Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 31

”Kita Ora Nyerah”

”Kita Ora Nyerah”

”Kuwi sebabé kita ora nyerah.”​—2 KOR. 4:16.

LAGU 128 Setya Nganti Pungkasan

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing kudu ditindakké wong Kristen bèn isa tetep setya nganti akhir?

URIPÉ wong-wong Kristen kuwi isa dipadhakké kaya balapan mlayu. Kaya atlét sing bakal terus mlayu bèn isa tekan garis finis, awaké dhéwé ya perlu terus semangat ngabdi marang Yéhuwah bèn isa tetep setya nganti akhir. Naséhaté Paulus kanggo wong-wong Kristen ing Filipi isa nguwatké awaké dhéwé bèn luwih semangat ngabdi. Wektu kuwi, ana wong-wong Kristen ing Filipi sing wis setya nganti pirang-pirang taun. Ning, wong-wong kuwi dikèki naséhat bèn terus tekun. Paulus péngin wong-wong kuwi niru dhèwèké sing ”ngupaya tenanan kanggo éntuk hadiah”.​—Flp. 3:14.

2. Apa sebabé naséhaté Paulus cocog kanggo wong-wong Filipi wektu kuwi?

2 Naséhaté Paulus kuwi cocog merga wong-wong Kristen ing Filipi wis ngadhepi tantangan kèt jemaat kuwi mulai dibentuk. Awalé, Yéhuwah ngongkon Paulus lan Silas kanggo ’lunga menyang Makédonia’. Mula, ing taun 50 M, Paulus lan Silas mulai nginjil ing Filipi. (Kis. 16:9) Ing kono, Paulus lan Silas ketemu karo Lidia sing ”mèlu ngrungokké, . . . lan Yéhuwah mbantu dhèwèké nggatèkké” kabar apik. (Kis. 16:14) Akhiré, Lidia lan wong-wong sing manggon ing omahé dibaptis. Ning, Sétan ora seneng. Wong-wong nggawa Paulus lan Silas menyang para panguwasa ing kutha kuwi lan ngomong nèk wong loro kuwi nggawé masalah. Akibaté, Paulus lan Silas digebugi, dipenjara, lan dikongkon lunga saka kutha kuwi. (Kis. 16:16-40) Ning, Paulus lan Silas ora nyerah. Kuwi dadi conto kanggo para sedulur ing jemaat sing lagi waé dibentuk ing Filipi. Hasilé, para sedulur kuwi ya isa tetep setya.

3. Apa sing kudu ditindakké Paulus bèn isa terus setya, lan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Paulus ora gelem nyerah. (2 Kor. 4:16) Paulus ngerti nèk dhèwèké kudu ngupaya tenanan bèn isa terus setya nganti akhir. Awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa disinaoni saka contoné Paulus lan para sedulur sing tetep setya senajan ngalami tantangan. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé harapan ing masa depan isa mbantu awaké dhéwé terus semangat.

SINAU SAKA PAULUS

4. Apa buktiné nèk Paulus tetep semangat nginjil?

4 Wektu nulis surat kanggo wong-wong Filipi, Paulus lagi dadi tahanan ing omahé ing Roma. Dadi, dhèwèké ora isa bébas nginjil. Ning, Paulus tetep nginjil marang wong-wong sing ngunjungi dhèwèké lan nulis surat kanggo jemaat-jemaat. Saiki, ana akèh sedulur ya ora isa metu saka omah, misalé merga wis tuwa utawa lara. Ning, para sedulur kuwi terus nggunakké saben kesempatan kanggo nginjil marang wong-wong sing teka ing omahé lan nulis surat kanggo wong-wong sing ora isa ditemoni langsung.

5. Nurut Filipi 3:12-14, apa waé sing Paulus tindakké bèn isa terus ngutamakké tugas pelayanané?

5 Paulus terus ngutamakké tugas pelayanané, ora soal apa waé sing wis kelakon mbiyèné. Dhèwèké kandha nèk wong Kristen kudu ”nglalèkké perkara-perkara sing ana ing mburi” bèn isa ”ngupaya éntuk perkara-perkara sing ana ing ngarep”, yaiku bèn isa tetep setya nganti akhir. (Wacanen Filipi 3:12-14.) Apa waé sing Paulus tindakké bèn isa terus ngutamakké tugas pelayanané? Pertama, sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus kuwi wong Yahudi sing suksès. Ning, kuwi kabèh dianggep ”sampah”. (Flp. 3:3-8) Keloro, Paulus mungkin rumangsa bersalah merga tau nganiaya wong Kristen, ning kuwi ora nggawé dhèwèké dadi mandheg ngabdi. Ketelu, Paulus ora ngrasa nèk apa sing ditindakké kanggo Yéhuwah kuwi wis cukup. Paulus wis tenanan nindakké tugas pelayanané nganti dipenjara, digebugi, dibandhemi watu, ngalami kapal kèrem, kekurangan panganan, lan kekurangan klambi. (2 Kor. 11:23-27) Senajan ngono, Paulus ngerti nèk dhèwèké kudu terus ngupaya bèn isa tetep setya nganti akhir. Awaké dhéwé ya perlu niru Paulus.

