Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tirunen Welas Asihé Yéhuwah

Tirunen Welas Asihé Yéhuwah

”Yéhuwah, Yéhuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih.”​—PA. 34:6.

LAGU: 142, 12

1. Apa sing diomongké Yéhuwah marang Musa? Apa sebabé kuwi penting?

WEKTU omong-omongan karo Musa, Yéhuwah nyebutké asmané lan sipat-sipaté. Salah siji sipat sing Yéhuwah sebutké yaiku welas asih. (Wacanen Pangentasan 34:5-7.) Apa sebabé Yéhuwah ora nyebutké kuwasané utawa kawicaksanané waé? Musa butuh diyakinké nèk Yéhuwah bakal ndhukung dhèwèké. Dadi, Yéhuwah nyebutké welas asihé kanggo nduduhké nèk Yéhuwah péngin banget mbantu para abdiné. (Pa. 33:13) Piyé perasaan panjenengan wektu ngerti nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké umaté? Ing artikel iki, kita bakal ngrembug bab sipat welas asih, yaiku isa ngrasakké kasusahané wong liya lan nduwé kepénginan kanggo nulungi.

2, 3. (a) Apa buktiné nèk kabèh wong nduwé sipat welas asih? (b) Apa sebabé kita perlu sinau bab welas asih?

2 Yéhuwah kuwi welas asih lan manungsa digawé nurut gambaré Yéhuwah. Dadi, wis lumrah nèk kabèh wong nduwé sipat welas asih lan perduli karo wong liya. Malah, wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah waé ya kaya ngono. (Pd. 1:27) Ing Alkitab, ana akèh conto wong sing nduduhké sikap welas asih. Contoné, wektu ana wong wédok loro sing rebutan bayi, Salomo péngin ngerti sapa ibuké bayi kuwi sing saktenané. Dadi, Salomo mréntahké bèn bayiné disigar dadi loro. Ning, ”marga saka welasé”, ibuké bayi kuwi kandha marang raja bèn bayiné ora disigar ning dikèkké waé menyang wong wédok sing sijiné. (1 Ra. 3:23-27) Conto liyané yaiku putriné Firaun. Wektu nemokké Musa sing isih bayi, dhèwèké ngerti nèk bayi kuwi wong Ibrani lan kuduné dipatèni. Ning, Alkitab kandha nèk dhèwèké ”runtuh welasé”, banjur mutuské kanggo ngopèni bayi Musa lan didadèkké kaya anaké dhéwé.​—Pa. 2:5, 6.

3 Apa sebabé kita perlu sinau bab welas asih? Merga Yéhuwah péngin kita niru sipat-sipaté. (Éf. 5:1) Manungsa sakjané wis digawé bèn isa nduduhké rasa welas asih. Ning, merga ora sampurna, kita dadi gampang tumindak mentingké awaké dhéwé. Dadi, piyé carané bèn isa luwih nggatèkké wong liya? Kita bakal sinau saka tuladhané Yéhuwah lan wong-wong liya. Banjur, kita uga bakal ngrembug carané niru welas asihé Yéhuwah lan apa paédahé kanggo kita.

YÉHUWAH KUWI TULADHA WELAS ASIH SING SAMPURNA

4. (a) Apa sebabé Yéhuwah ngutus para malaékat menyang Sodom? (b) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané keluargané Lut?

4 Ing Alkitab, ana akèh conto tumindak welas asihé Yéhuwah. Contoné, gatèkna pengalamané Lut, abdiné Yéhuwah sing setya, sing ”tansah pegel atiné” merga ndelok tumindaké wong-wong Sodom lan Gomora sing bejat. Wong-wong ing kono arep disirnakké merga padha ora ngajèni Yéhuwah. (2 Pt. 2:7, 8) Yéhuwah ngutus para malaékat kanggo ngandhani Lut nèk Sodom lan Gomora arep disirnakké, lan Lut kudu mlayu saka kono. Alkitab kandha, ”Sarèhné mangu-mangu, mulané [malaékat] mau banjur padha nyandhak tangané Lut, tangané somahé lan anaké wadon karo pisan, marga saka pangémané Sang Yéhuwah marang dhèwèké; banjur dituntun metu menyang ing sajabané kutha sarta dieculaké ana ing kono.” (Pd. 19:16) Yéhuwah ngertèni kahanané Lut. Semono uga, Yéhuwah mesthi ya isa ngertèni kasusahan sing lagi kita alami.​—Yé. 63:7-9; Yb. 5:11; 2 Pt. 2:9.

