Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Iman​—⁠Nggawé Awaké Dhéwé Tetep Cedhak karo Yéhuwah

Iman​—⁠Nggawé Awaké Dhéwé Tetep Cedhak karo Yéhuwah

IMAN kuwi nduwé kuwasa sing gedhé. Contoné, merga nduwé iman awaké dhéwé isa ”matèni kabèh panah geni” sing digunakké Sétan kanggo ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. (Éf. 6:16) Merga nduwé iman, awaké dhéwé ya isa ngadhepi masalah-masalah sing isa dipadhakké kaya gunung. Yésus ngandhani murid-muridé, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah.” (Mat. 17:20) Dadi, merga nduwé iman awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé perlu ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Iman kuwi apa? Apa hubungané iman karo atiné awaké dhéwé? Piyé carané nguwatké iman? Awaké dhéwé kudu nduduhké iman marang sapa?​—Rm. 4:3.

IMAN KUWI APA?

Iman kuwi maksudé ora mung percaya karo apa sing diomongké Alkitab, merga ”roh-roh jahat uga percaya lan wedi marang [Gusti Allah]”. (Yak. 2:19) Dadi, iman kuwi apa?

Awaké dhéwé yakin nèk kata-katané Yéhuwah isa dipercaya, kaya awaké dhéwé percaya nèk saben dina mesthi ana awan lan ana bengi

Alkitab njelaské apa artiné iman. Pertama, iman kuwi ”keyakinan sing kuwat nèk apa sing diarep-arep mesthi bakal kelakon”. (Ibr. 11:1a) Nèk awaké dhéwé nduwé iman, awaké dhéwé bakal yakin nèk kabèh sing Yéhuwah omongké mesthi bener lan bakal kelakon. Contoné, Yéhuwah ngandhani wong Israèl, ”Pangandikané Sang Yéhuwah mangkéné: Manawa sira bisa mbubrah prasetyaningSun marang rina lan wengi, temah rina lan wengi ora netepi ing wayahé, ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah.” (Ym. 33:20, 21) Awaké dhéwé isa yakin karo kata-kata lan hukumé Sang Pencipta, kaya awaké dhéwé yakin karo hukum alam. Misalé, awaké dhéwé yakin nèk matahari mesthi bakal njedhul saben dina kanggo mbédakké awan lan bengi. Awaké dhéwé ya ngerti nèk bumi mesthi bakal tetep mubeng ing panggonané lan ngubengi matahari merga ana hukum alam.​—Yé. 55:10, 11; Mat. 5:18.

Keloro, iman kuwi ”bukti sing nyata [utawa ”sing ngyakinké”, ctn] nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana”. (Ibr. 11:1b) Apa maksudé? Contoné, mungkin ana cah cilik sing takon, ’Udara kuwi ana tenan apa ora, ta?’ Udara kuwi pancèn ora isa didelok. Ning, awaké dhéwé isa ngejak bocah kuwi ngrungokké swarané angin utawa ndelok ana godhong sing obah-obah merga kena angin. Dadi, bocah kuwi isa percaya nèk udara bener-bener ana senajan ora isa didelok. Kaya perumpamaan kuwi, awaké dhéwé ya isa nduwé iman merga percaya karo bukti-bukti sing nyata.​—Rm. 1:20.

NGAJÉNI APA SING BENER

Merga iman kuwi kudu ana dhasaré, mula awaké dhéwé kudu nduwé ”pangertèn sing trep bab apa sing bener” bèn isa nduwé iman. (1 Tim. 2:4) Ning, kuwi durung cukup. Rasul Paulus nyebutké soal ”nduduhké iman sing asalé saka ati”. (Rm. 10:10) Awaké dhéwé kuduné ora mung percaya, ning ya kudu ngajèni apa sing bener. Nèk wis ngono, awaké dhéwé dadi péngin nindakké apa sing disenengi Yéhuwah. Kuwi sing dimaksud nduduhké iman. (Yak. 2:20) Wong sing ora ngajèni apa sing bener mungkin ora gelem percaya karo bukti-bukti sing ngyakinké, merga dhèwèké ora gelem ngowahi pandhangané utawa mung péngin nuruti kepénginané dhéwé. (2 Ptr. 3:3, 4; Yud. 18) Mula, ana wong-wong ing jaman Alkitab sing tetep ora nduwé iman senajan wis ndelok akèh mukjijat. (Wi. 14:11; Yoh. 12:37) Dadi, nèk awaké dhéwé ngajèni apa sing bener, roh suci isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé iman.​—Gal. 5:22; 2 Tés. 2:10, 11.

CONTONÉ DAUD

Raja Daud kuwi salah siji wong sing imané kuwat. (Ibr. 11:32, 33) Ning, ora kabèh keluargané Daud nduwé iman sing kuwat. Contoné, wektu Daud nanggepi tantangané Goliat, Èliab, masé Daud sing mbarep, malah nesu karo Daud. Kuwi nduduhké nèk Èliab wektu kuwi ora percaya karo Yéhuwah. (1 Sa. 17:26-28) Iman kuwi dudu gawan bayi. Mula, Daud isa nduwé iman sing kuwat mesthi merga dhèwèké nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

Ing Jabur 27, Daud nduduhké apa sing isa nggawé dhèwèké nduwé iman sing kuwat. (Ayat 1) Daud ngrenungké pengalamané wektu Yéhuwah mbantu dhèwèké ngadhepi mungsuh-mungsuhé. (Ayat 2, 3) Daud bener-bener ngajèni cara ibadah sing wis diatur karo Yéhuwah. (Ayat 4) Daud ngibadah bareng karo umaté Yéhuwah ing tabernakel. (Ayat 6) Daud ndonga tenanan marang Yéhuwah. (Ayat 7, 8) Daud ya gelem diwulang karo Gusti Allah. (Ayat 11) Daud nganggep nèk iman kuwi penting banget nganti dhèwèké takon, ”Kaya apa bakalé uripku nèk aku ora nduwé iman?”​—Ayat 13, Terjemahan Dunia Baru.