6. Apa waé sing dimaksud ”perkara-perkara sing ana ing mburi”?

6 Piyé carané ”nglalèkké perkara - perkara sing ana ing mburi”, kaya sing Paulus tindakké? Mungkin awaké dhéwé isih ngrasa bersalah merga wis nindakké dosa mbiyèné, padahal kesalahané awaké dhéwé mungkin wis diampuni karo Yéhuwah. Nèk ngono, awaké dhéwé isa sinau luwih akèh soal korban tebusan Yésus, ngrenungké kuwi, lan ndonga marang Yéhuwah bèn ora terus-terusan ngrasa bersalah. Sakliyané kuwi, mungkin awaké dhéwé wis ninggalké gawéan sing gajiné gedhé bèn isa ngutamakké gawéan nginjil. Kaya Paulus, awaké dhéwé ora perlu gela merga wis nggawé pengorbanan sing kaya ngono. (Wi. 11:4-6; Ko. 7:10) ”Perkara-perkara sing ana ing mburi” kuwi ya termasuk kabèh sing wis awaké dhéwé tindakké kanggo Yéhuwah lan tantangan sing berhasil diadhepi mbiyèn. Nèk awaké dhéwé ngéling-éling berkah lan dhukungané Yéhuwah, awaké dhéwé pancèn isa dadi saya akrab karo Yéhuwah. Ning, aja nganti kuwi nggawé awaké dhéwé dadi ngrasa nèk apa sing ditindakké kanggo Yéhuwah kuwi wis cukup.​—1 Kor. 15:58.

Awaké dhéwé kudu terus fokus lan ngupaya tetep setya nganti akhir (Deloken paragraf 7)

7. Kaya sing disebutké ing 1 Korintus 9:24-27, piyé carané bèn isa tetep setya nganti akhir? Wènèhana perumpamaan.

7 Yésus kandha, ”Ngupayaa sakuwaté tenagamu.” (Luk. 13:23, 24) Paulus ngerti nèk dhèwèké kudu niru Yésus, yaiku ngupaya bèn tetep setya nganti akhir. Paulus ya kandha nèk wong-wong Kristen kuwi kaya atlét sing mèlu balapan mlayu. (Wacanen 1 Korintus 9:24-27.) Atlét sing mèlu balapan kudu terus fokus wektu mlayu. Nèk misalé ana sing kétok nyenengké utawa ana toko-toko ing dalan sing diliwati pas mlayu, apa atlét kuwi bakal mandheg lan ndelok-ndelok barang ing toko? Nèk péngin menang, dhèwèké ora bakal nindakké kuwi. Kaya atlét kuwi, awaké dhéwé kudu terus fokus. Nèk awaké dhéwé terus setya nganti akhir lan semangat ngabdi kaya Paulus, awaké dhéwé isa éntuk hadiah urip saklawasé.

TETEP NGABDI SENAJAN ANA TANTANGAN

8. Telung tantangan apa waé sing bakal dirembug?

8 Ana telung tantangan sing isa nggawé awaké dhéwé dadi ora semangat, yaiku harapan sing durung kelakon, masalah keséhatan, lan dianiaya nganti pirang-pirang taun. Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané wong-wong sing berhasil ngatasi tantangan-tantangan kuwi.​—Flp. 3:17.

9. Nèk ana harapan sing durung kelakon, apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé?

9 Harapan sing durung kelakon. Awaké dhéwé mesthi péngin janji-janjiné Yéhuwah ndang kelakon. Nabi Habakuk ya tau kandha karo Yéhuwah nèk dhèwèké péngin Yéhuwah ndang nyingkirké wong-wong jahat ing Yéhuda. Terus, Yéhuwah ngandhani Habakuk, ”Entènana.” (Hb. 2:3) Nèk harapané awaké dhéwé ora ndang kelakon, awaké dhéwé mungkin isa dadi ora semangat, lan malah dadi kecéwa. (WB. 13:12) Misalé, akèh sedulur sing mikir nèk dhèwèké bakal diangkat munggah swarga ing taun 1914. Ning, wektu harapan kuwi ora kelakon, apa sing ditindakké para sedulur?

