Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngupayaa Bèn Isa Ngendhalèni Diri

Ngupayaa Bèn Isa Ngendhalèni Diri

”Wohing Roh yaiku: . . . bisa ngemudhèni [ngendhalèni] dhiri.”​—GL. 5:22, 23.

LAGU: 26, 52

1, 2. (a) Apa waé akibaté nèk ora isa ngendhalèni diri? (b) Apa sebabé kita perlu ngrembug bab sipat ngendhalèni diri?

NGENDHALÈNI diri kuwi salah siji sipat sing nyenengké Yéhuwah. (Gl. 5:22, 23) Ning, manungsa sing ora sampurna pancèn ora isa ngendhalèni diri kanthi sampurna kaya Yéhuwah. Sakjané, akèh masalah sing ana saiki disebabké merga wong-wong padha ora isa ngendhalèni diri. Wong-wong dadi males ing sekolahan utawa panggonan nyambut gawé, sarta nundha-nundha gawéan sing penting. Wong-wong sing ora isa ngendhalèni diri uga dadi brangasan, seneng misuh-misuh, mendem, kakèhan utang, lan kecanduan. Kuwi uga isa marahi lara ati, pegatan, diukum ing penjara, kena penyakit liwat hubungan sèks, lan meteng sakdurungé nikah.​—Ms. 34:12-15.

2 Dadi, nèk ora isa ngendhalèni diri, sing kena masalah ora mung awaké dhéwé thok. Saiki, saya suwé wong-wong saya ora isa ngendhalèni diri. Iki ora nggumunké merga Alkitab wis ngramalké nèk ”ing dina-dina wekasan” bakal ana akèh wong sing ora isa ngendhalèni diri.​—2 Tm. 3:1-3.

3. Apa sebabé ngendhalèni diri kuwi penting?

3 Apa sebabé ngendhalèni diri kuwi penting? Sing kapisan, wong sing isa ngendhalèni perasaané biyasané ora kakèhan masalah. Dhèwèké uga isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya, sarta ora gampang nesu, kuwatir, lan strès. Sing kapindho, bèn isa tetep dadi kancané Gusti Allah, kita kudu nolak godhaan lan ngendhalèni pepénginan sing salah. Akèh wong saiki padha ngalami masalah sing gedhé merga ora isa ngendhalèni diri. Kuwi sing dialami karo Adam lan Kawa mbiyèn.​—Pd. 3:6.

4. Apa sebabé wong-wong sing lagi ngupaya ngendhalèni pepénginané sing salah ora perlu dadi cilik ati?

4 Yéhuwah ngerti nèk kita ora sampurna lan angèl ngendhalèni diri. Ning, Yéhuwah péngin mbantu kita bèn isa ngendhalèni pepénginan sing salah. (1 Ra. 8:46-50) Yéhuwah kuwi Kanca sing nresnani kita. Yéhuwah kanthi apikan nggedhèkké atiné wong-wong sing kadhang kala angèl ngendhalèni perasaan lan pepénginané. Ing artikel iki, kita bakal sinau saka tuladhané Yéhuwah bab sipat ngendhalèni diri. Kita uga bakal sinau saka conto-conto sing apik lan èlèk ing Alkitab, sarta ngrembug saran-saran sing isa mbantu kita.

TULADHANÉ YÉHUWAH

5, 6. Yéhuwah maringi tuladha apa bab ngendhalèni diri?

5 Yéhuwah isa ngendhalèni diri kanthi sampurna merga kabèh tumindaké sampurna. (PT. 32:4) Kita kabèh pancèn ora sampurna. Ning, kita tetep kudu ngrembug tuladhané Yéhuwah bèn isa niru Yéhuwah luwih apik manèh lan ngerti carané tumindak sing bener wektu ana sing marahi nesu. Yéhuwah maringi tuladha apa bab ngendhalèni diri?

