Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 14

Apa Njenengan Tenanan Nindakké Tugas Pelayanan?

Apa Njenengan Tenanan Nindakké Tugas Pelayanan?

”Terus wartakna kabar apik, lan tindakna tugas pelayananmu kanthi tenanan.”​—2 TIM. 4:5, ctn.

LAGU 57 Martakké marang Kabèh sing Ditemoni

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Sakwisé diuripké manèh, Yésus ngongkon para muridé bèn ’padha lunga lan ndadèkké wong-wong saka kabèh bangsa dadi murid’ (Deloken paragraf 1)

1. Kabèh abdiné Gusti Allah mesthi péngin nindakké apa lan apa sebabé? (Deloken gambar ing halaman 1.)

YÉSUS KRISTUS ngongkon para muridé supaya ’padha lunga lan ndadèkké wong-wong saka kabèh bangsa dadi murid’. (Mat. 28:19) Kabèh abdiné Gusti Allah péngin ngerti piyé carané isa nindakké tugas pelayanan ”kanthi tenanan”. (2 Tim. 4:5) Tugas iki penting banget lan kudu luwih diutamakké ketimbang gawéan liyané. Ning, nggunakké akèh wektu kanggo nginjil kuwi ora mesthi gampang.

2. Tantangan apa waé sing mungkin diadhepi wektu nindakké tugas pelayanan?

2 Ana kegiatan-kegiatan penting sing mbutuhké akèh wektu lan tenaga. Awaké dhéwé mungkin kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané awaké dhéwé lan keluarga. Keluargané awaké dhéwé mungkin ya ana sing lara lan kudu dirawat. Awaké dhéwé mungkin ya lara, ngadhepi akèh masalah, utawa wis saya tuwa. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tenanan nindakké tugas pelayanan senajan ngadhepi keadaan sing kaya ngono?

3. Apa sing isa disinaoni saka Matius 13:23?

3 Senajan ngadhepi keadaan sing nggawé awaké dhéwé ora isa nggunakké akèh wektu kanggo nindakké tugas pelayanan, awaké dhéwé ora perlu cilik ati. Yésus ngerti nèk wektu lan tenaga sing digunakké para muridé kanggo martakké kabar apik kuwi béda-béda. (Wacanen Matius 13:23.) Yéhuwah ya ngajèni awaké dhéwé nèk wis ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké tugas pelayanan. (Ibr. 6:10-12) Ning, awaké dhéwé mungkin ya ngrasa nèk sakjané awaké dhéwé isa nindakké luwih akèh ing tugas pelayanan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngutamakké gawéan nginjil, tetep urip sederhana, lan luwih trampil nginjil lan mulang. Saiki, ayo dirembug dhisik apa maksudé tenanan nindakké tugas pelayanan.

4. Apa maksudé tenanan nindakké tugas pelayanan?

4 Tenanan nindakké tugas pelayanan kuwi maksudé ngupaya sak isa-isané kanggo mèlu nindakké gawéan nginjil lan mulang. Ning, kuwi ora mung soal sepira akèhé wektu sing awaké dhéwé gunakké. Yéhuwah péngin awaké dhéwé gelem nindakké tugas pelayanan * sakwutuhé jiwa merga nresnani Yéhuwah lan wong liya. (Mrk. 12:30, 31; Kol. 3:23) Nglayani Yéhuwah sakwutuhé jiwa maksudé nggunakké kabèh kesanggupan kanggo nindakké tugas pelayanan. Nèk nganggep gawéan nginjil penting, awaké dhéwé bakal ngupaya martakké kabar apik marang kabèh wong.

5-6. Wènèhana perumpamaan soal carané ngutamakké gawéan nginjil senajan ora nduwé akèh wektu.

5 Bayangna ana wong lanang sing hobi main gitar. Mauné, dhèwèké kerja main gitar ing restoran saben akhir pekan. Ning, kuwi ora isa nyukupi kebutuhané. Mula, dhèwèké kerja jaga toko saka dina Senèn nganti Jumat. Senajan wektuné wis entèk kanggo kerja ing toko, ning dhèwèké tetep seneng main musik. Dhèwèké péngin luwih trampil main musik bèn isa dadi musisi. Dadi, dhèwèké bakal nggunakké wektuné kanggo main musik nèk ana kesempatan.

