Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mahakuwasa Ning Uga Perduli

Mahakuwasa Ning Uga Perduli

”[Yéhuwah] mirsa kadadèan kita iku saka apa, sarta ènget yèn kita iki lebu.”​—MS. 103:14.

LAGU: 30, 10

1, 2. (a) Ora kaya wong-wong sing nduwé kuwasa, piyé carané Yéhuwah tumindak marang umaté? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

WONG-WONG sing nduwé kuwasa biasané ora nggatèkké kepentingané wong liya ning malah nindhes. (Mat. 20:25; Ko. 8:9) Ning, Yéhuwah ora tau nindhes umaté. Senajan Yéhuwah iki Mahakuwasa lan Pribadi sing paling kuwat ing alam semesta, ning Dhèwèké tetep nggatèkké manungsa. Yéhuwah ngerti nèk kita ora sampurna lan nduwé kelemahan. Mula, Yéhuwah ora tau njaluk kita nindakké apa sing ora sanggup kita tindakké.​—Ms. 103:13, 14.

2 Kita bakal ngrembug telung conto sing mbuktèkké nèk Yéhuwah nggatèkké para abdiné. Kapisan, Yéhuwah mbantu Samuèl sing isih enom wektu ngomongké berita kanggo Imam Agung Èli. Kapindho, Yéhuwah sabar karo Musa wektu Musa ngrasa nèk ora isa mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir. Lan sing katelu, Yéhuwah nggatèkké bangsa Israèl metu saka Mesir. Piwulang apa sing isa kita sinaoni, lan piyé carané niru Yéhuwah?

YÉHUWAH MBANTU SAMUÈL

3. Kedadéan luar biasa apa sing dialami Samuèl wektu bengi, lan pitakonan apa sing kudu kita pikirké? (Deloken gambar ing kaca 21.)

3 Samuèl mulai ngabdi ing Tabernakel wektu dhèwèké isih enom banget. (1 Sa. 3:1) Ing wayah bengi wektu Samuèl lagi turu, ana peristiwa sing luar biasa. * (Wacanen 1 Samuèl 3:2-10.) Samuèl krungu ana sing nyeluk jenengé. Dhèwèké ngira nèk sing nyeluk kuwi Imam Agung Èli, sing wis sepuh. Dadi dhèwèké cepet-cepet tangi lan mara menyang Imam Èli lan kandha, ”Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Ning Èli kandha marang Samuèl, ”Aku ora ngundang, nggèr anakku.” Sakwisé kelakon manèh ping pindho, Èli sadhar nèk sing nyeluk Samuèl kuwi Gusti Allah. Dadi Èli kandha karo Samuèl apa sing kudu diomongké nèk diceluk manèh, lan Samuèl manut karo préntahé Èli. Apa sebabé Yéhuwah ora langsung ngomong karo Samuèl nèk sing nyeluk kuwi Yéhuwah dhéwé? Alkitab ora njelaské alesané. Ning, isa waé Yéhuwah nindakké kuwi merga perduli karo perasaané Samuèl.

4, 5. (a) Piyé tanggepané Samuèl wektu diwènèhi tugas karo Yéhuwah kanggo ngomongké berita kanggo Èli? (b) Saka crita bab Samuèl, kita isa sinau apa bab Yéhuwah?

4 Wacanen 1 Samuèl 3:11-18. Yéhuwah mréntahké anak-anak kudu ngajèni wong-wong sing wis sepuh, khususé sing nduwé wewenang. (Pa. 22:28; Km. 19:32) Coba bayangna, nèk cah enom kaya Samuèl tangi ésuk-ésuk terus ngandhani Èli nèk bakal dihukum karo Yéhuwah, Samuèl mesthiné wedi. Alkitab pancèn kandha nèk Samuèl wedi arep ngandhani Imam Èli. Ning Gusti Allah nggawé Èli ngerti nèk sing nyeluk Samuèl kuwi Gusti Allah dhéwé. Dadi Èli ngomong karo Samuèl aja ndhelikké apa sing dikandhakké Gusti Allah. Samuèl manut lan ”ngaturi kabèh mau marang Imam Èli”.

Yéhuwah nggawé Samuèl luwih gampang manut lan ngajèni

5 Ning Èli ora kagèt karo berita sing diomongké Samuèl merga sakdurungé kuwi ”ana sawijining abdiné Gusti Allah” sing uga ngomongké berita sing padha. (1 Sa. 2:27-36) Crita bab Samuèl nduduhké nèk Yéhuwah kuwi perduli lan wicaksana.

6. Piwulang apa sing isa kita sinaoni saka carané Yéhuwah mbantu Samuèl?

6 Cah-cah enom, Yéhuwah ngerti masalahmu lan perasaanmu kaya sing dialami Samuèl. Mungkin kowé isinan lan rumangsa angèl wektu nginjil marang wong sing luwih tuwa. Dadi kowé kudu ndonga lan nyritakké kabèh perasaanmu marang Yéhuwah. Kuwi nggawé kowé yakin nèk Yéhuwah mesthi mbantu. (Ms. 62:9) Pikirna contoné cah-cah enom sing ana ing Alkitab kaya Samuèl. Ngomonga karo sedulur-sedulur sing wis berhasil ngadhepi masalah sing kaya kok adhepi. Wong-wong kuwi isa waé nyritakké piyé carané Yéhuwah mbantu, lan mbokmenawa bantuané nganggo cara sing ora diduga-duga.