Yéhuwah isa ngendhalèni diri kanthi sampurna merga kabèh tumindaké sampurna

6 Wektu Sétan mbrontak ing Èden, piyé tanggepané Yéhuwah? Mbokmenawa tudhuhané Sétan wektu kuwi nggawé para malaékat sing setya dadi kagèt, nesu, lan ora trima. Panjenengan mbokmenawa uga ngrasakké sing padha nèk mikirké kabèh kasusahan sing disebabké karo Sétan. Ning, Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah tetep sabar lan langsung tumindak wicaksana kanggo ngatasi pembrontakané Sétan. (Pa. 34:6; Ay. 2:2-6) Apa sebabé? Merga Yéhuwah péngin ”kabèh wong padha bali sarta mratobat” lan ora disirnakké.​—2 Pt. 3:9.

7. Apa sing isa disinaoni saka tuladhané Yéhuwah?

7 Saka tuladhané Yéhuwah, kita ngerti nèk kita kudu mikir dhisik sakdurungé ngomong utawa tumindak. Dadi, nèk arep nggawé keputusan sing penting, mikira dhisik, aja grusa-grusu. Ndongaa njaluk kawicaksanan bèn isa ngomong utawa tumindak sing bener. (Ms. 141:3) Élinga nèk kita lagi nesu utawa mangkel, kita isa dadi gampang tumindak utawa ngomong tanpa dipikir, lan akiré isa dadi gela.​—WB. 14:29; 15:28; 19:2.

CONTO APIK LAN ÈLÈK SAKA ABDINÉ YÉHUWAH

8. (a) Ing ngendi kita isa nemokké conto sing apik bab ngendhalèni diri? (b) Apa sebabé Yusuf isa nglawan godhaan wektu dirayu karo bojoné Potifar? (Deloken gambar ing kaca 3.)

8 Salah siji conto apik ing Alkitab bab ngendhalèni diri yaiku Yusuf, anaké Yakub. Yusuf ora gelem kegodha wektu nyambut gawé ing omahé Potifar, kepala keamanané Firaun. Bojoné Potifar seneng karo Yusuf merga ”tindak-tanduké ngresepaké lan bagus rupané”, lan dhèwèké bola-bali ngrayu Yusuf. Apa sebabé Yusuf isa nolak godhaan kuwi? Mbokmenawa Yusuf mikirké apa akibaté nèk dhèwèké nyerah lan gelem kegodha. Banjur, Yusuf langsung mlayu lan lunga wektu bojoné Potifar nggondhèli klambiné Yusuf. Yusuf kandha, ”Kados pundi anggèn kawula badhé nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”​—Pd. 39:6, 9; wacanen Wulang Bebasan 1:10.

Ndongaa njaluk kawicaksanan bèn isa ngendhalèni diri lan nglawan godhaan kuwi

9. Piyé carané siap-siap bèn ora kegodha?

9 Apa sing isa disinaoni saka contoné Yusuf? Aja gelem kegodha kanggo nglanggar hukumé Gusti Allah. Sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah, ana sing nggragas mangané, seneng mendem, ngrokok, nganggo narkoba, nindakké sèks sing bejat, utawa liyané. Malah, senajan wis dibaptis, ana sing isih kudu ngupaya bèn ora kegodha manèh. Nèk panjenengan ngalami sing kaya ngono, mandhega dhisik lan pikirna apa akibaté kanggo hubungan panjenengan karo Yéhuwah nèk nganti kegodha. Panjenengan isa nitèni kahanan apa waé sing marahi kegodha lan mikirké carané ngedohi kahanan kuwi. (Ms. 26:4, 5; WB. 22:3) Nèk panjenengan wis tau ngadhepi kahanan kaya ngono, ndongaa njaluk kawicaksanan bèn isa ngendhalèni diri lan nglawan godhaan kuwi.

10, 11. (a) Apa sing diadhepi akèh cah enom ing sekolahan? (b) Apa sing mbantu cah enom Kristen bèn ora kegodha kanggo nglanggar hukumé Gusti Allah?

10 Cah-cah enom Kristen saiki uga ngadhepi godhaan kaya Yusuf. Salah siji contoné yaiku Kim. Kanca-kanca sekolahé Kim kerep nyritakké pengalamané wektu nindakké hubungan sèks. Kim ora nduwé pengalaman sing kaya ngono. Kim kandha nèk kadhang kala dhèwèké dadi ”rumangsa kesepian lan ora nduwé kanca”. Kim dianggep bodho karo kanca-kancané merga ora nduwé pacar. Ning, tumindaké Kim kuwi sakjané wicaksana. Dhèwèké ngerti nèk cah enom kuwi isa gampang kegodha kanggo nindakké hubungan sèks. (2 Tm. 2:22) Kanca-kancané Kim kerep takon apa dhèwèké isih prawan. Kuwi dadi kesempatan kanggo nerangké apa sebabé Kim ora gelem nindakké hubungan sèks. Kita kabèh mesthi bangga merga akèh cah enom Kristen nduwé tékad kanggo nolak godhaan kaya ngono. Yéhuwah mesthi uga bangga karo cah-cah enom kuwi.

