Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bungaha sing Dadi Abdiné ”Gusti Allah sing Bungah”

Bungaha sing Dadi Abdiné ”Gusti Allah sing Bungah”

”Rahayu bangsa kang Gusti Allahé Pangéran Yéhuwah”—MS. 144:15.

LAGU: 44, 125

1. Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah isa bungah? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

SEKSI-SEKSI YÉHUWAH kuwi uripé bungah. Wektu ngumpul ngibadah lan teka ing kebaktian mesthi grapyak lan sumèh. Apa sebabé isa bungah? Merga kenal lan niru ”Gusti Allah sing bungah” yaiku Yéhuwah. (1 Tim. 1:11; Ms. 16:11) Yéhuwah kuwi Sumberé kabungahan, lan péngin kita uga bungah. Yéhuwah nduduhké bukti-bukti sing isa nggawé kita bungah.​—PT. 12:7; Ko. 3:12, 13.

2, 3. (a) Apa tegesé bungah? (b) Apa sebabé jaman saiki angèl kanggo urip bungah?

2 Apa panjenengan uga bungah? Bungah kuwi isa dirasakké nèk panjenengan ngrasa ayem tentrem lan puas karo apa sing diduwèni. Alkitab nduduhké nèk kita isa urip bungah nèk diberkahi Yéhuwah. Ning, kétoké ngrasakké bungah kuwi angèl ing jaman saiki. Kok isa?

3 Kita ora isa bungah isa waé merga strès. Contoné, wektu keséhatan wis suda, lara parah, deprèsi, kélangan gawéan, kélangan wong sing ditresnani, keluarga ora rukun, pegatan utawa ana keluarga sing dipecat. Kita isa waé dadi sedhih nèk diécé kanca kerja utawa kanca sekolah. Sakliyané kuwi mbokmenawa kita dianiaya utawa dipenjara merga ngabdi marang Yéhuwah. Ning, Yésus bakal nggawé uripé wong-wong bungah lan ayem tentrem, merga Yésus, ”Panguwasa sing bungah kuwi bakal nduduhké kamulyané”. (1 Tim. 6:15; Mat. 11:28-30) Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus nduduhké sipat-sipat sing isa mbantu kita tetep bungah senajan ngadhepi akèh masalah ing donyané Sétan.

AKRAB KARO YÉHUWAH NGGAWÉ BUNGAH

4, 5. Apa sing isa ditindakké bèn isa bungah?

4 Bab kapisan sing dikandhakké Yésus yaiku, ”Bungah wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah, merga Kraton swarga bakal dadi duwèké.” (Mat. 5:3) Kuwi maksudé ngakoni nèk kita perlu kenal karo Gusti Allah lan mbutuhké bantuan uga tuntunané. Carané piyé? Sinau Alkitab, manut prentahé Yéhuwah, lan ngutamakké bab rohani ing urip kita. Nèk kabèh iki ditindakké, kita isa ngrasakké bungah. Iman kita bab janjiné Gusti Allah uga bakal saya kuwat. Lan ”pangarep-arep sing nyenengké” sing ana ing Alkitab isa nguwatké kita.​—Tit. 2:13.

5 Nèk péngin bungah senajan ana masalah, kita perlu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Rasul Paulus kandha, ”Terusa bungah merga Gusti. Sepisan manèh aku kandha: Bungaha.” (Flp. 4:4) Ning, kita mbutuhké kawicaksanané Gusti Allah bèn dadi kanca akrabé Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Rahayu wong kang tampa kawicaksanan, wong kang olèh kapinteran, iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhèlan iku kaaranan begja.”​—WB. 3:13, 18.

Nèk péngin tetep bungah kita perlu ngetrapké apa sing disinaoni saka Alkitab

6. Apa manèh sing nggawé kita tetep bungah?

6 Sakliyané kuwi, nèk péngin tetep bungah kita perlu ngetrapké apa sing disinaoni saka Alkitab. Yésus kandha, ”Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi.” (Yoh. 13:17; wacanen Yakobus 1:25.) Iki bab sing penting bèn kita isa tetep bungah lan tetep cedhak karo Gusti Allah. Ning piyé carané kita tetep bungah senajan ana akèh masalah? Ayo digatèkké omongané Yésus sakbanjuré wektu Ceramah ing Gunung.

