Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 16

Terus Manut karo Wulangan sing Bener soal Kematian

Terus Manut karo Wulangan sing Bener soal Kematian

”Kita isa mbédakké endi piwulang sing bener lan endi piwulang sing salah.”​—1 YOH. 4:6.

LAGU 73 Tulungi Aku Bèn Kendel

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Ketimbang mèlu-mèlu kebiasaan sing ora nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé isa mènèhi penghiburan kanggo keluarga sing lagi sedhih (Deloken paragraf 1-2) *

1-2. (a) Apa sing ditindakké Sétan kanggo ngapusi wong-wong? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

SÉTAN kuwi ”bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”. Dhèwèké wis ngapusi wong-wong kèt jamané Adam lan Hawa. (Yoh. 8:44) Contoné, Sétan nyebarké ajaran palsu soal wong mati. Kuwi dadi dhasar saka kebiasaan lan kepercayaané wong-wong. Akibaté, ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing kudu ngupaya tenanan kanggo ’mbéla imané’ wektu ana keluargané utawa kancané sing mati.​—Yud. 3.

2 Nèk ngadhepi keadaan kaya ngono, apa sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa terus manut karo wulangané Alkitab soal kematian? (Éf. 6:11) Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sedulur seiman sing mungkin dipeksa kanggo nindakké kebiasaan sing ora cocog karo pathokané Alkitab? Artikel iki bakal ngrembug carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Saiki, ayo dirembug dhisik wulangané Alkitab soal kematian.

WULANGAN SING BENER SOAL KEADAANÉ WONG MATI

3. Apa akibaté merga Sétan ngapusi Hawa?

3 Gusti Allah ora péngin manungsa mati. Ning, Adam lan Hawa kudu manut karo Yéhuwah bèn isa urip saklawasé. Yéhuwah kandha, ”Wit pangawruhing becik lan ala iku wohé aja sira pangan. Déné samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.” (Pd. 2:16, 17) Ning, Sétan mulai nggawé masalah. Dhèwèké nggunakké ula kanggo ngapusi Hawa. Sétan kandha, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah.” Hawa percaya karo omongané Sétan lan akhiré mangan buah kuwi. Adam ya mèlu mangan buah kuwi. (Pd. 3:4, 6) Akibaté, kabèh manungsa dadi dosa lan akhiré mati.​—Rm. 5:12.

4-5. Apa sing ditindakké Sétan kanggo ngapusi wong-wong?

4 Adam lan Hawa akhiré mati, persis kaya kandhané Yéhuwah. Ning, Sétan ora nyerah. Dhèwèké mulai nyebarké ajaran palsu soal kematian. Salah sijiné, Sétan nggawé wong-wong percaya nèk wong mati kuwi sing mati mung ragané, ning rohé isih urip. Nganti saiki, akèh wong sing kapusan karo ajaran palsu sing disebarké Sétan.​—1 Tim. 4:1.

5 Apa sebabé wong-wong padha kapusan? Manungsa wis dirancang nduwé kepénginan kanggo urip saklawasé. Dadi, Sétan ngerti nèk manungsa sakjané péngin urip terus. (Ko. 3:11) Awaké dhéwé nganggep nèk kematian kuwi kaya mungsuh. (1 Kor. 15:26) Sétan nggunakké kepénginan kuwi kanggo nggawé wong-wong percaya karo ajaran palsu.

6-7. (a) Apa buktiné nèk ora kabèh wong isa diapusi karo Sétan? (b) Apa sebabé wulangané Alkitab isa nggawé awaké dhéwé dadi ora wedi karo wong mati?

6 Senajan Sétan ngupaya kanggo nyebarké ajaran palsu, ning tetep ana akèh wong sing ngerti lan ngandhani wong liyané soal wulangan sing bener saka Alkitab. (Ko. 9:5, 10; Kis. 24:15) Awaké dhéwé wis ngerti wulangan sing bener soal keadaané wong mati lan apa harapané. Mula, awaké dhéwé dadi ora kuwatir karo keadaané wong mati lan ora wedi karo wong mati. Awaké dhéwé ngerti nèk wong sing wis mati kuwi kaya wong sing lagi turu angler lan ora isa nggawé wong liya cilaka. (Yoh. 11:11-14) Wong sing mati kuwi ora ngerti sepira suwéné dhèwèké mati. Ngerti-ngerti mengko pas kebangkitan dhèwèké tangi lan ora krasa nèk wis mati suwé.

7 Wulangané Alkitab soal keadaané wong mati kuwi gampang dingertèni lan masuk akal. Kuwi béda karo ajarané Sétan sing nyesatké akèh wong lan ngrusak jenengé Yéhuwah. Bèn luwih ngerti bahayané ajarané Sétan, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Apa sebabé ajarané Sétan isa ngrusak jenengé Yéhuwah lan nggawé wong-wong nganggep nèk manungsa ora mbutuhké tebusané Yésus? Apa sebabé ajarané Sétan nggawé manungsa saya sengsara?