Royal lan Pearl Spatz tetep setya ngabdi nganti pirang-pirang taun senajan harapané wektu kuwi ora kelakon (Deloken paragraf 10)

10. Apa sing ditindakké Sedulur Royal Spatz lan bojoné wektu harapané ora kelakon?

10 Gatèkna pengalamané Sedulur Royal Spatz lan bojoné, sing jenengé Pearl. Royal dibaptis taun 1908 pas umuré 20 taun. Merga yakin nèk bakal munggah swarga taun 1914, dhèwèké ngejak Pearl nikah ing taun 1911. Jebulé harapané kanggo munggah swarga ing taun kuwi ora kelakon. Ning, Royal lan bojoné ngerti nèk sing paling penting kuwi tetep setya ngabdi marang Yéhuwah, ora soal harapané kelakon utawa ora. Dadi, wong loro kuwi tetep semangat ngabdi lan setya nganti mati. Awaké dhéwé mesthi péngin jenengé Yéhuwah ndang diluhurké lan janji-janjiné ndang kelakon. Awaké dhéwé isa yakin nèk kuwi mesthi bakal kelakon ing wektu sing wis dipilih karo Yéhuwah. Karo ngentèni kuwi kelakon, awaké dhéwé perlu terus semangat ngabdi lan ora nyerah senajan harapané durung kelakon.

Arthur Secord tetep semangat ngabdi senajan wis tuwa banget (Deloken paragraf 11)

11-12. Apa sebabé awaké dhéwé isa tetep ngabdi senajan nduwé masalah keséhatan? Wènèhana conto.

11 Masalah keséhatan. Atlét balapan mlayu biasané kudu kuwat awaké. Ning, awaké dhéwé ora kudu kuwat awaké bèn isa terus semangat ngabdi marang Yéhuwah. Malah, ana akèh sedulur sing isih tetep semangat ngabdi senajan awaké wis ora séhat lan kuwat. (2 Kor. 4:16) Contoné, ana sedulur sing jenengé Arthur Secord, sing umuré 88 taun lan wis 55 taun ngabdi ing Bètel. Wektu kuwi ana perawat sing ngrawat dhèwèké kandha, ”Sedulur Secord, wis akèh sing njenengan tindakké kanggo nyenengké Yéhuwah.” Sedulur Secord mèsem lan njawab, ”Ya, bener. Ning, sing penting kuwi dudu apa sing wis awaké dhéwé tindakké. Sing penting yaiku apa awaké dhéwé isih tetep setya nganti saiki.”

12 Awaké dhéwé mungkin wis ngabdi nganti pirang-pirang taun lan saiki nduwé masalah keséhatan. Awaké dhéwé ora perlu dadi cilik ati senajan saiki mungkin wis ora kuwat kaya mbiyèn. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngajèni apa waé sing wis awaké dhéwé tindakké kanggo Dhèwèké. (Ibr. 6:10) Ora soal sepira akèhé sing isa awaké dhéwé tindakké saiki, awaké dhéwé tetep isa mbuktèkké nèk awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah. Sing penting awaké dhéwé terus semangat lan tumindak sak isa-isané kanggo ngabdi. (Kol. 3:23) Yéhuwah ora njaluk awaké dhéwé nindakké apa sing ngluwihi kemampuané awaké dhéwé.​—Mrk. 12:43, 44.

Anatoly lan Lidiya Melnik tetep setya senajan dianiaya nganti pirang-pirang taun (Deloken paragraf 13)

13. Apa buktiné nèk Sedulur Anatoly lan Lidiya tetep setya ngabdi senajan dianiaya, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

13 Dianiaya nganti pirang-pirang taun. Contoné, ana sedulur lanang sing jenengé Anatoly Melnik. * Wektu umuré 12 taun, bapaké dicekel polisi, dipenjara, lan digawa lunga menyang Siberia, sing adohé luwih saka 7.000 kilomèter saka omahé ing Moldova. Setaun sakwisé kuwi, Anatoly, ibuné, lan mbahé ya digawa lunga menyang Siberia. Ing kana, Anatoly lan keluargané akhiré isa berhimpun, ning kudu mlaku 30 kilomèter menyang désa liya. Padahal ing kono hawané adhem banget lan ana saljuné. Anatoly nduwé bojo sing jenengé Lidiya lan nduwé anak wédok siji. Wektu anaké umur setaun, Anatoly dipenjara manèh telung taun. Senajan ngadhepi tantangan nganti pirang-pirang taun, ning Anatoly lan keluargané tetep setya ngabdi. Saiki, umuré Anatoly 82 taun lan dhèwèké dadi anggota Panitia Cabang ing Asia Tengah. Kaya Anatoly lan Lidiya, awaké dhéwé ya perlu tumindak sak isa-isané kanggo ngabdi lan terus setya marang Yéhuwah.​—Gal. 6:9.

