Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Bungah Nèk Kowé Nindakké Kuwi”

”Bungah Nèk Kowé Nindakké Kuwi”

”Pangananku yaiku nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Panjenengané.”​—YOH. 4:34.

LAGU: 80, 35

1. Piyé sipat-sipaté wong ing donya iki isa dadi pengaruh kanggo kita?

NINDAKKÉ pathokané Alkitab kuwi ora gampang, merga kuwi mbutuhké sipat andhap asor. Ing ”dina-dina pungkasan”, ana akèh pengaruh saka wong liya sing ”mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké mburu bandha, nyombongké awaké dhéwé, rumangsa hébat”, lan ”ora isa ngendhalèni dhiri”. Kuwi nggawé kita angèl kanggo tetep andhap asor. (2 Tim. 3:1-3) Merga dadi abdiné Gusti Allah, kita ngerti nèk sipat-sipat kuwi ala. Ning, kétoké wong-wong sing kaya ngono malah suksès lan bungah uripé. (Ms. 37:1; 73:3) Kita isa waé mikir, ’Apa aku pancèn perlu perduli karo liyané? Nèk aku andhap asor, apa aku isih diajèni wong liya?’ (Luk. 9:48) Nèk kita kena pengaruh saka donya iki, kuwi isa ngrusak hubungan kita karo para sedulur. Lan kita dadi ora ana bédané karo wong-wong ing donya iki. Mula, kita perlu sinau lan niru contoné para abdiné Gusti Allah sing setya.

2. Apa sing isa kita sinaoni saka para abdiné Yéhuwah mbiyèn?

2 Piyé carané para abdiné Yéhuwah mbiyèn isa kekancan lan nyenengké Gusti Allah? Saka ngendi wong-wong kuwi nduwé kekuwatan kanggo nindakké sing bener? Nèk kita maca lan mikirké pengalamané wong-wong kuwi, iman kita bakal saya kuwat.

CARANÉ NJAGA IMAN TETEP KUWAT

3, 4. (a) Piyé carané Yéhuwah mulang kita? (b) Apa sebabé pengetahuan thok ora cukup?

3 Yéhuwah mulang kita nggunakké Alkitab, wacan-wacan Alkitab, situs jw.org, JW Broadcasting, pakumpulan ibadah, lan kebaktian, tujuané bèn iman kita tetep kuwat. Ning, Yésus ngandhani nèk pengetahuan thok kuwi ora cukup. Yésus kandha, ”Pangananku yaiku nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Panjenengané.”​—Yoh. 4:34.

4 Kanggoné Yésus, nindakké kersané Gusti Allah kuwi kaya panganan. Panganan sing séhat isa nggawé kita séhat lan kuwat. Semono uga, nindakké kersané Gusti Allah isa nggawé iman kita dadi luwih kuwat. Contoné, apa panjenengan tau ngrasa seger lan bungah sakwisé rampung nginjil, padahal mauné aras-arasen teka ing pakumpulan sakdurungé nginjil?

5. Apa manfaaté nèk kita dadi wong sing wicaksana?

5 Kita isa dadi wicaksana nèk gelem nindakké kersané Yéhuwah. (Yak. 3:13) Kuwi akèh banget manfaaté. Alkitab kandha, ’Apa baé kang kokkarepaké ora bisa madhani. Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhèlan iku kaaranan begja.’ (WB. 3:13-18) Yésus uga kandha, ”Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi.” (Yoh. 13:17) Para muridé bakal bungah nèk terus manut, nindakké sing diwulangké, lan niru contoné Yésus saben dina.

6. Apa sebabé kita kudu terus ngetrapké apa sing kita sinaoni?

6 Bayangna ana montir sing nduwé alat-alat, bahan-bahan, lan pengetahuan. Tapi, bèn isa dadi montir sing trampil, kuwi kabèh kudu digunakké. Senajan wis nduwé akèh pengalaman, dhèwèké kudu terus ngetrapké apa sing wis disinaoni. Semono uga, wektu sepisanan ngerti wulangan sing bener, kita seneng merga isa ngetrapké apa sing wis disinaoni. Ning, bèn isa tetep ngrasakké bungah, kita kudu terus nindakké kersané Gusti Allah saben dina.

7. Apa sing bakal kita rembug ing artikel iki?

7 Ing artikel iki, kita bakal ngrembug kahanan-kahanan sing isa nggawé kita angèl kanggo tetep andhap asor. Kita bakal sinau saka abdiné Yéhuwah sing setya. Ning, ora cukup nèk mung maca thok. Kita perlu mikirké tenanan lan ngetrapké ing urip saben dina.

AJA NGRASA LUWIH UNGGUL

8, 9. Apa sing isa kita sinaoni bab sipat andhap asoré Paulus lan Barnabas sing dicathet ing Kisah 14:8-15? (Deloken gambar ing kaca 3.)

