Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 17

Nglawan Roh-Roh Jahat Nganggo Bantuané Yéhuwah

Nglawan Roh-Roh Jahat Nganggo Bantuané Yéhuwah

”Kita berjuang . . . nglawan roh-roh jahat ing wilayah swarga.”—ÉF. 6:12.

LAGU 55 Aja Wedi Hé Umat-Ku!

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kaya kandhané Éfésus 6:10-13, apa buktiné nèk Yéhuwah perduli karo para abdiné? Jelasna.

YÉHUWAH perduli karo kabèh abdiné. Salah siji buktiné yaiku Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé carané nglawan mungsuhé awaké dhéwé. Mungsuhé awaké dhéwé kuwi Sétan lan hantu-hantu. (Wacanen Éfésus 6:10-13.) Nèk manut karo Yéhuwah lan bener-bener ngendelké Dhèwèké, awaké dhéwé isa berhasil nglawan pengaruhé Sétan. Kaya Rasul Paulus, awaké dhéwé isa yakin lan kandha, ”Nèk Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa sing bakal nglawan kita?”​—Rm. 8:31.

2. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ketimbang sinau soal Sétan lan hantu-hantu, awaké dhéwé péngin sinau luwih akèh soal Yéhuwah lan ngabdi marang Dhèwèké. (Ms. 25:5) Ning, awaké dhéwé tetep perlu ngerti apa waé sing ditindakké Sétan bèn ora diapusi karo dhèwèké. (2 Kor. 2:11; ctn.) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug cara utama sing digunakké Sétan lan hantu-hantu kanggo nyesatké wong-wong. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nglawan pengaruhé roh-roh jahat kuwi.

CARANÉ ROH-ROH JAHAT NYESATKÉ WONG-WONG

3-4. (a) Apa sing dimaksud spiritisme kuwi? (b) Sepira akèhé wong sing percaya karo spiritisme?

3 Cara utama sing digunakké Sétan lan hantu-hantu kanggo nyesatké wong-wong yaiku nggunakké spiritisme. Wong-wong sing nindakké spiritisme ngakuné isa nindakké apa sing ora isa ditindakké wong-wong umumé. Contoné, ana sing kandha nèk isa nggunakké ilmu ramal utawa astrologi kanggo ngerti masa depan. Sing liyané nggawé wong liya percaya nèk dhèwèké isa omong-omongan karo wong sing wis mati. Terus, ya ana sing dadi dhukun utawa nindakké sihir lan nggunakké jampi-jampi kanggo wong liya. *

4 Sepira akèhé wong sing percaya karo spiritisme? Ana penelitian sing ditindakké ing 18 negara ing Amerika Latin lan Kepulauan Karibia. Saka kabèh wong sing ditakoni, kira-kira seperteluné percaya karo ilmu sihir. Terus, sing percaya nèk wong urip isa omong-omongan karo rohé wong mati jumlahé ya mèh padha. Ana penelitian liyané sing ditindakké ing 18 negara ing Afrika. Separo saka wong-wong sing ditakoni ya percaya karo ilmu sihir. Awaké dhéwé perlu ngati-ati bèn ora kena pengaruh spiritisme merga Sétan terus ngupaya kanggo nyesatké ”kabèh penduduk ing saklumahing bumi”.​—Why. 12:9.

5. Piyé pandhangané Yéhuwah soal spiritisme?

5 Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”iku bener”. (PT. 32:4) Mula, Yéhuwah sengit karo spiritisme. Yéhuwah kandha marang wong Israèl, ”Ing antaramu aja ana kang ngurbanaké anaké lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethèk, juru pétung, juru sikhir lan juru gendam, kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethèk, sarta kang neges marang wong mati. Awitdéné sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.” (PT. 18:10-12) Pancèn, Yéhuwah mènèhké Hukum Taurat kanggo bangsa Israèl, dudu kanggo wong Kristen. Ning, pandhangané Yéhuwah soal spiritisme ora berubah.​—Ml. 3:6.

6. (a) Piyé carané Sétan nggunakké spiritisme kanggo nyesatké awaké dhéwé? (b) Nurut Kohèlèt 9:5, apa wulangané Alkitab soal keadaané wong mati?

