Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yohanes Pembaptis​—⁠Tetep Seneng Wektu Ngadhepi Situasi Apa Waé

Yohanes Pembaptis​—⁠Tetep Seneng Wektu Ngadhepi Situasi Apa Waé

AWAKÉ DHÉWÉ mungkin péngin éntuk tugas-tugas khusus ing jemaat kaya sedulur liyané utawa péngin dadi pelayan sepenuh-waktu kaya mbiyèné. Ning, saiki awaké dhéwé mungkin ora isa merga wis tuwa, nduwé masalah keséhatan, masalah keuangan, masalah keluarga, utawa ana perubahan ing organisasi. Nèk ngadhepi situasi sing kaya ngono, awaké dhéwé isa waé dadi gela merga ora isa nindakké tugas sing dipéngini. Apa sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé ora terus-terusan ngrasa cilik ati, kecéwa, utawa jèngkèl? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep seneng?

Awaké dhéwé isa sinau saka contoné Yohanes Pembaptis. Tugasé Yohanes kuwi penting banget. Ning, Yohanes ora nyangka nèk akhiré bakal dipenjara nganti pirang-pirang taun, padahal dhèwèké lagi setaun nginjil. Senajan ngono, Yohanes tetep ngrasa seneng. Apa sebabé? Piyé carané awaké dhéwé isa tetep ngrasa seneng senajan ngadhepi keadaan sing isa nggawé kecéwa?

TUGAS SING NGGAWÉ SENENG

Kira-kira ing sasi April taun 29 M, Yohanes mulai nginjil bèn wong-wong ngerti nèk Mésias wis arep teka. Dhèwèké kandha, ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak.” (Mat. 3:2; Luk. 1:12-17) Hasilé, wong-wong saka dhaérah sing adoh padha teka marani Yohanes lan akèh sing akhiré mertobat lan dibaptis. Yohanes ya ngélikké para pemimpin agama sing munafik bèn padha mertobat nèk ora péngin dihukum. (Mat. 3:5-12) Kira-kira ing sasi Oktober taun 29 M, Yohanes nindakké tugasé sing paling penting, yaiku mbaptis Yésus. Sakwisé kuwi, Yohanes ngandhani wong-wong bèn dadi muridé Yésus, Mésias sing dijanjèkké.​—Yoh. 1:32-37.

Soal tugasé Yohanes, Yésus kandha, ”Ing antarané kabèh wong sing tau urip, ora tau ana sing ngungkuli Yohanes Pembaptis.” (Mat. 11:11) Yohanes mesthi seneng merga wis nampa akèh berkah saka Yéhuwah. Akèh wong Kristen saiki ya nampa akèh berkah merga wis nggunakké uripé kanggo Yéhuwah. Contoné, ana sedulur lanang sing jenengé Terry. Dhèwèké lan bojoné, Sandra, wis dadi pelayan sepenuh-waktu luwih saka 50 taun. Terry kandha, ”Aku seneng isa éntuk tugas sing béda-béda. Aku tau dadi perintis, anggota Bètel, perintis istiméwa, pinituwa wilayah, pengawas distrik, lan saiki dadi perintis istiméwa manèh.” Nampa tugas kaya ngono pancèn nyenengké. Ning, nèk situasiné awaké dhéwé berubah, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa tetep seneng, kaya pengalamané Yohanes.

NGANGGEP TUGASÉ BERHARGA

Yohanes isa tetep seneng merga nganggep tugasé berharga. Misalé, sakwisé Yésus dibaptis, murid-muridé Yohanes dadi saya sithik lan murid-muridé Yésus dadi saya akèh. Merga kuwatir, murid-muridé Yohanes kandha, ”Rabi, deloken wong sing ndhisik bareng karo panjenengan ing sebrangé Kali Yordan. . . . Wong kuwi saiki mbaptis wong, lan kabèh wong padha marani dhèwèké.” (Yoh. 3:26) Ning, Yohanes kandha, ”Mantèn wadon kuwi duwèké mantèn lanang. Nanging kancané mantèn lanang seneng banget wektu ngadeg ing cedhaké mantèn lanang lan ngrungokké swarané. Semono uga, rasa bungahku wis lengkap.” (Yoh. 3:29) Yohanes ora mèri karo Yésus utawa nganggep nèk tugasé dadi kurang penting. Dhèwèké malah seneng merga isa dadi ”kancané mantèn lanang”.

Merga nganggep tugasé berharga, Yohanes isa tetep seneng senajan tugasé ora gampang. Misalé, ora kaya Yésus lan para muridé, Yohanes wis dadi wong Nazir kèt lair. Mula, dhèwèké ora éntuk ngombé anggur. (Luk. 1:15) Yésus kandha, ”Yohanes teka ora mangan lan ora ngombé.” Kuwi nduduhké nèk uripé Yohanes sederhana. (Mat. 11:18, 19) Sakliyané kuwi, Yohanes ya ora nduwé kuwasa kanggo nindakké mukjijat. Padahal, dhèwèké ngerti nèk murid-muridé Yésus, termasuk sing mbiyèn tau dadi muridé, isa nindakké mukjijat. (Mat. 10:1; Yoh. 10:41) Ning, Yohanes ora kecéwa. Dhèwèké tetep semangat nindakké tugas saka Yéhuwah.