8 Yéhuwah péngin kabèh wong ”dislametké lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener”. (1 Tim. 2:4) Piyé pandhangané panjenengan marang wong-wong sing durung kenal Alkitab? Rasul Paulus nginjil marang wong-wong Yahudi sing wis ngerti bab Yéhuwah. Ning, Paulus uga nginjil marang wong-wong sing nyembah brahala. Bèn isa nindakké kuwi, Paulus kudu andhap asor. Apa sebabé?

9 Ing perjalanan utusan injilé sing sepisanan, Paulus lunga karo Barnabas menyang kutha Listra. Ing kono, Paulus lan Barnabas dianggep kaya pahlawan lan diceluk nganggo jenengé déwa Zéus lan Hèrmes. Pancèn sakdurungé kuwi, Paulus lan Barnabas ngalami kahanan sing ora nyenengké lan dianiaya ing rong kutha liyané. Ning, wektu disanjung-sanjung ing Listra, Paulus lan Barnabas ora dadi sombong, kesenengen, utawa mikir nèk sanjungan kuwi isa dadi sarana kanggo mulangké kabar apik. Paulus lan Barnabas malah sedhih lan kandha, ”Ngapa kowé kabèh nindakké iki? Aku kabèh uga manungsa sing nduwé kekurangan kaya kowé.”​—Kis. 14:8-15.

10. Apa sebabé Paulus lan Barnabas ora dadi sombong wektu ing Listra?

10 Wektu kandha nèk wong loro kuwi padha-padha manungsa sing ora sampurna kaya wong-wong Listra, Paulus lan Barnabas ora ngomongké bab ibadahé sing padha kaya wong-wong ing kono. Paulus lan Barnabas diutus Gusti Allah kanggo dadi utusan injil. (Kis. 13.2) Wong loro kuwi diurapi roh suci lan nduwé pangarep-arep sing nyenengké. Ning, Paulus lan Barnabas ora dadi sombong, merga ngerti nèk wong-wong kuwi uga isa éntuk pangarep-arep urip ing swarga nèk gelem nampa kabar apik.

11. Apa buktiné nèk kita andhap asor wektu nginjil kaya Paulus?

11 Apa buktiné nèk kita andhap asor kaya Paulus? Aja ngrasa luwih unggul timbang liyané merga wis dibantu Yéhuwah berhasil wektu nginjil. Terus, kita kudu mikir, ’Piyé perasaanku bab wong-wong ing dhaérah nginjil? Apa aku seneng mbédak-bédakké wong?’ Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya nggolèki wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik. Ana sing ngupaya sinau basa utawa kebudayaané wong-wong sing dianggep rendhahan. Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrasa luwih unggul timbang sing liyané, ning malah ngupaya bèn sak akèh-akèhé wong isa nampa kabar apik.

NDONGAKKÉ PARA SEDULUR

12. Apa buktiné nèk Épafras nggatèkké para sedulur?

12 Cara liya kanggo nduduhké nèk kita andhap asor yaiku ndongakké para sedulur sing nduwé ”iman sing ajiné padha kaya sing [kita] duwèni”. (2 Ptr. 1:1) Iki sing ditindakké Épafras. Alkitab mung nyebutké Épafras mung ping telu. Wektu Paulus dipenjara ing rumah tahanan ing Roma, Paulus nulis surat bab Épafras kanggo jemaat ing Kolosé, ”Dhèwèké tansah ndonga kanthi tenanan kanggo kowé kabèh.” (Kol. 4:12) Épafras kenal tenan lan tresna karo para sedulur, senajan dhèwèké nduwé masalah sing abot yaiku ”dipenjara bareng” karo Paulus. (Flm. 23) Ning, Épafras tetep nggatèkké para sedulur, nganggo cara ndongakké para sedulur karo nyebutké jenengé. Kita isa niru contoné Épafras. Donga sing kaya ngono kuwi ampuh banget.​—2 Kor. 1:11; Yak. 5:16.

13. Piyé carané panjenengan niru tuladhané Épafras wektu ndonga?

13 Pikirna sapa sing arep panjenengan dongakké. Mungkin ana kanca ing jemaat utawa sedulur sing lagi ngadhepi masalah. Wong-wong kuwi mungkin kudu nggawé keputusan sing penting utawa nolak godhaan. Panjenengan uga isa ndongakké para sedulur sing disebutké jenengé ing artikel ”Saksi-Saksi Yehuwa yang Dipenjarakan Karena Iman Mereka” ing jw.org. (Deloken bagéan RUANG BERITA > BERITA HUKUM.) Panjenengan uga isa ndongakké wong-wong sing bar ditinggal mati wong sing ditresnani, sing bar kena musibah bencana alam utawa perang, utawa sing lagi ngalami masalah ékonomi. Ana akèh banget sedulur sing butuh didongakké. Wektu kita ndongakké para sedulur, kita mbuktèkké nèk kita nggatèkké kebutuhané liyané. (Flp. 2:4) Yéhuwah mesthi ngrungokké dongané awaké dhéwé.

