Apa Panjenengan Ngerti bab Wektu?
BÈN isa ngerti saiki jam pira, panjenengan mesthi ndelok jam. Mbokmenawa panjenengan ndelok saiki jam 1 lan 30 menit awan. Nèk ana sing takon, ”Jam pira saiki?” Piyé jawabané panjenengan?
Jawabané isa béda-béda. Contoné, mbokmenawa panjenengan kandha, ”Saiki jam 1:30” utawa ”Saiki jam 13:30.” Ing panggonan liya isa waé kandha, ”saiki jam setengah loro,” maksudé 30 menit sakdurungé jam loro.
Ing jaman Alkitab wong-wong nggunakké akèh cara kanggo ngomongké bab wektu. Ing Kitab-Kitab Ibrani nggunakké tembung-tembung kaya ésuk, awan, soré lan wengi. (Pd. 8:11; 19:27; 43:16; PT. 28:29; 1 Ra. 18:26) Kadhang kala Alkitab uga nggunakké tembung sing spesifik.
Ing jaman Israèl kuna, ana wong Israèl sing dadi penjaga, lan dibagi telung giliran jaga. (Ms. 63:7) Ing Para Hakim 7:19, dikandhakké, ”Giliraning jaga ing tengah wengi.” Ning, wektu jamané Yésus wis lair, wong-wong Yahudi nganggep ana patang giliran jaga ing wayah wengi, kaya sing ditindakké bangsa Yunani lan Romawi.
Patang bagéan ing wayah wengi uga kerep disebutké ing Kitab Injil. Contoné, ing ”giliran jaga sing kapapat”, Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu marani murid-muridé ing kapal. (Mat. 14:25, ctn.) Yésus uga nyritakké perumpamaan bab wektu, ”Nèk sing nduwé omah wis ngerti ing giliran jaga sing endi maling arep teka, dhèwèké mesthi bakal tetep jaga-jaga lan ora ngejarké omahé dibobol.”—Mat. 24:43.
Yésus uga nyritakké marang para muridé bab patang bagéan wektu kanggo tetep jaga-jaga merga ”ora ngerti kapan sing nduwé omah bakal teka, apa ing wayah wengi utawa tengah wengi utawa sakdurungé subuh utawa ésuk umun-umun”. (Mrk. 13:35) Bagéan kapisan kanggo penjaga yaiku ing ”wayah wengi”, dimulai saka angslupé matahari nganti jam sanga bengi. Sing kapindho, ”tengah wengi” dimulai saka jam sanga bengi nganti tengah wengi. Sing katelu ”sakdurungé subuh” utawa ”wektu jago kluruk”, dimulai saka tengah wengi nganti jam telu ésuk. Isa waé ing wayah kuwi pas Yésus dicekel lan ana jago sing kluruk. (Mrk. 14:72) Sing kapapat, yaiku ”ésuk umun-umun” dimulai saka jam telu ésuk nganti njedhulé matahari.
Senajan wong-wong jaman mbiyèn ora nduwé jam kaya jaman saiki, wong-wong kuwi isa ngerti bab wektu.