11 Ing Alkitab uga ana conto saka wong-wong sing kegodha nindakké hubungan sèks sing ora pantes. Alkitab uga nerangké akibaté nèk ora isa ngendhalèni diri. Nèk kowé digodha kaya Kim, pikirna pengalamané cah lanang sing bodho sing ditulis ing Wulang Bebasan bab 7. Pikirna uga bab pengalamané Amnon lan akibat sing dialami. (2 Sa. 13:1, 2, 10-15, 28-32) Para wong tuwa isa ngrembug conto-conto kuwi wektu ibadah keluarga kanggo mbantu anak-anaké bèn dadi wicaksana lan isa ngendhalèni diri.

12. (a) Piyé Yusuf ngendhalèni perasaané marang para seduluré? (b) Ing kahanan apa waé kita kudu ngendhalèni perasaan?

12 Yusuf nduwé pengalaman sing liyané manèh. Wektu para seduluré teka ing Mesir kanggo tuku bahan pangan, Yusuf péngin ngerti apa sing saktenané dipikirké karo para seduluré. Dadi, Yusuf ora kandha nèk dhèwèké kuwi adhiné kandhung. Wektu rumangsa wis ora kuwat ngendhalèni perasaané, Yusuf banjur lunga saka kono lan nangis dhèwèkan. (Pd. 43:30, 31; 45:1) Nèk ana sedulur sing nglarani ati, tirunen contoné Yusuf. Panjenengan mbokmenawa perlu ngendhalèni diri bèn ora ngomong utawa tumindak sing isa marahi gela. (WB. 16:32; 17:27) Utawa panjenengan mbokmenawa nduwé keluarga sing dipecat. Nèk ngono, panjenengan kudu ngendhalèni perasaan bèn ora golèk-golèk alesan kanggo komunikasi manèh karo dhèwèké. Senajan ora gampang, panjenengan isa ngendhalèni diri. Nèk panjenengan isa ngendhalèni diri, kuwi tegesé panjenengan niru tuladhané Yéhuwah lan nindakké dhawuhé.

Kita kabèh kudu ngati-ati bèn ora rumangsa nèk ora bakal kegodha

13. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Raja Dawud?

13 Kita uga isa sinau saka contoné Raja Dawud. Wektu Saul lan Simèi manas-manasi atiné, Dawud ora kepancing dadi nesu lan nggunakké wewenangé kanggo nglawan. (1 Sa. 26:9-11; 2 Sa. 16:5-10) Ning, Dawud kadhang kala ya ora isa ngendhalèni diri. Contoné yaiku wektu laku jina karo Bètsyéba lan wektu nanggepi Nabal sing srakah. (1 Sa. 25:10-13; 2 Sa. 11:2-4) Saka pengalamané Dawud, kita isa sinau bab sing penting iki: Sing kapisan, para pengawas ing antarané umaté Allah kudu isa ngendhalèni diri bèn ora nggunakké wewenangé sak pénaké dhéwé. Sing kapindho, kita kabèh kudu ngati-ati bèn ora rumangsa nèk ora bakal kegodha.​—1 Kr. 10:12.

