Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tirunen Yéhuwah sing Gatèkan lan Apikan

Tirunen Yéhuwah sing Gatèkan lan Apikan

”Rahayu wong kang nggatèkaké marang wong kang ringkih.”​—MS. 41:2.

LAGU: 130, 107

1. Piyé carané abdiné Yéhuwah nduduhké katresnan marang liyané?

ABDINÉ Yéhuwah sakdonya kuwi nresnani siji lan sijiné kaya keluarga. (1 Yoh. 4:16, 21) Kanggo nduduhké katresnan kadhang kala nganti nggawé pengorbanan sing gedhé. Ning biasané carané nduduhké katresnan mung mènèhi bantuan sing sepélé. Contoné, ngomong lan tumindak sing apik marang liyané. Nèk nindakké kuwi kita niru Yéhuwah sing gatèkan lan apikan.—Éf. 5:1.

2. Piyé carané Yésus niru Yéhuwah?

2 Yésus tumindak apikan marang liyané merga niru Yéhuwah. Yésus kandha, ”Hé, kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh.” (Mat. 11:28, 29) Nèk kita niru Yésus lan ”nggatèkaké marang wong kang ringkih”, kita isa nyenengké Yéhuwah lan kita dhéwé uga isa bungah. (Ms. 41:2) Ing artikel iki kita bakal sinau carané nggatèkké keluarga, para sedulur, lan wong-wong sing kita temoni wektu nginjil.

NGGATÈKKÉ KELUARGA

3. Piyé carané suami nggatèkké istriné? (Deloken gambar ing kaca 27.)

3 Suami kudu dadi tuladha lan nduduhké nèk dhèwèké perduli karo keluargané. (Éf. 5:25; 6:4) Alkitab kandha nèk suami kudu nggatèkké lan pangertèn marang istriné. (1 Ptr. 3:7) Wong wadon kuwi pancèn béda banget karo wong lanang. Ning, suami sing pangertèn ora bakal nganggep nèk dhèwèké luwih unggul timbang bojoné. (Pd. 2:18) Suami ngajèni lan nggatèkké perasaan bojoné. Wong wadon saka Kanada nyritakké bab suaminé, ”Bojoku wong sing sabar ngrungokké, ora tau ngrèmèhké perasaanku lan ora tau ngomong, ’Kowé kuwi kok sensitif banget!’ Dhèwèké uga mbantu aku ngowahi cara pikirku nganggo cara sing apik.”

Suami péngin setya karo bojoné merga nresnani bojoné lan gething karo sing ala

4. Piyé suami isa nduduhké nèk perduli karo perasaané bojoné?

4 Suami sing perduli karo perasaané bojoné ora bakal nggodha utawa nduduhké minat sing ora pantes karo wong wadon liyané, mbuh kuwi langsung utawa liwat media sosial utawa Internèt. (Ay. 31:1) Dhèwèké uga ora nggunakké media sosial kanggo nggodha lan ndelok situs wèb sing bejat. Dhèwèké péngin setya karo bojoné merga nresnani bojoné, nresnani Yéhuwah, lan gething karo sing ala.​—Wacanen Jabur 19:15; 97:10.

5. Piyé wong wadon isa nggatèkké bojoné?

5 Nèk suami niru tuladhané Yésus, istriné bakal luwih gampang kanggo ”bener-bener ngajèni” suaminé. (Éf. 5:22-25, 33) Nèk sing wadon ngajèni bojoné, dhèwèké bakal perduli karo sing lanang, contoné wektu sing lanang sibuk ngurusi urusan ing jemaat utawa lagi ngadhepi masalah. Wong lanang ing Inggris kandha, ”Biasané bojoku ngerti nèk aku lagi ngadhepi masalah merga nggatèkké sikapku sing rada berubah. Banjur, Bojoku ngetrapké naséhat ing Wulang Bebasan 20:5 kanthi cara ngentèni wektu sing pas kanggo ”ngangsu” apa sing tak pikirké. Lan aku bakal crita nèk kuwi ora rahasia.”