BAHAYANÉ AJARANÉ SÉTAN

8. Kaya sing disebutké ing Yérémia 19:5, apa sebabé ajaran palsu sing disebarké Sétan isa ngrusak jenengé Yéhuwah?

8 Ngrusak jenengé Yéhuwah. Salah siji ajarané Sétan yaiku wong sing wis mati bakal disiksa ing geni. Merga ajaran palsu kuwi, Yéhuwah ditudhuh nduwé sipat kejem kaya Sétan. Padahal, Gusti Allah kuwi katresnan. (1 Yoh. 4:8) Piyé perasaané njenengan wektu ngerti Yéhuwah difitnah kaya ngono? Piyé perasaané Yéhuwah? Yéhuwah mesthi ora seneng merga Dhèwèké sengit karo kabèh tumindak kejem.​—Wacanen Yérémia 19:5.

9. Apa sebabé ajarané Sétan ora cocog karo kandhané Yohanes 3:16 lan 15:13?

9 Nggawé wong-wong nganggep nèk manungsa ora mbutuhké tebusané Yésus. (Mat. 20:28) Ajarané Sétan sing liya yaiku rohé manungsa isih urip sakwisé mati. Nèk kuwi bener, kabèh wong bakal isa urip saklawasé. Kuwi artiné manungsa ora mbutuhké korban tebusané Yésus bèn isa urip saklawasé. Padahal korban tebusané Yésus kuwi bukti katresnané Yéhuwah lan Yésus sing gedhé kanggo manungsa. (Wacanen Yohanes 3:16; 15:13.) Kira-kira piyé perasaané Yéhuwah lan Yésus karo ajaran palsu sing nggawé wong-wong nganggep nèk tebusané Yésus ora dibutuhké?

10. Piyé ajaran palsu soal kematian nggawé manungsa saya sengsara?

10 Nggawé manungsa saya sengsara. Nèk ana bocah cilik sing mati, wong tuwané mungkin dikandhani nèk Gusti Allah njupuk bocah kuwi kanggo dadi malaékat ing swarga. Apa kuwi isa mènèhi penghiburan kanggo wong tuwané, utawa malah nggawé saya sedhih? Para hakim ing Inkuisisi Spanyol nggunakké ajaran api neraka kanggo ngobong wong-wong sing nglawan ajarané gréja. Para hakim kuwi rumangsa nèk wong-wong kuwi perlu diobong bèn isa mertobat sakdurungé mati. Nèk wis mertobat, wong-wong kuwi ora bakal diobong manèh ing neraka. Ing akèh negara, wong-wong rumangsa kudu mènèhi sajèn kanggo njaluk perlindungan utawa kanggo ngurmati wong sing wis mati. Ning, ajaran-ajaran sing asalé saka Sétan kuwi ora isa bener-bener mènèhi penghiburan. Kuwi malah nggawé wong-wong dadi kuwatir lan wedi.

TERUS MANUT KARO WULANGANÉ ALKITAB

11. Apa sing mungkin ditindakké kanca utawa keluarga kanggo meksa awaké dhéwé bèn nglanggar pathokané Alkitab?

11 Kanca utawa keluarga sing karepé apik mungkin meksa awaké dhéwé kanggo nindakké kebiasaan sing ora cocog karo pathokané Alkitab. Wong-wong kuwi isa waé nggawé awaké dhéwé isin lan ngomong nèk awaké dhéwé ora sayang utawa ora ngajèni sing wis mati. Mungkin wong-wong kuwi ya kandha nèk awaké dhéwé bakal nggawé sing wis mati nyilakani wong sing isih urip. Ning, awaké dhéwé péngin terus manut karo Yéhuwah merga nresnani Dhèwèké lan pathokané Alkitab. Piyé carané?

12. Kebiasaan apa waé soal kematian sing ora cocog karo Alkitab?

12 Nduwéa tékad kanggo ’misahké awak’ saka kepercayaan lan kebiasaan sing ora cocog karo Alkitab. (2 Kor. 6:17) Ing Kepulauan Karibia, akèh sing percaya nèk wong sing mati kuwi ”arwahé” isih gentayangan lan nyilakani wong-wong sing tau tumindak jahat marang dhèwèké. Ana referensi sing kandha nèk ”arwahé” kuwi ya isa ”ngganggu tangga-tanggané”. Ing Afrika, ana kebiasaan kanggo mbalik fotoné wong sing mati lan nutup cermin sing ana ing omahé wong mati kuwi. Alesané bèn arwahé wong sing mati kuwi ora ndelok rupané dhéwé. Awaké dhéwé mesthi ora percaya lan ora gelem mèlu nindakké kebiasaan sing ndhukung ajarané Sétan.​—1 Kor. 10:21, 22.