Yéhuwah ngertèni kasusahan sing lagi kita alami

5. Apa wulangané Alkitab bab nduduhké sikap welas asih?

5 Yéhuwah uga mulang umaté supaya nduduhké sikap welas asih. Coba gatèkna salah siji hukum sing diparingké marang wong-wong Israèl. Nèk ana sing nyilih dhuwité wong liya, sing nyilihi dhuwit éntuk njupuk klambiné wong kuwi kanggo jaminan. (Wacanen Pangentasan 22:26, 27.) Ning, nèk wis bengi, dhèwèké kudu mbalèkké klambi kuwi bèn wongé ora kadhemen. Wong sing ora nduwé rasa welas asih mesthi ora gelem nindakké kuwi, ning Yéhuwah mulang umaté supaya dadi wong sing welas asih. Apa piwulangé kanggo kita? Kita kudu nggatèkké kebutuhané para sedulur seiman. Nèk pancèn isa, kita kudu gelem mbantu para sedulur sing lagi ngalami kasusahan.​—Kl. 3:12; Yb. 2:15, 16; wacanen 1 Yokanan 3:17.

6. Apa sing isa disinaoni saka sikap welas asihé Yéhuwah marang wong Israèl sing nindakké dosa?

6 Yéhuwah nduduhké welas asihé marang wong-wong Israèl senajan wong-wong kuwi nindakké dosa. Alkitab kandha, ”Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahé para leluhuré, mawali-wali anggoné paring pepènget lumantar para utusané, amarga saka tresnané marang umaté lan papan padalemané.” (2 Bb. 36:15) Semono uga, kita kudu nduduhké sikap welas asih marang wong-wong sing durung kenal karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi isa waé mertobat lan dadi kancané Yéhuwah. Yéhuwah ora péngin ana wong sing disirnakké sukmbèn. (2 Pt. 3:9) Dadi, mumpung isih ana wektu, kita péngin ngélikké kabèh wong bèn éntuk paédah saka welas asihé Yéhuwah.

7, 8. Critakna pengalamané salah siji keluarga sing ngrasakké welas asihé Yéhuwah.

7 Para abdiné Yéhuwah ing jaman saiki uga padha ngrasakké welas asihé Yéhuwah. Contoné, ing taun 1990-an, suku-suku ing Bosnia padha perang lan patèn-patènan. Salah siji keluarga sing manggon ing kono yaiku keluargané Milan, cah lanang sing umuré 12 taun. Milan, kakangé, wong tuwané, lan para sedulur liyané numpak bis saka Bosnia arep lunga menyang kebaktian ing Serbia. Wong tuwané Milan arep dibaptis ing kebaktian kuwi. Ing perbatasan, para tentara nggatèkké nèk keluargané Milan kuwi sukuné béda. Dadi, keluarga kuwi dikon mudhun saka bis lan ditahan ing kono nganti rong dina. Akiré, tentara sing jaga ing kono ngubungi komandhané lan takon apa sing kudu ditindakké marang keluarga kuwi. Keluarga kuwi krungu nèk komandhané njawab, ”Gawanen metu waé terus témbaken!”

8 Wektu para tentara kuwi lagi omong-omongan, ana wong loro sing nyedhaki keluarga kuwi lan mbisiki nèk wong loro kuwi uga Seksi Yéhuwah. Wong loro kuwi wis dicritani karo para sedulur sing numpak bis mau bab kedadéan sing dialami karo keluarga kuwi. Sedulur loro kuwi ngongkon Milan lan kakangé supaya mlebu ing mobilé, merga biasané idèntitasé bocah-bocah ora ditliti karo tentara perbatasan. Banjur, para sedulur ngongkon wong tuwané Milan supaya mlaku liwat mburiné pos perbatasan kuwi lan langsung ketemu ing sebrang perbatasan. Milan ora ngerti kudu ngguyu utawa nangis wektu krungu saran kuwi. Wong tuwané Milan takon, ”Apa mungkin para tentara kuwi ngejarké awaké dhéwé lunga saka kéné?” Ning, wong tuwané Milan tetep mlaku, lan kaya-kayané para tentara kuwi ora padha ndeloki. Milan lan keluargané akiré isa ketemu ing sebrang perbatasan lan lunga menyang kebaktian. Milan lan keluargané yakin tenan nèk Yéhuwah njawab dongané. Pancèn, saka Alkitab kita ngerti nèk carané Yéhuwah nglindhungi umaté ora mesthi nganggo cara sing langsung kaya ngono. (PR. 7:58-60) Ning, Milan lan keluargané ngrasakké nèk Yéhuwah nglindhungi. Milan kandha, ”Kaya-kayané para malaékat wis nggawé mripaté para tentara kuwi dadi wuta lan Yéhuwah nylametké keluargaku.”​—Ms. 97:10.