YÉHUWAH NGGATÈKKÉ MUSA

7, 8. Apa buktiné nèk Yéhuwah perduli karo perasaané Musa?

7 Wektu Musa umur 80 taun, Yéhuwah maringi Musa tugas sing angèl, yaiku kanggo mbébaské bangsa Israèl saka perbudhakan ing Mesir. (Pa. 3:10) Tugas kuwi nggawé Musa kagèt merga dhèwèké mung tukang angon saksuwéné 40 taun ing Midian. Musa kandha, ”Kawula punika sinten ta, déné kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israèl saking tanah Mesir?” Yéhuwah njawab Musa, ’Ingsun bakal nunggil kalawan sira.’ (Pa. 3:11, 12) Yéhuwah uga janji nèk para pemimpin Israèl bakal ”padha ngrungokaké” Musa. Ning, Musa isih tetep takon, ”Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula?” (Pa. 3:18; 4:1) Musa isih ora percaya karo Yéhuwah. Ning Yéhuwah isih sabar karo Musa malah ngekèki kuwasa bèn Musa isa nindakké mukjijat. Dadi Musa kuwi wong pertama sing disebutké ing Alkitab sing diwènèhi kuwasa karo Yéhuwah.​—Pa. 4:2-9, 21.

8 Ning, Musa isih tetep ngèyèl nèk dhèwèké kuwi dudu wong sing pinter ngomong. Dadi Yéhuwah kandha marang Musa, ”Ingsun kang bakal ngerèh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapaké.” Apa akhiré Musa dadi yakin? Ora, Musa malah njaluk Yéhuwah bèn ngutus sing liyané waé. Wektu kuwi Yéhuwah pancèn nesu. Ning Yéhuwah isih tetep perduli karo perasaané Musa, dadi Yéhuwah ngutus Harun dadi juru bicarané Musa.​—Pa. 4:10-16.

9. Piyé sipaté Yéhuwah sing sabar lan apikan isa mbantu Musa dadi pemimpin sing apik?

9 Apa sing isa kita sinaoni bab Yéhuwah saka critané Musa? Merga Yéhuwah kuwi Mahakuwasa, Yéhuwah isa waé nggunakké kuwasané kanggo nggawé Musa wedi lan akhiré manut. Ning, Yéhuwah kuwi sabar lan apikan. Yéhuwah janji nèk bakal mbantu abdiné sing andhap asor kuwi. Iki nggawé Musa isa dadi pemimpin sing apik kanggo bangsa Israèl. Musa niru Yéhuwah sing apikan lan perduli.​—Wi. 12:3.

Apa panjenengan apikan karo wong liya kayadéné Yéhuwah? (Deloken paragraf 10)

10. Apa manfaaté nèk kita perduli karo liyané kaya Yéhuwah?

10 Apa piwulangé? Nèk panjenengan nduwé wewenang marang liyané misalé dadi suami, wong tuwa, utawa pinituwa, penting banget niru Yéhuwah bèn isa perduli, apikan, lan sabar karo istri, anak-anak, lan para sedulur ing jemaat. (Kol. 3:19-21; 1 Ptr. 5:1-3) Nèk niru Yéhuwah lan Yésus, kuwi nggawé panjenengan isa nguwatké liyané lan gampang dicedhaki. (Mat. 11:28, 29) Uga dadi tuladha sing apik kanggo liyané.​—Ibr. 13:7.

CARANÉ YÉHUWAH NYLAMETKÉ UMATÉ

11, 12. Piyé carané Yéhuwah nggawé wong Israèl ngrasa aman wektu ninggalké Mesir?

11 Taun 1513 SM, luwih saka telung yuta wong Israèl sing ninggalké Mesir. Ing rombongan kuwi ana bocah-bocah, sing sepuh, lan mbokmenawa ana sing lara utawa cacad. Rombongan sing akèh kuwi mbutuhké Pemimpin sing perduli lan apikan. Lan Yéhuwah isa dadi Pemimpin sing kaya ngono liwat Musa sing dadi wakilé. Hasilé, wong-wong Israèl isa ngrasa aman senajan kudu ninggalké Mesir menyang panggonan sing durung tau ditekani.​—Ms. 78:52, 53.

12 Piyé carané Yéhuwah nggawé umaté ngrasa aman? Wektu metu saka Mesir, Yéhuwah ngatur bangsa Israèl kaya prajurit sing ”siyaga ing perang”. (Pa. 13:18) Merga diatur kanthi apik, wong-wong Israèl isa yakin nèk Yéhuwah sing ngendhalèni situasiné. Yéhuwah uga maringi ”méga” ing wayah awan lan ”padhanging geni” ing wayah wengi kanggo ngélingké nèk Yéhuwah isa nuntun lan ngayomi bangsa Israèl. (Ms. 78:14) Kuwi isa dadi bukti bèn imané bangsa Israèl saya kuwat wektu ngadhepi masalah sakbanjuré.