6. Piyé kita kabèh isa mbantu bocah-bocah nggatèkké liyané, lan apa manfaaté kanggo dhèwèké?

6 Wong tuwa sing ngajèni siji lan sijiné bakal dadi tuladha sing apik kanggo anak-anaké. Wong tuwa uga kudu mulang anaké bèn nggatèkké lan apikan karo liyané. Contoné, wong tuwa mulang anak-anaké bèn ora mlayu-mlayu ing Balé Ibadah. Utawa wektu mangan bareng, wong tuwa isa ngomongi anaké bèn wong liya sing njupuk maemé dhisik. Kita kabèh isa ndhukung keluarga sing nduwé anak ing jemaat. Contoné, wektu ana bocah sing mbukakké lawang, kita isa ngalem dhèwèké merga wis nindakké bab sing apik. Nèk dialem, bocah-bocah bakal seneng lan dhèwèké isa sinau nèk ”luwih bungah mènèhi ketimbang nampani”.​—Kis. 20:35.

NGGATÈKKÉ PARA SEDULUR

7. Piyé Yésus nggatèkké wong lanang sing budheg, lan apa sing isa kita sinaoni saka tuladhané Yésus?

7 Wektu Yésus ing dhaérah Dékapolis ”wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing nduwé gangguan wicara”. (Mrk. 7:31-35) Ning, Yésus ”nggawa wong kuwi ngedoh saka wong-wong liyané”, merga Yésus paham karo perasaané wong budheg kuwi. Dhèwèké mesthi isin nèk ditambani ing ngarepé wong akèh. Pancèn, kita ora isa nggawé mukjijat, ning kita kudu mikirké perasaané wong liya, apa sing dhèwèké butuhké, lan apikan karo dhèwèké. Rasul Paulus kandha, ”Ayo kita nggatèkké siji lan sijiné supaya isa nguwatké siji lan sijiné kanggo nduduhké katresnan lan nindakké apa sing apik.” (Ibr. 10:24) Kita isa niru tuladhané Yésus sing apikan lan peka karo perasaané wong liya.

Merga tresna kita isa ngupaya kanggo mbantu para sedulur sing wis sepuh lan sing cacad

8, 9. Apa buktiné nèk kita nggatèkké para sedulur sing wis sepuh lan sing cacad? (Wènèhana conto.)

8 Gatèkna sing sepuh lan sing cacad. Tandha utama wong Kristen kuwi katresnan. (Yoh. 13:34, 35) Merga tresna kita isa ngupaya kanggo mbantu para sedulur sing wis sepuh lan sing cacad bèn isa teka ing pakumpulan ibadah lan nginjil. Kita seneng mbantu, senajan sing dibantu kuwi nduwé keterbatasan. (Mat. 13:23) Michael, sing nggunakké kursi roda, kandha, ”Maturnuwun banget merga bantuané keluargaku lan para sedulur. Aku dadi isa ajeg ngibadah lan nginjil. Sing paling tak senengi yaiku nginjil ing panggonan umum.”

9 Ing salah siji Bètel, ana para sedulur sing wis sepuh lan cacad. Pinituwa wilayah nggawé pengaturan kanggo mbantu para sedulur kuwi bèn isa nginjil liwat surat lan nggunakké télpon. Sedulur Bill, sing umuré 86 taun, nulis surat kanggo wong-wong ing dhaérah plosok. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng isa éntuk kaurmatan kanggo isa nulis surat.” Nancy, sing umuré mèh 90 taun, kandha, ”Aku nganggep nèk surat iki ya kaya lagi dinas, ora mung nulis surat lan dilebokké ing amplop. Wong-wong kudu ngerti kabar apik.” Ethel, sing lair ing taun 1921, kandha, ”Aku wis biasa ngrasakké lara. Kadhang kala nganggo klambi waé aku kangèlan.” Senajan ngono Ethel seneng nginjil liwat télpon lan nduwé kunjungan sing apik banget. Barbara, sing umuré 85 taun, njelaské, ”Merga aku kerep lara, aku ora isa ajeg nginjil. Ning aku isa nginjil liwat télpon. Maturnuwun Yéhuwah.” Ing wektu ora ana setaun, para sedulur sepuh ing Bètel kuwi nggunakké 1.228 jam kanggo nginjil, isa nulis 6.265 surat, uga mènèhi 2.000 kesaksian liwat télpon, lan mbagèkké 6.315 publikasi. Upayané para sedulur sepuh kuwi nyenengké Yéhuwah.​—WB. 27:11.