”CEPET NGRUNGOKKÉ”

14. Apa sebabé Yéhuwah isa dadi tuladha sing paling apik ing bab ngrungokké?

14 Cara liyané manèh kanggo duduhké sikap andhap asor yaiku ”cepet ngrungokké”. (Yak. 1:19) Yéhuwah dadi tuladha sing paling apik ing bab ngrungokké. (Pd. 18:32; Ys. 10:14) Contoné, coba deloken Pangentasan 32:11-14. (Wacanen.) Yéhuwah gelem ngrungokké dongané kabèh wong sing nduwé iman. Contoné, Yéhuwah ngrungokké tenanan wektu Musa ngomongké isi pendapaté, senajan Yéhuwah ora kudu nindakké kuwi. Dadi, apa panjenengan gelem ngrungokké wong sing tau salah njupuk keputusan, lan gelem nindakké sing disaranké?

15. Piyé carané niru Yéhuwah bab ngrungokké sing liyané?

15 Coba pikirna: ’Nèk Yéhuwah waé kanthi andhap asor gelem ngrungokké Abraham, Rakhèl, Musa, Yosua, Manoah, Élia, lan Hizkia, apa aku ya isa nindakké sing padha? Apa aku ngajèni para sedulur nganggo cara gelem ngrungokké lan nampa saran-sarané nèk pancèn isa? Apa ana sedulur ing jemaat utawa ing keluargaku sing kudu luwih tak gatèkké? Nèk ana, apa sing isa tak tindakké?’​—Pd. 30:6; PH. 13:9; 1 Ra. 17:22; 2 Bb. 30:20.

YÉHUWAH NGERTI KESUSAHAN KITA

Daud kandha, ”Wis togna baé.” Apa sing bakal panjenengan tindakké? (Deloken paragraf 16, 17)

16. Piyé tanggepané Raja Daud wektu diserang karo Simèi?

16 Nèk kita andhap asor, kita isa ngendhalèni dhiri wektu ana sing nglarani ati. (Éf. 4:2) Gatèkna conto ing 2 Samuèl 16:5-13. (Wacanen.) Seduluré Raja Saul sing jenengé Simèi ngécé lan nyerang Daud lan anak buahé. Daud ora mbales, ning sabar senajan dilarani atiné karo Simèi. Kenapa Daud isa sabar? Jawabané ana ing Jabur bab telu.

17. Apa sing mbantu Daud isa ngendhalèni dhiri lan piyé carané niru Daud?

17 Daud nulis Jabur bab telu wektu anaké sing jenengé Absalom arep matèni Daud. Ing wektu kuwi uga, Daud diserang karo Simèi. Dadi, piyé carané Daud tetep sabar? Ing Jabur 3:5 Daud kandha, ”Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yéhuwah, banjur diparingi wangsulan saka ing gunungé kang suci.” Dadi, kita isa ndonga kaya Daud wektu dilarani ati. Yéhuwah mesthi mènèhi roh suciné kanggo kita. Apa kita isa ngendhalèni dhiri lan ngapurani wong sing nglarani ati kita? Apa kita yakin nèk Yéhuwah ngerti kesusahan kita lan bakal mbantu kita?

KAWICAKSANAN KUWI NGUNGKULI ”APA BAÉ KANG DIKEPÉNGINI WONG”

18. Apa paédahé nèk kita ngetrapké petunjuk saka Yéhuwah?

18 Nèk nindakké apa sing bener, kita isa dadi wicaksana lan Yéhuwah bakal mberkahi kita. Alkitab kandha ing Wulang Bebasan 8:11 nèk kawicaksanan kuwi ngungkuli ”apa baé kang dikepéngini wong”. Kawicaksanan kuwi maksudé pengetahuan sing ditrapké wektu arep nggawé keputusan. Semut waé ya nduduhké kawicaksanan. Semut ngerti nèk kudu nyimpen panganan kanggo musim dingin. (WB. 30:24, 25) Yésus disebut ”kawicaksanané Gusti Allah”, merga nindakké apa sing nyenengké Bapaké. (1 Kor. 1:24; Yoh. 8:29) Gusti Allah bakal mberkahi nèk kita tetep andhap asor lan nduduhké kawicaksanan. (Wacanen Matius 7:21-23.) Mula, ngupayaa kanggo dadi tuladha nduduhké sipat tetep andhap asor ing jemaat. Kuwi butuh wektu lan kesabaran. Ning, nèk kita nduduhké sipat andhap asor, kuwi isa nggawé kita bungah saiki lan saklawasé.