Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 33

”Wong-Wong sing Ngrungokké Kowé” Isa Dislametké

”Wong-Wong sing Ngrungokké Kowé” Isa Dislametké

”Terus gatèkna cara uripmu lan wulanganmu. Terusa nindakké bab-bab iki kanthi tekun, merga nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong- wong sing ngrungokké kowé.”​—1 TIM. 4:16.

LAGU 67 ”Wartakna”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Awaké dhéwé mesthi nduwé kepénginan apa?

ANA sedulur wédok sing jenengé Lina * kandha, ”Wektu mulai sinau Alkitab, aku péngin kabèh keluargaku isa urip ing Firdaus. Khususé aku péngin bèn bojoku, sing jenengé Agus, lan anakku lanang isa dadi abdiné Yéhuwah.” Apa keluargané njenengan ya ana sing durung kenal Yéhuwah? Njenengan mesthi nduwé kepénginan sing padha kaya Lina.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Awaké dhéwé isa ngupaya bèn keluargané awaké dhéwé gelem nampa kabar apik, senajan awaké dhéwé pancèn ora isa meksa wong-wong kuwi. (2 Tim. 3:14, 15) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngekèki kesaksian karo keluargané awaké dhéwé? Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngertèni perasaané wong-wong kuwi? Piyé carané bèn keluargané awaké dhéwé isa nresnani Yéhuwah? Piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu?

APA SEBABÉ KUDU NGEKÈKI KESAKSIAN KARO KELUARGA?

3. Nurut 2 Pétrus 3:9, apa sebabé awaké dhéwé kudu ngekèki kesaksian karo keluargané awaké dhéwé?

3 Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Sing dislametké mung wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”. (Kis. 13:48) Awaké dhéwé wis ngupaya nginjil marang wong-wong sing durung dikenal. Mula, awaké dhéwé mesthi ya péngin nginjil marang keluargané awaké dhéwé bèn padha dadi abdiné Yéhuwah. Allah Yéhuwah ”ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké”, ning péngin bèn ”kabèh wong mertobat”.​—Wacanen 2 Pétrus 3:9.

4. Nèk arep ngekèki kesaksian karo keluarga, awaké dhéwé aja nganggo cara sing kaya apa?

4 Nèk arep ngekèki kesaksian, ana cara sing bener lan ana cara sing klèru. Misalé, nèk arep ngekèki kesaksian karo wong sing durung dikenal, awaké dhéwé mesthi nggunakké cara sing apikan lan ngati-ati. Ning, nèk karo keluargané dhéwé, awaké dhéwé mungkin malah nganggo cara sing blak-blakan.

5. Apa sing kudu diéling-éling wektu arep ngekèki kesaksian karo keluargané awaké dhéwé?

5 Mungkin ana sing wis tau nindakké kuwi pas ngekèki kesaksian karo keluargané, lan akhiré dadi gela merga ora nggunakké cara sing luwih apik. Rasul Paulus ngandhani wong-wong Kristen, ”Omonganmu kudu tansah nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah, supaya kowé ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong.” (Kol. 4:5, 6) Awaké dhéwé kudu ngetrapké naséhat kuwi wektu ngekèki kesaksian karo keluarga. Nèk ora, keluargané awaké dhéwé mungkin malah isa dadi tersinggung.

PIYÉ CARANÉ MBANTU?

Nèk awaké dhéwé pangertèn lan apikan, wong-wong dadi luwih gampang nampa kabar apik (Deloken paragraf 6-8) *

6-7. Wènèhana conto sing nduduhké nèk ngertèni perasaané bojo sing ora seiman kuwi penting.

6 Ngertèni perasaané. Lina, sing disebutké mau, kandha, ”Wektu omong-omongan karo Agus, bojoku, sing tak omongké mung soal Gusti Allah lan Alkitab. Dadi, aku malah ora tau ngomongké sing liyané karo Agus manèh.” Ning, Agus ora pati ngerti soal Alkitab lan ora mudheng apa sing diomongké Lina. Agus mikir nèk sing dipikirké Lina mung agamané. Agus wedi nèk Lina gabung karo agama sing sesat.