10. Piyé kita isa mbantu sedulur liya isa éntuk manfaat sing akèh saka pakumpulan ibadah?

10 Nggatèkké wektu ing pakumpulan ibadah. Kita péngin mbantu sedulur liya isa éntuk manfaat sing akèh saka pakumpulan ibadah. Carané yaiku, teka gasik bèn ora ngganggu liyané. Pancèn kadhang kala ana kedadéan sing nggawé kita telat. Ning nèk kita kerep telat, coba pikirna pengaruhé marang sedulur liyané. Nèk kita perduli marang sedulur liyané, kita mesthi gelem ngowahi kebiasaan sing èlèk kuwi. Élinga, nèk Yéhuwah lan Yésus sing ngundang kita teka ing pakumpulan ibadah. (Mat. 18:20) Dadi, kita bakal ngupaya teka gasik ing pakumpulan ibadah merga ngajèni sing ngundang.

11. Apa sebabé para sedulur sing éntuk bagéan ing pakumpulan ibadah kudu ngetrapké 1 Korintus 14:40?

11 Nèk nggatèkké para sedulur, kita bakal ngetrapké pathokan Alkitab iki, ”Kabèh perkara kudu kelakon kanthi apik lan tumata.” (1 Kor. 14:40) Nèk ngetrapké pathokan iki, para sedulur sing éntuk bagéan ing pakumpulan ibadah kudu tepat waktu pas nyampèkké bagéané. Nèk nindakké kuwi kita ora mung nggatèkké sedulur liya sing éntuk bagéan sakbanjuré ning uga nggatèkké kabèh sedulur ing jemaat. Nèk pakumpulan ibadah rampungé telat, pikirna sedulur-sedulur sing omahé adoh, sing kudu numpak bis utawa angkot, lan sing bojoné ora seiman.

12. Apa sebabé para pinituwa kudu diajèni lan ditresnani? (Deloken kothak ” Gatèkan karo Wong-Wong sing Dilantik”.)

12 Para pinituwa wis sregep mbantu jemaat lan semangat nginjil. (Wacanen 1 Tésalonika 5:12, 13.) Mula, kita kudu ngajèni lan nresnani para pinituwa nganggo cara manut lan ndhukung para pinituwa, ”merga wong-wong kuwi sing njaga [kita] lan sing bakal tanggung jawab marang Gusti Allah”.​—Ibr. 13:7, 17.

NGGATÈKKÉ WONG WEKTU NGINJIL

13. Apa sing isa kita sinaoni saka tuladhané Yésus?

13 Yésaya nulis ramalan bab Yésus, kandhané, ”Batang sing remuk ora bakal diceklèkké, lan sumbu sing mèh mati ora bakal dipatèni.” (Yé. 42:3, NW) Merga nduwé katresnan, Yésus isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya. Yésus uga sabar lan apikan marang wong-wong sing nglokro lan ora kuwat kaya ”batang sing remuk” lan sumbu ”sing mèh mati”. Sipat-sipaté Yésus kuwi nggawé bocah-bocah cilik uga péngin cedhak karo Yésus. (Mrk. 10:14) Pancèn kita ora isa ngertèni lan mulang wong-wong kaya sing ditindakké Yésus. Ning, kita isa nggatèkké wong-wong ing dhaérah nginjil kita, nganggo cara nggatèkké carané kita ngomong, kapan marani wong-wong, lan sepira suwéné kita ngomong.