Kaya Yésus, apa panjenengan bener-bener péngin mbantu lan mulang wong-wong bab Yéhuwah?

9. Piyé perasaané Yésus wektu ndelok wong-wong sing ngetutké Yésus? (Deloken gambar ing kaca 9.)

9 Yésus uga dadi tuladha sing apik banget bab nduduhké rasa welas asih. Yésus trenyuh wektu ndelok wong-wong sing ”katon sayah lan ora kopèn kaya wedhus kang ora ana pangoné”. Dadi, apa sing ditindakké Yésus? Yésus ”wiwit memulang bab prakara akèh marang wong-wong mau”. (Mt. 9:36; wacanen Markus 6:34.) Kosok baliné, wong-wong Farisi ora nduwé rasa welas asih lan ora gelem mbantu wong-wong. (Mt. 12:9-14; 23:4; Yo. 7:49) Kaya Yésus, apa panjenengan bener-bener péngin mbantu lan mulang wong-wong bab Yéhuwah?

10, 11. Apa kita kudu nduduhké rasa welas asih ing saben kahanan? Terangna.

10 Ning, kuwi ora ateges kita kudu nduduhké rasa welas asih ing saben kahanan. Contoné, Yéhuwah wis ngandhani Raja Saul supaya matèni kabèh wong Amalèk lan kéwan-kéwané, merga bangsa Amalèk kuwi mungsuhé umaté Yéhuwah. Ning, Saul malah nduduhké rasa welas asih marang rajané wong Amalèk, yaiku Agag. Saul ora matèni Agag lan kéwan-kéwané wong Amalèk. Merga Saul ora manut, akiré Yéhuwah nolak Saul dadi raja. (1 Sa. 15:3, 9, 15) Yéhuwah kuwi Hakim sing adil. Yéhuwah isa ngerti isi atiné wong lan ngerti kapan kudu nduduhké rasa welas asih. (KP. 2:17; Yk. 5:11) Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal ngakimi lan nyirnakké wong-wong sing ora gelem manut. (2 Ts. 1:6-10) Yéhuwah ora bakal nduduhké rasa welas asihé marang wong-wong sing kaya ngono. Tumindaké Yéhuwah kuwi malah dadi bukti rasa welas asihé marang wong-wong sing tumindaké bener sing bakal dislametké.

11 Pancèn, kita ora nduwé hak kanggo ngakimi sapa sing kuduné tetep urip utawa mati. Ning, kita kudu tumindak sak isa-isané kanggo nduduhké rasa welas asih lan mbantu wong liya. Piyé carané?

CARANÉ NDUDUHKÉ RASA WELAS ASIH

12. Apa salah siji cara kanggo nduduhké rasa welas asih?

12 Mbantu wong liya ing urip saben dina. Yéhuwah péngin wong-wong Kristen nduduhké rasa welas asih marang para sedulur seiman lan wong liya. (Yo. 13:34, 35; 1 Pt. 3:8) Salah siji tegesé nduduhké rasa welas asih yaiku ”susah bareng-bareng”. Mula, kita kudu nggolèk kesempatan kanggo mbantu wong sing ngalami kasusahan. Contoné, mbokmenawa kita isa mbantu nindakké tugas-tugas utawa gawéané ing omah.​—Mt. 7:12.

