Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Nguwatké Liyané Nganggo Katresnan

Terusa Nguwatké Liyané Nganggo Katresnan

”Katresnan isa nguwatké.”​—1 KOR. 8:1.

LAGU: 109, 121

1. Bab penting apa sing dirembug Yésus karo para muridé?

BENGI sakdurungé séda, mèh ping 30 Yésus ngomongké bab katresnan. Yésus ngandhani para muridé supaya padha ”nresnani siji lan sijiné”. (Yoh. 15:12, 17) Katresnan sing diduduhké kuwi kétok cetha banget nganti wong-wong isa nitèni nèk wong-wong kuwi bener-bener muridé Yésus. (Yoh. 13:34, 35) Katresnan sing Yésus sebutké kuwi nduwé kuwasa sing gedhé lan nganti lila nggawé pengorbanan kanggo liyané. Yésus kandha, ”Ora ana wong sing nduwé katresnan sing luwih gedhé ketimbang wong sing masrahké nyawané kanggo sahabat-sahabaté. Kowé kuwi sahabat-sahabatku nèk kowé nindakké apa sing tak préntahké marang kowé.”​—Yoh. 15:13, 14.

2. (a) Apa sing dadi tanda pengenal umaté Yéhuwah saiki? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Para abdiné Yéhuwah jaman saiki dikenal merga rukun, sarta nduwé katresnan sing tulus lan ora mentingké awaké dhéwé. (1 Yoh. 3:10, 11) Ing sakdonya, umaté Yéhuwah bener-bener nresnani siji lan sijiné, ora masalah saka endi asalé, rasé, basané, utawa latar belakangé. Apa sebabé katresnan kuwi dibutuhké saiki? Piyé carané katresnané Yéhuwah lan Yésus isa nguwatké kita? Lan piyé carané kita isa nduduhké katresnan kanggo nguwatké liyané?​—1 Kor. 8:1.

APA SEBABÉ KATRESNAN KUWI DIBUTUHKÉ SAIKI

3. Apa sing dirasakké karo wong-wong jaman saiki?

3 Jaman saiki ’kahanané angèl diadhepi’ lan akèh sing ngrasakké nèk urip iki rekasa lan sengsara. (2 Tim. 3:1-5; Ms. 90:10) Akèh sing bener-bener sengsara nganti rasané péngin nyerah waé. Saben taun ana luwih saka 800.000 wong sing bunuh dhiri, rata-rata wong siji saben 40 detik. Sayangé, ana sedulur seiman kita sing uga nduwé perasaan kaya ngono lan akhiré bunuh diri.

4. Sebutna conto ing Alkitab sing wis tau rumangsa péngin mati.

4 Ing jaman Alkitab, ana abdiné Yéhuwah sing ngadhepi masalah sing abot nganti péngin mati. Contoné, Ayub wis tau kandha, ”Kawula sampun jelèh, kawula boten sagah gesang ing salaminipun.” (Ay. 7:16; 14:13) Yunus uga tau rumangsa kecewa banget nganti kandha, ”Dhuh Yéhuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung saé kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.” (Yn. 4:3) Nabi Élia uga tau kandha, ”Sampun samanten kémawon! Sapunika, dhuh Yéhuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula.” (1 Ra. 19:4) Ning Yéhuwah ora nyalahké para abdiné kuwi merga nduwé perasaan kaya ngono. Yéhuwah nresnani para abdiné sing setya lan péngin wong-wong kuwi tetep urip. Mula Yéhuwah mbantu wong-wong kuwi bèn nduwé semangat urip lan terus ngabdi kanthi setya.

5. Apa sebabé para sedulur saiki butuh ngrasakké katresnan?

5 Jaman saiki, akèh sedulur sing butuh ngrasakké katresnan merga ngalami kahanan sing marahi strès. Contoné, ana sing diécé utawa dianiaya. Ana manèh sing di-bully utawa digosipké ing panggonan nyambut gawé. Utawa, ana sing kekeselen merga kudu nyambut gawé sedina muput lan gawéané marahi strès. Sing liyané mungkin nduwé masalah keluarga. Contoné, mungkin ana sing bojoné ora seiman lan terus-terusan ngelokké. Mula, akhiré ana sing dadi nglokro lan rumangsa ora aji. Sapa sing isa mbantu?

TRESNANÉ YÉHUWAH SING NGUWATKÉ

6. Piyé katresnané Yéhuwah nguwatké para umaté?

6 Yéhuwah nggawé umaté yakin nèk Yéhuwah tresna karo umaté saiki lan saklawasé. Bayangna piyé perasaané wong-wong Israèl wektu Yéhuwah kandha, ”Sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira.” Yéhuwah uga kandha, ”Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira.” (Yé. 43:4, 5) Kita kabèh iki aji kanggoné Yéhuwah. * Alkitab kandha, ”[Yéhuwah] dadi Pahlawan sing kuwat, Panjenengané bakal nylametké. Panjenengané bakal bungah banget merga kowé.”​—Zf. 3:16, 17, Terjemahan Dunia Baru (NW).