SIPAT-SIPAT SING NGGAWÉ BUNGAH

7. Piyé wong sing sedhih isa tetep bungah?

7 ”Bungah wong-wong sing sedhih, merga bakal dilipur.” (Mat. 5:4) Isa waé kita mikir, ’Piyé carané tetep bungah nèk lagi sedhih?’ Omongané Yésus iki ora ngomongké kabèh wong sing ngrasakké sedhih. Akèh wong jahat saiki uga ngrasakké sedhih merga ngalami masalah sing ”angèl diadhepi” ing ”dina-dina pungkasan”. (2 Tim. 3:1) Ning, wong-wong jahat kuwi mung mikirké kepentingané dhéwé, dudu Yéhuwah. Mula ora isa bungah merga ora nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Dadi sing dimaksud Yésus kuwi wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah. Wong-wong iki sedhih merga ana akèh wong sing ninggalké Gusti Allah, lan nindakké bab-bab sing ora cocog karo kersané. Wong-wong iki uga ngerti nèk dhèwèké ora sampurna, lan ngerti nèk donya saiki akèh bab sing ala. Yéhuwah ngertèni perasaané wong-wong sing sedhih, lan Yéhuwah nglipur liwat Alkitab uga nggawé wong-wong kuwi bèn isa urip bungah.​—Wacanen Yéheskièl 5:11; 9:4.

8. Piyé watak alus isa nggawé kita bungah?

8 ”Bungah wong-wong sing wataké alus, merga bakal éntuk warisan bumi.” (Mat. 5:5) Akèh wong saiki ora nduwé watak sing alus. Mula, wong-wong kuwi gampang nesu lan brangasan, lan kuwi ndadèkké akèh masalah. Ning, sakwisé sinau Alkitab, wong-wong kuwi nduwé ”kepribadian sing anyar” lan hasilé isa nduduhké sipat-sipat kaya ”katresnan, welas asih, apik ati, andhap asor, watak sing alus, lan sabar”. (Kol. 3:9-12) Dadi, wong-wong kuwi isa bungah merga ngrasakké katentreman lan nduwé hubungan sing apik karo liyané. Alkitab uga mènèhi jaminan nèk wong-wong iki bakal ”éntuk warisan bumi”.​—Ms. 37:8-10, 29.

9. (a) Apa maksudé Yésus wektu ngomong wong-wong sing wataké alus bakal ”éntuk warisan bumi”? (b) Apa maksudé wong sing ”luwé lan ngelak marang apa sing bener” isa bungah?

9 Apa maksudé Yésus wektu ngomong wong-wong sing wataké alus bakal ”éntuk warisan bumi”? Wong-wong sing diurapi kanggo munggah swarga bakal mréntah bumi wektu dadi raja lan imam. (Why. 20:6) Jutaan wong liyané bakal urip saklawasé ing bumi. Wong-wong iki bakal dadi sampurna, ngrasakké bungah lan ayem tentrem. Iki wong-wong sing dimaksud Yésus wektu kandha, ”Bungah wong-wong sing luwé lan ngelak marang apa sing bener.” (Mat. 5:6) Kepénginané kanggo terus nindakké bab sing bener bakal kelakon wektu Yéhuwah nyingkirké kabèh sing jahat. (2 Ptr. 3:13) Ing donya anyar, wong-wong iki ora sedhih manèh lan ngrasakké bungah merga kabèh sing jahat ora ana manèh.​—Ms. 37:17.

10. Apa maksudé welas asih?

10 ”Bungah wong-wong sing welas asih, merga bakal éntuk welas asih.” (Mat. 5:7) Wong sing nduwé welas asih kuwi grapyak, nduwé rasa mesakké, lan perduli karo wong sing susah. Ning welas asih ora mung perasaan thok. Alkitab kandha nèk welas asih uga kudu tumindak bèn isa mbantu liyané.