7 Lina ngerti nèk kadhang kala wektuné kerep dientèkké kanggo berhimpun, nginjil, lan acara ramah tamah karo sedulur-sedulur seiman. Lina kandha, ”Agus ngrasa kesepian merga kadhang kala aku ora ana ing omah.” Agus mesthi kangen karo anak lan bojoné. Dhèwèké ora kenal karo wong-wong sing kerep bergaul karo anak lan bojoné kuwi. Agus ngrasa nèk kanca-kancané bojoné kuwi dadi luwih penting ketimbang dhèwèké. Akhiré, Agus ngancem arep megat Lina. Nurut njenengan, apa sing kuduné ditindakké karo Lina?

8. Nurut 1 Pétrus 3:1, 2, apa sing biasané luwih digatèkké karo keluargané awaké dhéwé?

8 Nindakké apa sing apik. Biasané, wong-wong luwih nggatèkké apa sing awaké dhéwé tindakké ketimbang apa sing awaké dhéwé omongké. (Wacanen 1 Pétrus 3:1, 2.) Lina akhiré ngerti nèk dhèwèké kudu nindakké apa sing apik. Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti nèk Agus kuwi sayang karo aku lan anakku. Dhèwèké sakjané ya ora bener-bener péngin pegatan. Sakwisé dhèwèké kandha nèk arep megat aku, aku dadi luwih mikirké naséhaté Yéhuwah soal perkawinan. Aku sadhar nèk tumindakku kuduné isa luwih apik.” Dadi, Lina wis ora terus-terusan ngomongké soal Alkitab karo Agus manèh lan luwih kerep ngomongké sing liyané. Agus ndelok nèk Lina dadi luwih seneng ngalah lan tingkah lakuné anaké ya dadi luwih apik. (WB. 31:18, 27, 28) Agus nggatèkké nèk keluargané dadi luwih apik sakwisé ngetrapké pathokané Alkitab. Akhiré, dhèwèké dadi gelem nampa kabar apik saka Alkitab.​—1 Kor. 7:12-14, 16.

9. Apa sebabé awaké dhéwé ora éntuk nyerah?

9 Aja nyerah. Yéhuwah ngekèki conto sing apik. Misalé, Yéhuwah ngupaya ping ”bola-bali” bèn manungsa gelem nampa kabar apik lan isa dislametké. (2 Bb. 36:15, Basa Jawi Padintenan) Rasul Paulus ya tau ngandhani Timotius supaya ora nyerah wektu mbantu wong liya, bèn isa nylametké dhèwèké dhéwé lan wong-wong sing ngrungokké dhèwèké. (1 Tim. 4:16) Awaké dhéwé mesthi sayang karo keluargané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé péngin wong-wong kuwi isa ngerti isiné Alkitab. Tumindak lan omongan sing apik kuwi pengaruhé mesthi ya apik. Kuwi sing dialami karo Lina. Bojoné saiki wis dadi pinituwa lan merintis bareng karo Lina.

10. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar?

10 Kudu sabar. Keluargané awaké dhéwé mungkin ora pati seneng wektu awaké dhéwé mulai ngetrapké isiné Alkitab lan nggawé perubahan. Misalé, ana sing mungkin malah nesu merga awaké dhéwé wis ora gelem mèlu-mèlu urusan politik utawa ngrayakké perayaan agama manèh. (Mat. 10:35, 36) Ning, awaké dhéwé kudu terus ngupaya mbantu wong-wong kuwi bèn ngerti soal kepercayaané awaké dhéwé. Nèk ora, kuwi artiné awaké dhéwé nganggep nèk keluargané awaké dhéwé ora pantes nampa urip saklawasé. Sing diwènèhi tugas kanggo nemtokké sapa sing pantes nampa urip saklawasé kuwi Yésus, dudu awaké dhéwé. (Yoh. 5:22) Nèk awaké dhéwé sabar, keluargané awaké dhéwé mungkin bakal gelem ngrungokké kabar apik.​—Deloken kothak ” Mulang Nggunakké JW.ORG®”.