Duduhna rasa welas asih, bantunen wong liya (Deloken paragraf 12)

13. Apa sing ditindakké umaté Yéhuwah sakwisé ana bencana alam?

13 Mèlu mbantu kurban bencana alam. Kita mesthi péngin nduduhké rasa welas asih marang wong-wong sing lagi susah merga kena bencana alam. Umaté Yéhuwah dikenal seneng mbantu kurban bencana alam. (1 Pt. 2:17) Contoné, ana sedulur wédok ing Jepang sing manggon ing dhaérah sing rusak merga gempa lan tsunami taun 2011. Sedulur kuwi kandha nèk dhèwèké ”rumangsa dikuwatké banget” wektu ndelok akèh rélawan saka dhaérah-dhaérah ing Jepang lan negara liya sing teka kanggo ndandani akèh omah lan Balé Ibadah. Dhèwèké uga kandha, ”Pengalaman iki nggawé aku sadhar nèk Yéhuwah nggatèkké umaté, lan para Seksiné sakdonya uga nggatèkké siji lan sijiné sarta ndongakké wong-wong ing kéné.”

14. Piyé panjenengan isa mbantu wong sing lara lan wis tuwa?

14 Mbantu wong-wong sing lara lan wis tuwa. Kita mesthi nduwé rasa welas asih marang wong sing wis tuwa utawa lara-laranen. Kita péngin kabèh masalah kuwi ndang rampung, mula kita ndonga bèn Kratoné Allah ndang teka. Ning, karo ngentèni kuwi kelakon, kita tumindak sak isa-isané kanggo mbantu wong-wong sing lara lan wis tuwa. Ana penulis sing ibuké wis tuwa lan lara Alzheimer crita nèk ing sawijiné dina, bèl omahé ibuké muni. Jebulé, sing teka kuwi Seksi Yéhuwah loro sing wis ajeg marani ibuké. Seksi loro kuwi nawakké bantuan kanggo ngresiki klambiné ibuké sing reged. Ibuké penulis kuwi kandha, ”Jané ya ngisin-isini, ning ya ora apa-apa, maturnuwun.” Banjur, Seksi loro kuwi nggawèkké wédang tèh kanggo ibuké penulis mau lan ngajak omong-omongan. Penulis kuwi rumangsa maturnuwun banget lan kandha nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi ”ngetrapké apa sing diwulangké”. Apa panjenengan ya nduwé rasa welas asih sarta ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu wong-wong sing lara lan wis tuwa?​—Fp. 2:3, 4.

15. Apa sebabé gawéan nginjil kuwi isa mbantu wong liya?

15 Mbantu wong-wong bèn kenal karo Yéhuwah. Cara sing paling apik kanggo nduduhké rasa welas asih marang wong liya yaiku mulang bab Gusti Allah lan Kratoné. Cara liyané yaiku mbantu wong-wong ngerti paédahé manut karo pathokané Yéhuwah. (Yé. 48:17, 18) Gawéan nginjil kuwi uga isa ngluhurké Yéhuwah. Apa panjenengan isa ngupaya nginjil luwih akèh manèh?​—1 Tm. 2:3, 4.

PAÉDAHÉ SIKAP WELAS ASIH KANGGO PANJENENGAN

16. Apa paédahé nèk kita nduduhké rasa welas asih?

16 Para ahli keséhatan méntal kandha nèk nduduhké rasa welas asih lan seneng mbantu kuwi apik kanggo keséhatan lan kanggo hubungan kita karo wong liya. Kita isa dadi luwih bungah, ora cilik ati, ora kesepian, lan nduwé pikiran sing positif. (Éf. 4:31, 32) Kita uga isa nduwé hati nurani sing apik merga ngerti nèk kuwi nyenengké Yéhuwah. Nèk nduwé sikap welas asih, kita bakal dadi wong tuwa, bojo, utawa kanca sing luwih apik. Sakliyané kuwi, wong-wong biasané seneng nulungi wong sing nduduhké rasa welas asih.​—Wacanen Matéus 5:7; Lukas 6:38.

17. Apa sebabé panjenengan péngin dadi wong sing welas asih?

17 Alesan utama kanggo nduduhké rasa welas asih yaiku merga kita péngin niru lan ngluhurké Yéhuwah. Yéhuwah kuwi Sumberé katresnan lan welas asih. (WB. 14:31) Yéhuwah dadi tuladha sing sampurna kanggo kita. Mula, ayo kita ngupaya sak isa-isané kanggo niru Yéhuwah lan nduduhké rasa welas asih. Kita bakal dadi luwih cedhak karo para sedulur lan nduwé hubungan sing apik karo wong liya.​—Gl. 6:10; 1 Yo. 4:16.