6 Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ngedohi spiritisme merga kuwi digunakké Sétan kanggo nyesatké awaké dhéwé. Sétan nggunakké spiritisme kanggo nyebarké ajaran palsu. Salah sijiné yaiku ajaran soal rohé wong mati sing isih urip ing alam roh. (Wacanen Kohèlèt 9:5.) Sétan ya nggunakké spiritisme kanggo nggawé wong-wong wedi lan dadi luwih percaya karo roh-roh jahat ketimbang karo Yéhuwah.

CARANÉ NGLAWAN PENGARUHÉ ROH-ROH JAHAT

7. Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé soal apa?

7 Kaya sing wis disebutké mau, Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé carané nglawan pengaruhé Sétan lan hantu-hantu. Saiki, ayo dirembug cara-carané.

8. (a) Apa cara utama kanggo nglawan pengaruhé Sétan lan hantu-hantu? (b) Piyé Jabur 146:4 nduduhké nèk ajarané Sétan kuwi ora bener?

8 Maca lan ngrenungké Alkitab. Kuwi cara utama kanggo nglawan pengaruhé Sétan lan hantu-hantu. Alkitab isa dipadhakké kaya pedhang sing landhep banget sing isa ngancurké ajaran palsu sing disebarké Sétan. (Éf. 6:17) Contoné, Alkitab nduduhké nèk wong mati ora isa omong-omongan karo wong sing isih urip. (Wacanen Jabur 146:4.) Alkitab ya ngandhani awaké dhéwé nèk mung Yéhuwah sing bener-bener isa ngerti masa depan. (Yé. 45:21; 46:10) Dadi, awaké dhéwé perlu maca lan ngrenungké Alkitab saben dina bèn ora kena pengaruhé Sétan lan hantu-hantu.

9. Kegiatan apa waé sing kudu diedohi?

9 Aja nindakké kegiatan sing ana hubungané karo spiritisme. Awaké dhéwé mesthi ora gelem nindakké spiritisme, contoné lunga ing dhukun utawa nyoba omong-omongan karo wong sing wis mati. Kaya sing dirembug ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé ya ora nindakké kebiasaan-kebiasaan sing dhasaré saka kepercayaan nèk wong mati isih urip ing panggonan liya. Terus, awaké dhéwé ora nggunakké astrologi utawa ilmu ramal bèn isa ngerti soal masa depan. (Yé. 8:19) Awaké dhéwé ngerti nèk kuwi kabèh bahaya merga ana hubungané karo Sétan lan hantu-hantuné.

Bèn isa niru wong Kristen abad pertama, awaké dhéwé kudu nyingkirké kabèh sing ana hubungané karo spiritisme (Deloken paragraf 10-12)

10-11. (a) Apa sing ditindakké wong-wong Éfésus ing abad pertama sakwisé sinau Alkitab? (b) Nurut 1 Korintus 10:21, apa sebabé awaké dhéwé perlu niru contoné wong-wong Éfésus ing abad pertama, lan piyé carané?

10 Singkirna kabèh barang sing ana hubungané karo spiritisme. Wong-wong abad pertama ing Éfésus tau nindakké spiritisme. Ning, sakwisé sinau wulangan sing bener, wong-wong kuwi nggawé perubahan. Alkitab kandha, ”Akèh wong sing mbiyèn nggunakké ilmu gaib padha nglumpukké buku-bukuné lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh.” (Kis. 19:19) Wong-wong Éfésus gelem ngobong buku-buku sihiré bèn isa bébas saka pengaruhé roh-roh jahat. Senajan nèk diétung regané larang banget, buku-buku kuwi ora diedol utawa diwènèhké wong liya. Wong-wong kuwi luwih seneng kélangan bandha ketimbang nggawé Yéhuwah sedhih.

11 Piyé awaké dhéwé isa niru contoné wong-wong kuwi? Awaké dhéwé perlu nyingkirké apa waé sing ana hubungané karo spiritisme. Kuwi termasuk mbuwang susuk, jimat, utawa barang-barang liyané sing dianggep isa nglindhungi saka roh-roh jahat.​—Wacanen 1 Korintus 10:21.