Awaké dhéwé perlu nggolèk katrangan luwih akèh saka Alkitab, terus njelaské nganggo cara sing apik marang anggota keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah (Deloken paragraf 13-14) *

13. Nurut Yakobus 1:5, apa sing perlu ditindakké wektu arep nggawé keputusan soal salah siji kebiasaan?

13 Wektu arep nggawé keputusan soal salah siji kebiasaan, awaké dhéwé perlu ndonga lan njaluk tuntunané Yéhuwah kanggo mastèkké apa kebiasaan kuwi cocog karo Alkitab utawa ora. (Wacanen Yakobus 1:5.) Terus, awaké dhéwé isa nggolèk katrangan saka publikasi. Nèk perlu, awaké dhéwé isa njaluk naséhaté para pinituwa. Para pinituwa ora bakal nggawèkké keputusan kanggo awaké dhéwé. Ning, para pinituwa isa mbantu nemokké pathokan Alkitab sing cocog, misalé kaya sing dirembug ing artikel iki. Nèk nindakké kuwi kabèh, ”kesanggupané [awaké dhéwé] kanggo mikir” bakal dilatih. Kesanggupan kuwi isa mbantu awaké dhéwé kanggo ”mbédakké sing bener lan sing salah”.​—Ibr. 5:14.

14. Piyé carané bèn awaké dhéwé ora nggawé wong liya kesandhung?

14 ”Tindakna samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah. Aja nganti kowé kabèh nggawé wong . . . dadi kesandhung.” (1 Kor. 10:31, 32) Awaké dhéwé ya kudu mikirké apa pengaruhé keputusané awaké dhéwé kanggo hati nuraniné wong liya, khususé para sedulur seiman. Awaké dhéwé ora péngin nggawé wong liya kesandhung. (Mrk. 9:42) Awaké dhéwé ya ora péngin nggawé wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah dadi tersinggung. Katresnan bakal mbantu awaké dhéwé njelaské nganggo cara sing apik bèn isa ngluhurké Yéhuwah. Awaké dhéwé ora péngin debat utawa ngèlèk-èlèk kebiasaan sing ditindakké wong liya. Katresnan kuwi gedhé pengaruhé. Nèk nduduhké kuwi, awaké dhéwé bakal ngajèni wong liya lan ngertèni perasaané. Hasilé, wong-wong sing nentang dadi isa nampa keputusané awaké dhéwé.

15-16. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu njelaské dhisik soal kepercayaané awaké dhéwé marang keluarga lan kanca-kanca? Wènèhana conto. (b) Piyé carané isa ngetrapké naséhaté Paulus sing dicathet ing Roma 1:16?

15 Awaké dhéwé perlu kandha nèk awaké dhéwé iki Seksi Yéhuwah. (Yé. 43:10) Awaké dhéwé perlu njelaské dhisik nèk awaké dhéwé ora isa mèlu-mèlu nindakké kebiasaan sing ora cocog karo pathokané Alkitab. Dadi, wektu ana sing mati, anggota keluarga liyané utawa tangga-tangga isa luwih ngertèni keputusané awaké dhéwé. Ana pengalaman saka Francisco lan bojoné, yaiku Carolina, sing manggon ing Mozambik. Francisco kandha, ”Sakwisé sinau Alkitab, aku ngandhani keluargaku nèk aku lan bojoku ora gelem nyembah wong mati manèh. Ing kéné, ana ritual ngedusi mayit. Terus, keluarga cedhaké kudu turu telung dina ing panggonan sing dienggo mbuwang banyu bekas ngedusi mayit mau. Jaréné, kuwi ditindakké bèn arwahé ora ngganggu wong-wong sing isih urip. Dadi, wektu mbakyuné mati, Carolina dikongkon keluargané nindakké ritual kuwi.”

16 Piyé tanggepané Francisco lan bojoné? Francisco kandha, ”Aku lan bojoku ora gelem mèlu nindakké ritual kuwi merga nresnani Yéhuwah lan péngin nyenengké Dhèwèké. Akibaté, aku lan bojoku malah dianggep ora ngajèni sing mati. Keluargané Carolina nesu banget lan kandha nèk ora gelem nemoni utawa mbantu aku lan bojoku manèh. Wektu kuwi, aku lan Carolina pilih meneng waé merga sakdurungé aku wis tau njelaské soal kepercayaanku. Malah, ana sing mbélani aku lan kandha nèk aku wis tau njelaské keputusanku. Suwé-suwé, keluargané Carolina ora nesu manèh. Terus, ya ana sing teka ing omahku kanggo njaluk wacan-wacan Alkitab.” Dadi, awaké dhéwé aja nganti isin kanggo njelaské kepercayaané awaké dhéwé soal kematian.​—Wacanen Roma 1:16.