6 Awaké dhéwé mungkin ya ora nduwé akèh wektu kanggo nginjil. Ning, merga seneng nginjil, awaké dhéwé bakal ngupaya bèn dadi luwih trampil kanggo martakké kabar apik. Mungkin awaké dhéwé mikir, ’Piyé carané aku isa ngutamakké tugas pelayanan senajan nduwé akèh kegiatan?’

CARANÉ NGUTAMAKKÉ GAWÉAN NGINJIL

7-8. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus?

7 Yésus dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Yésus nganggep nèk martakké kabar apik bab Kratoné Allah kuwi sing paling penting ing uripé. (Yoh. 4:34, 35) Dhèwèké mlaku nganti atusan kilomèter kanggo nginjil. Saben ana kesempatan, Yésus mesthi ngomongké soal Kratoné Allah ing omah-omah lan panggonan umum. Yésus bener-bener ngutamakké gawéan nginjil.

8 Bèn isa niru Yésus, awaké dhéwé perlu nggunakké kabèh kesempatan kanggo martakké kabar apik kapan waé lan ing ngendi waé. Awaké dhéwé ya gelem nggawé pengorbanan bèn isa terus nginjil. (Mrk. 6:31-34; 1 Ptr. 2:21) Ana sing isa dadi perintis èkstra, biasa, utawa istiméwa. Ana manèh sing sinau basa liya utawa pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Ning, sakjané gawéan nginjil kuwi akèh-akèhé ditindakké karo para sedulur sing dudu perintis, sing ngupaya sak isa-isané kanggo martakké kabar apik. Ora soal kaya apa keadaané awaké dhéwé, Yéhuwah ora tau nuntut awaké dhéwé nindakké apa sing ngluwihi kesanggupané awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé seneng wektu martakké ”kabar apik sing mulya” saka ”Gusti Allah sing bungah”.​—1 Tim. 1:11; PT. 30:11.

9. (a) Apa buktiné nèk Paulus ngutamakké gawéan nginjil senajan kudu kerja? (b) Nurut Kisah 28:16, 30, 31, apa sing ditindakké Paulus kanggo nduduhké nèk dhèwèké ngutamakké gawéan nginjil?

9 Rasul Paulus ya ngutamakké gawéan nginjil. Wektu nganakké perjalanan utusan injilé sing keloro ing Korintus, Paulus ora nduwé akèh dhuwit lan kudu kerja nggawé kémah. Ning, kuwi dudu sing utama kanggo Paulus. Dhèwèké kerja kanggo nyukupi kebutuhané bèn isa terus martakké kabar apik marang wong-wong Korintus ”tanpa dibayar”. (2 Kor. 11:7) Senajan kudu kerja, Paulus luwih ngutamakké pelayanané lan nginjil saben dina Sabat. Sakwisé keadaané berubah, Paulus isa luwih fokus nginjil. Paulus ”nggunakké akèh wektuné kanggo martakké pangandikané Gusti Allah [lan] mènèhi kesaksian marang wong Yahudi kanggo mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus”. (Kis. 18:3-5; 2 Kor. 11:9) Ing Roma, Paulus tau dadi tahanan ing omahé nganti rong taun. Wektu kuwi, Paulus nginjil marang wong-wong sing ngunjungi dhèwèké lan nulis surat kanggo wong-wong. (Wacanen Kisah 28:16, 30, 31.) Paulus nganggep gawéan nginjil kuwi luwih penting ketimbang liyané. Dhèwèké kandha ”Gusti Allah wis welas asih maringi tugas suci iki . . . , mula aku kabèh ora nyerah.” (2 Kor. 4:1) Kaya Paulus, awaké dhéwé tetep isa ngutamakké gawéan nginjil senajan kudu kerja.

Ana akèh cara sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé tetep isa nginjil (Deloken paragraf 10-11)

10-11. Piyé carané ngutamakké gawéan nginjil senajan wis tuwa utawa lara?