11. Apa sing isa disinaoni saka perumpamaané Yésus bab wong Samaria?

11 Wacanen Lukas 10:30-37. Perumpamaané Yésus bab wong Samaria nduduhké sipat welas asih sing gedhé banget. Wong Samaria kuwi welas asih merga mbantu wong sing lagi susah. Terus Yésus kandha, ”Lungaa lan tindakna sing padha.” Dadi pikirna pitakonan iki, ’Apa aku welas asih kaya wong Samaria? Nèk ana wong sing kesusahan apa aku gelem mbantu? Contoné, Apa aku gelem mbantu sedulur-sedulur sepuh ing jemaat, randha utawa sedulur enom sing wong tuwané dudu Seksi? Apa aku ngomongké ”tembung-tembung sing nglipur marang wong sing cilik ati”?’​—1 Tés. 5:14; Yak. 1:27.

Kita kabèh isa bungah nèk ngupaya mbantu liyané (Deloken paragraf 12)

12. Apa sebabé kita bungah nèk nduduhké welas asih marang wong liya?

12 Apa sebabé kita isa bungah nèk welas asih? Nèk kita nduduhké welas asih marang wong liya, kuwi padha karo mènèhi, lan Yésus kandha nèk mènèhi kuwi nggawé bungah. Sakliyané kuwi kita isa nyenengké Yéhuwah. (Kis. 20:35; wacanen Ibrani 13:16.) Raja Daud kandha bab wong sing nduwé welas asih, ”Pangéran Yéhuwah bakal ngayomi lan ngopèni nyawané, temah kasebut wong begja ana ing bumi.” (Ms. 41:2, 3) Nèk nduwé sipat welas asih lan perduli karo liyané, Yéhuwah uga bakal welas asih marang kita lan kita isa urip bungah saklawasé.​—Yak. 2:13.

”BUNGAH WONG-WONG SING TULUS ATINÉ”

13, 14. Apa sebabé kudu dadi wong sing ”tulus atiné”?

13 Yésus kandha, ”Bungah wong-wong sing tulus atiné, merga bakal ndelok Gusti Allah.” (Mat. 5:8) Bèn isa tulus atiné kita kudu njaga pikiran lan pepénginan tetep murni utawa resik. Iki penting banget bèn Yéhuwah gelem nampa ibadah kita.​—Wacanen 2 Korintus 4:2; 1 Tim. 1:5.

14 Wong sing tulus atiné nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Bungah wong sing ngumbah jubahé.” (Why. 22:14) Apa maksudé ”ngumbah jubahé”? Kanggo wong Kristen terurap, iki tegesé Yéhuwah nganggep wong-wong iki resik. Banjur, Yéhuwah bakal mènèhi urip langgeng ing swarga lan wong-wong kuwi bakal bungah saklawasé. Kanggo kumpulan gedhé, sing bakal urip ing bumi, iki tegesé Yéhuwah gelem kekancan karo wong-wong iki merga nindakké sing bener. Alkitab kandha nèk ”wong-wong kuwi wis ngumbah lan nggawé putih jubahé nganggo getihé Sang Cempé”.​—Why. 7:9, 13, 14.

15, 16. Piyé wong sing tulus atiné isa ”ndelok Gusti Allah”?

15 Yéhuwah kandha, ”Ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip.” (Pa. 33:20) Ning, piyé sing tulus atiné isa ”ndelok Gusti Allah”? Tembung Yunani sing diterjemahké ”ndelok” kuwi tegesé mbayangké, paham, utawa ngertèni. Mula, isa ”ndelok Gusti Allah” kuwi tegesé kita ngerti lan niru sipat-sipaté Gusti Allah. (Éf. 1:18) Yésus nduwé sipat sing persis kaya Yéhuwah. Mula Yésus isa kandha, ”Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak.”​—Yoh. 14:7-9.