NGUWATKÉ WONG SING DITINGGAL MATI

Kanca sejati bakal nguwatké wong-wong sing ditinggal mati karo wong sing ditresnani (Deloken paragraf 17-19) *

17. Piyé carané awaké dhéwé isa dadi kanca sejati kanggo sedulur seiman sing ditinggal mati karo wong sing ditresnani?

17 Wektu ana sedulur seiman sing ditinggal mati karo wong sing ditresnani, awaké dhéwé isa ngupaya kanggo dadi kanca sejati sing ”ajeg baé katresnané, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan”. (WB. 17:17) Awaké dhéwé isa dadi kanca sejati kanggo sedulur seiman sing lagi sedhih, khususé nèk dhèwèké dipeksa nindakké kebiasaan sing ora cocog karo pathokané Alkitab. Bèn isa nguwatké para sedulur kuwi, awaké dhéwé perlu ngetrapké rong pathokané Alkitab. Ayo dirembug.

18. Apa sebabé Yésus nangis, lan apa sing isa disinaoni saka tuladhané Yésus?

18 ”Nangisa karo wong sing nangis.” (Rm. 12:15) Mungkin awaké dhéwé ora ngerti kudu ngomong apa karo wong sing lagi sedhih. Ning, nèk awaké dhéwé mèlu nangis, kuwi isa nduduhké nèk awaké dhéwé perduli. Maria, Marta, lan wong-wong liyané padha nangis pas Lazarus mati. Wektu teka patang dina sakwisé kuwi, Yésus ya ”nètèské luh” senajan ngerti nèk bar kuwi dhèwèké bakal nguripké Lazarus manèh. (Yoh. 11:17, 33-35) Yésus nangis merga dhèwèké bener-bener sayang karo Lazarus lan keluargané. Apa sing ditindakké Yésus isa nduduhké perasaané Yéhuwah. Maria lan Marta mesthi ngrasa dikuwatké. Dadi, para sedulur ya isa dikuwatké lan ora rumangsa dhèwèkan wektu ngrasakké katresnan lan rasa perduli sing awaké dhéwé duduhké.

19. Piyé carané ngetrapké Kohèlèt 3:7 wektu nguwatké sedulur sing lagi sedhih?

19 ”Ana wayahé meneng, ana wayahé caturan [utawa, omongan].” (Ko. 3:7) Awaké dhéwé ya isa nguwatké sedulur sing lagi sedhih nèk ngrungokké dhèwèké wektu nyritakké perasaané. Aja tersinggung nèk ana omongané sing ”kurang ngati-ati lan kesusu”. (Ay. 6:2, 3, Basa Jawi Padintenan) Dhèwèké mungkin lagi strès banget merga ana tekanan saka keluargané sing dudu Seksi Yéhuwah. Awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké ndonga njaluk Yéhuwah bèn nguwatké lan mbantu dhèwèké nggawé keputusan sing bener. (Ms. 65:3) Nèk situasiné cocog, ajaken maca Alkitab utawa artikel saka publikasi, misalé pengalamané para sedulur sing isa nguwatké dhèwèké.

20. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Awaké dhéwé mesthi seneng merga wis ngerti wulangan sing bener soal kematian lan harapan kebangkitan. (Yoh. 5:28, 29) Dadi, awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo terus manut karo wulangané Alkitab lan ngandhani wong liya soal kuwi. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug cara liya sing digunakké Sétan kanggo nyesatké wong-wong, yaiku spiritisme. Awaké dhéwé bakal sinau apa sebabé kudu ngedohi spiritisme lan hiburan sing ana hubungané karo hantu-hantu.

LAGU 24 Ayo Ngibadah marang Yéhuwah

^ par. 5 Sétan lan hantu-hantu mulangké sing ora bener soal keadaané wong mati. Akibaté, ana akèh kebiasaan sing ora cocog karo pathokané Alkitab. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané bèn isa tetep setya marang Yéhuwah wektu ana sing meksa awaké dhéwé nindakké kebiasaan-kebiasaan kuwi.

^ par. 55 GAMBAR: Seksi Yéhuwah loro lagi mènèhi penghiburan kanggo seduluré sing ditinggal mati karo wong sing ditresnani.

^ par. 57 GAMBAR: Sakwisé nggolèk katrangan luwih akèh soal salah siji kebiasaan sing ana hubungané karo wong mati, Seksi Yéhuwah iki njelaské kepercayaané marang anggota keluargané.

^ par. 59 GAMBAR: Pinituwa loro lagi mènèhi penghiburan kanggo sedulur seiman sing ditinggal mati karo wong sing ditresnani.