11-13. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Lilis?

11 Aja kepengaruh, ning kudu tetep apikan. (WB. 15:2) Gatèkna pengalamané Lilis. Wong tuwané atéis lan seneng mèlu-mèlu urusan politik. Ning, Lilis wis ora manggon sak omah karo wong tuwané wektu mulai sinau Alkitab. Lilis ngerti nèk dhèwèké kudu ndang crita karo wong tuwané soal apa sing lagi disinaoni. Lilis kandha, ”Keluargané awaké dhéwé bakal luwih kagèt nèk awaké dhéwé ora ndang crita soal apa sing disinaoni.” Dadi, Lilis nulis surat kanggo wong tuwané lan ngomongké soal ajaran Alkitab sing kétoké disenengi karo wong tuwané, misalé soal katresnan. (1 Kor. 13:1-13) Lilis ngirimi hadiah kanggo wong tuwané lan ngomong maturnuwun merga wis nggedhèkké lan ngopèni dhèwèké. Pas ing omahé wong tuwané, Lilis ya ngéwangi gawéané ibuné. Awalé, wong tuwané ora pati seneng wektu dikandhani soal kepercayaané Lilis sing anyar.

12 Ibuné Lilis ndelok nèk Lilis sregep maca Alkitab saben dina. Lilis kandha, ”Ibuku dadi ngerti nèk Alkitab kuwi penting banget kanggo aku.” Bapaké Lilis péngin ngerti apa sebabé Lilis dadi berubah lan péngin nggolèk-nggolèk kesalahané Alkitab. Mula, Lilis ngekèki Alkitab sing njeroné ditulisi kata-kata kanggo bapaké. Apa hasilé? Bapaké Lilis ora nemokké kesalahan ing Alkitab, ning dhèwèké malah dadi seneng maca Alkitab lan ngerti isiné.

13 Wektu ana sing nentang, awaké dhéwé kudu tetep apikan, ning aja nganti kepengaruh. (1 Kor. 4:12b) Contoné, ibuné Lilis nentang lan ora seneng wektu Lilis dibaptis. Ibuné kandha nèk Lilis kuwi ”bocah sing ora ngajèni wong tuwané”. Piyé tanggepané Lilis? Lilis ngomong apik-apik karo njelaské apa alesané dhèwèké mutuské kanggo dadi Seksi Yéhuwah lan dhèwèké ya ngomong nèk keputusané ora bakal berubah. Lilis crita, ”Aku ngomong karo ibuku nèk aku bener-bener sayang karo dhèwèké. Terus, aku karo ibuku nangis bareng lan bar kuwi ibuku tak masakké panganan sing énak. Ibuku akhiré ngerti nèk aku isa dadi wong sing luwih apik merga sinau Alkitab.”

14. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nduwé tékad sing kuwat lan ora gampang kepengaruh?

14 Keluargané awaké dhéwé mungkin ora langsung isa nampa keputusané awaké dhéwé kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Misalé, ibuné Lilis nangis wektu Lilis mutuské kanggo dadi perintis lan ora neruské kuliahé. Ning, Lilis ora gampang kepengaruh. Dhèwèké kandha, ”Nèk awaké dhéwé nyerah wektu ana tantangan, keluargané awaké dhéwé bakal terus nentang awaké dhéwé. Ning, nèk awaké dhéwé nduwé tékad sing kuwat, isa waé keluargané awaké dhéwé malah gelem ngrungokké awaké dhéwé.” Kuwi sing dialami karo Lilis. Bapak ibuné akhiré dadi perintis, lan bapaké dadi pinituwa.

PIYÉ CARANÉ PARA SEDULUR ING JEMAAT ISA MBANTU?

Piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu keluargané awaké dhéwé sing ora seiman? (Deloken paragraf 15-16) *

15. Nurut Matius 5:14-16 lan 1 Pétrus 2:12, apa sing isa ditindakké para sedulur kanggo mbantu keluarga sing ora seiman?

15 Wong-wong isa waé gelem dadi umaté Yéhuwah nèk ndelok ’tumindak apiké’ wong-wong Kristen. (Wacanen Matius 5:14-16; 1 Pétrus 2:12.) Nèk bojoné njenengan ora seiman, njenengan isa ngenalké dhèwèké karo para sedulur ing jemaat. Lina, sing dicritakké mau, ngundang para sedulur bèn teka ing omahé lan kenalan karo bojoné. Agus kèlingan ana sedulur lanang sing ngupaya bèn isa akrab karo dhèwèké. Agus crita, ”Dhèwèké nganti njupuk cuti bèn isa nonton pertandingan olahraga karo aku.” Agus dadi ora ngrasa anèh wektu bergaul karo sedulur kuwi.

16. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngundang keluargané awaké dhéwé kanggo teka ing perhimpunan?

16 Awaké dhéwé ya isa ngundang keluargané awaké dhéwé kanggo teka ing perhimpunan. (1 Kor. 14:24, 25) Agus pertama kali teka ing perhimpunan yaiku pas acara Pèngetan, merga acarané mung sedhéla lan pas dhèwèké mulih kerja. Dhèwèké crita, ”Aku ora mudheng karo isiné kotbahé. Ning, aku kèlingan nèk wong-wong ing kono padha ramah lan nyalami aku. Aku ngrasa nèk wong-wong kuwi pancèn tulus.” Ana sedulur lanang lan bojoné sing apikan banget. Wong loro kuwi biasané ngéwangi Lina momong anaké pas berhimpun lan nginjil. Akhiré, Agus dadi gelem sinau Alkitab karo sedulur lanang kuwi.

17. Awaké dhéwé ora perlu rumangsa bersalah soal apa, ning apa sebabé awaké dhéwé ora éntuk nyerah?

17 Awaké dhéwé mesthi péngin kabèh keluargané awaké dhéwé isa dadi umaté Yéhuwah. Ning, mungkin keluargané awaké dhéwé ya tetep ora gelem senajan awaké dhéwé wis ngupaya. Awaké dhéwé ora perlu rumangsa bersalah merga awaké dhéwé ora isa meksa kabèh wong bèn gelem dadi umaté Yéhuwah. Nèk keluargané awaké dhéwé ndelok awaké dhéwé bahagia merga dadi umaté Yéhuwah, isa waé kuwi ana pengaruhé kanggo keluargané awaké dhéwé. Awaké dhéwé perlu tetep apikan, ora nyerah, lan ndongakké keluargané awaké dhéwé. (Kis. 20:20) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi mberkahi upayané awaké dhéwé. Wong-wong kuwi isa dislametké nèk gelem ngrungokké awaké dhéwé.

LAGU 57 Martakké marang Kabèh sing Ditemoni

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi péngin keluargané awaké dhéwé isa kenal karo Yéhuwah. Ning, wong-wong kuwi kudu mutuské dhéwé apa arep ngabdi marang Yéhuwah utawa ora. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn keluargané awaké dhéwé luwih gelem nampa kabar apik.

^ par. 1 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 53 GAMBAR: Sedulur lanang sing isih enom lagi ngéwangi bapaké sing ora seiman ndandani mobil. Pas wektuné cocog, dhèwèké nduduhké video sing ana ing jw.org®.

^ par. 55 GAMBAR: Sedulur wédok iki ngrungokké pas bojoné sing ora seiman lagi nyritakké apa sing dialami ing dina kuwi. Terus, dhèwèké ya dolanan bareng karo keluargané.

^ par. 57 GAMBAR: Sedulur wédok iki ngundang para sedulur teka ing omahé. Para sedulur kuwi ngobrol karo bojoné. Terus, bojoné teka ing acara Pèngetan bareng karo keluargané.