16 Kita uga isa ”ndelok Gusti Allah” wektu ngrasakké bantuané Yéhuwah ing urip kita. (Ay. 42:5) Kita uga isa ”ndelok” berkah-berkah sing Yéhuwah janjèkké kanggo wong-wong sing tulus atiné lan sing setya. Lan wong Kristen terurap uga bakal isa ndelok Yéhuwah wektu ing swarga mbésuk.​—1 Yoh. 3:2.

BUNGAH SENAJAN NGADHEPI MASALAH

17. Piyé wong sing seneng rukun isa ngrasakké bungah?

17 Yésus kandha, ”Bungah wong-wong sing seneng nggawé rukun.” (Mat. 5:9) Kita isa bungah nèk ngupaya kanggo seneng rukun karo liyané. Yakobus kandha, ”Winih saka tumindak sing bener kuwi disebar ing kahanan sing tentrem kanggo wong-wong sing nggawé rukun.” (Yak. 3:18) Dadi nèk panjenengan ngrasa angèl kanggo rukun karo para sedulur utawa karo keluargané dhéwé, njaluka bantuan saka Yéhuwah. Yéhuwah bakal mènèhi roh suci bèn kita dadi seneng rukun lan ngrasakké bungah. Yésus ngandhani apa sing kudu diupayakké dhisik, ”Mula, nèk kowé nggawa kurban ing mésbah lan ing kono kowé kèlingan sedulurmu lagi jèngkèl marang kowé, tinggalen kurbanmu ing ngarepé mésbah, lan lungaa. Rukuna dhisik karo sedulurmu, banjur balia lan wènèhna kurbanmu.”​—Mat. 5:23, 24.

Yéhuwah bakal mènèhi roh suci bèn kita dadi seneng rukun lan ngrasakké bungah

18, 19. Apa sebabé wong Kristen isa tetep bungah senajan dianiaya?

18 ”Bungah kowé nèk ana wong sing ngécé, nganiaya, lan mitenah kowé nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu merga aku.” Yésus nerangké maksudé ayat iki ing ayat sakbanjuré, ”Nabi-nabi jaman mbiyèn uga dianiaya kaya ngono, mula padha bungaha lan senenga merga opahmu gedhé ing swarga.” (Mat. 5:11, 12) Wektu dianiaya lan dilarang kanggo nginjil, ”para rasul banjur lunga saka ngarepé Sanhèdrin. Para rasul bungah banget merga Gusti Allah wis nganggep para rasul kuwi pantes dirèmèhké demi jenengé Yésus”.​—Kis. 5:41.

19 Saiki abdiné Yéhuwah uga tetep tekun kanthi bungah senajan ana sing nganiaya. (Wacanen Yakobus 1:2-4.) Padha kaya para rasul, kita ora bungah merga sengsara lan dianiaya. Ning nèk tetep setya, Yéhuwah bakal mènèhi roh suciné. Gatèkna pengalamané Henryk Dornik lan kangmasé. Ing sasi Agustus taun 1944, wong loro kuwi dipenjara ing kamp konsèntrasi. Wong-wong sing nganiaya kandha, ”Ora mungkin isa dibujuk. Wong-wong kuwi luwih seneng nèk dihukum mati.” Henryk kandha, ”Senajan aku ora péngin dianiaya ning imanku marang Yéhuwah nggawé aku bungah. Donga sing ajeg nggawé aku cedhak marang Yéhuwah lan Yéhuwah mesthi nguwatké aku senajan sengsara.”

20. Apa sebabé kita isa bungah wektu ngabdi marang ”Gusti Allah sing bungah”?

20 Wektu ”Gusti Allah sing bungah”, mberkahi upayané kita, kita isa tetep bungah senajan dianiaya, diedohi keluarga, lara, utawa tuwa. (1 Tim. 1:11) Kita uga bungah merga ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing ”ora isa ngapusi” lan bakal netepi janji-janjiné. (Tit. 1:2) Wektu Yéhuwah wis netepi janjiné, kita ora bakal éling kasangsaran sing wis kita alami. Malah kita isa dadi bungah banget merga ana berkah sing ditampa ing Firdaus mbésuk. Dadi saiki kita ”bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”.​—Ms. 37:11.