7. Apa sebabé katresnané Yéhuwah isa dipadhakké karo ibu sing lagi ngemong anaké? (Deloken gambar ing kaca 8.)

7 Yéhuwah janji bakal nguwatké lan nentremké umaté sing lagi ngalami masalah. Yéhuwah kandha, ”Sira bakal padha nusu, bakal digéndhong, bakal diuthun-uthun ana ing pangkon. Kayadéné wong kang dilipur déning biyungé, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabèh.” (Yé. 66:12, 13) Bayangna piyé perasaané bayi sing digéndhong utawa dikudang karo ibuné. Yéhuwah tresna banget karo panjenengan lan péngin panjenengan rumangsa ayem.​—Ym. 31:3.

8, 9. Apa manfaaté nèk ngéling-éling katresnané Yésus?

8 Wong Kristen uga yakin nèk ditresnani Gusti Allah merga ”Gusti Allah tresna banget marang donya iki nganti maringké Putra siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé”. (Yoh. 3:16) Pengorbanané Yésus mbuktèkké nèk Yésus uga nresnani kita lan kuwi isa nguwatké kita. Alkitab kandha nèk ”kasangsaran, kasusahan” ora bakal isa ”misahké kita saka katresnané Gusti Allah, sing nyata liwat Kristus Yésus”.​—Rm. 8:35, 38, 39.

9 Kadhang kala, ana masalah sing nggawé kita lara utawa nglokro, utawa nggawé kita ora semangat ngabdi marang Yéhuwah. Ning, kita isa éntuk kekuwatan bèn tetep setya nèk ngéling-éling katresnané Yésus. (Wacanen 2 Korintus 5:14, 15.) Nèk mikirké katresnané Yésus, kita isa nduwé semangat kanggo urip lan ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi isa nggawé kita ora nyerah senajan ngalami bencana, dianiaya, ngrasa gela, utawa kuwatir.

NRESNANI PARA SEDULUR

Kita isa nguwatké liyané nèk sinau tuladhané Yésus (Deloken paragraf 10, 11)

10, 11. Nguwatké para sedulur kuwi tugasé sapa? Terangna.

10 Yéhuwah uga nduduhké katresnané sing nguwatké kita liwat jemaat. Dadi, nèk kita nresnani para sedulur, kuwi bukti nèk kita nresnani Yéhuwah. Kita perlu ngupaya kanggo mbantu para sedulur rumangsa aji lan ditresnani Yéhuwah. (1 Yoh. 4:19-21) Rasul Paulus nulis, ”Terusa padha nggedhèkké ati lan nguwatké siji lan sijiné kaya sing lagi padha kok tindakké.” (1 Tés. 5:11) Iki ora mung tugasé para pinituwa. Kabèh anggota jemaat isa niru Yéhuwah lan Yésus kanggo nguwatké para sedulur liyané.​—Wacanen Roma 15:1, 2.

11 Ana sedulur ing jemaat sing ngalami deprèsi lan gangguan kecemasan nganti butuh bantuané dokter lan psikiater. (Luk. 5:31) Senajan para pinituwa lan sedulur-sedulur ing jemaat dudu dokter sing terlatih, ning para sedulur kuwi isa mbantu lan nggedhèkké atiné sedulur liyané. Alkitab kandha, ”Omongna tembung-tembung sing nglipur marang wong sing cilik ati, bantunen wong sing ringkih, lan sabara marang kabèh wong.” (1 Tés. 5:14) Kita ngupaya ngrasakké apa sing dirasakké para sedulur. Kita perlu sabar lan nguwatké wong sing nglokro kanthi cara ngomong sing apik. Apa panjenengan isa nguwatké lan nentremké sing liyané? Piyé carané bèn isa nindakké bab kuwi luwih akèh?

12. Critakna pengalamané sedulur sing dikuwatké karo sedulur liyané.

12 Ana sedulur wadon ing Eropa kandha, ”Kadhang kala aku kepikiran kanggo bunuh diri. Ning, nyawaku dislametké merga bantuan saka para sedulur ing jemaat sing nresnani lan nggedhèkké atiku. Senajan ora kabèh sedulur ngerti nèk aku lagi strès, tapi aku éntuk bantuan saka para sedulur ing jemaat. Ana sedulur lanang lan bojoné sing wis tak anggep dadi wong tuwaku dhéwé, nggatèkké aku, lan bener-bener siap mbantu aku kapan waé aku butuh bantuan.” Pancèn, ora kabèh wong isa mbantu kaya ngono. Ning kita kabèh isa ngupaya kanggo nguwatké para sedulur. *

NGUWATKÉ LIYANÉ NGANGGO KATRESNAN

13. Piyé carané kita isa nguwatké liyané?

13 Kudu cepet ngrungokké. (Yak. 1:19) Kita isa nduduhké katresnan nèk gelem ngrungokké wong liya lan ngertèni perasaané. Kita isa takon nganggo cara sing apik, bèn isa paham perasaané. Nèk pancèn perduli tenan, kuwi kétok saka wajah kita. Wektu sedulur kuwi ngomong, aja nyela lan kudu sabar ngrungokké critané. Nèk kita cepet ngrungokké, kita bakal ngerti apa sing lagi dirasakké lan sedulur kuwi isa percaya karo kita. Nèk wis percaya, sedulur kuwi bakal luwih gampang kanggo ngrungokké saran sing isa mbantu dhèwèké. Nèk panjenengan perduli, para sedulur liyané bakal ngrasa dikuwatké.

