji carané, awaké dhéwé kudu sabar lan ngapura sedulur-sedulur sing nggawé jèngkèl. Terus, awaké dhéwé ya kudu ramah lan apikan karo kabèh sing ana ing jemaat, termasuk sing tau nggawé awaké dhéwé tersinggung. (Wacanen Kolose 3:12-14.) Nèk ngupayakké iki, awaké dhéwé nduduhké nèk manut karo préntahé Yésus.

”IMAN SIJI”

15. Apa manèh persamaané antara Seksi Yéhuwah karo wong Kristen ing jamané para rasul?

15 Sakliyané sing wis dirembug mau, isih ana persamaan liyané antara awaké dhéwé karo wong Kristen ing jamané para rasul. Misalé, saiki ing organisasiné Yéhuwah ana sing dipilih dadi pengawas keliling (utawa pinituwa wilayah), pinituwa, lan abdiné jemaat. (Flp. 1:1; Tit. 1:5) Awaké dhéwé ya manut karo aturané Yéhuwah soal hubungan sèks, perkawinan, lan getih. Sakliyané kuwi, nèk ana sing nggawé dosa lan ora gelem mertobat, ya kudu ditokké saka jemaat.​—Kis. 15:28, 29; 1 Kor. 5:11-13; 6:9, 10; Ibr. 13:4.

16. Saka Éfésus 4:4-6, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

16 Yésus tau ngomong nèk bakal akèh sing ngaku-ngaku dadi muridé, tapi ora kabèh gelem manut karo Yéhuwah. (Mat. 7:21-23) Alkitab ya wis ngramalké nèk ing akhir jaman bakal akèh wong sing ”kétoké ngibadah marang Gusti Allah, ning tumindaké ora sesuai karo ibadahé”. (2 Tim. 3:1, 5) Tapi, ing Alkitab wis disebutké nèk mung ana ”iman siji” sing nggawé Gusti Allah seneng.​—Wacanen Éfésus 4:4-6.

17. Kelompok agama endi sing bener-bener manut karo Yéhuwah lan Yésus?

17 Dadi, kelompok agama endi sing bener-bener nduwé iman karo Yéhuwah, Gusti Allah sing bener? Sapa sing bener-bener manut karo préntahé Yésus, kaya murid-muridé Yésus ing jamané para rasul? Awaké dhéwé wis ngrembug bukti-buktiné, lan mung Seksi Yéhuwah sing kaya ngono. Iki kehormatan sing gedhé banget isa dadi umaté Yéhuwah lan ngerti apa sing bener soal Yéhuwah lan kepénginané. Mula, ayo awaké dhéwé terus yakin lan manut karo apa sing bener.

LAGU 3 Kekuwatan, Pangarep-arep, Percayaku

^ par. 5 Ibadahé Yésus kuwi nyenengké Yéhuwah. Merga niru Yésus, murid-muridé Yésus ya isa nggawé Yéhuwah seneng. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa buktiné nèk cara ngibadahé Seksi Yéhuwah kuwi niru Yésus lan wis nggawé Yéhuwah seneng.

^ par. 9 Deloken kothak ”Apakah Orang Kristen Masa Awal Menggunakan Nama Allah?” ing Menara Pengawal 1 Juli 2010 halaman 6.

^ par. 10 Misalé pas taun 2008, Paus Benediktus XVI ngongkon bèn jenengé Gusti Allah ”ora digunakké” ing upacara keagamaan, lagu-lagu, lan dongané wong Katolik.

^ par. 63 GAMBAR: Organisasiné Yéhuwah wis nerbitké Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing luwih saka 200 basa. Hasilé, wong-wong isa ngerti jenengé Yéhuwah nganggo basané dhéwé-dhéwé.