SING ISA DITINDAKKÉ

14. Apa sing dialami karo salah siji sedulur? Apa sebabé ngendhalèni diri kuwi penting?

14 Piyé carané bèn isa ngendhalèni diri? Gatèkna pengalaman Luigi. Wektu ana kendaraan sing nabrak mobilé saka mburi, sing numpak kendaraan kuwi malah mbengok-mbengok lan ngajak padu. Ning, Luigi ora dadi mèlu-mèlu nesu. Luigi ndonga marang Yéhuwah bèn isa tetep tenang lan ngupaya nggawé wong kuwi bèn uga isa tenang. Ning, wong kuwi tetep mbengok-mbengok. Seminggu sakwisé kuwi, Luigi nginjil lan marani manèh salah sawijiné wong wédok. Jebulé bojoné wong wédok kuwi sing nabrak Luigi. Wong kuwi rumangsa isin lan njaluk ngapura merga tumindaké sing kasar. Dhèwèké malah nawakké arep ndandakké mobilé Luigi. Wong sing nabrak mau gelem mèlu sinau Alkitab lan rumangsa seneng. Luigi dadi sadhar nèk umpamané dhèwèké mèlu nesu-nesu mesthi dadiné ora apik. Mula, ngendhalèni diri lan tetep tenang kuwi penting banget.​—Wacanen 2 Korinta 6:3, 4.

Tanggepan kita isa ana pengaruhé kanggo gawéan nginjil (Deloken paragraf 14)

15, 16. Piyé sinau Alkitab isa mbantu panjenengan lan keluarga bèn isa ngendhalèni diri?

15 Ajeg sinau Alkitab lan mikirké tenanan isiné kuwi isa mbantu wong-wong Kristen bèn isa ngendhalèni diri. Élinga karo kandhané Yéhuwah marang Yusak, ”Sira aja lali ngrembug kitab Torèt iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal olèh kabegjan.” (Ys. 1:8) Apa sebabé sinau Alkitab isa mbantu kita bèn isa ngendhalèni diri?

Ajeg sinau Alkitab kuwi isa mbantu panjenengan bèn isa ngendhalèni diri

16 Kita wis sinau conto-conto saka Alkitab sing nduduhké paédahé nèk isa ngendhalèni diri lan akibaté nèk ora isa ngendhalèni diri. Yéhuwah wis ngatur bèn conto-conto kuwi dicathet ing Alkitab. (Rm. 15:4) Dadi, apik nèk conto-conto kuwi diwaca, disinaoni, lan dipikirké tenanan. Pikirna bab penting apa sing isa ditrapké ing urip panjenengan lan keluarga. Ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngetrapké naséhaté Alkitab. Nèk rumangsa kurang isa ngendhalèni diri, panjenengan kudu ngakoni kuwi. Banjur, ndongaa, lan ngupayaa bèn isa ngendhalèni diri. (Yb. 1:5) Nggolèka saran-saran ing wacan-wacan saka pakumpulan sing isa ditrapké.

17. Piyé carané para wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn isa ngendhalèni diri?

17 Piyé carané wong tuwa isa mbantu anaké bèn isa ngendhalèni diri? Para wong tuwa kudu mènèhi tuladha merga sipat ngendhalèni diri kuwi dudu gawan bayi. (Éf. 6:4) Nèk anak panjenengan kurang isa ngendhalèni diri, coba pikirna apa panjenengan wis mènèhi conto sing apik. Panjenengan isa dadi conto sing apik nèk ajeg nginjil, teka ing pakumpulan ibadah, lan mandhu ibadah keluarga. Aja wedi ngomong ora marang anak panjenengan, merga ora kabèh sing dijaluk kuwi kudu dituruti. Yéhuwah netepké bates-bates kanggo Adam lan Kawa, bèn wong loro kuwi ngajèni wewenangé Yéhuwah. Semono uga, nèk wong tuwa mènèhi conto sing apik lan ndisiplin anak-anaké, kuwi isa ngajari anaké bèn isa ngendhalèni diri. Para wong tuwa isa mulang anak-anaké bèn nresnani Gusti Allah lan ngajèni pathokan-pathokané.​—Wacanen Wulang Bebasan 1:5, 7, 8.

18. Apa sebabé kita kudu milih kanca kanthi wicaksana?

18 Kita kabèh kudu milih kanca kanthi wicaksana. Kanca-kanca sing nresnani Yéhuwah isa mbantu panjenengan bèn nduwé tujuan sing apik lan ngedohi masalah. (WB. 13:20) Conto-conto sing apik saka kanca sing kaya ngono isa mbantu panjenengan ngendhalèni diri. Nèk isa ngendhalèni diri, kita dadi isa nyenengké Gusti Allah, urip bungah, lan nduwé hubungan sing apik karo wong-wong sing kita tresnani.