Dadi carané kita ngomong kudu nduduhké nèk kita perduli karo wong-wong kuwi

14. Apa sebabé kita kudu nggatèkké carané kita ngomong?

14 Piyé carané kita ngomong? Dunia bisnis, politik, lan agama saiki nggawé wong-wong sengsara, kaya-kaya wong-wong kuwi padha ”dikuliti lan dibuwang”. (Mat. 9:36, ctn.) Mulané akèh wong saiki ora percaya sapa-sapa lan ora nduwé pangarep-arep. Dadi carané kita ngomong kudu nduduhké nèk kita perduli karo wong-wong kuwi. Akèh wong péngin ngrungokké omongané dhéwé ora mung merga kita nggunakké Alkitab, ning merga kita nggatèkké lan ngajèni wong-wong kuwi.

15. Apa cara sing isa kita tindakké kanggo nggatèkké wong-wong ing dhaérah nginjil kita?

15 Ana akèh cara kita isa nggatèkké wong liya. Wektu mènèhi pitakonan, pitakonané kudu apik lan isa ditampa. Ana salah siji perintis sing nglayani ing dhaérah sing wong-wongé isinan. Dadi, perintis kuwi ora ngajokké pitakonan sing nggawé wong-wong liya dadi isin nèk ora mènèhi jawaban sing bener. Sedulur kuwi ora takon, ”Apa panjenengan ngerti jenengé Gusti Allah?” utawa ”Apa panjenengan ngerti Kratoné Gusti Allah kuwi apa?” Ning dhèwèké kandha, ”Aku sinau saka Alkitab nèk Gusti Allah nduwé jeneng, apa panjenengan péngin tak duduhi jenengé?” Cara iki ora isa ditrapké ing kabèh panggonan, merga kebudayaan lan wong-wongé uga béda. Ning, kita kudu tetep nggatèkké wong ing dhaérah kita kanthi cara sing apik. Bèn isa nindakké iki, kita kudu kenal tenan karo wong-wongé.

16, 17. Piyé carané kita nduduhké pangertèn wektu mutuské (a) kapan arep marani wong-wong? (b) sepira suwéné ngomong?

16 Kapan marani wong-wong? Wektu kita nginjil saka omah ing omah, wong-wong biasané ora ngira nèk kita bakal teka. Mula penting banget nèk kita marani wong-wong ing wektu sing cocog. (Mat. 7:12) Contoné, mungkin ing dhaérah panjenengan akèh wong padha tangi awan wektu akhir pekan. Dadi, luwih apik nèk panjenengan mulai nginjil ing dhaérah umum, utawa marani manèh wong sing isa diparani manèh ésuk-ésuk.

17 Sepira suwéné ngomong? Wektu sepisanan teka, aja ngomong suwé-suwé, merga isa waé sing ditemoni lagi sibuk. (1 Kor. 9:20-23) Nèk kita nduduhké pangertèn wektu wong liya lagi sibuk, isa waé wong kuwi gelem ngomong luwih suwé wektu ketemu manèh. Kita kudu nduduhké sipat-sipat saka wohé roh suci wektu nginjil. Nèk nindakké kuwi kita isa dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”, hasilé kita bakal digunakké Yéhuwah kanggo mbantu wong liya ngerti wulangan sing bener.​—1 Kor. 3:6, 7, 9.

18. Apa paédahé nèk kita nggatèkké liyané?

18 Dadi, kita perlu ngupaya kanggo nggatèkké keluarga, para sedulur, lan wong-wong sing ditemoni wektu nginjil. Nèk nindakké kuwi kita bakal ngrasakké akèh berkah saiki lan mbésuk. Alkitab kandha, ”Rahayu wong kang nggatèkaké marang wong kang ringkih! Wong iku bakal dipitulungi Sang Yéhuwah ing wektu nandhang sangsara. Pangéran Yéhuwah bakal ngayomi lan ngopèni nyawané, temah kasebut wong begja ana ing bumi.”​—Jabur 41:2, 3.