12. Pitakonan apa waé sing isa dipikirké soal hiburan?

12 Kudu ngati-ati wektu milih hiburan. Awaké dhéwé isa mikirké, ’Apa aku maca buku, majalah, utawa informasi ing Internèt sing ana hubungané karo spiritisme? Apa aku ngrungokké musik, nonton acara TV lan film, utawa dolanan video game sing ana hubungané karo vampir, zombi, utawa dhukun? Apa hiburan sing tak pilih nduduhké nèk ilmu sihir, jampi-jampi, lan ilmu gaib kétok nyenengké?’ Pancèn, ora kabèh crita dongèng ana hubungané karo spiritisme. Ning, awaké dhéwé perlu nduwé tékad kanggo ngedohi hiburan sing disengiti karo Yéhuwah bèn tetep nduwé hati nurani sing apik nurut pandhangané Yéhuwah.​—Kis. 24:16. *

13. Awaké dhéwé aja nganti nindakké apa?

13 Aja seneng nyritakké soal hantu-hantu. Awaké dhéwé perlu niru Yésus. (1 Ptr. 2:21) Yésus ngerti akèh soal Sétan lan hantu-hantu merga dhèwèké urip ing swarga sakdurungé teka ing bumi. Ning, Yésus ora nyritakké soal apa sing ditindakké karo roh-roh jahat kuwi. Yésus péngin dadi seksiné Yéhuwah, dudu seksiné Sétan. Awaké dhéwé mesthi péngin niru Yésus. Dadi, ketimbang nyritakké soal roh-roh jahat, awaké dhéwé luwih seneng ngomongké soal wulangan sing bener.​—Ms. 45:2.

Awaké dhéwé ora perlu wedi karo roh-roh jahat. Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat luwih kuwat ketimbang roh-roh jahat (Deloken paragraf 14-15) *

14-15. (a) Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi karo roh-roh jahat? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah nglindhungi umaté ing jaman saiki?

14 Aja wedi karo roh-roh jahat. Saiki, awaké dhéwé isa waé lara, ngalami kecelakaan, utawa malah mati. Ning, ora kabèh sing awaké dhéwé alami kuwi disebabké roh-roh jahat. Alkitab kandha nèk kadhang kala wong-wong ngalami kesusahan merga wektu lan kedadéan sing ora dinyana-nyana. (Ko. 9:11, Terjemahan Dunia Baru) Yéhuwah wis nduduhké nèk Dhèwèké luwih kuwat ketimbang hantu-hantu. Contoné, Yéhuwah ora ngijinké Sétan kanggo matèni Ayub. (Ay. 2:6) Ing jamané Musa, Yéhuwah nggunakké kuwasané kanggo ngalahké para ahli sihiré wong Mesir. (Pa. 8:18; 9:11) Wektu Yésus dadi Raja, Yéhuwah ya mènèhi Yésus kuwasa kanggo ngusir Sétan lan hantu-hantu saka swarga ing bumi. Ora suwé manèh, roh-roh jahat kuwi bakal dibuwang ing jurang sing jero banget bèn ora isa nggawé wong-wong cilaka.​—Why. 12:9; 20:2, 3.

15 Ana akèh bukti sing nduduhké nèk Yéhuwah nglindhungi umaté ing jaman saiki. Gawéan nginjil lan mulang Alkitab lagi ditindakké ing sakdonya. (Mat. 28:19, 20) Awaké dhéwé dadi isa nyingkapké tumindaké Sétan sing jahat. Sétan mesthi péngin ngendhegké gawéan nginjil. Ning, nyatané Sétan ora isa. Dadi, awaké dhéwé ora perlu wedi karo roh-roh jahat. Alkitab kandha, ”Paningaling Yéhuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhé nglubéraken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun.” (2 Bb. 16:9) Nèk setya marang Yéhuwah, awaké dhéwé ora perlu wedi karo roh-roh jahat.

BERKAHÉ NÈK MANUT YÉHUWAH

16-17. Critakna salah siji pengalaman sing nduduhké perluné nduwé sipat kendel bèn isa nglawan pengaruhé roh-roh jahat.