10 Senajan ora isa nginjil ing omah-omah merga wis tuwa utawa lara, ning awaké dhéwé isa nggunakké cara liyané. Wong-wong Kristen abad pertama nginjil marang kabèh wong sing ditemoni ing omah-omah, ing panggonan umum, lan mènèhi kesaksian ora resmi. Para sedulur kuwi nggunakké saben kesempatan kanggo nginjil. (Kis. 17:17; 20:20) Nèk ora sanggup mlaku adoh, awaké dhéwé mungkin isa lungguh ing panggonan sing ramé lan nginjil ing kono. Awaké dhéwé ya isa mènèhi kesaksian liwat surat utawa télépon lan nindakké kesaksian ora resmi. Para sedulur sing nindakké cara-cara kuwi tetep isa ngrasakké seneng senajan ora isa nginjil ing omah-omah merga lara utawa ana masalah liyané.

11 Senajan ana masalah keséhatan, awaké dhéwé tetep isa tenanan nindakké tugas pelayanan. Gatèkna contoné Rasul Paulus. Dhèwèké kandha, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah sing maringi aku kuwasa.” (Flp. 4:13) Paulus butuh kekuwatan saka Gusti Allah merga tau lara pas lagi nganakké perjalanan utusan injil. Paulus kandha karo wong-wong Galatia, ”Merga penyakitku, aku dadi nduwé kesempatan martakké kabar apik marang kowé kanggo sing kapisan.” (Gal. 4:13) Kaya Paulus, awaké dhéwé ya isa nduwé kesempatan kanggo martakké kabar apik senajan ana masalah keséhatan. Awaké dhéwé isa mènèhi kesaksian marang dokter, perawat, lan wong-wong liya sing mbantu ngrawat. Wong-wong kuwi mungkin ora ana ing omah wektu awaké dhéwé nginjil ing omah-omah.

CARANÉ TETEP URIP SEDERHANA

12. Apa maksudé njaga mripat tetep ”fokus”?

12 Yésus kandha, ”Pepadhangé badan kuwi mripat. Dadi, nèk mripatmu fokus [utawa, ”sedherhana”, cathetan ngisor], badanmu sakwutuhé bakal padhang.” (Mat. 6:22) Apa maksudé omongané Yésus kuwi? Kuwi maksudé awaké dhéwé perlu nggunakké urip kanggo ngutamakké siji tujuan. Yésus ya nggunakké uripé kanggo ngutamakké gawéan nginjil. Yésus mulang para muridé bèn ngutamakké Yéhuwah lan Kratoné. Yésus kandha, ”Terus utamakna dhisik Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah.” (Mat. 6:33) Dadi, awaké dhéwé isa niru Yésus nèk ngutamakké gawéan nginjil.

13. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngutamakké gawéan nginjil?

13 Salah siji cara bèn isa ngutamakké gawéan nginjil yaiku ngurangi kegiatan sing kurang penting. * Misalé, mungkin awaké dhéwé perlu ngatur jam kerja bèn ora mung nginjil ing dina Setu utawa Minggu. Awaké dhéwé mungkin ya isa ngupaya bèn ora ngentèkké akèh wektu kanggo rékréasi.

14. Apa sing ditindakké Elias lan bojoné bèn isa nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil?

14 Gatèkna pengalamané salah siji pinituwa sing jenengé Elias. Dhèwèké nyritakké, ”Aku lan bojoku péngin merintis senajan wektu kuwi durung isa. Dadi, aku lan bojoku ngupaya bèn isa nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil. Contoné, aku lan bojoku ngupaya bèn luwih ngirit. Aku ya ngurangi jumlah wektu sing digunakké kanggo rékréasi. Terus, aku ngomong karo bosku bèn jam kerjaku diowahi supaya aku lan bojoku isa nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil. Aku lan bojoku seneng banget merga isa mèlu nginjil ing wayah soré utawa bengi, mbantu luwih akèh wong sinau Alkitab, lan mèlu nginjil pas dina kerja sesasi ping pindho.”