Awaké dhéwé ya isa tetep seneng nèk nganggep tugas apa waé saka Yéhuwah kuwi berharga. Terry, sing disebutké mau, kandha nèk dhèwèké isa nduwé akèh pengalaman sing nyenengké wektu dadi pelayan sepenuh-waktu merga terus fokus karo saben tugas sing ditampa.

Nèk umpamané awaké dhéwé nduwé barang sing berharga, mesthi barang kuwi bakal terus diopèni bèn isa tetep apik. Kaya barang sing berharga kuwi, awaké dhéwé ya nduwé tugas sing berharga, yaiku dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”. (1 Kor. 3:9) Nèk terus ngrenungké soal kuwi, awaké dhéwé isa tetep seneng, ora soal tugas apa sing awaké dhéwé tampa. Awaké dhéwé ora bakal mbandhing-mbandhingké upayané awaké dhéwé karo wong liya, utawa nganggep nèk tugasé awaké dhéwé kurang penting.​—Gal. 6:4.

NGUTAMAKKÉ APA SING DIANGGEP PENTING KARO YÉHUWAH

Senajan ngerti nèk tugasé bakal saya sithik, ning Yohanes mungkin ora ngira nèk dhèwèké bakal langsung kélangan tugasé. (Yoh. 3:30) Ing taun 30 M, kira-kira enem sasi sakwisé Yésus dibaptis, Yohanes dipenjara. Wektu dipenjara, Yohanes terus mulangké apa sing bener marang Raja Hérodès. (Mrk. 6:17-20) Merga terus ngutamakké apa sing dianggep penting karo Yéhuwah, Yohanes isa tetep seneng senajan dipenjara.

Wektu ing penjara, Yohanes krungu soal pelayanané Yésus sing luar biasa. (Mat. 11:2; Luk. 7:18) Yohanes yakin nèk Yésus kuwi Mésias sing bakal dadi raja. Ning, Yohanes mungkin péngin ngerti piyé carané kabèh ramalan soal Mésias ing Kitab Suci isa kelakon. Yohanes ya péngin ngerti apa Yésus bakal langsung dadi raja wektu kuwi lan mbébaské dhèwèké saka penjara. Mula, dhèwèké ngongkon muridé loro kanggo takon marang Yésus, ”Apa panjenengan wong sing bakal teka, utawa aku kudu nunggu wong liyané?” (Luk. 7:19) Terus, Yésus ngongkon murid-muridé Yohanes bali lan kandha karo Yohanes, ”Wong wuta isa ndelok, wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké, wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh, lan wong miskin dikandhani kabar apik.” (Luk. 7:20-22) Yohanes mesthi ngrungokké tenanan wektu para muridé nyritakké mukjijat apa waé sing wis ditindakké karo Yésus.

Yohanes mesthi bener-bener ngrasa dikuwatké lan yakin nèk Yésus pancèn Mésias sing diramalké ing Kitab Suci. Pancèn, Yohanes tetep dipenjara. Ning, dhèwèké ngerti nèk tugasé dianggep penting karo Yéhuwah. Kuwi nggawé Yohanes isa tetep seneng senajan dipenjara.

Awaké dhéwé isa tetep seneng nèk mikirké hasil apik saka gawéan nginjil ing sakdonya

Bèn isa tetep setya lan ngrasakké seneng kaya Yohanes, awaké dhéwé kudu terus ngutamakké apa sing dianggep penting karo Yéhuwah. (Kol. 1:9-11) Mula, awaké dhéwé perlu maca lan ngrenungké Alkitab. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk apa sing wis awaké dhéwé tindakké kanggo Yéhuwah kuwi ora sia-sia. (1 Kor. 15:58) Sandra kandha, ”Aku ngrasa luwih akrab karo Yéhuwah merga maca Alkitab saben dina. Aku dadi isa luwih ngutamakké Yéhuwah.” Awaké dhéwé ya isa mikirké apa sing wis ditindakké sedulur-sedulur liyané kanggo Yéhuwah lan hasil-hasil apiké. Sandra ya kandha, ”Aku ngrasa luwih cedhak karo para sedulur wektu nonton acara JW Broadcasting®. Kuwi nggawé aku tetep seneng nindakké tugas apa waé.”

Senajan pelayanané mung sedhéla, Yohanes ”nduwé semangat lan kuwasa sing padha kaya Élia”. Yohanes kuwi ya ”wong sing nduwé perasaan kaya kita”. (Luk. 1:17; Yak. 5:17) Awaké dhéwé perlu niru Yohanes sing nganggep nèk tugasé berharga lan terus ngutamakké apa sing dianggep penting karo Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé isa tetep seneng senajan ngadhepi situasi apa waé.