16 Mungkin ana kanca utawa keluarga sing mikir nèk awaké dhéwé bakal cilaka nèk ora nindakké tradhisi sing ana hubungané karo spiritisme. Mula, awaké dhéwé kudu kendel nèk ana sing meksa awaké dhéwé nindakké tradhisi kuwi. Yéhuwah mberkahi wong-wong sing ngupaya terus manut karo Dhèwèké. Gatèkna pengalamané Erica, sedulur wédok ing Ghana. Dhèwèké mulai sinau Alkitab wektu umuré 21 taun. Bapaké Erica kuwi dhukun. Nurut tradhisi ing kono, Erica kudu mèlu mangan daging sing dikorbanké kanggo para leluhuré. Ning, Erica ora gelem. Akibaté, Erica dianggep ora ngajèni leluhuré. Keluargané mikir nèk arwahé para leluhuré bakal nesu lan ngukum wong-wong kuwi nganggo penyakit.

17 Senajan dipeksa terus karo keluargané, Erica tetep ora gelem lan akhiré kudu lunga saka omahé. Erica diundang nginep ing omahé para sedulur seiman. Para sedulur kuwi dadi kaya keluarga anyar kanggo Erica. Kuwi berkah saka Yéhuwah. (Mrk. 10:29, 30) Keluargané Erica ora ngakoni dhèwèké lan ngobong barang-barangé. Ning, Erica tetep setya karo Yéhuwah, dibaptis, lan saiki dadi perintis biasa. Erica ora wedi karo roh-roh jahat. Erica ya kandha soal keluargané, ”Saben dina aku ndonga bèn keluargaku isa kenal karo Yéhuwah lan dadi abdiné.”

18. Apa waé berkahé nèk terus ngendelké Yéhuwah?

18 Pancèn ora kabèh abdiné Yéhuwah ngadhepi ujian iman sing kaya ngono. Ning, awaké dhéwé perlu nglawan pengaruhé roh-roh jahat lan ngendelké Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal éntuk akèh berkah lan bébas saka ajaran palsu. Awaké dhéwé ya isa terus ngabdi marang Yéhuwah merga ora wedi karo hantu-hantu. Sing paling penting, awaké dhéwé bakal saya akrab karo Yéhuwah. Yakobus kandha, ”Tundhuka marang Gusti Allah. Nanging lawanen Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé. Nyedhaka marang Gusti Allah, lan Panjenengané bakal nyedhak marang kowé.”​—Yak. 4:7, 8.

LAGU 150 Ngupayaa Bèn Dislametké Yéhuwah

^ par. 5 Yéhuwah nresnani awaké dhéwé. Mula, Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé soal roh-roh jahat lan pengaruhé. Piyé carané roh-roh jahat nyesatké wong-wong? Piyé carané awaké dhéwé isa nglawan pengaruhé roh-roh jahat? Artikel iki bakal ngrembug carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé nglawan pengaruhé roh-roh jahat.

^ par. 3 KATRANGAN: Ing Alkitab, sing dimaksud spiritisme yaiku kepercayaan lan kegiatan sing ana hubungané karo roh-roh jahat. Ana sing percaya nèk wong sing wis mati kuwi rohé isih urip lan isa omong-omongan karo wong sing isih urip, contoné liwat wong pinter. Sing liyané ana sing nindakké astrologi, ilmu ramal, ilmu sihir, lan ilmu gaib.

^ par. 12 Para pinituwa ora nggawèkké aturan soal milih hiburan. Ning, saben wong Kristen kudu nggunakké hati nurani sing dituntun Alkitab wektu milih hiburan. Kepala keluarga ya perlu mastèkké nèk hiburan sing dipilih keluargané wis cocog karo pathokané Alkitab.​—Deloken artikel ”Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Aturan Bab Nonton Pilem, Maca Buku, lan Ngrungokaké Lagu?” sing ana ing jw.org® ing bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH > PITAKONAN UMUM.

^ par. 54 GAMBAR: Gambarané Yésus sing wis dadi Raja lan lagi mimpin pasukan malaékat.