CARANÉ LUWIH TRAMPIL NGINJIL LAN MULANG

Awaké dhéwé isa luwih trampil nginjil lan mulang nèk ngetrapké apa sing disinaoni ing perhimpunan tengah pekan (Deloken paragraf 15-16) *

15-16. Nurut 1 Timotius 4:13, 15, piyé carané awaké dhéwé isa dadi luwih trampil nginjil? (Deloken kothak ” Sing Isa Ditindakké Bèn Luwih Tenanan Nindakké Tugas Pelayanan”.)

15 Bèn isa tenanan nindakké tugas pelayanan, awaké dhéwé ya perlu ngupaya luwih trampil nginjil. Biasané, wong-wong sing kerja perlu éntuk pendidikan lan pelatihan bèn luwih trampil nindakké gawéané. Para penginjil ya perlu terus ngupaya bèn isa luwih trampil nginjil.​—WB. 1:5; wacanen 1 Timotius 4:13, 15.

16 Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi luwih trampil nginjil? Awaké dhéwé perlu nggatèkké tenanan petunjuk ing acara perhimpunan Urip lan Nginjil. Ing acara kuwi, awaké dhéwé dilatih bèn luwih trampil nginjil. Contoné, wektu ketua mènèhi naséhat kanggo para sedulur sing éntuk tugas, awaké dhéwé isa nggatèkké saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih trampil nginjil. Awaké dhéwé isa langsung ngetrapké kuwi pas nginjil. Awaké dhéwé ya isa njaluk saran pengawas kelompok nginjil lan nginjil bareng karo dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa nginjil bareng karo penginjil sing luwih pengalaman, perintis, utawa pinituwa wilayah. Terus, nèk saya trampil nggunakké kabèh sarana sing ana ing Alat-Alat kanggo Mulang, awaké dhéwé dadi saya seneng wektu nginjil lan mulang.

17. Apa hasilé nèk awaké dhéwé tenanan nindakké tugas pelayanan?

17 Dadi ”kanca nyambut gawéné” Yéhuwah kuwi pancèn kaurmatan sing gedhé. (1 Kor. 3:9) Awaké dhéwé bakal ngrasa seneng wektu ngabdi marang Yéhuwah nèk ’mastèkké perkara-perkara sing luwih penting’ lan ngutamakké gawéan nginjil. (Flp. 1:10; Ms. 100:2) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tenanan nindakké tugas pelayanan senajan ana akèh tantangan. (2 Kor. 4:1, 7; 6:4) Ora soal sepira akèhé sing isa awaké dhéwé tindakké, awaké dhéwé isa ngrasa seneng nèk tenanan nindakké tugas pelayanan. (Gal. 6:4) Kuwi ya dadi bukti nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan wong liya. Alkitab kandha, ”Nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong-wong sing ngrungokké kowé.”​—1 Tim. 4:16.

LAGU 58 Nggolèki sing Péngin Rukun karo Gusti

^ par. 5 Yésus ngongkon awaké dhéwé martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan ndadèkké murid. Artikel iki bakal ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa tenanan nindakké tugas pelayanan senajan ana akèh tantangan. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa luwih trampil lan seneng wektu nginjil.

^ par. 4 KATRANGAN: Nindakké tugas pelayanan kuwi klebu nginjil lan mulang, mbangun lan ngrawat bangunan-bangunan sing digunakké kanggo ndhukung gawéan nginjil, lan mbantu sing kena bencana alam.​—2 Kor. 5:18, 19; 8:4.

^ par. 13 Deloken pitung cara sing ana ing kothak ”Carané Urip Luwih Sedherhana” ing Warta Penting Juli 2016 halaman 8.

^ par. 62 GAMBAR: Ing perhimpunan tengah pekan, salah siji sedulur wédok éntuk tugas kanggo nglakonké carané marani manèh. Bar kuwi, wektu ketua mènèhi naséhat, dhèwèké nggawé cathetan ing buku Maca lan Mulang. Pas nginjil ing akhir pekan, dhèwèké ngetrapké apa sing wis disinaoni ing perhimpunan.