14. Apa sebabé aja gampang ngritik wong liya?

14 Aja ngritik. Wong sing deprèsi isa tambah parah nèk dikritik. Kuwi nggawé kita angèl kanggo mbantu dhèwèké. Alkitab kandha, ”Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucapé wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilaté wong wicaksana nekakaké kawarasan.” (WB 12:18) Senajan ora nduwé maksud kanggo nglarani atiné, ning omongan sing tanpa dipikir dhisik isa nggawé keadaan dadi tambah parah. Mula, bèn isa nentremké atiné, kita kudu ngupaya kanggo ngertèni keadaané.​—Mat. 7:12.

15. Apa sing digunakké kanggo nglipur sing liyané?

15 Nggunakké Alkitab kanggo nglipur liyané. (Wacanen Roma 15:4, 5.) Alkitab kuwi asalé saka ”Gusti Allah sing mbantu kita tekun lan éntuk panglipuran”. Kita uga nduwé sarana yaiku Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah lan Indeks Publikasi Menara Pengawal. Sarana iki isa mbantu kita nggolèki ayat lan publikasi sing isa kita gunakké kanggo nglipur lan nggedhèkké atiné para sedulur.

16. Bèn isa nglipur sedulur sing deprèsi, kita kudu nduwé sipat apa?

16 Nduwéa welas asih. Yéhuwah kuwi bapak sing isa ngerti apa sing kita rasakké lan ”Bapak sing welas asih lan Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé”. (Wacanen 2 Korintus 1:3-6; Luk. 1:78; Rm. 15:13) Paulus dadi tuladha sing apik merga niru Yéhuwah. Paulus kandha, ”Aku kabèh tumindak alus marang kowé, kaya ibu sing nyusoni lan kanthi alus ngopèni bayiné. Merga aku kabèh bener-bener nresnani kowé, aku kabèh seneng martakké kabar apik bab Gusti Allah marang kowé, lan aku kabèh lila masrahké uripku kanggo mbantu kowé.” (1 Tés. 2:7, 8) Mbokmenawa kita isa dadi jawaban saka dongané para sedulur nèk kita nduwé welas asih kaya Yéhuwah.

17. Piyé kuduné pandhangan kita bab para sedulur?

17 Aja nganggep nèk para sedulur kuwi isa dadi sampurna. Nèk kita nuntut para sedulur kudu dadi sampurna, kuwi isa nggawé kecéwa. (Ko. 7:21, 22) Yéhuwah waé ora nuntut kita dadi sampurna. Dadi kita perlu sabar karo liyané. (Éf. 4:2, 32) Kita isa ngajèni lan nyemangati apa sing wis ditindakké, uga ora mbandhing-mbandhingké karo liyané. Kuwi nggawé sedulur kuwi dadi bungah wektu ngabdi marang Yéhuwah.​—Gal. 6:4.

18. Apa sebabé kita kudu nguwatké siji lan sijiné?

18 Kabèh abdiné Yéhuwah kuwi aji kanggoné Yéhuwah lan Yésus. (Gal. 2:20) Kita tresna banget karo para sedulur. Alkitab kandha nèk kita kudu ’nindakké apa waé sing nggawé rukun karo wong liya lan sing nguwatké siji lan sijiné’. (Rm. 14:19) Kita péngin Firdaus ndang kelakon, ing kono ora bakal ana rasa kecewa, masalah keluarga, penyakit, mati merga dosa, perang, lan penganiayaan. Sakwisé sèwu taun kabèh manungsa bakal dadi sampurna. Wong sing tetep setya nganti saklawasé bakal dadi anak angkaté Yéhuwah sing ana ing bumi, lan bakal ngrasakké bungah merga ”nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah”. (Rm. 8:21) Dadi, duduhna katresnan sing isa nguwatké para sedulur. Bantunen para sedulur bèn isa tetep setya nganti mlebu ing donya anyar.

^ par. 6 Deloken buku Mendekatlah kepada Yehuwa bab 24.

^ par. 12 Kanggo mbantu wong-wong sing kepikiran bunuh diri, deloken artikel ing Sedarlah! ”Buat Apa Hidup? Pikirkan Tiga Alasan untuk Terus Hidup” (April 2014); ”Bila Anda Merasa Seperti Tidak Mau Hidup Lagi” (Januari 2012); lan ”Kehidupan Memang Berharga” (22 Oktober 2001).