Piyé Yéhuwah nglindhungi bangsa Israèl ing Laut Merah? (Deloken paragraf 13)

13, 14. (a) Piyé Yéhuwah mbantu bangsa Israèl wektu nyabrang Laut Merah? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi luwih kuwat timbang Mesir?

13 Wacanen Pangentasan 14:19-22. Bayangna nèk panjenengan dadi wong Israèl. Posisiné lagi kejebak ing antarané pasukan Mesir lan Laut Merah. Banjur, Gusti Allah nggawé tugu méga sing mauné ana ing ngarepan, pindhah menyang mburi bèn wong-wong Mesir ora isa ndelok apa-apa merga peteng. Ning, ing panggonané wong Israèl dadi padhang njingglang. Musa ngethungké tangané ing ndhuwuré laut kuwi. Banjur, ana angin wétan sing kuwat banget teka lan nyigar banyu ing laut kuwi dadi loro. Dadi, rombongané wong Israèl bareng karo kabèh kéwané isa mlaku ing dhasar laut. Sing nggumunké dhasar lauté kuwi ora lunyu, lan ora ambles wektu diidak. Mula kabèh wong Israèl sing enom lan tuwa isa liwat kono lan slamet tekan sebrang laut.

14 Wacanen Pangentasan 14:23, 26-30. Bar kuwi, Firaun sing bodho lan sombong mulai ngoyak manèh. Musa ngethungké tangané manèh ing ndhuwuré laut, terus banyu laut mbalik manèh lan nglelebké Firaun sarta kabèh prajurité.​—Pa. 15:8-10.

15. Apa sing isa kita sinaoni bab Yéhuwah saka pengalamané bangsa Israèl?

15 Saka pengalamané bangsa Israèl, kita isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing tertib lan kuwi nggawé kita ngrasa aman. (1 Kor. 14:33) Kaya pangon sing sayang lan ngopèni wedhusé, Yéhuwah uga ngopèni umaté. Yéhuwah bakal nglindhungi umaté saka mungsuh-mungsuhé. Iki nggawé kita yakin lan ngrasa aman wektu pungkasané donya iki saya cedhak.​—WB. 1:3

16. Apa paédahé nèk nyinaoni carané Yéhuwah nylametké bangsa Israèl?

16 Saiki, Yéhuwah ya isih perduli karo umaté. Yéhuwah mbantu bèn para abdiné nduwé hubungan sing akrab karo Dhèwèké lan nglindhungi umaté saka para mungsuhé. Yéhuwah uga bakal terus nglindhungi kita wektu sengsara gedhé sing ora suwé manèh bakal kelakon. (Why. 7:9, 10) Dadi, kabèh abdiné sing isih enom, utawa sing wis tuwa, sing séhat utawa sing cacad, ora bakal wedi lan kuwatir wektu sengsara gedhé teka. * Abdiné Yéhuwah isa éling kandhané Yésus, ”Ngadega kanthi jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.” (Luk. 21:28) Wektu umaté Yéhuwah diserang karo Gog, kelompok bangsa sing luwih gedhé timbang Firaun, umaté yakin nèk Yéhuwah bakal ngayomi. (Yk. 38:2, 14-16) Apa sebabé isa yakin? Merga Yéhuwah isih tetep padha. Yéhuwah bakal mbuktèkké nèk nresnani lan ngayomi umaté.​—Yé. 26:3, 20.

17. (a) Apa paédahé nèk sinau crita-crita ing Alkitab bab carané Yéhuwah sing perduli karo umaté? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Ing artikel iki, kita wis sinau nèk Yéhuwah kuwi perduli lan apikan wektu nggatèkké, ngarahké, lan nylametké umaté. Wektu mikirké pengalaman-pengalaman sing wis disebutké mau, golèkana sipat-sipaté Yéhuwah sing durung panjenengan pahami sakdurungé. Panjenengan bakal luwih nresnani Yéhuwah, lan iman panjenengan bakal saya kuwat nèk sinau luwih akèh bab sipat-sipaté Yéhuwah. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal sinau piyé carané niru Yéhuwah wektu mikirké sing liyané ing keluarga, ing jemaat, lan wektu nginjil.

^ par. 3 Sejarawan Yahudi sing jenengé Yosefus kandha nèk wektu kuwi umuré Samuèl 12 taun.

^ par. 16 Mungkin sukmbèn bar Armagédon ya isih ana wong sing cacad. Wektu Yésus ing bumi, Yésus isa nambani kabèh ”masalah keséhatan” utawa kabèh sing cacad. Apa sing ditindakké Yésus kuwi bakal ditindakké marang wong-wong sing slamet saka Armagédhon. (Mat. 9:35) Nèk wong-wong sing diuripké manèh bakal éntuk badan sing séhat.