CARANÉ BÈN NDUWÉ IMAN SING KUWAT

Awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat kaya Daud nèk ngetrapké Jabur 27. Iman kuwi dhasaré pengetahuan sing bener. Mula, awaké dhéwé perlu sinau Alkitab lan publikasi-publikasi Alkitab. Nèk nindakké kuwi, roh suci bakal mbantu awaké dhéwé bèn nduwé iman. (Ms. 1:2, 3) Awaké dhéwé ya perlu ngrenungké apa sing wis disinaoni bèn dadi saya ngajèni Yéhuwah. Nèk saya ngajèni Yéhuwah, awaké dhéwé dadi saya péngin nduduhké iman marang Dhèwèké. Misalé, awaké dhéwé bakal teka ing perhimpunan lan martakké kabar apik. (Ibr. 10:23-25) Awaké dhéwé ya isa nduduhké iman nèk terus ”ndonga lan ora nyerah”. (Luk. 18:1-8) Mula, awaké dhéwé kudu ’terus ndonga’ lan percaya nèk Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé. (1 Tés. 5:17; 1 Ptr. 5:7) Nèk nduwé iman, awaké dhéwé bakal nindakké apa sing bener. Nèk wis nindakké apa sing bener, imané awaké dhéwé ya dadi saya kuwat.​—Yak. 2:22.

NDUDUHKÉ IMAN MARANG YÉSUS

Ing bengi sakdurungé mati, Yésus ngandhani para rasulé, ”Duduhna iman marang Gusti Allah. Duduhna iman uga marang aku.” (Yoh. 14:1) Dadi, awaké dhéwé ya perlu nduduhké iman marang Yésus. Piyé carané?

Apa buktiné nèk awaké dhéwé nduwé iman marang Yésus?

Pertama, awaké dhéwé kudu nganggep nèk tebusan kuwi hadiah saka Gusti Allah kanggo awaké dhéwé. Rasul Paulus kandha, ”Aku urip miturut iman marang Putrané Gusti Allah sing nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku.” (Gal. 2:20) Nèk awaké dhéwé nduwé iman marang Yésus, awaké dhéwé bakal yakin nèk korban tebusan kuwi bukti katresnané Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi ya yakin nèk korban tebusan kuwi isa dadi dhasar kanggo Yéhuwah ngapurani awaké dhéwé lan ngekèki harapan urip saklawasé. (Rm. 8:32, 38, 39; Éf. 1:7) Nèk nduwé iman karo korban tebusané Yésus, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké lan ora terus-terusan rumangsa bersalah.​—2 Tés. 2:16, 17.

Keloro, awaké dhéwé isa nyedhak marang Yéhuwah liwat donga. Merga korban tebusané Yésus, awaké dhéwé isa nduwé ”kebébasan kanggo ngomong” wektu ndonga marang Gusti Allah, ”supaya liwat welas asih lan welas asihé sing nggumunké, Gusti Allah isa mbantu kita ing wektu sing pas”. (Ibr. 4:15, 16; 10:19-22) Wektu ana godhaan, awaké dhéwé isa nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo nindakké apa sing bener nèk awaké dhéwé ndonga marang Yéhuwah.​—Luk. 22:40.

Ketelu, awaké dhéwé kudu manut karo Yésus. Rasul Yohanes kandha, ”Wong sing nduduhké iman marang Putra bakal nampa urip saklawasé. Wong sing ora manut marang Putra ora bakal nampa urip, nanging wong kuwi bakal terus ngrasakké murkané Gusti Allah.” (Yoh. 3:36) Ing ayat kuwi, Yohanes kandha nèk wong sing ora manut karo Yésus kuwi artiné ora nduwé iman marang Yésus. Dadi, nèk awaké dhéwé nduwé iman, awaké dhéwé perlu manut karo ”hukum Kristus”, yaiku kabèh sing diajarké lan dipréntahké Yésus. (Gal. 6:2) Awaké dhéwé ya perlu manut karo tuntunané Yésus sing disampèkké liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Nèk awaké dhéwé manut karo Yésus, awaké dhéwé isa tetep setya senajan ngadhepi akèh masalah sing isa dipadhakké kaya angin sing gedhé.​—Mat. 7:24, 25.

”KUWATNA AWAKMU NGANGGO DHASAR IMANMU SING PALING SUCI”

Ana wong lanang sing ketemu Yésus karo mbengok, ”Aku nduwé iman! Tulungana supaya imanku luwih kuwat!” (Mrk. 9:24) Wong lanang kuwi ngakoni nèk dhèwèké isih butuh iman sing luwih kuwat. Awaké dhéwé ya butuh iman sing luwih kuwat. Mula, awaké dhéwé kudu sinau lan ngrenungké isiné Alkitab bèn dadi luwih ngajèni Yéhuwah. Imané awaké dhéwé ya isa luwih kuwat nèk awaké dhéwé terus ndonga, martakké kabar apik, lan ngibadah bareng karo sedulur-sedulur seiman liyané. Nèk awaké dhéwé ngupaya bèn nduwé iman sing luwih kuwat, awaké dhéwé bakal diberkahi Yéhuwah. Alkitab ngandhani, ”Sedulur-sedulur sing tak tresnani, kuwatna awakmu nganggo dhasar imanmu sing paling suci, . . . supaya kowé tetep dadi wong sing ditresnani Gusti Allah.”​—Yud. 20, 21.