TERUS FOKUS KARO HARAPAN ING MASA DEPAN

14. Paulus ngerti nèk dhèwèké kudu nindakké apa bèn isa éntuk hadiah?

14 Paulus yakin nèk dhèwèké isa tetep setya nganti akhir. Paulus kuwi diurapi roh suci, dadi dhèwèké nduwé harapan kanggo éntuk hadiah ”urip ing swarga”. Ning, Paulus ngerti nèk dhèwèké kudu ”ngupaya tenanan” bèn isa éntuk hadiah kuwi. (Flp. 3:14) Paulus nggunakké perumpamaan sing apik wektu njelaské marang wong-wong Filipi soal carané tetep fokus bèn isa éntuk hadiah.

15. Apa sebabé Paulus nggunakké perumpamaan soal warga negara wektu ngandhani para sedulur ing Filipi bèn ”ngupaya tenanan”?

15 Paulus kandha karo para sedulur ing Filipi nèk para sedulur kuwi bakal dadi warga negara ing swarga. (Flp. 3:20) Apa sebabé Paulus ngomongké soal warga negara? Ing jaman kuwi, wong-wong biasané bangga nèk isa dadi warga negara Romawi. * Ning, wong-wong Kristen sing diurapi roh suci isa dadi warga negara ing swarga yaiku pamréntahan sing luwih apik ketimbang pamréntahan Romawi. Dadi, wong-wong Kristen kuwi kuduné luwih bangga. Mula, Paulus ngandhani para sedulur ing Filipi supaya ’dadi warga negara sing uripé cocog karo kabar apik bab Kristus’. (Flp. 1:27, ctn.) Saiki, wong-wong Kristen sing diurapi roh suci ya dadi conto sing apik merga terus ngupaya tenanan bèn isa éntuk harapan urip ing swarga.

16. Nurut Filipi 4:6, 7, apa sing kudu terus awaké dhéwé tindakké?

16 Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn isa éntuk hadiah, ora soal awaké dhéwé nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing swarga utawa ing bumi. Aja nganti awaké dhéwé ora semangat ngabdi merga terus mikirké apa sing wis kelakon mbiyèn. (Flp. 3:16) Awaké dhéwé ora perlu ”nguwatirké apa waé”, senajan awaké dhéwé mungkin nduwé harapan sing durung kelakon, nduwé masalah keséhatan, utawa dianiaya nganti pirang-pirang taun. Awaké dhéwé isa ndonga lan nyritakké kekuwatirané awaké dhéwé marang Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé isa ngrasakké katentreman sing luar biasa saka Yéhuwah.​—Wacanen Filipi 4:6, 7.

17. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Atlét balapan mlayu bakal saya semangat mlayuné nèk wis mèh tekan garis finis. Awaké dhéwé ya kudu saya semangat nindakké tugas pelayanan merga ora suwé manèh janjiné Yéhuwah bakal kelakon. Piyé carané awaké dhéwé isa terus setya lan semangat ngabdi? Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing kudu diutamakké lan piyé carané ”mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting”.​—Flp. 1:9, 10.

LAGU 79 Tulungana sing Sinau Bèn Isa Setya

^ par. 5 Awaké dhéwé perlu terus semangat lan setya ngabdi marang Yéhuwah. Rasul Paulus nyemangati para sedulur seimané bèn ora nyerah. Awaké dhéwé ya isa dadi luwih semangat nèk maca suraté Paulus kanggo wong-wong Filipi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané ngetrapké kata-katané Paulus kuwi.

^ par. 13 Pengalamané Sedulur Melnik ana ing Sedarlah! 22 Oktober 2004, ing artikel sing judhulé ”Diajar sejak Kecil untuk Mengasihi Allah”.

^ par. 15 Filipi kuwi bagéan saka pamréntahan Romawi. Dadi, wong-wong Filipi nduwé hak-hak sing padha karo warga negara Romawi. Mula, perumpamaané Paulus cocog banget kanggo para sedulur ing Filipi.